The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

2. Bahan Ajar Sesorah2_Yulita Ekawinajeng1

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Yulita Ekawinajeng yulitaekawinajeng.2022, 2023-07-09 11:38:38

Bahan Ajar Sesorah Pambagyaharja

2. Bahan Ajar Sesorah2_Yulita Ekawinajeng1

Keywords: Sesorah Pambagyaharja

1 | L K P D S E S O R A H P A M B A G Y A H A R J A


2 | L K P D S E S O R A H P A M B A G Y A H A R J A Capaian Pembelajaran Peserta didik dapat menggunakan bahasa Jawa sesuai kaidah kebahasaan dan unggah-ungguh untuk menyampaikan informasi secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai teks sesorah. Tujuan Pembelajaran Memalui pendekatan scientific, model pembelajaran Problem Based Learning dengan metode diskusi dan presentasi, peserta didik dapat: Pertemuan I : 1. Menganalisis (C4) struktur teks sesorah pambagyaharja dengan baik. 2. Membuat (C6) catatan penting (titikan) pada setiap struktur teks sesorah pambagyaharja dengan baik. Pertemuan II: 1. Menyusun kerangka (C4) teks sesorah pambagyaharja dengan baik. 3. Mencipta (C6) teks sesorah pambagyaharja dengan baik. Dimensi Pengetahuan a. Faktual : Penggunaan sesorah pambagyaharja di acara karang taruna. b. Konseptual : Pengertian sesorah pambagyaharja. c. Prosedural : Struktur sesorah pambagyaharja. d. Metakognitif : membuat teks sesorah pambagyaharja. Sumber Belajar • Buku; Damarjati, Triwik & Sinar Indra. 2017. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas X. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta. Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters. Informasi Umum Tahun disusun : 2022/2023 Mata Pelajaran : Basa Jawi Kelas/Fase : X/E Semester 2 Jumlah Jam : 20 menit Materi pokok : Sesorah Elemen : Nyerat


3 | L K P D S E S O R A H P A M B A G Y A H A R J A • Bahan ajar : https://www.canva.com/design/DAFkG0WsiQ0/HkADPQhmg2EFXZTe2lRR_g/vie w?utm_content=DAFkG0WsiQ0&utm_campaign=designshare&utm_medium=link &utm_source=publishsharelink (Bahan Ajar Sesorah) • Kamus online: https://www.sastra.org/leksikon • Video: https://www.youtube.com/watch?v=7bb5knakiQ4&t=6s (Struktur Sesorah Pambagyaharja) https://www.youtube.com/watch?v=vUBJV9kNqCM (Video sesorah pambagyaharja) • Jurnal: Mulyana. 2014. Wacana Pidato Dalam Upacara Perkawinan Masyarakat Jawa: Wahana Pembentukan Sikap Mental Dan Karakter. Jurnal Pendidikan Karakter, (2), 120514 Nurhidayah, E. A. (2013). Peningkatan Keterampilan Berbicara Pambagyaharja Menggunakan Metode Pembelajaran Pemodelan pada Siswa Kelas Xi Sekretaris 2 Di SMKN 1 Kebumen Tahun Ajaran 2012/2013.-Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, 2(2). • Media : power point interaktif, elearning skansaba.id Link power point: https://www.canva.com/design/DAFkl2_Ax8E/0fbug5DtCozNzWq24qexhA/view?utm _content=DAFkl2_Ax8E&utm_campaign=designshare&utm_medium=link&utm_so urce=publishsharelink Pitedah Sinau: 1. Peserta didik nyemak materi ingkang sampun samapta kanthi permati ing power point. 2. Kadamela kelompok, lajeng peserta didik madosi tetembungan ingkang angel, salajengipun dipunserat ing lembar Kamus Mirunggan. 3. Kanthi kelompok saha dipunbimbing guru peserta didik madosi struktur sesorah (LKPD). 4. Kanthi individu peserta didik nyerat teks sesorah pambagyaharja, ananing wosipun sesorah saged kanthi diskusi kelompok. 5. Perwakilan kelompok lajeng presentasi ngandharaken asilipun pirembagan, wondene kelompok sanes atur pamanggih saha panyaruwe.


