The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Materi Ajar Bahasa Jawa SMP Kelas VIII Semester 1 Kurikulum 2013

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by syafiranurdamayanti, 2022-06-20 03:18:24

PADHA BISA BASA JAWA

Materi Ajar Bahasa Jawa SMP Kelas VIII Semester 1 Kurikulum 2013

Scanned by TapScanner

Kompetensi Dasar :
3.1 Memahami isi teks cerita legenda
4.1 Menceritakan kembali cerita legenda

Indikator Pencapaian Siswa :
3.1.1 Siswa dapat menyimpulkan isi teks cerita legenda Rawa Pening
4.1.1 Siswa dapat menceritakan kembali teks cerita legenda Rawa Pening dengan bahasanya sendiri

TEKS LEGENDA
Legenda yaiku crita rakyat sing gegayutan karo dumadine satunggaling papan
utawa panggonan.
Crita legenda duweni unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur instrinsik teks
legenda, yaiku unsur sing ana ing saklebete crita. Unsur ekstrinsik crita legenda, yaiku
unsur sing ana ing jaban crita. Sing mlebu unsur intrinsik, yaiku :
a. Tema / suraos (gagasan baku sing dadi dasaring crita)
b. Judul / irah-irahan
c. Setting (papan, wekdal lan swasana)
d. Alur / plot (maju, mundur dan campuran)
e. Penokohan (gambaring watak paraga)
f. Amanat (pitutur pangripta utawi pengarang sing arep diaturake marang para pamaca)
g. Sudut pandang (posisi pangripta utawa pengarang ana ing crita)
h. Gaya bahasa / lelewaning basa

Lan sing mlebu unsur ektrinsik, yaiku :
a. Agama lan keyakinan
b. Kondisi sosial ing masyarakat
c. Tingkat pendidikan
d. Kondisi, politik, ekonomi, hukum lan sanesipun

Crita legenda uga ana titikane. Titikane legenda, yaiku :
1. Legende kuwe crita tadisional asli sekang masyarakat sing ditularke kanthi cara

turun temurun
2. Critane ana gandeng cenenge karo crita jaman gemiyen
3. Paraga neng crita dianggep bener-bener ana lan dianggep nduwe jasa

maring masyarakat
4. Critane tinemu nalar
5. Latare crita kaya bener-bener ana
6. Paraga lan kedadeyane kaya dene nyata dadi kaya dene nyata dadi kaya dene

sejarah Wacanen crita “Dumadine Rawa Pening” ing ngisor iki!

Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong-wong ing desa iku padha masak kanggo
nyiyapake pesta. Kabeh padha njupuk bagian, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiyapake
ubarampe pesta kang minangka wujud rasa syukur marang Gusti kang Akarya Jagad.

Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana bocah kang ala rupane, pesing lan
amis gandane. Mangerti kahanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora seneng, amarga
manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake sial, ora oleh berkah anggone pesta.
Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar.

Bocah mau bisane mung nangis, karo mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang dina
ora mangan, bocah ala rupa mau lunga lan ngadoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan
nabet jroning ati amarga tansah digawe kasar, dihina, bocah ala rupa mau mlaku menyang kampung
tanpa arah lan tujuan.

Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kahanane lan
adoh saka masyarakat. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi randha. Ing
gubug mau bocah kang elek rupane dirumat (dipelihara) dening Mbok Randha. Dheweke diwenehi
pangan kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah ala mau crita marang simbah randha yen
dheweke iku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening. Simbah mau tresna banget
marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan sawetara dina.

Bareng wis rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinting nerusake mlaku lan
marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge lunga, Baru Klinthing weling
marang simbah yen mengko ana prastawa gedhe simbah supaya numpak lesung. Ing batin, simbah
bingung karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat lan ngeling- eling piweling
kasebut.

Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada lanang. Lakune wis tekan
kampung kang dituju. Wong-wong padha ngusir marang Baru Klinthing. Nanging Baru Klinthing
ora gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan ngetokake sada lanang. Sada
lanang kasebut banjur ditancepake ing lemah. Wongwong dikandani supaya njabut sada mau, yen
bisa njabut sada mau arep diwenehi bebana dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru klinthing
kang kaya mengkana, Wong-wong pada nyoba njabut sada mau. Saka sing awake cilik tekan wong
sing awake gedhe ora ana kang bisa njabut.

Pungkasaning, sada mau saged dinjabut kaliyan Baru Klinthing lan muncrat banyu. Muncrate
banyu sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan padha golek papan panggonan kang luwih
dhuwur. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, lan wong-wong mau ora ana tilase, kabeh wong pada
sirna amarga piwalese saka tumindhake dewe. Kampung kang mirip rawa mau, diarani Rawa
Pening. Rawa pening saiki panggonan plancongan ing Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Rawa
iku ambane kurang luwih 2.670 hektar lan mapan ana ing Kecamatan Ambarawa, Bawen, Tungtang,
lan Banyu Biru. Rawa iki mapan ana ing ereng-ereng gunung Merbabu, Temoloyo, lan Ungaran.

Kompetensi Dasar :
3.2 Menelaah teks Piwulang (Serat Wulangreh pupuh Gambuh)
4.2 Menanggapi teks Piwulang (Serat Wulangreh pupuh Gambuh)

Indikator Pencapaian Kompetensi :
3.2.1 Siswa dapat menyimpulkan pesan yang terkandung dalam teks Piwulang (Serat Wulangreh
pupuh Gambuh)
4.2.1 Siswa dapat menembangkan teks Piwulang (Serat Wulangreh pupuh Gambuh)

TEKS PIWULANG PUPUH GAMBUH

Paugerane Tembang Gambuh
➥ Guru gatrane ana 5
Tegese saben pada (bait) dumadi saka 4 gatra (baris).
➥ Guru wilangane 7, 10, 12, 8, 8
Tegese Gatra kapisan dumadi saka pitung wanda (suku kata), gatra kapindho sepuluh wanda, gatra
ketelu rolas wondo, lan gatra kaping papat kalian gatra kaping gangsal anduweni wolung wanda.
➥ Guru lagune yaiku u, u, i, u, o
Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi
nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho dipungkasi swara (U),
gatra kaping telu dipungkasi swara (I), gatra kaping papat dipungksi swara (U), lan gatra kaping
lima dipungkasi swara (O).

Tuladha Tembang Gambuh

(Pada 3)
Pitutur bener iku
sayektine kang iku tiniru
nadyan metu saking wong sudra papeki
lamun becik wurukipun
iku pantes sira anggo.

(Pada 4)
Ana pocapanipun
adiguna adigang adigung
pan adigang kidang adigung pan esthi
adiguna ula iku
telu pisan mati samyoh.

(Pada 5)
Sikidang umbagipun
ngendelaken kebat lumpatipun
pan si gajah ngendelaken gung ainggil
ula ngendelaken iku
mandine kalamun nyakot

Kompetensi Dasar :
3.3 Memahami isi teks wacana berita
4.3 Menulis dan membacakan teks berita

Indikator Pencapaian Kompetensi :
3.3.1 Siswa dapat menganalisis pokok isi pada teks wacana berita
4.3.1 Siswa dapat mengarang teks wacana berita yang baik
4.3.2 Siswa dapat membaca nyaring teks berita dengan benar

PAWARTA / BERITA
Pawarta/ Berita/Kabar yaiku laporan kadadean utawa prastawa kang narik kawigaten lan
disiyarake kanthi cepet lumantar radhio, TV, Internet, lan mediya liyane. Sumber pawarta yaiku asal
usule pakabaran utawa laporan kadadean, bisa saka manungsa, lan prastawa/peristiwa kang dumadi
wektu iki.

