The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Yulita Ekawinajeng yulitaekawinajeng.2022, 2023-08-09 03:06:28

Bahan Ajar Tembang Asmarandana

Bahan Ajar Tembang Asmarandana

Keywords: Asmarandana

1 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana


2 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana Nama Guru : Yulita Ekawinajeng Sekolah : SMK N 1 Bantul Tahun disusun : 2022/2023 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Fase : X/E Semester 1 Jumlah Jam : 4 X 45 menit Materi pokok : Tembang macapat asmarandana Elemen : Menulis dan Berbicara Capaian Pembelajaran Peserta didik dapat mengevaluasi, menginterpretasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai teks dalam bentuk aural, visual dan atau audiovisual untuk menemukan makna tersurat dan tersirat dari teks tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh. Tujuan Pembelajaran Memalui pendekatan scientific, model pembelajaran Problem Based Learning dengan metode diskusi dan presentasi, peserta didik dapat: Pertemuan 1: 1. Peserta didik dapat menganalisis struktur tembang macapat asmarandana. (C4) 2. Peserta didik dapat menganalisis kata-kata sukar yang terdapat pada tembang macapat asmarandana dengan baik (C4) 3. Peserta didik dapat menyusun parafrase yang terdapat pada tembang macapat asmarandana dengan baik (C6) Pertemuan 2: (UKIN) 4. Peserta didik dapat menyimpulkan ajaran moral tembang macapat asmarandana dengan baik(C5) 5. Peserta didik dapat mempraktekan tembang macapat asmarandana dengan baik (P3) Identitas


3 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana Dimensi Pengetahuan 1. Faktual : Nyemak video tiyang ingkang nembang macapat asmarandana ing youtube 2. Konseptual : Materi tembang macapat asmarandana 3. Prosedural : Cara nembang tembang macapat asmarandana, Cara nganalisis struktur tembang macapat asmarandana. 4. Metakognitif : Ndamel video kelompok, praktek nembangaken tembang macapat asmarandana BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT ASMARANDANA Lampah Pasinaon 1. Pretest saben pepanggihan 2. Diskusi bab tembang asmarandana 3. Damel kelompok 4. Nganalisis struktur tembang asmarandana 5. Nganalisis tembung ing cakepan tembang asmarandana 6. Damel parafrase 7. Madosi ajaran moral saking cakepan tembang asmarandana 8. Presentasi I 9. Praktek nembang asmarandana 10.Damel video kelompok praktek nembang asmarandana 11. Presentasi II 12.Post test (saben pepanggihan) https://www.instagram.com/antinglambangsih/


4 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana LAMPAHIPUN PASINAON Tahap 1. Orientasi Peserta didik Materi Faktual Para peserta didik sumangga nyemak video youtube kanthi tumemen, kangge damel pitakenan bab sekar macapat asmaradana Para peserta didik ugi saged kanthi scan barcode menika ! Pretest Sumangga para peserta didik saderengipun nglajenaken pasinaon, dipungarap pretest menika! Saged kanthi bikak elearning skansaba.id ngginakaken akum piyambak-piyambak! Pepanggihan 1. https://skansaba.id/mod/quiz/view.php?id=41670 Pepanggihan 2. https://skansaba.id/mod/quiz/view.php?id=41671


5 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana Tahap 2. Orientasi Peserta didik Terhadap Masalah Materi Konseptual Peta Konsep PANGRETOSAN TEMBANG MACAPAT Tembang macapat minangka tembang tradisional ing tlatah jawa . Menawi dipuntingali ing kerata basa macapat menika tegesipunmaca papat-papat ingkang karakit saben sekawan wanda. Nanging boten sedaya saged dipunwaos papar-papat (Triwik, 2020: 30) Tembang macapat inggih tembang ingkang mligi gadhah paugeran inggih menika guru lagu, guru gatra, saha guru wilangan Paugeran Tembang Macapat Asmaradana 2. 1. Tembang Asmaradana paugeran gadhah inggih menika guru gatranipun 7, dene guru lagu saha guru


