The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Dwija Jawa, 2023-04-10 01:08:50

UNGGAH UNGGUH

UNGGAH UNGGUH

Tembung Lingga lan Tembung Andhahan 1.Tembung lingga yaiku tembung-tembung sing durung owah saka asale ( kata dasar). tuladha pangan, tandur, ombe, saji, sepatu lan sakliyan-liyane. 2. Tembung andhahan yaiku sakbehing tembung sing wis owah saka asale amarga oleh wuwuhan (imbuhan) awujud ater-ater ( awalan), seselan ( sisipan)lan panambang ( akhiran. Tuladha : tembung pangan dadi mangan tandur dadi tanduran sepatu dadi sepatune ater-ater anuswara: m-, n-, ng-, ny-, (an, an, ang). ater-ater tripurusa : dak, ko, di ater-ater liyane : a, ma, ka, ke, sa, pa, pi, pra, kuma, kapi, kami, tar, swa, lsp. seselan: el, um, er, in. panambang: -i, -ake, e, a, na, ane, an, kumu, ipun, aken, ane, lsp. wuwuhan( imbuhan) saka manca: -wan, wati, neo lsp. ngrimbag yaiku ngudhal tembung andhahan kanthi misah utawa nggoleki tembung lingggane, lan wuwuhan yaiku ater-ater, seselan,lan panambang. Wuwuhan Wuwuhan ing basa jawa kaperang dadi telu yaiku Ater-Ater, Seselan lan panambang, wuwuhan yaiku jika diartikan dalam bahasa indonesia wuwuhan = tambahan. jadi wuwuhan di dalam bahasa jawa adalah kata yang mendapatkan kata ibuhan sehingga menjadi kata berimbuhan. Wuwuhan adalah kata imbuhan dalam setiap macam macamh jenis tembung jawa entah itu imbuhan di awal kata belakang kata atau di tengah-tengahkata atau tembung jawa. dan macammacam kata imbuhan atau wuwuhan dapat kita lihat jenisnya dibawah ini. Jenise Wuwuhan iku kaperang dadi telu yaiku: I ) Ater-ater Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang dumunung aneng sangarepe tembung. Warna-warnaning ater-ater yaiku: a. Ater-ater anuswara: an, am, any, ang (m, n, ny, ng)


Tuladha an + tonton : nonton am + pinggir: minggir any + setor : nyetor ang + andhep :ngadhep b. Ater-ater tripurusa: dak-, ko-, diTuladha dak + gayuh : dakgayuh ko + gawe : kogawe di + angkat: diangkat c. Ater-ater liyane: a-, ma-, ka-, sa-, pa-, pi-, pra-, kuma-, kapi-, tarTuladha akarya, makumpul, katuku, sakantor, pomah, pituduh, pratandha, priagung, kumalancang, kamiseseg, kapiluyu, tarkadhang ( II) Seselan Seselan yaiku aksara utawa wanda kang dayane ana setengahe tembung. Seselan ing basa jawa iku ana papat yaiku: -um-, -in-, -el-, -erTuladha titah + -um- = tumitah tutuh + -in- = tinutuh dewer + -el- = delewer cuwil + -er- = ceruwil (III) Panambang Panambang yaiku aksara utawa wanda kang mapan ing samburine tembung. Dene wujude panambang: -i, -ake, -ne, -e, -a, -ana, -ku,-mu, -en. Kajaba saka iku isih akeh panambang saka basa manca kayata man, wan, wati, isme. Tuladha milihi, nitipake, nukokake,


kabare, mikira, tutupana, ibuku, sapimu,tebasen, seniman, sastrawan, seniwati, sosialis, kapilaisme Katrangan: Wanda yaiku kumpulan aksara sing wujude swara sakecap, (basa Indonesia: suku kata) Aksara kui ana werna loro yaiku: 1. aksara urip (vokal): a, i, u, e, o 2. aksara mati (konsonan): b, c, e, f, g, h, j, k, l,m, n, p lan liya-liyane. Jinising Tembung 1. Tembung aran yaiku jeneng samubarang kang maujud lan ora maujud. Kang maujud tuladhane: kursi, buku, meja, negara. Kang ora maujud tuladha: pangarsa, kapinteran, kagungan, pikiran, kawruh, agama, lsp. 2. Tembung kriya yaiku tembung kang mratelake solah bawa utawa pagawean. Tuladha: disaponi, nyapu, nuthuk, kokthuthuk, disamber, nyamber, lsp. 3. Tembung kahanan yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat samubarang kayata sugih, kuru, lemu, sabar, nesu, dhuwur, cendhek, lsp. 4. Tembung sesulih yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine samubarang. Tuladha: aku, kowe, dheweke (diarani tb. Sesulih purusa/ wong). Tuladha: -ku, -mu, -e (diarani tb. Sesulih darbe). Tuladha: sapa, apa, pira, kapan (diarani tb. Sesulih pitakon). Tuladha: iki, iku, kene, kana, lsp (diarani tb. Sesulih panudhuh). 5. Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelakake cacah. Tuladha: sithik, akeh, siji, loro kapisan, lsp. 6. Tembung ancer-ancer yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung. Tuladha: ing, marang, saka, katur, lsp. 7. Tembung panggenah/ tetenger yaiku tembung kang nyandhangi barang kang wis genah ana. Tuladha: Si, Raden, Kanjeng, Paman, lsp. 8. Tembung katranganyaiku tembung kang nerangake tembung kriya utawa kahanan. Tuladha: banter, mesthi, tansah, biasane, durung, wingi sore, lsp.