4 | L K P D S E S O R A H P A M B A G Y A H A R J A AKTIVITAS PEMBELAJARAN 1. Mengorientasi Masalah Materi Faktual Pasarta didik ningali gambar kempalan rapat karang taruna. Salajengipun diskusi bab sesorah ingkang biasa kaandharaken ing karang taruna. https://pleret.id/artikel/2018/5/4/rapat-pengurus-karang-taruna-taruna-bhakti Materi Konseptual Peserta didik sasampunipun ningali gambar kempalan karang taruna, salajengipun peserta didik damel pitakenan supados paham materi sesorah pambagyaharja. Peta Konsep


5 | L K P D S E S O R A H P A M B A G Y A H A R J A Pangretosan sesorah Sesorah miturut Damarjati (2020: 73) inggih punika ngandharaen gagasan utawi pepanggihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapaken dhateng tiyang kathah. Bab-bab igkang saged nuwuhakn sae lan remenipun tiyang ingkang midhangetaken punapa ingkang nembe kaandharaken nalika sesorah kedah kagatosaken kanthi saestu. Sesorah pambagyaharja minangka sesorah ingkang biasanipun dipunandharaken paling ngajeng. Sesorah pambagyaharja menika minangka sesorah ingkang wosipun nyambut para tamu. Ing masarakat asring dipunpanggihaken ing acara pawiwahan temanten. Mulyana (2014: 75) ngandharaken bilih sesorah pambagyaharja ing acara temanten dipunandharaken ngginakaken basa krama kangge ngurmati sedaya para tamu. Basa kaandharaken kanthi formal saha ceremonial. Sesorah pambagyaharja ing acara temanten ngginakaken diksi literer (ragam kalis saha pilihan), basa kaandharaken kanthi swasana suka/bungah. Dados sesorah inggih punika tiyang ingkang ngandharaken materi ing forum kanthi basa ingkang resmi. Sesorah Pambagyaharja inggih menika tiyang ingkang ngandharaken materi ing umum kanthi basa resmi mliginipun ingkang ngaturaken sugeng rawuh. Tuladhanipun Teks Sesorah Assalamualaikaum Wr. Wb. Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula. Ingkang satuhu kinurmatan, Kepala Dinas Pendidikan, Pemuda, dan Olahraga Pemerintah Daerah Daerah Istimewa Yogyakarta, Komite Sekolah, Kepala SMK N 1 Bantul. Bapak/Ibu Guru saha Karyawan, Bapak/Ibu para rawuh ingkang kinabekten, dalasan kanca-kanca ingkang bagya mulya. Saderengipun sumangga kula dherekaken monjukaken puja-puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan saha rahmat, satemah ing wekdal menika kula panjenengan saged pepanggihan ing papan kalenggahan menika saperlu hangrawuhi adicara wisuda purna siswa saha tutup tahun palajaran 2022/2023 kanthi pinayungan bagas waras nir ing rubeda.


6 | L K P D S E S O R A H P A M B A G Y A H A R J A Bapak ibu para rawuh ingkang dahat kinurmatan, Kepareng kula minangkani sesulihipun kanca-kanca kelas Osis SMKN 1 Bantul, badhe ngaturaken tetembungan saking telenging manah. Ingkang sepisan kula badhe ngaturaken sugeng rawuh dhumateng Bapak, Ibu guru saha kanca-kanca, ingkang dherek ngregengaken adicara HUT SMKN1 Bantul menika. Kula ugi ngaturaken panuwun awit panjenengan sedaya sampun nyengkuyung adicara menika dumugi saged kalampahan ing dinten menika. Mugi-mugi awit panyengkuyung panjenengan sedaya awujud, dana, tenaga menapa dene pikiran adicara ing siyang menika saged kalampahan kanthi kalis lir ing sambekala. Angka kalih, kula ugi ngaturaken agunging pangapunten menawi anggen kula sakanca-kanca osis nyamaptakaken papan, sarana saha prasana kirang mranani penggalih panjenengan sedaya. Inggih saestu amargi kiranging seserepan, kaprigelan, kula sakanca-kanca osis, anggenipun nglampahaken adicara menika. Ing wusana, kanthi tulusing manah kula sakanca panitia dedonga awit tambahipun yuswa mugi-mugi SMKN 1 Bantul langkung misuwur saha dados pawiyatan ingkang migunani dhumateng bebrayan ageng ing tlatah Ngayogyakarta. Amin. Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur awit saking kiranging seserepan kula ngengingi basa, sastra saha subasita, kula nyuwun sih samudra pangaksami. Nuwun. Wassalamualaikaum Wr. Wb. Struktur Sesorah A.Pambuka 1. Salam pambuka Atur ingkang sepisanan mianangka salam pambuka, tuladhanipun: • Assalamualaikum wr wb • Nuwun • Om swasti asti • Namo Budaya • Salam Kebajikan


