2 Tembung Lingga lan Tembung Andhahan Tembung lingga yaiku tembung-tembung sing durung owah saka asale ( kata dasar). tuladha pangan, tandur, ombe, saji, sepatu lan sakliyan-liyane. Tembung andhahan yaiku sakbehing tembung sing wis owah saka asale amarga oleh wuwuhan (imbuhan) awujud ater-ater ( awalan), seselan ( sisipan)lan panambang (akhiran). Tuladha : tembung pangan dadi mangan tandur dadi tanduran sepatu dadi sepatune Wuwuhan Jinise Wuwuhan iku kaperang dadi telu yaiku: Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang dumunung aneng sangarepe tembung. Warna-warnaning ater-ater yaiku: a. Ater-ater anuswara: an, am, any, ang (m, n, ny, ng) Tuladha: an + tonton : nonton am + pinggir: minggir any + setor : nyetor ang + andhep : ngadhep b. Ater-ater tripurusa: dak-, ko-, diTuladha: ater-ater anuswara: m-, n-, ng-, ny-, (an, an, ang). ater-ater tripurusa : dak, ko, di ater-ater liyane : a, ma, ka, ke, sa, pa, pi, pra, kuma, kapi, kami, tar, swa, lsp. seselan: el, um, er, in. panambang: -i, -ake, e, a, na, ane, an, kumu, ipun, aken, ane, lsp. wuwuhan( imbuhan) saka manca: -wan, wati, neo lsp. ngrimbag yaiku ngudhal tembung andhahan kanthi misah utawa nggoleki tembung lingggane, lan wuwuhan yaiku ater-ater, seselan,lan panambang. I ) Ater-ater
3 dak + gayuh : dakgayuh ko + gawe : kogawe di + angkat: diangkat c. Ater-ater liyane: a-, ma-, ka-, sa-, pa-, pi-, pra-, kuma-, kapi-, tarTuladha: akarya, makumpul, katuku, sakantor, pomah, pituduh, pratandha, priagung, kumalancang, kamiseseg, kapiluyu, tarkadhang Seselan yaiku aksara utawa wanda kang dayane ana setengahe tembung. Seselan ing basa jawa iku ana papat yaiku: -um-, -in-, -el-, -erTuladha: titah + -um- = tumitah tutuh + -in- = tinutuh dewer + -el- = delewer cuwil + -er- = ceruwil tulis + -in- = tinulis Panambang yaiku aksara utawa wanda kang mapan ing samburine tembung. Dene wujude panambang: -i, -ake, -ne, -e, -a, -ana, -ku,-mu, -en. Kajaba saka iku isih akeh panambang saka basa manca kayata man, wan, wati, isme. Tuladha: milihi, nitipake, nukokake, kabare, mikira, tutupana, ibuku, sapimu,tebasen, seniman, sastrawan, seniwati, sosialis, kapilaisme Wuwuhan ing basa jawa kaperang dadi telu yaiku AterAter, Seselan lan panambang, wuwuhan Ing Basa Indonesia yaiku wuwuhan = tambahan. Dadi wuwuhan ing Basa Jawa kuwi tembung lingga kang entuk tambahan. Katrangan: Wanda yaiku kumpulan aksara sing wujude swara sakecap, (basa Indonesia: suku kata) Aksara kuwi ana werna loro yaiku: 1. aksara urip (vokal): a, i, u, e, o 2. aksara mati (konsonan): b, c, e, f, g, h, j, k, l,m, n, p lan liya-liyane. ( II) Seselan (III) Panambang
4 Jinising Tembung Tembung aran yaiku jeneng samubarang kang maujud lan ora maujud. Kang maujud tuladhane: kursi, buku, meja, negara. Kang ora maujud tuladha: pangarsa, kapinteran, kagungan, pikiran, kawruh, agama, lsp. Tembung kriya yaiku tembung kang mratelake solah bawa utawa pagawean. Tuladha: disaponi, nyapu, nuthuk, kokthuthuk, disamber, nyamber, lsp. Tembung kahanan yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat samubarang kayata sugih, kuru, lemu, sabar, nesu, dhuwur, cendhek, lsp. Tembung sesulih yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine samubarang. Tuladha: aku, kowe, dheweke (diarani tb. Sesulih purusa/ wong). Tuladha: -ku, -mu, -e (diarani tb. Sesulih darbe). Tuladha: sapa, apa, pira, kapan (diarani tb. Sesulih pitakon). Tuladha: iki, iku, kene, kana, lsp (diarani tb. Sesulih panudhuh). Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelakake cacah. Tuladha: sithik, akeh, siji, loro kapisan, lsp. Tembung ancer-ancer yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung. Tuladha: ing, marang, saka, katur, lsp. Tembung panggenah/ tetenger yaiku tembung kang nyandhangi barang kang wis genah ana. Tuladha: Si, Raden, Kanjeng, Paman, lsp. Tembung katranganyaiku tembung kang nerangake tembung kriya utawa kahanan. Tuladha: banter, mesthi, tansah, biasane, durung, wingi sore, lsp. Tembung pangiket yaiku tembung kang ngiket utawa nggandhengake tembung siji lan sijine utawa ukara siji lan sijine. Tuladha: lan, sarta, saha, tuwin, miwah, sarehne, sabab, nanging, utawa, dene, ewadene, amarga, jalaran, lsp. Tembung panguwuh yaiku tembung kang mratelakake panguwuh utawa sambat. Tuladhane: adhuh, tobat-tobat, wah, lo, lah, hemm, lsp.
