The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Yulita Ekawinajeng yulitaekawinajeng.2022, 2023-09-05 00:16:08

Unggah Ungguh Basa Jawa

Unggah Ungguh Basa Jawa

Keywords: Unggah Ungguh

B a h a n A J a r U n g g a h - U n g g u h 1 | 9


B a h a n A J a r U n g g a h - U n g g u h 2 | 9 BAHAN AJAR Identitas Capaian Pembelajaran Peserta didik mampu mendeskripsikan, menggunakan, dan menyajikan unggah-ungguh basa dan sesorah sesuai kaidah kebahasaan untuk menyampaikan informasi secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan. Tujuan Pembelajaran Memalui pendekatan scientific, model pembelajaran Problem Based Learning dengan metode diskusi dan presentasi, peserta didik dapat: 10.9.1 Menganalisis ragam basa ngoko dan krama dengan benar (C4) 10.9.2 Membuat teks pacelathon secara kelompok dengan benar (C6) Dimensi Pengetahuan 1. Faktual : Contoh video unggah-ungguh bahasa Jawa yang ada di masyarakat. 2. Konseptual : Materi unggah-ungguh bahasa Jawa. 3. Prosedural : Cara membuat percakapan menggunakan unggahungguh bahasa Jawa. 4. Metakognitif : Membuat percakapan menggunakan unggahungguh bahasa Jawa. Nama Guru : Yulita Ekawinajeng Sekolah : SMK N 1 Bantul Tahun disusun : 2023/2024 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Fase : X/E Semester 1 Jumlah Jam : 2 X 45 menit Materi pokok : Unggah-Ungguh Bahasa Jawa Elemen : Menulis


B a h a n A J a r U n g g a h - U n g g u h 3 | 9 LAMPAHIPUN PASINAON Tahap 1. Orientasi Peserta Didik Materi Faktual Peserta didik nyatitekaken video pasinaon unggah-ungguh ingkang dipunandharaken dening guru. Link video: https://drive.google.com/u/0/uc?id=1K8yoqA3_uSE6AIStfzYavzEheC5_uee&export=download • Menapa tema dialog unggah-ungguh ing video? • Sinten mawon paraganipun ? • Kados pundi basa ingkang dipunangge ? Tahap 1. Orientasi Peserta Didik Terhadap Masalah Materi Konseptual Para siswa sumangga satitekna peta konsep ragam basa menika! Unggah-Ungguh Bahasa Jawa Basa Ngoko Ngoko lugu Ngoko ALus Basa Krama Krama lugu Krama Alus


B a h a n A J a r U n g g a h - U n g g u h 4 | 9 Adhedhasar undha usuking panganggenipun, ingkang baku basa Jawi dipunpilah dados kalih tatara, inggih menika basa krama saha basa ngoko. Basa ngoso sah krama dipunpilah maih dados ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, saha krama alus. Unggah-Ungguh Pangertosan Unggah-Ungguh Unggah-ungguh inggih menika tata pranataning basa miturut lenggahing tata krama (Damarjati, 2017: 17). Unggah-ungguh ugi saged dipunwastani undha-usuking basa miturut tingkataning basa adhedhasar panganggenipun. Miturut Rahmawati (2023: 24) bilih ajining dhiri dumunung ing lathi nanjihaken bilih ajining manungsa saged katitik saking cara anggenipun matur. Tiyang sanes saged ngraos sakit, seneng, sedhih saking tuturan. Pramila sasaged-sagedipun menawi badhe matur kedah dipungatosaken. Ragam Basa 1. Ngoko Lugu • Sipatipun akrab • Kangge wicantenan kalian sesami, tiyang ingkang langkung enem. • Basanipun sedaya ngoko • Tuladhanipun: “Aku ijih ngelih, ayo jajan!” “Kowe wis mara mbrana pa? aku kok ra dijak?” 2. Ngoko Alus • Sipatipun akrab nanging taksih urmat • Kangge wicantenan kaliyan tiyang ingkang dipunurmati • Basanipun campuran antawisipun krama saha ngoko • Ingkang dipun kramakaken inggih menika (subjek saha predikat kangge tiyang sanes) • Tuladhanipun: “Panjenengan ki kok malah dhahar pedhes ta!” “Wis siram durung Pak, gelak wengi gek siram kana!” ibu. 3. Krama Lugu • Kangge ngandharaken awakipun piyambak saya ingkang langkung enem (kula, siti, sari, andi, adhik) • Basanipun sedaya krama • Tuladhanipun:


B a h a n A J a r U n g g a h - U n g g u h 5 | 9 “Kula dereng nedha” “Siti dereng sowan Pak Kepala” 4. Krama Alus • Kangge ngandharaken tiyang sanes ingkang dipunurmati (bapak, simbah, pakdhe, Pak Guru, Pak Kepala, lsp) • Basanipun sedaya krama. • Tuladhanipun: “Simbah dereng siram” “Bapak sampun dhahar” Tahap 2. Mengorganisasi Peserta Didik Sasampunipun maos materi bab unggah-ungguh basa Jawi, para siswa dipundhawuhi damel klompok, saben klompok dumunung saking 4 peserta didik. Ing perangan menika peserta didik badhe pikantuk Gladhen 1 saha Gladhen 2. Gladhen 1 inggih menika nganalisis teks pacelathon unggah-ungguh basa Jawi. Gladhen 2 inggih menika damel teks pacelathon. Tahap 3. Membimbing Peserta Didik Secara Kelompok Gladhen 1. Nganalisis ragam basa Mertamu No. Paraga Adegan 1. Arya (suara sero lan dhodhog-dhodhog) Kula nuwun…3x! Ta…Sita! Ta! Sita! Kula nuwun! Wah suwung pa ya? Peserta didik kanthi kelompok nyatitekaken teks pacelathin asil transliterasi video unggah-ungguh mertamu. Salajengipun kanthi dipunbimbing guru, para siswa nganalisis jenis ragam basa ingkang dumunung ing teks kasebut.


B a h a n A J a r U n g g a h - U n g g u h 6 | 9 Woh cendhelane menga, tak inguke! Kula Nuwun! 2. Bu Lita E, ana tamu ta? Arya, ta! 3. Arya Eh, Bu Lita, inggih Bu. Nika madosi Sita. 4. Bu Lita Oh, Sita lagi metu sedhela, kene lungguh kene! 5. Arya Matur nuwu, Bu! 6. Bu Lita Padha slamet ta, Ar? 7. Arya Hmm, nggih Bu, ning beda kelas. Kula DKV1, Slamet DKV 2 8. Bu Lita Loh, piye ta. Kok beda kelas? 9. Arya Ibu wau ngendika sami Slamet. La nggih kula lih sita sami kalih slamet jurusanipun, kls sedasa, ning beda kelas.. 10. Bu Lita Hehehe, Jian ya, Arya. Ibu ora nakokke slamet kancamu. Iki mau jenenge mbagekake, takon keslametanmu. 11. Arya Woalaah, hehehe nyuwun pangapunten, Bu. Nggih slamet Bu, cetha pundugi ngriki kok. 12. Bu Lita Kowe kuwi, lucu ta Ar Wis, karo nunggu Sita, kene sinau unggahungguh mertamu karo Ibu. Gelem ora? 13. Arya Wah purun sanget, Bu. Kados pundi tata krami lan unggah-ungguhipun, Bu? 14. Bu Lita Ya,dirungokake ya. Saka tata kramane, yen mertamu wis bener Arya mau,kula nuwun utawa uluk salam. Apike yen mertamu uluk salam lan dhodhog- dhodhoge ora sah serosero,samadya wae. Yen kaping telu ora ana jawaban ya wis, mulih wae, liya wektu bali meneh. Utawa yen penting tenan isa dibaleni kaping telu maneh. 15. Arya O ngaten, Bu. 16. Bu Lita Sing wigati meneh, Le. Ora pareng yen mertamu kok ungak-ungak jero omah liwat candhela. Iku ora prayoga. 17. Arya Hehehe, inggih,Bu. La penasaran wau, Bu. Kok boten wonten ingkang semaur. 18. Bu Lita Tetep ora pareng,ning rapapa karang durung sinau. 19. Arya Inggih, Bu nyuwun pangapunten. Lajeng menawi sampun dipunsemauri saking nglebet kados pundi, Bu? 20. Bu Lita Nah, yen wis disemauri, tata kramane, sing mertamu kudu ndang mapakake awak, nyingkur lawang. Aja nang ngarep lawang. 21. Arya Le,kenging menapa, Bu? 22. Bu Lita Sepisan, yen lawange menga menjaba ben ora kesampluk.