7 | L K P D S E S O R A H P A M B A G Y A H A R J A 2. Atur pambuka Atur pambuka minangka atur kawilujengan dhumateng sedaya para rawuh, tuladhanipun: • Asholatuasalam… lsp (menawi acara keagamaan) • Mugi karaharjan miwah katentreman tansah kajiwa kasarisa dhumateng kula dalah panjenengan sami. 3. Atur Pakurmatan Atur Pakurmatan dipunperang dados 3 perangan. Dipunandharaken saking para rawuh apangkat paling inggil. a. Perangan pangkat paling inggil, "terhormat" ngginakaken titikan tembung inggih menika: • dahat kinurmatan • satuhu kinabekten • sanget pinundhi b. Perangan pangkat ingkang sedengan "hormat" ngginakakn titikan tembung inggih menika: • hurmati • kinurmatan • kinabekten c. Perangan pangkat paling andhap, "berbahagia" • bagya Mulya • minulya • tresnani Tuladha teks atur pakurmatan : • Dhumateng Bapak Mujari, M. Pd. minangka Kepala SMK N 1 Bantul ingkang satuhu kinurmatan, lsp. • Dipunwalik ugi saged, tuladhanipun: ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Mujari, M. Pd. minangka Kepala Sekolah Menengah kejuruan Negeri 1 Bantul. Bapak ibu dalah karyawan ingkang kula hurmati, para siswa SMK N 1 Bantul ingkang minulya. (Cathetan: menawi nyerat "bapak/ibu" langsung nyebut asmanipun, boten pareng dobel tulisan sekolah. • Menawi ing acara desa: “Dhumateng ngarsanipun Camat Bambu Makmur, inggih menika Bapak Syamsudin, S.S ingkang satuhu kinabekten. Dhumateng lurah desa Bangun Makmur inggih menika Bapak Bambang ingkang kinurmatan, saha para lenggah sedaya ingkang bagya mulya. 4.Atur Syukur Atur syukur minangka atur sasampunipun atur pakurmatan. Wonten tetembungan ingkang biasa dipuanangge ing padintenan


8 | L K P D S E S O R A H P A M B A G Y A H A R J A anggenipun ngaturaken atur sokur menika, ananging taksih klentu. Tetembunganipun makaten saha leresipun makaten: • “makempal” dipunleresaken dados “kempal” • “kita” dipungamtos dipunleresaken dados “kula saha panjennegan” • “saengga” dipunleresaken dados “satemah” B. Suraos 1. Pitepangan Teks nepangaken dhiri, minangka sinten kumawantun matur ing forum, tuladhanipun: ▪ Keparengan kula ing mriki ingkang kapatah gati, kangge wakil ingkang kagungan dalem inggih Bapak Harsono kangge matur dhumateng panjenengan sedaya. • Kula Mujilah minangka wakil saking para kadang wredha mudha, keparengan ing mriki badhe ngandharaken bab pentingipun pasedherekan ing karang taruna. 2. Wos Teks minangka wosing pokok sesorah pambagyaharja, tuladhanipun: • Kula aturaken panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh • Kula ngaturaken pangapunten menawi anggenkula nyawisaken sarana menapa dene prasarana ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya. C. Panutup 1. Dudutan Minangka atur pamuji tumrap pangajeng-ajeng acara, tuladhanipun, mugi adicara ing dalu menika saged nuwuhaken manfaaat dhumateng kula dalah panjenengan sami. 2. Atur panutup Atur panutup biasanipun wosipun nyuwun pangapunten saha atur panuwun, tuladhanipun: • Nyuwun pangapunten menawi anggenipun matur kathah klenta klentu • Matur nuwun awit kawigatosanipun 3. Salam Panupup Salam panutup dipunandharaken jumbuh kalian salam pambuka. • Wassalamualaikum wr wb • Nuwun • Om swasti asti


9 | L K P D S E S O R A H P A M B A G Y A H A R J A • Namo Budaya • Salam Kebajikan 2. Mengorganisasi Sasampunipun maos materi ing bahan ajar, peserta didik damel klompok saben klompok 5 siswa lajeng pikantuk informasi kangge madosi struktur sesorah pambagyaharja, pirembagan madosi tetembungan ingkang angel, ndamel cengkorongan, mekaraken cengkorongan dumugi ndamel teks sesorah pambagyaharja. 3. Membimbing Penyelidikan Materi Prosedural Pepanggihan I Tata cara madosi struktur sesorah pambagyaharja: a. Maos teks sesorah pambagyaharja kanthi premati b. Milah milah teks sesorah miturut wosipun. c. Nemtokaken struktur jumbuh kalian wosipun. d. Negesi tetembungan ingkang angel saha madosi tegesipun. Tetembungan menika dipunserat ing lembar Kamus Mirunggan. e. Nyerat cathetan penting saben strukturipun. Kamus Mirunggan Kanthi klompok, kaandharna tetembungan ingkang angel ing salebeting teks sesorah pambagyaharja ing nginggil, salajengipun dipunpadosi tegesipun! Saged madosi tetembungan ing Baoesastra Djawa utawi ing https://www.sastra.org/leksikon Pepanggihan II (PPL) Tata cara nyerat teks sesorah pambagyaharja: a. Nemtokaken tema, papan, sinten ingkang rawuh b. Nyerat cengkorongan miturut struktur sesorah pambagyaharja. c. Mekaraken struktur sesorah dados teks sesorah pambagyaharja 4. Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya Menawi sampun rampung saben klompok presentasi asil garapanipun. Klompok sanes saha guru paring panyaruwe.