5 Unggah-Ungguh lan Undha Usuk Basa Jawa Basa Jawa tansah ngugemi unggah-ungguh basa, iki sing mbedakake basa Jawa klawan basa Liyane. Undha usuk basa Jawa diperang kaya ing ngisor iki: Basa Ngoko Basa Krama Unggah Ungguh Basa Ngoko Lugu Ngoko Alus Krama Lugu Krama Alus Basa Jawa
6 1. Ngoko lugu Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajakpacaturan, wuwuhane tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab. 2. Ngoko alus Ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, krama inggil khusus kanggo wong liya, wuwuhan tetep wuwuhan ngoko, tembung kowe dadi panjenengan. Penganggone: Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina. Dienggo ndhuwuran marang andhahan. Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom, kayata: wong tuwa marang anake, guru marang muride, eyang marang putune, lan sapanunggalane. Tuladha: 1. Kowe gelem turu kene, Mbak? 2. Kowe sesuk apa sida lunga? 3. Kowe ditukokake jajan pasar? Penganggone: Sedulur enom marang sedulur tuwa. Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur. Ibu marang bapak sing wis kulina nganggo basa ngoko. Tuladha: 1. Panjenengan kersa sare kene Mbak? 2. Panjenengan sesuk apa sida tindak? 3. Panjenengan dipundhutake jajan pasar? Basa Ngoko
7 Basa krama diperang dadi loro, yaiku: 1. Krama lugu Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, tembung kowe dadi sampeyan, tembung aku dadi kula. Pangeling: Sing dikramakake ing basa ngoko alus yaiku: 1. Tembung sesulih purusa II (kata ganti orang ke-2) lan tembung kriya. 2. Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) tetep ngoko. Basa Krama Penganggone: Marang wong sadrajad sing durung raket (durung akrab). Tuladha: 1. Sampeyan purun tilem mriki Mbak? 2. Sampeyan benjing menapa tamtu kesah? 3. Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar?
8 2. Krama alus Basa krama alus yaiku basa krama sig tembung-tembunge alus lan kecampuran tembungtembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan (omongan). Penganggone: Wong enom marang wong tuwa Anak marang bapak utawa ibune Putu marang eyang utawa simbahe Ponakan marang pakdhe utawa budhene, lan sapanunggalane Marang wong sing luwih dhuwur drajade Murid marang gurune. Andhahan marang pimpinane. Abdi utawa rewang marang juragane, lan sapanunggalane. Tuladhane: Panjenengan kersa sare mriki Mbak? Panjenengan benjing menapa tamtu tindak? Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar?
