The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

2. Bahan Ajar Serat Ulem_Yulita Ekawinajeng

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Yulita Ekawinajeng yulitaekawinajeng.2022, 2023-06-07 06:17:49

2. Bahan Ajar Serat Ulem_Yulita Ekawinajeng

2. Bahan Ajar Serat Ulem_Yulita Ekawinajeng

Keywords: Serat Ulem

B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 1 | 15


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 2 | 15 BAHAN AJAR Identitas Sekolah : SMK N 1 Bantul Tahun disusun : 2022/2023 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Fase : XI/F Semester 2 Jumlah Jam : 4 X 45 menit Materi pokok : Serat ulem dan lelayu Elemen : Menulis Capaian Pembelajaran Peserta didik dapat membaca, memahami, mengolah, menginterpretasi, mengidentifikasi, menanggapi, mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pendapat, arahan atau pesan dari berbagai jenis teks layang untuk menemukan isi atau makna serta ajaran moral yang tersurat dan tersirat. Tujuan Pembelajaran Pertemuan 1: 1. Menganalisis struktur serat lelayu. (C4) 2. Menyusun teks serat lelayu. (C6) 3. Membuat desain pengemasan teks serat lelayu. (P4) Pertemuan 2: 1. Menganalisis struktur serat ulem (C4) 2. Menyusun teks serat ulem (C6) 3. Membuat desain pengemasan teks serat ulem (P4) Dimensi Pengetahuan 1. Faktual : Contoh gambar serat ulem dan lelayu yang ada di masyarakat 2. Konseptual : Materi serat ulem dan lelayu Struktur serat ulem dan lelayu. 3. Prosedural : Cara membuat serat ulem dan lelayu Cara mendesain pada media canva. 4. Metakognitif : Penerapan pengemasan serat ulem dan lelayu menggunakan media canva.


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 3 | 15 LAMPAHIPUN PASINAON Tahap 1. Orientasi Peserta Didik Materi Faktual Peserta didik nyatitekaken gambar ingkang dipunandharaken guru ing powerpoint. Salajengipun guru saha peserta didik sareng-sareng rembagan bab perkawis ingkang wonten ing gambar kasebut. Gambar1. kapethik saking garapan peserta didik taon 2022


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 4 | 15 • Jinis serat uleman menapa? • Menapa perangan ingakang taksih cicir ? • Kados pundi basa ingkang dipunangge ? Pretest Sumangga para peserta didik saderengipun nglajenaken pasinaon, dipungarap pretest menika! Saged kanthi bikak elearning skansaba.id ngginakaken akum piyambak-piyambak! Pepanggihan 1. https://skansaba.id/mod/quiz/view.php?id=41660 Pepanggihan 2. https://skansaba.id/mod/quiz/view.php?id=41659


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 5 | 15 Tahap 2. Orientasi Peserta Didik Terhadap Masalah Materi Konseptual Peta Konsep SERAT LELAYU Pangertosan Serat Lelayu Serat lelayu inggih menika kabar sedanipun tiyang ingkang dipunandharaken ngginakaken media cithak. Ing jaman samenika serat lelayu ugi saged kaandharaken mawi elektronik amargi kabetahan jaman samenika bilih langkung praktis saha cepet menawi serat lelayu kaandharaken ngginakaken sosial media. Struktur Serat Lelayu 1. Irah-irahan Irah-irahan minangka jinis pawarta ingkang biasanipun dipunandharaken ing perangan paling ngajeng saha nginggil. Perangan menika, kedah wonten amargi serat lelalu mianngka jinis serat ingkang mligi beda kaliyan jinis serat sanesipun. Umumipun serat minangka uleman, satemah wosipun pawarta bingah saha pinaringan kaberkahan sehat. Serat lelayu minangka serat minangka pawartos sanes uleman. Dados perangan irah-irahan “pawartos lelayu” kedah dipunserat supados ingkang dipunkintuni serat langsung saged mastani bilih menika minangka pawartos dhuhkita. Serat Ulem saha lelayu Serat Ulem Pangertosan Struktur Jinis Desain pengemasan Serat lelayu Pangertosan Struktur Desain pengemasan