6 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana Paugeran kados menika para peserta didik sampun date sinau ing SD saha SMP, ing tataran SMK bab menika ugi badhe dipunrembag, ananging naming minangka deskripsi tembang macapa mawon. Para peserta didik sumangga dipunwaos bab menika! Materi Prosedural 1. Madosi makna tetembungan ingkang kakandhut ing camepan tembang asmarandana Negesi tembung ingkang angel saklebetipun cakepan sekar. Ginanipun kangge nggampilaken anggenipun badhe madosi wosipun sekar. Negesi tembung menika saged lumantar bausastra cithak menapa dene elektronik kadosta www.sastra.org/leksikon 2. Ngewahi sekar kanthi paugeran dados gancaran utawi parafrase. Memparafrase menika ngewahi struktur sekar dados gancaran. Amargi sekar menika wonten paugeranipun (guru gatra, guru wilangan & guru lagu) saha ngginakaken basa rinengga mila dipungancaraken supados gampil nalika badhe mangretosi wosipun saha mendhet piwulang saklebetipun sekar menika. 3. Madosi Ajaran Moral. Manggihaken wosing sekar ingkang kaandhut wonten sekar. Satemah saged madosi ajaran moral saking wosing sekar menika. Ajaran moral minangka tuladha manungsa gesang ing alam donya. Praktek Nembang Macapat Laras ing gamelan wonten kalih, inggih menika laras slendro saha pelog. Laras slendro gadhah urutan 1 2 3 5 6 (ji, ro, lu, ma, nem). Laras pelog gadhah urutan 1 2 3 4 5 6 7 (ji, ro, lu, pat, ma, nem, pi). Laras slendro gadhah pathet cacahipun tiga,


7 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana inggih menika pathet nem, pathet sanga, saha pathet manyura. Laras pelog ugi gadhah pathet caacahipun tiga inggih menika pathet bem, pathet nem, saha pathet barang. Ingkang kedah dipunsinau nalika praktek nembang inggih menika: 1. Wicara : Vokal kedah ingkang los, Pocapanipun cetha boten kedhal, Dhangdhing kedah jumbuh kalian cakepanipun. 2. Wirama : Titi larasipun pas kados ing notasinipun, Wilet paling kathah ngginakaken tigang nada. 3. Wiraga : Jangga dipuntarik ingkang jejeg, boten ndhungkluk, saenipun anggipun nembang lenggang sila. Menawi tujuju nyekar napas dhadha saha padharan prelu dipuntata. 4. Wirasa : Anggenipun nyekar kedah migaosaken makna tembang inggih anggenipun medhot tembungipun kedah trep.


8 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana Cengkok saha Wilet Anggenipun damel wilet ngginakaken nada pokok/cengkok pokok notasinipun. Tuladhanipun cengkok ing salebetipun teks kados menika: No. Gatra Cakepan, cengkok asli Wilet 1 1 !6!^ 2 2 !6!65 3 2 y1y1 4 3. y1y1 5 3 56565 6 4. 35532 7 5. 1y1y 8 6. 2. 23532 1y


9 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana 9 7. 3232 35 10 7. 2121 yt Tahap 3. Mbimbing Peserta didik ing kelompok Pepanggihan 1 Peserta didik negesi tembung wonten sekar macapat Asmaradana mawi internet https://www.sastra.org/leksikon minangka dhasar damel parafrase saha damel dudutan ajaran moral sekar macapat Asmaradana. Asmarandana Andon Tresna Wus dadya karsa Hyang Widhi Tumanduk para kawula Tumrap Jalu pawestrine Lamun teka titi mangsa Padha andon asmara Tumuju bebrayan agung Murih gesang bagya mulya