Miturut bausastra Jawa anggitane S. Prawira Atmaja (1998:321) pawarta mengku teges kabar,
warta. Ing kamus lengkap bahasa Jawa anggitane Sudarmanto (2008:387) pawarta tegese wartos
(basa krama), kabar, warta. Mangun Suwito ( 2002:283) pawarta tegese padha karo pawartos (basa
krama) kabar, pakabaran.

Pawarta kang disiyarke lumantar radhio, TV, lan Internet, luwih cepet ditampa/dimangerteni
masyarakat tinimbang pawarta kang ditulis ing ariwarti utawa koran, kalawarti/majalah, lan media
liyane. Ancasane menei pawarta lumantar radhio, TV, lan mediya liyane yaiku supaya pawarta,
pakabaran, prastawa kang lagi dumadi/aktual bisa cepet dimangerteni dening masyarakat saingga
masyarakat kasebut tanggap marang prastawa utawa kadadean mau.

Sumber pawarta, bisa saka prastawa kang dumadi waktu iku, upamane prastawa
gunung njeblug, olah raga, seminar, kacilakaan lalu lintas, lan sapanunggalane.

Jenis-Jenis Media Berita
- Pawarta kang kasiyarake lumantar media elektronik, kayata: radhio, TV, internet.
- Pawarta kang kasiyarake lumantar media cetak, kayata: ariwarti (koran), kalawarti
(majalah, tabloid, lan liya-liyane).

Tujuan Berita
Ancasane menehi pawarta lumantar media elektronik utawa media cetak yaiku supaya
pawarta, pakabaran, prastawa kang lagi dumadi/aktual bisa cepet dingerteni dening masarakat,
saengga masarakat kasebut tanggap marang prastawa utawa kedadeyan mau.

Unsur Pokok Teks Berita
Unsur utawa perangan-perangan pokok pawarta ana 6 kang diarani 5W + 1H.

Cekakan iki saka basa manca (Inggris) yaitu What (apa), Who (sapa), When (kapan),
Where (ing ngendi), lan Why (kena apa, apa sebabe). Dene H cekakakn saka How (kepiye
lumakune crita, pawarta). 6 unsur kasebut ora bisa dilirwakake/dilalekake menawa para siswa
menehi pawarta.

Carane nemokake pokok-pokok berita/pawarta yaiku:
1. Konsentrasi
2. Mangerteni pesan pokok saben ukara/kalimat
3. Nyathet bab-bab kang wigati/penting saka pawarta mau
4. Nerangake/ngandharake kanthi ringkes saka pokok-pokok pawarta mau

Maca nyaring teks pawarta.
Kemempengan maca iku bisa ngunggah pengetahuan lan keterampilan basa sing penting

kanggo perkembangan siswa lan guna kanggo dukung kemempengan sinau. Ning, ana bagian
sing kudu digatekne ing maca nyaring teks pawarta:

1. Intonasi
2. Pelafalan
3. Volume swara
4. Panguntaran
5. Kelancaran

Jenis maca iki tujuane kanggo nglatih keterampilan siswa ing memahami teks
pawarta, cara ngidentifikasi, lan macakne teks pawarta karo intonasi sing bener uga
artikulasi lan volume swara sing jelas. Kajaba kuwi, kanggo ngembangna potensi siswa
kabeh ing bidang ketatabahasaan, ngewehake pangandel awak, lan nglatih siswa arepa
komunikasi karo becik lan lancar. Merga kuwi, teknik iki penting dilakoke kanggo ngewehi
informasi babagan teks pawarta lan ngangkat kompetesi dasar maca teks pawarta sing
bener, jelas, uga lancar.

Tuladha Teks Pawarta:

Pawarta 1

Sam Poo Kong Semarang Tanpa Riyaya Imlek 2021

Solopos.com, SEMARANG – ingat binger riyaya warsa anyar China utawa Imlek ing
Kutha Semarang, Jawa Tengah warsa 2021 iki ora serame warsa-warsa sakdurunge. Kahanan
pageblug Covid-19 sing isih ana agawe riyaya Imlek ing Kelenteng misuwur Jawa Tengah Sam
Poo Kong, Jumat (12/2/2020), ora serame sakdurunge.