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 6 | 15 2. Satata Basa Satata basa minangka nama saha papan ingkang tinuju (Nugroho, 2020: 109). Serat menika badhe katujokaken kangge sinten saha ing pundi. Menawi serat ulem biasanipun kaandharaken ing pojok tengen utawi kiwa amargi serat ulem menika biasanipun naming satunggal lembar mawon. 3. Purwaka basa Purwaka basa minangka tetembungan ingkang biasanipun kaandharaken ing perangan wiwitan. Ingkang kalebet ing purwaka basa inggih menika: a. Salam pambuka Salam pambuka saged awujud maneka warni, tuladhanipun: Assalamualaikum wr wb, namo Budaya, Salam Kebajikan, Om Swasti Astu. b. Atur Pambuka Atur pambuka minangka tetembungan wiwitan sasampunipun salam pambuka. Biasanipun wosipun ukara pambelasungkawa, kadosta innalilahi wa innailaihi rojiun. 4. Surasa basa Surasa basa inggih minangka wosing serat. Ing serat lelayu surasa basa ngandharaken perangan perangan ingkang wigati, inggih menika: a. Nama b. Pawarta anggenipun seda Pawarta anggenipun seda biasanipun ngandharaken bab - Yuswa - Dinten, Tanggal seda - Papan seda - Jam seda c. Pawarta anggenipun badhe nyarekaken - Dinten, Tanggal nyarekaken - Papan nyarekaken - Jam nyerekakan - Dalem dhuhkita 5. Wasana basa Wasana basa minangka atur panutup. Wosipun biasanipun mekaten:


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 7 | 15 a. Biasanipun ing serat lelayu minangka atur panyuwunan donga dhateng ingkang dipunkintuni serat kangge ingkang seda supados sedanipun katampi dening Gusti. Ugi atur panuwun awit sampun paring donga. b. Salam panutup Salam panutup kajumbuhaken kalian salam pambuka. 6. Nama kulawarga ingkang dipuntilar Bagian paling ngandhap biasanipun kaandharaken nama kulawarga ingakng dipuntilar donya. Ingkang dipunserat biasanipun mianngka kulawarga inti. Bagian menika ugi minangka nama-nama ingkang nandang sungkawa, Ugi saged mianngka paprenahan, kaprenah sinten dhateng ingkang seda. Desain Pengemasan Serat Lelayu Serat lelayu ingkang biasanipun sampun woten ing masarakat kaandharaken kanthi kertas HVS ingkang dipun-poto kopi. Menika ugi jumbuh kalian kahanan ingkang dhuhkita inggih menapa-menapanipun sarwa dadakan. Boten nemaung menika wekdal ingkang mepet satemah paraga ingakang nyerat serat ulem ugi kedah age-age damel supados saged dipunsebar. Serat lelayu saged langkung aji malih bilih dipunandharaken ngginakaken basa saha desain pengemasan ingkang jumbuh kalian swasana. Menika ugi saged minangka pangurmatan dhateng ingkang seda. Serat ingkang dipunsedain saged langkung estetik saha merbawani kangge kulawarga ingkang seda. Desain ingkang jumbuh kalian swasana dhuhkita inggih desain kanthi nuansa warna peteng kadosta klawu saha cemeng. Desain ingkang kados menika aman menawi dipun-potokopi. Saking segi dana bab menika boten dados prakwis menawi dipunbandhingaken kalian ingkang tanpa desain. Menawi desain serat lelayu kanthi nuansa warna wungu menika saged katingal langkung aji saha estetik, sinaosa mbetahaken dana print kertas. Beda malih menawi serat lelayu kanthi desain warna menika kaandharaken kanthi media elektronik. SERAT ULEM Pangertosan Serat Ulem Serat ulem inggih menika serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanes, amargi badhe kagungan hajat utawi kersa. Serat ulem ngandharaken bilih dipunkintuni uleman supados rawuh wonten ing wekdal saha papan ingkang sampun katemtoakken (Nugroho,


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 8 | 15 2020: 107). Beda kalian serat lelayu ing nginggil, bilih serat ulem swasananipun boten dhuhkita ananging remen, bingah. Struktur Serat Ulem 1. Irah-irahan Irah-irahan serat biasanipun ngandharaken jinis surat. Jinisipun serat menakawarni tuladhanipun serat ambal warsa, serat tasyakuran, serat supitan, serat ulem mantu. Irah-irahan serat menika biasanipun dumunung ing nginggil utapi perangan ngajeng. 2. Satata basa Satata basa minangka nama saha papan ingkang tinuju (Nugroho, 2020: 109). Serat menika badhe katujokaken kangge sinten saha ing pundi. Menawi serat ulem biasanipun kaandharaken ing pojok tengen utawi kiwa amargi serat ulem menika biasanipun naming satunggal lembar mawon. 3. Purwaka basa Perangan pambukaning serat inggih menika purwaka basa, tuladhanipun: a. Salam Pambuka Salam pambuka saged awujud maneka warni, tuladhanipun: Assalamualaikum wr wb, namo Budaya, Salam Kebajikan, Om Swasti Astu. b. Atur Pambuka Atur pambuka nelakaken pawarta kawilujengan ingakng ngintun serat saha pangajeng-ajeng supados ingkang dipunkintuni serat ugi wilujeng. 4. Surasa basa Minangka wosipun serat, inggih ngaturi rawuh winten ing papan, jam, tanggal ingkang sampun dipunserat ing uleman menika. Nama acara ugi kaserat ing perangan surasa basa menika. 5. Wasana basa Wasana basa minangka atur panutup. Wosipun mekaten: a. Pangajeng-ajeng bilih ingkang dipunkintuni serta kersa rawuh ing acara. Atur panuwun awit rawuhipun. Atur nyuwun pangapunten menawi wonten atur ingkang kirang mranani. b. Salam panutup Salam panutup kajumbuhaken kalian salam pambuka.