9 Wangsulana Pitakonan Ing Ngisor Iki kanthi Trep! Nalika preinan semester setunggal kala wingi, kula boten ..(a)..pundi-pundi. Kula wonten ing griya kemawon. Nanging preinan wingi tetep nggadhahi makna penting kangge kula. Padatanipun, nalika preinan semester bapak ngajak sedaya anggota keluarga liburan wonten ing objek wisata. Nanging, amargi akhir-akhir niki kathah berita kacilakan wonten ing tempat wisata, bapak boten ngajak plesiran. Kepara malah bapak ..(b).. dateng sabin saben dinten ..(C).. pacul lan piranti sanesipun. Nalika bapak wonten sabin, ibu ..(d).. dedhaharan ingkang badhe dipunkintun dhateng sabin. Sanadyan boten kesah pundi-pundi, kula tetep ngraosaken bungah. Warsa menika mbakyu kula ..(e)..saking kampus. Rencananipun, mbakyu bakal damel budidaya Lombok nalika preinan menika. Kula mbiyantu mbakyu ngolah kebon. 1. Tembung kang trep kanggo ganepi aksara (a) yaiku.... 2. Tembung kang trep kanggo ganepi aksara (b) yaiku.... 3. Tembung kang trep kanggo ganepi aksara (c) yaiku.... 4. Tembung kang trep kanggo ganepi aksara (d) yaiku.... Intan : ....... Paijo : Arep nang endi ndhuk ? Intan : Nggene Dita pak, badhe ngrampungaken PR kala wingi. Paijo : Lhoh, PRmu wingi apa ora wis di warai mbak ta, ndhuk ? Intan : Nggih pak, tapi kula badhe klompokan malih, amargi tasih wonten ingkang kirang. Paijo : O ya, wingi awakmu njaluk ditukokne apa, Ndhuk? Intan : Njaluk ditukokne sepatu warna ireng, Pak sesuk yen prei sekolah. 5. Dialog pacelathon kang trep kanggo ngisi dialoge Intan yaiku..... Intan : ....... 1 Gladhen Kabisan
10 Paijo : Arep nang endi ndhuk ? Intan : Nggene Dita pak, badhe ngrampungaken PR kala wingi. Paijo : Lhoh, PRmu wingi apa ora wis di warai mbak ta, ndhuk ? Intan : Nggih pak, tapi kula badhe klompokan malih, amargi tasih wonten ingkang kirang. Paijo : O ya, wingi awakmu njaluk ditukokne apa, Ndhuk? Intan : Njaluk ditukokne sepatu warna ireng, Pak sesuk yen prei sekolah. 6. Dialog Intan kang pungkasan yen diganti nggunakake basa krama yaiku.... Woh-wohan kuwi maneka jinise. Ana kang warna ireng, abang, ijo, kuning, ungu, jambon, lan sapanunggalane. salah siji woh-wohan kang duweni warna akeh yaiku woh anggur. Woh anggur kang bisa ditemokake ing sakupenge awak dhewe kuwi akeh warnane. 7. Warnane woh anggur yen ditulis nggunakake basa krama kang trep yaiku.... Raka: Sugeng enjang, Bu Elok. Bu Elok: Sugeng enjang. Enek apa, Le? Raka: Tugas matematika apa sida ditumpuk dina iki? (a) Bu Elok: Iyo, Le, nanging ibu ora isa koreksi dina iki. Raka: Wonten menapa, Bu? Bu Elok: Ibu dina iki ana jadwal rapat ning Dinas Pendidikan, dadi ibu nyuwun tulung tugas kanca-kancamu ditumpuk sik, ya. Raka: O inggih, Bu. Bu Elok: Tulung ditumpuk urut saka nomer presensi awal, nek wis tumpuken neng nduwur mejane ibu ning kantor. Raka: Nggih, Bu. Berarti ulangan dinten niki nggih mboten sios? Bu Elok: Iyo, ulangan tak ganti minggu ngarep, ya. Raka: Apa ana sing bisa takbantu maneh, Bu? (b)
11 Bu Elok: Uwis kui wae. Tulung sesok bar bali sekolah ajaken kancamu loro wae nggo ngewangi ibu ngoreksi tugas matematika. Raka: Ya, Bu! Mengko takngajak kanca-kanca. (c) Bu Elok: Matur nuwun ya, Le. Raka: Inggih, sami-sami, Bu. 8. Dialog Raka ing aksara (a) yen diganti nggunakake basa krama unine yaiku.... 9. Dialog Raka ing aksara (b) yen diganti nggunakake basa krama unine yaiku.... 10. Dialog Raka ing aksara (c) yen diganti nggunakake basa krama unine yaiku....
12 2 Gladhen Kabisan Gaweya klompok banjur pilihen Unggah-Unggah Basa kang kudu beda saben saklompok. Banjur gawenen Teks Pacelathon adhedhasar Unggah-Ungguh Basa klompokmu!
13 3 Gladhen Kabisan Goleka teks wacan crita kang nggunakake basa krama, banjur tlesiha/analisis tetembungan/kata-kata kang ora trep karo kaidah unggah-ungguh basa!
14 Daftar Pustaka https://www.intanpari.com/2020/06/wuwuhan-ing-tembung-basa-jawa.html https://wasisbahasajawa.blogspot.com/2020/09/unggah-ungguh-lan-undha-usuk-basajawa.html https://www.maragopan.com/2017/09/panganggone-unggah-ungguh-basa.html https://gudangilmupustaka.wordpress.com/2016/11/08/jinising-tembung-bahasa-jawa/ https://sinaubasalansastrajawablog.wordpress.com/2015/12/15/tembung-lingga-lantembungandhahan/