B a h a n A J a r U n g g a h - U n g g u h 7 | 9 Keloro, menehi wektu kang kagungan dalem nyingkirke barang sing kurang prayoga tanpa diweruhi tamune. 23. Arya O, sae sanget nggih, Bu. 24. Bu Lita Iya. Mengko yen wis dimanggakakee, lagi mlebu lan lungguh, milih kursi kang paling cerak, aja lungguh ing papane lungguh kang kanggo siing kagungan dalem. 25. Arya O, ngaten. Lajeng menawi sampun lingguh, dipunbagekaken kados ibu wau nggih, Bu. 26. Bu Lita Iya, sing kagungan dalem ngendika, “Ngaturi sugeng rawuhipun,Mas? Utawa “Padha slamet ta, Le?” iku jenenge mbagekake. 27. Arya Dipunwangsuli kadospundi, Bu? 28. Bu Lita “Pangestunipun wilujeng,Pak/Bu, sakonduripun Bapak/Ibu inggih sami sugeng?” 29. Arya O, inggih, Bu 30. Bu Lita Sawise bage-binage lagi matur apa perlune. Biasane diwiwiti ukara mangkene, “Kepareng matur bapak, sowan kula ingkang sepisan silaturohmi tuwi kasungengan bapak/ibu sakulawarga, kaping kalih….” Apa kaperluane diturake. Banjur ditutup tembung,”Mekaten atur kula bapak/Ibu, wonten lepating atur nyuwun pangapunten.” 31. Arya Menawi namung badhe madosi Sita,napa nggih kedah ngaten, Bu? 32. Bu Lita Ya,kabeh mau dijumbuhke kabutuhan, ora kudu jangkep saben mertamu. 33. Arya O nggih, Bu. 34. Bu Lita E, kok suwi Sita. Ayo lenggah jero kana,takgaweke unjukan. 35. Arya Wah boten sah repot-repot, Bu kula lenggah ngriki mawon. Kula pun bar ngunjuk es teh, wau mampir warung ler mriku. 36. Bu Lita O, ya wis. Iki nuwun sewu sisan tak benerke. Yen basa, tembung krama inggil iku ora oleh kanggo mbasakake awake dhewe.contone, lenggah, ngunjuk, dhahar kondur, iku krama inggil. 37. Arya Hehehe klentu malih, Bu? 38. Bu Lita Ora papa, kanggo sinau. Ning, ora kena mutung yen dibenerake, supaya pinter. 39. Inggih Bu, kula malah remen. Kula dados ngertos basa ingkang leres. 40. Arya Nyuwun pangapunten, Bu, menika Sita kula WA sampun mbalesi. Sanjangipun malah sampun wonten griyanipun Santi. 41. Bu Lita Wo, la terus piye? 42. Arya Kula nusul mrika mawon. Malah lajengan nyuwun pamit, Bu. Matur nuwun sanget seserapanipun. 43. Bu Lita O ya, tenan ya. Ibu ya njaluk ngapura. Aja kapok dolan mrene!


B a h a n A J a r U n g g a h - U n g g u h 8 | 9 44. Arya Boten Bu, saestu kula remen lan nyuwun pangapunten kirang sopan anggen kula sowan.. 45. Bu Lita Ora papa,Le. Tiba padha-padha. 46. Arya Pareng nggih, Bu. Assalamualaikum 47. Bu Lita Mangga,mangga, waalaikumsalam Gladhen 2. Ndamel teks pacelathon Materi Prosedural Caranipun damel teks pacelathon unggah-ungguh 1. Nemtokaken tema, topik, saha irah-irahan. 2. Nemtokaken paraga, sinten mawon ingkang wicantenan 3. Nemtokaken babak (sindhetan) wonen pinten, lan papanipun ing pundi mawon. 4. Nyerat miturut unggah-ungguhing basa miturut paraganipun Tahap 4. Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya Materi Metakognitif Para peserta didik kanthi klompok ngandharaken menapa ingkang sampun dipundamel. Salajengipun presentasi klompok. Klompok sanesipun nanggapi garapanipun klompok ingkang majeng. Lembar Kritik saha Panyaruwe No. Nama peserta didik/ klompok Panyaruwe Solusi 1. 2. 3. 4. Pandom: Para siswa dipundhawuhi damel teks pacelathon ngginakaken unggahungguh basa Jawi. Supados saged nuwuhaken maneka warni ragam basa, paraga dipunandamel langkung saking 3 paraga. Menawi sampun salajengipun dipunanalisis ragam basanipun.


B a h a n A J a r U n g g a h - U n g g u h 9 | 9 5. Tahap 5. Menganalisis dan mengevaluasi proses pemecahan masalah Peserta didik saged ngrevisi garapan ingkang taksih prelu dipunrevisi. Sasampunipun ngrevisi, peserta didik ngempalaken asil garapan klompok dhateng guru. Guru saha peserta didik nyimpulaken asil pirembagan pepanggihan kasebut. Salajengipun peserta didik nggarap soal postest ing quizizz. REFLEKSI Sasampunipun peserta didik nglampahi pasinaon menika, salejengipun mangsuli pitakenan wonten ing ngandhap menika kangge nyamaptakaken pasinaon benjing: a. Kadospundi pamanggih peserta didik sasampunipun sinau bab undha usuk basa Jawi menika, tambah seserepan menapa kemawon? b. Perangan menapa ingkang dipunremeni peserta didik gayut kaliyan materi undha usuk basa Jawi? c. Piwulang menapa kemawon ingkang saged dipunpendhet saking materi undha usuk basa Jawi kaliyan pagesangan wonten ing jaman sakmenika?


Click to View FlipBook Version