Ana objek wisata ing Kutha Semarang sing bendina rame pas Imlek dadi sepi milih
ora nggelar event pagelaran seni. Senadyan objek wisata kuwi tetep buka, nampa utawa
nglayani wisatawan pas prei Imlek.

“Sam Poo Kong tetep buka. Ya, ora ana larangan. Nanging, tetep wajib ngginakaken
protokol kesehatan lan Perwali Kutha Semarang tentang PPKM,” kandha pengelola objek wisata
Sam Poo Kong, Anindita Rinaldie, karo Semarangpos.com, Kamis (11/2/2021).

Anindita kandha yen padha Perwali, objek wisata ing Semarang kayata Sam Poo Kong
diijinke buka sajrone masa pandemi iki. Kaya mangkono, jumlah pengunjung lan jam
operasionale tetep diwatesi.

“Kanggo pengunjung diwatesi 50% saka kapasitas sing ana. Jam operasional dhewe
melu Perwali nganti tabuh 21.00 WIB” kandhane.

Tanpa Event

Senadyan nampa kunjungan wisatawan. Anindita mastike Sam Poo Kong ora bakal
nggelar event riyaya Imlek kayata warsa-wrasa sakdurunge. Sam Poo Kong asring dibanjiri
pengunjung saka Semarang utawa daerah liyane kayata Jogja, Solo, Banyumas.

Bab kuwi amarga kelenteng sing wis misuwur karo sebutan Gedung Batu kuwi asring
nggelar macem-macem event kayata pagelaran barongsai. Sakliyane kuwi, kelenteng sing
dibangun pas abad ke-14 uga dadi langganan umat Tri Darma pas nggelar ibadah riyaya Imlek.

“Sam Poo Kong ora ana riyaya ing warsa iki. Kanggo matuhi anjuran pemerintah
kaitane karo protokol kesehatan nyegah Covid-19. Awake dhewe ora gelem gawe adicara sing
bisa ngundang rame-rame.” Kandhane Anindita.

Pawarta 2

Pembangunan Museum Kota Lama Semarang Meh Rampung.

Semarang, Sonora.ID - Pembangunan Museum Bubakan wis nganti 80%. Rencanane
museum kuwi meh di-launching 15 Desember 2020. Pembangunan kawasan Kota Lama Semarang
tahap II sing saiki wis tekan tengah ndalan, lan diupayake bisa rampung ing wulan Desember
2020, utawa paling lambat ing warsa 2021.

Bab kuwi sisan negesake kebijakan pembangunan ing Kutha Semarang, sing isih terus ing
sektor dagang lan jasa, khususe subsektor pariwisata. Pengelola pembangunan Kawasan Kota
Lama Semarang Selaku pembangunan Kawasan kota Lama Semarang kandha menawa
pembangunan museum bubuakan kuwi didesain dadi ruang amba sing bisa buka kanggo umum.

“Pembangunan papan iki garapane wis mlebu tahap II saka sakkabehe pembangunan Kota Lama
sing wis rampung 75% lan targete kabeh bisa rampung lan di-launching tanggal 15 Desember,”
kandha Sony Cahyo Bawono sing dadi Tim Leader manajemen kontruksi iki.

Museum Bubakan sing biyene taman air mancur kuwi meh diwenehi kolam retensi lan
sculpture. Ing museum kasebut uga ana artefak arupa pucuk banteng (bastion) Kota Lama sarta
pawarta sejarah Kota Lama.