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 9 | 15 Jinisipun Serat Ulem Jinisipun serat ulem wonten maneka warni. Biasanipun ingkang ngintuni serat kagungan acara-acara ingkang swasananipun bingah, tuladhanipun: 1. Serat ulem mantu 2. Tasyakuran 3. Ambal warsa 4. Genduri mitoni 5. Genduri temanten 6. Serat ulem siraman 7. Serat ulem syukuran khitanan 8. Pengaosan akikah 9. Nyadran 10. Lsp. Desain Pengemasan Serat Ulem Desain pengemasan serat ulem maneka warni. Saged kajumbuhaken kalian tema acaranipun. Tuladhanipun ing acara temanten nuansa abrit, serat uleman mantu ugi sage dipundesain kanthi warna abrit. Anggenipun desain ugi kajumbuhaken kalian kabetahan saha estetika. Anggenipun desain saged kanthi migunakaken canva. Mengorganisasi Peserta Didik Sasampunipun maos materi bab serat ulem saha serat lelayu, peserta didi dipundhawuhi damel klompok, saben klompok dumunung saking 3 peserta didik. Ing perangan menika peserta didik badhe pikantuk Gladhen 1. Gladhen.1 menika saged dipungarap ing E-LKPD ing elearning skansaba.id. Ing samangke peserta didik badhe nganalisis struktur satunggaling serat ulem saha lelayu. Tahap 3. Membimbing peserta didik baik secara individu maupun kelompok Pepanggihan 1 Gladhen 1. Nganalisis Serat Lelayu Pandom: Sumangga para pasarta didik satitekna serat lelayu menika, lajeng sumangga dipunanalisis strukturipun!


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 10 | 15 Materi Prosedural Para peserta didik dipundhawuhi damel serat lelayu. Sumangga nyerat serat lelayu, kanthi paraga kaluwarga/tanggi ingkang sampun tilar donya!


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 11 | 15 Salajengipun sumangga migunakaken aplikasi canva kangge mahyakaken serat ulem menika! Desain saged kajumbuhakem kalian kahanan. Caranipun kados makaten: 1. Ndamel cengkorongan serat ing media tulis langsung 2. Mekarekaen cengkorongan serat ulem ing media tulis langsung 3. Nyamaptakaken teks ing media tulis langsung 4. Kanthi migunakaken aplikasi canva, peserta didik saged miwiti kanthi milih tamplate serat lelayu, saged ugi kanthi tamplate kosong 5. Seratan tulis langsung dipunsalin ing media canva 6. Seratan kajumbuhaken kalian desain. 7. Desain kajumbuhaken kalian swasana serat lelayu (cemeng, klawu, wungu) Gladhen 2. Ngripta Serat Lelayu Pepanggihan II (PPL) Gladhen 3. Nganalisis Serat Ulem Pandom: Sumangga para pasarta didik damel serat lelayu, salajengipun dipundesain pengemacan ngginakaken media canva! Pandom: Sumangga para pasarta didik satitekna serat ulem menika, lajeng sumangga dipunanalisis strukturipun!


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 12 | 15 Materi Prosedural Salajengipun para peserta didik pikantuk gladhen 4. . Sumangga damel serat ulem kanthi migatosaken struktur-ipun! Salajengipun sumangga migunakaken aplikasi canva kangge mahyakaken serat ulem menika! Cara-caranipun damel desain pengemasan serat ulem ngginakaken canva, inggih menika: 1. Ndamel cengkorongan serat ing media tulis langsung 2. Mekarekaen cengkorongan serat ulem ing media tulis langsung 3. Kanthi migunakaken aplikasi canva, peserta didik saged miwiti kanthi milih tamplate serat ulem, saged ugi kanthi tamplate kosong 4. Seratan tulis langsung dipunsalin ing media canva 5. Seratan kajumbuhaken kalian desain.