10 | L K P D S E S O R A H P A M B A G Y A H A R J A Pepanggihan I : Presentasi Gladhen 1 saha diskusi nemtokaken struktur sesorah pambagyaharja Pepanggihan II: Presentasi Gladhen 4 asil ndamel teks sesorah pambagyaharja. 5. Menganalisis dan Evaluasi Sasampunipun diskusi, asil garapan siswa saged dipunrevisi. Salajengipun peserta didik dipundhawuhi ngempalaken asiling pirembagan ingkang sampun dipungarap wonten LKPD. Guru paring bimbingan dhateng peserta didik kangge damel dudutan saha evaluasi saking sadaya materi ingkang sampun dipunsinau. Salajengipun guru paring soal post test mawi quizizz. REFLEKSI Sasampunipun peserta didik nglampahi pasinaon menika, salejengipun mangsuli pitakenan wonten ing ngandhap menika kangge nyamaptakaken pasinaon benjing: a. Kadospundi pamanggih peserta didik sasampunipun sinau bab sesorah pambagyaharja menika, tambah seserepan menapa kemawon? b. Perangan menapa ingkang dipunremeni peserta didik gayut kaliyan materi sesorah pambagyaharja? c. Piwulang menapa kemawon ingkang saged dipunpendhet saking materi sesorah dipungayutaken kaliyan pagesangan wonten ing jaman sakmenika? UMPAN BALIK Para peserta didik, sinau sesorah pambagyaharja menika sejatosipun gampil, menawi ing padintenan sampun ngecakaken. Ngandharaken sesorah pambagyaharja nalika kanggenan karang taruna menika boten perkawis ingkang angel, malah saged kangge sinau matur ing umum. Supados peserta didik kathah tetembungan basa krama menika kedah asring literasi lajeng madosi teges menapa basa kramanipun wonten ing bausastra. Menawi dereng paham saged nyuwun priksa dhateng guru, sampun ngantos mendel kemawon. Amargi ancasing pasinaon menika sejatosipun kangge paring sangu tumraping para peserta didik ing gesang padintenan.


11 | L K P D S E S O R A H P A M B A G Y A H A R J A KAPUSTAKAN Damarjati, T & Indra, S. 2017. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas X. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta. Mulyana. 2014. Wacana Pidato Dalam Upacara Perkawinan Masyarakat Jawa: Wahana Pembentukan Sikap Mental dan Karakter. Jurnal Pendidikan Karakter, no. 2. doi: 10.21831/jpk.v0i2.2178. https://media.neliti.com/media/publications/120514-ID-wacanapidato-dalam-upacara-perkawinan-m.pdf dipununduh Jemuah, 2 Juni 2023, pukul 15.16. Nurhidayah, E. A. (2013). Peningkatan Keterampilan Berbicara Pambagyaharja Menggunakan Metode Pembelajaran Pemodelan pada Siswa Kelas Xi Sekretaris 2 Di SMKN 1 Kebumen Tahun Ajaran 2012/2013.-Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, 2(2). http://ejournal.umpwr.ac.id/index.php/aditya/article/view/420 dipunundhuh, Kemis, 6 Juli 2023, pukul 10.22 WIB. Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters. Suwarna, P. 1998. Gita Wicara Jawi Pranatacara saha Pamedharsabda. Kanisius: Yogyakarta. Link: • https://www.youtube.com/watch?v=7bb5knakiQ4&t=6s Struktur Sesorah Pambagyaharja • Video youtube bab Materi Sesorah kelas X https://www.youtube.com/watch?v=vUBJV9kNqCM • Bausastra Online www.sastra.org/leksikon • Video youtube minangka mesia soal pengayaan https://www.youtube.com/watch?v=sUl2hJYBo9w


Click to View FlipBook Version