Wali Kota Semarang, Hendrar Prihadi utawa asring disapa Hendi janji meh nglanjutake
program pembangunan ing Kutha sing dipandegani, senadyan karo waktu sing suwi. Nyambung
lumantar aplikasi Zoom saka Situation Room, Balaikota Semarang, Hendi nerangke salah siji
wujud upaya kelanjutan pembangunan Kota Lama Semarang yaiku saka mlakune pembangunan
Museum Kota Lama sing ana ing bunderan Bubakan, Kutha Semarang.

“Kaya sing didelok dina iki isih mlaku pembangunan museum Kota Lama, sing InsyaAllah
meh rampung akhir Desember 2020 iki,” kandha Hendi.

Kompetensi Dasar :
3.4 Memahami wacana yang berisi pesan/iklan
4.4 Menyampaikan pesan secara lisan

Indikator Pencapaian Kompetensi :
3.4.1 Siswa dapat memahami isi dalam teks iklan
3.4.2 Siswa dapat menyimpulkan cara membuat iklan yang baik
4.4.1 Siswa dapat mengkreasikan isi teks iklan
4.4.2 Siswa dapat mengarang teks iklan dengan baik

Iklan / Pariwara

Iklan utawa pariwara yaiku tulisan ( bisa dikantheni gambar utawa swara ) kang nawakaké barang
lan jasa utawa ajak-ajak.
• Nawakaké tegese ngandhakaké barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan panganggone kepriye.
• Ajak-ajak karepe ngajak supaya wong sing maca utawa krungu gelem nganggo kanthi cara
nuku barang kang ditawakake.

• Pariwara kang Becik
1. Attention ( perhatian ), kudu bisa narik kawigatène masyarakat.
2. Interest ( menarik ), bisa agawe kesengsem tumrap konsumen kang tundhane kepengin duweni.
3. Desire ( keinginan ), bisa nuwuhake kapenginane konsumen enggal duweni.
4. Conviction ( rasa percaya ), nuwuhake rasa percaya (sembada) marang konsumen
sawisé migunakaké barang utawa jasa kang dibiwarakake.
5. Action ( tindakan ), nuntun konsumen enggal duweni utawa migunakaké barang lan jasa
kang dibiwarakake.

• Jinis Pariwara

1. Miturut Ancasé 3. Miturut Saranane

- Pariwara Komersial - Pariwara Migunakaké Medhia Massa

- Pariwara Layanan Masyarakat - Pariwara Migunakaké Medhia Khusus

2. Miturut Gunané

- Pariwara Informatif

- Pariwara Persuasif

- Pariwara Remainder

Struktur Teks

Pariwara

1. Headline

Perangan pariwara kang sengaja ditonjolake. Supaya narik kawigatene para pamiyarsa.

2. Subheadline

Nerangake pokok-pokok pariwara kang dianggep wigati.

3. Amplifikasi

Naskah utawa teks pariwara kang ngiringi headline. Kerep diarani bodi teks.

4. Togline

Slogan utawa basa rinêngga kang wujud ukar cekak aos kang nuduhake spirit, kualitas,

lan kaluwihane produk.

5. Productshot

Gambar utawa brand sing ditawakake.

Tuladha Pariwara

Kompetensi Dasar :
3.5 Memahami aksara sandhangan, pasangan, dan aksara rekan huruf Jawa
4.5 Membaca dan menulis tembang macapat Gambuh menggunakan huruf Jawa

Indikator Pencapaian Kompetensi :
3.5.1 Siswa dapat memahami aksara sandhangan, pasangan, dan aksara rekan huruf Jawa
3.5.2 Siswa dapat menuliskan tembang macapat Gambuh berhuruf Latin ke huruf Jawa
3.5.3 Siswa dapat membaca cepat tembang macapat Gambuh berhuruf Jawa

Aksara Jawa
1. Dentawyanjana
Dentawyanjana seka tembung. Denta = untu, Wiyanjana = aksara. Dentawiyanjana, salugune
ateges: aksara untu, nanging lumrahe di tegesi: carakan, yaiku urut-urutane aksara Jawa wiwit saka
tekan akehe rong puluh, yaiku:

ꦲ꧈ ꦤ꧈ ꦕ꧈ ꦫ꧈ ꦏ ꦢ꧈ ꦠ꧈ ꦱ꧈ ꦮ꧈ ꦭ

ꦥ꧈ ꦝ꧈ ꦗ꧈ ꦪ꧈ ꦚ ꦩ꧈ ꦒ꧈ ꦧ꧈ ꦛ꧈ ꦔ

Aksara 20 ing dhuwur iku siji-sijine diarani aksara legena, tegese aksara wuda, tanpa sandhangan.

2. Sandhangan
Kang diarani sandhanganing aksara iku tetenger kang dienggo ngowahi utawa muwuhi unining
aksara utawa pasangan, akehe ana rolas, yaiku:

a) Sandhangan swara ana 5, yaiku:

ꦶꦶ jenenge ulu (wulu), aweh uni kaya dene (i)

ꦶꦸ jenenge suku, aweh uni kaya dene (u)

ꦺꦶ jenenge taling, aweh uni kaya dene (e)

ꦺꦶꦶꦴ jenenge taling-tarung, aweh uni kaya dene (o)

ꦶꦼ jenenge pepet, aweh uni kaya dene ( )

Tuladha: 2. ꦢꦸꦢꦸꦺꦕꦴꦺꦫꦴ

1. ꦲꦏꦶ ꦶꦺꦕꦺꦫ

3. ꦱꦒꦼ ꦥꦫꦼ ꦱꦥꦼ 4. ꦧꦶꦧꦶꦏꦼꦠꦶꦧꦛꦶ

1. Iki cere (tegese bangsane coro cilik) 2. Dudu coro

3. Sega pera sepa (tegese tanpa rasa 4. Bibi Keti bathi

b) Sandhangan wyanjana ana 3, yaiku:

ꦿ ꦶ jenenge cakra, sesulihe panjingan ꦫ

ꦶꦽ jenenge keret, sesulihe cakra lan pepet

ꦶꦾ jenenge pengkal, sesulihe panjingan ꦪ

Tuladha: 3. ꦏꦽꦠ

1. ꦏꦿꦱ 2. ꦲ ꦩꦂ ꧀ꦧꦾꦸ

1. Krasa 2. Ambyur 3. Kretu

c) Sandhangan panyigeging wanda ana 3, yaiku:

ꦶꦃ jenenge wignyan, lelirune sigeg ꦲ

ꦶꦂ jenenge layar, lelirune ꦫ

ꦶꦁ jenenge cecak, lelirune ꦔ

Tuladha:

1. ꦒꦼꦫꦃ 2. ꦏꦸꦩꦂ 3. ꦭꦪꦁ

1. Gerah 2. Kurma 3. Layang

d) Sandhangan pangkon (paten), yaiku

Sandhangan pangkon utawa paten, gunane kanggo mratelakake yen aksara kang
di pangku iku dadi sesigeging wanda kang ana ing sangarepe.

Tuladha: 2. ꦢꦶꦥꦥꦒ꧀ 3. ꦢꦗꦶ ꦫꦒ꧀

1. ꦥꦥꦭ꧀ 2. Dipapag 3. Dijarag

1. Papak

3. Pasangan
1. Pasangan iku ana kang awujud:

a) Aksara wutuh, yaiku ꦫ (ra), ꦪ (ya), ꦒ (ga), ꦔ (nga)

Katulis ing sangisore aksara kang dipasangi, ora kagandheng. Tuladha:

1. ꦢꦩꦂ ꦤꦫ꧀ꦲꦸꦥ꧀ 2. ꦩꦔꦤꦫ꧀ꦸꦗꦏ꧀ 3. ꦔꦩꦼ ꦸꦠꦒꦸꦭ꧀

1. Darman raup 2. Mangan rujak 3. Ngemut gula

b) Aksara tugelan kang katulis ing saburine aksara kang dipasangi,yaiku:

Tuladha:

1 ꦮꦶꦠ꧀ꦲꦱꦩꦼ 2. ꦩꦔꦤ꧀ꦱꦭꦏ꧀ 3. ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦲꦼꦏꦁ ꦸꦏ꧀

1. Wit asem 2. Mangan salak 3. Manuk engkuk

c) Aksara tugelan kang katulis ing sangisore aksara kang dipasangi ora kagandheng,

yaiku: Tuladha:

1. ꦤꦤꦼꦺꦩꦺꦠ꧀ꦭ 2. ꦲꦸꦭꦺꦩꦭ꧀ꦺꦺꦭ 3. ꦲꦉ ꦥ ꦫꦠ꧀ꦸ ꦸ

1. Nanem tela 2. Ulam lele 3. Arep turu

d) Aksara tugelan kang katulis ing sangarepe aksara kang kang dipasangi, kagandheng
utawa ora, yaiku:

Tuladha:

1. ꦒ ꦩ ꧀ꦧꦱ꧀ 2. ꦩꦤ꧀ꦛꦸꦏ꧀ 3. ꦫ ꦩ ꦸ꧀ꦠꦧ ꧀

1. Gambas 2. Manthuk 3. Rambut

4. Aksara Rekan
Aksara rekan cacahe ana 5, yaiku:

Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicetakhake, luwih-luwih
tembung Arab, menawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis
nganggo aksara lumrah bae. Tuladhane kayata:

ꦏ꦳ (kha), ꦏ꦳ꦠꦶꦧ꧀ khatib (tegese punggawa masjid andhahane penghulu)

ꦢ꦳ (dza), ꦢꦏꦶ꦳ ꦂꦶ dzikir (ngucap...La Ilaha illa Allah lan sapanunggale)

ꦥ꦳ (fa/va), ꦥ꦳ꦲꦩ꧀ faham (tegese ngerti banget)

ꦗ꦳ (za), ꦏꦏ꦳ ꦠ꧀ zakat (tegese dana saperanganing barang darbake)

ꦒ꦳ (gha), ꦒꦲ꦳ ꦧꦶ ꧀ ghaib (tegese samar, winadi)

Tembang macapat Gambuh berhuruf Jawa
Materi tembang Macapat Gambuh Serat Wulangreh
A. Pangertene tembang Gambuh

Gambuh iku seka tembung tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Tegese
Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa (raseksa) ing jaman
Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/galak).

B. Pathokan tembang Gambuh
Guru gatra 5, guru wilangan lan guru lagu : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.

C. Makna tembang Gambuh
Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik

dewasa utawa pribadi kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin,
kluwarga lan masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake
utawa tansah menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa njumbuhake panguripane
lan seneng aweh pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem
tentrem lan ora bot sisih. Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh
marang sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot
lan maneka warna.

D. Tuladha tembang gambuh berhuruf Jawa
Tuladha 1

ꦱꦼꦏꦂꦒ ꦩ ꦧꦃꦸ꧀ ꦥꦁꦶꦕꦠꦂ

ꦏꦕꦁ ꦤꦶ ꦠꦺꦂ ꦥꦴꦭꦃꦏꦏꦁ ꦭ ꦤꦂ ꦠꦸ꧀

ꦠꦤ꧀ꦥꦠꦠꦂꦏꦠꦭꦠꦭꦏꦠꦭꦶ

ꦏꦢꦭꦸꦮꦱꦂ ꦏꦠꦠꦃ

ꦏꦥꦠꦃꦥꦤꦢꦢ꧀ ꦲꦶ ꦺꦮꦴꦤ꧀

Tuladha 2
Aja nganti kebanjur
barang polah ingkang nora jujur
yen kebanjur kojur sayekti tan becik
becik ngupayaa iku
pitutur ingkang sayektos.

Scanned by TapScanner


Click to View FlipBook Version