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 13 | 15 6. Desain warna kajumbuhaken kalian swasana serat ulem, tuladhanipun ing swasana bingah satemah nggginakaken desain warna abrit, oranye, pink lsp. Saged ugi kajumbuhaken kaliyan warna tema acaranipun. Gladhen 4. ngripta Serat Ulem 7. 8. 9. Tahap 4. Mengembangkan dan menyajikan hasil karya Materi Metakognitif Para peserta didik kanthi klompok ngandharaken menapa ingkang sampun dipundamel. Tugas dipunkintun ing WAG Kelas Basa Jawi. Salajengipun presentasi klompok. Klompok sanesipun nanggapi garapanipun klompok ingkang majeng. Salajengippun peserta didik saged ngrevisi Garapan ingkang taksih prelu dipunrevisi. Lembar Kritik saha Panyaruwe No. Nama peserta didik/ klompok Panyaruwe Solusi 1. 2. 3. 4. 5. Tahap 5. Menganalisis dan mengevaluasi proses pemecahan masalah Peserta didik ngempalaken asil garapan klompok dhateng guru kanthi unggah ing elearning skansaba.id. Salajengipun peserta didik nggarap soal postest ing quizizz. Saged kanthi klik link warna biru utawi scan barcode. Pandom: Sumangga para pasarta didik damel serat ulem, salajengipun dipundesain pengemacan ngginakaken media canva!


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 14 | 15 Pepanggihan I https://quizizz.com/join?gc=67637430 Pepanggihan II (PPL) https://quizizz.com/join?gc=68841338 REFLEKSI Sasampunipun peserta didik nglampahi pasinaon menika, salejengipun mangsuli pitakenan wonten ing ngandhap menika kangge nyamaptakaken pasinaon benjing: a. Kadospundi pamanggih peserta didik sasampunipun sinau bab serat ulem saha lelayu menika, tambah seserepan menapa kemawon? b. Perangan menapa ingkang dipunremeni peserta didik gayut kaliyan materi serat ulem saha lelayu? c. Piwulang menapa kemawon ingkang saged dipunpendhet saking materi serat ulem saha lelayu kaliyan pagesangan wonten ing jaman sakmenika? Umpan Balik Para peserta didik, sinau damel serat ulem saha lelayu menika kathah mumpangatipun ing gesang masarakat. Biasanipun acara-acara ing


B a h a n A J a r U l e m s a h a L e l a y u 15 | 15 masarakat ngginkaken basa Jawi, ananging serat ulem taksih ngginakaken basa Indonesia. Kanthi sinau bab menika, para peserta didik saged trampil, saha kreatif anggenipun damel lan nyawisaken kangge acara-acara ingkang wonten ing masarakat. Sejatosipun anggenipun nyinau bab menika boten betahaken wekdal ingkang dangu, menawi sampun mangertos titikanipun serat menika gampil sanget. Para peserta didik ugi sampun tepang kaliyan media canva satemah saged kreatif anggenipun desain ingkang jumbuh kaliyan tema acara. Kapustakan Buku: Nugroho, S & Rosyidi, A.A. 2020. Wibawa, Wiyata Basa Jawa Kelas XI. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga DIY. Jurnal: Henilia, H. (2023). Pengembangan Media Pembelajaran Mata Pelajaran Bahasa Indonesia pada Materi Surat Menyurat Berbasis Web. REMIK: Riset dan EJurnal Manajemen Informatika Komputer, 7(1), 623-633. https://polgan.ac.id/jurnal/index.php/remik/article/view/12109/1376. Diakses pada Kamis, 25 Mei 2023, pukul 07.47 WIB. Meiluna, R. (2013). Hubungan Antara Media Pembelajaran dengan Motivasi Belajar Pada Mata Pelajaran Surat Menyurat Indonesia di SMK Pelita Tiga Jakarta. Tesis: Universitas Negeri Jakarta. http://repository.unj.ac.id/1344/. Diakses pada kamis, 18 Mei 2023, pukul 21:32 WIB. Media: Media pencarian makna dalam kata. www.sastra.org/leksikon Serat ulem saha Lelayu kangge materi kelas XI SMA https://www.youtube.com/watch?v=Aub0p0-lM00 Peranganing Serat Ulem. https://www.youtube.com/watch?v=zeI3felxJaQ Media Pembelajaran serat ulem https://www.youtube.com/watch?v=b1CS3HYHEQw


Click to View FlipBook Version