9. Tembung pangiket yaiku tembung kang ngiket utawa nggandhengake tembung siji lan sijine utawa ukara siji lan sijine. Tuladha: lan, sarta, saha, tuwin, miwah, sarehne, sabab, nanging, utawa, dene, ewadene, amarga, jalaran, lsp. 10. Tembung panguwuh yaiku tembung kang mratelakake panguwuh utawa sambat. Tuladhane: adhuh, tobat-tobat, wah, lo, lah, hemm, lsp. Unggah-Ungguh lan Undha Usuk Basa Jawa Basa Jawa tansah ngugemi unggah-ungguh basa, iki sing mbedakake basa Jawa klawan basa Liyane. Undha usuk basa Jawa diperang kaya ing ngisor iki: Basa Ngoko 1. Ngoko lugu Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajakpacaturan, wuwuhane tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab. Penganggone: Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina. Dienggo ndhuwuran marang andhahan. Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom, kayata: wong tuwa marang anake, guru marang muride, eyang marang putune, lan sapanunggalane. Tuladha: 1. Kowe gelem turu kene, Mbak? 2. Kowe sesuk apa sida lunga? 3. Kowe ditukokake jajan pasar? 2. Ngoko alus Ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, krama ingghil khusus kanggo wong liya, wuwuhan tetep wuwuhan ngoko, tembung kowe dadi panjenengan. Penganggone:


Sedulur enom marang sedulur tuwa. Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur. Ibu marang bapak sing wis kulina nganggo basa ngoko. Tuladha: 1. Panjenengan kersa sare kene Mbak? 2. Panjenengan sesuk apa sida tindak? 3. Panjenengan dipundhutake jajan pasar? Pangeling: Sing dikramakake ing basa ngoko alus yaiku: 1. Tembung sesulih purusa II (kata ganti orang ke-2) lan tembung kriya. 2. Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) tetep ngoko. Basa Krama Basa krama diperang dadi loro, yaiku: 1. Krama lugu Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembungtembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, tembung kowe dadi sampeyan, tembung aku dadi kula. Penganggone: Marang wong sadrajad sing durung raket (durung akrab). Tuladha: 1. Sampeyan purun tilem mriki Mbak? 2. Sampeyan benjing menapa tamtu kesah? 3. Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar?


2. Krama alus Basa krama alus yaiku basa krama sig tembung-tembunge alus lan kecampuran tembungtembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan. Penganggone: 1. Wong enom marang wong tuwa 2. Anak marang bapak utawa ibune 3. Putu marang eyang utawa simbahe 4. Ponakan marang pakdhe utawa budhene, lan sapanunggalane 1. Marang wong sing luwih dhuwir drajade 2. Murid marang gurune. 3. Andhahan marang pimpinane. 4. Abdi utawa rewang marang juragane, lan sapanunggalane. Tuladhane: Panjenengan kersa sare mriki Mbak? Panjenengan benjing menapa tamtu tindak? Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar? Panganggone Unggah-Ungguh Basa 1. Basa ngoko lugu * Sapadha-padha wing wis kulina * Ndhuwuran marang andhahan * Wong kang wis tuwa marang sing enom * Wong tuwa marang anake * Guru marang muride * Eyang marang putune 2. Basa ngoko alus * Sedulur enom marang sedulur tuwa * Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajate luwih dhuwur * Ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan amarga wis kulina 3. Basa krama lugu


* Marang wong sing sadrajat amarga durung raket 4. Basa krama alus * Wong enom marang wong tuwa * Marang wong sing luwih dhuwur drajate


Click to View FlipBook Version