10 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana Bab ingkang dipungatosaken inggih menika: 1. Anggenipun madosi tembung kedah permati. 2. Anggenipun negesi tembung kedah jumbuh kaliyan konteksipun. 3. Anggenipun ndamel gancaran kedah jumbuh kaliyan konteksipun. 4. Anggenipun madosi wosing sekar kedah jumbuh kaliyan konteksipun. Sasampunipun para peserta didik manggihaken tetembungan ingkang angel, salajengipun inggih menika damel parafrase. Sumangga teks tembang Asmarandana Andon Tresna menika dipundamel gancaran ngginakaken basa krama! Pepaggihan II Para peserta didik sampun damel parafrase/gancaran saking tembang macapat Asmarandana Andon Tresna. Salajengipun madosi ajaran moralipun. Sumangga dipunanalisis maknanipun satemah saged madosi ajaran moralipun. Tahap 4. Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya Materi Metakognitif Para peserta didik sumangga nembangaken tembang macapat Asmarandana menika kanthi kelompok. Anggenipun praktek nembangaken tembang menika, dipundamel video sedherhana. Papan anggenipun nembang saged ing kelas, saha ing njawi kelas. Para peserta didik kanthi klompok ngandharaken menapa ingkang sampun dipundamel. Tugas dipunkintun ing WAG Kelas Basa Jawi. Salajengipun presentasi klompok. Pepanggihan I : Presentasi analisis makna tembang macapat asmarandana Pepanggihan II : Presentasi asil praktek nembang asmarandana kanthi nyetel asil rekaman video. Tahap 5. Menganalisis dan mengevaluasi proses pemecahan masalah Klompok sanesipun nanggapi garapanipun klompok ingkang majeng. Salajengippun peserta didik saged ngrevisi Garapan ingkang taksih prelu dipunrevisi. Peserta didik ngempalaken asil garapan klompok dhateng guru kanthi unggah ing elearning skansaba.id. Salajengipun peserta didik nggarap soal postest ing quizizz. Saged kanthi klik link warna biru utawi scan barcode.


11 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana Pepanggihan I . ngginakaken link https://quizizz.com/join?gc=85939527 Pertemuan II (UKIN) ngginakaken link https://quizizz.com/join?gc=83459121 DUDUTAN REFLEKSI Sasampunipun peserta didik nglampahi pasinaon menika, salejengipun mangsuli pitakenan wonten ing ngandhap menika kangge nyamaptakaken pasinaon benjing: a. Kadospundi pamanggih peserta didik sasampunipun sinau bab tembang asmarandana menika, tambah seserepan menapa kemawon? b. Perangan menapa ingkang dipunremeni peserta didik gayut kaliyan materi tembang macapat asmarandana? c. Piwulang menapa kemawon ingkang saged dipunpendhet saking materi tembang macapat asmarandana kaliyan pagesangan wonten ing jaman sakmenika? Sekar macapat inggih menika sekar tradisional jawi ingkang gadhah paugeran gumathok. Tembang Asmaradana menika kalebet jinis tembang macapat ingkang gadhah piwulang luhur. Pramila kangge mangretosi wosing sekar kedah manggihaken teges saking tetembungan woonten cakepan sekar ingkang sinerat mawi basa rinengga. Salajengipun damel gancaran, saengga saged madosi ajaran moralipun.


12 | Bahan Ajar Tembang Asmarandana UMPAN BALIK Para peserta didik, sinau tembang macapat asmarandana menika ngremenaken sanget. Boten naming saged mangertosi wosipun tembang ananging para peserta didik ugi saged sinau kadospundi tembang menika menawi dipunsekaraken. Temtumawon para peserta didik ndherek nglestarwkaken kabudayan Ngayogyakarta menika. Temtu kemawon sasampunipun sinau menika sedaya kraos gampil, boten angel. Menapa malih anggenipun nembang sesarengan kaliyan kanca temtu mawon langkung sekeca. Anggenipun nglampahi pasinaon menika dipundamel awujud video praktek, menika supados para peserta didik nggadhahi simpenan. Boten manung menika, ananging saged kangge nambah seserepan, supados ing tembe wingkingipun saged kangge bahan pasinaon dhateng para kadang sanesipun. KAPUSTAKAN Buku: Damarjati, Triwik & Sinar Indra. 2017. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas X. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta. Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters. Jurnal: Suwarna, S. (2004). Peningkatan Keterampilan Melagukan Tembang Macapat dengan Media Kaset Audio dan Gamelan. Cakrawala Guruan, (2), 86026. https://journal.uny.ac.id/index.php/cp/article/view/4856. Dipun-akses RĂªbo, 17 Mei 2023, pukul 19:02 WIB. Media dan link: Media pencarian makna dalam kata. www.sastra.org/leksikon Media Youtube Pembelajaran tembang macapat https://www.youtube.com/watch?v=JTb67bh_HuA


Click to View FlipBook Version