The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by hadilukmanul.2022, 2022-11-13 21:06:20

Bahan Ajar Busana Adat Jawa Hadi

Bahan Ajar Busana Adat Jawa Hadi

Bahan Ajar
Busana Adat Jawa
Kangge Kelas XII Semester Genap

Kaimpun Dening
Hadi Lukmanul Khakim, S. Pd.

PPG DALJAB UNY 2022

KOMPETENSI INTI

KI 3 : Memahami, menerapkan, menganalisis, dan mengevaluasi
pengetahuan faktual, konseptual, prosedural dan metakognitif
berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu pengetahuan,
teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait
penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan
pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai
dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah

KI 4 : Mengolah, menalar, menyaji, dan mencipta dalam ranah konkret
dan ranah abstrak terkait dengan pengembangan dari yang
dipelajarinya di sekolah secara mandiri, serta bertindak secara
efektif dan kreatif, dan mampu menggunakan metoda sesuai
kaidah keilmuan.

KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR

Kompetensi Dasar 3.3.1 Indikator Pecapaian Kompetensi
3.3 Memahami isi teks deskriptif Menelaah struktur teks deskripsi busana adat
Jawa(c4, critical thinking)
tentangpakaian adat Jawa.

3.3.2 Menguraikan bagian-bagian busana adat jawa
gagrag surakarta (c4, critical thinking)

3.3.3 Membandingkan penggunaan bagian-bagian
busana adat jawa gagrag surakarta dan yogyakarta
4.3 Menanggapi isi dan menceritakan 4.3.1 (c4, critical thinking & communication)
kembali teks deskriptif tentang Membuat Teks Makna Filosofis Busana Adat
pakaian adat Jawa. Jawa Gagrag Surakarta (P3)
4.3.2
Menyajikannya Teks Makna Filosofis Busana
Adat Jawa Gagrag Surakarta (P5)

Fase I : Identifikasi Masalah

MATERI FAKTUAL
Para siswa, mangga dipuntingali gambar ing ngandhap menika, kangge damel pitakenan bab mahami busana adat
Jawa gagrak Surakarta. Para siswa ugi saged ningali video saking link ingkang dipunsamektakaken!

HTTPS://KISAHBANGSA.WORDPRESS.COM/2010/07/06/CATATAN-TENTANG-BUSANA-ADAT- JAWA/
TULADHA GINAKAKEN BUSANA ADAT JAWA GAGRAK SURAKARTA
HTTPS://WWW.YOUTUBE.COM/WATCH?V=MTMSZ2CRGRA

TULADHA TEKS DESKIPTIF

Rasukan adat Jawa utawa busana adat Jawa umum dipunwastani rasukan kejawen ingkagn sampunwonten
wiwin jaman rumiyen saha wiwit kebentuk jangkep ing jaman karajan Demak. Sanesipun rasukan
kejawen ugi wonten rasukan surjan, rasukan mesiran, rasukan basahan saha rasukan gedhog. Saben-Saben
Jinis Rasukan Jawa menika kagungan Makna filosofis utawi pralambang jumbuh kaliyan nilai-nilai luhur
filosofi ingJawi.
Umumipun rasukan Jawi kaperang dados 4 perangan inggih menika:
Perangan Inggil
• Iket utawi blangkon
• Udheng

Perangan Tengah
• Rasukan utawi kelambi uga benik
• Jarik
• Sabuk
• Epek
• Timang

Perangan Wingking
• Dhuwung utawa keris saha rangka

Perangan Ngandhap
• Canela

Peranganipun busana Jawi ingkang dipunagem ing Karaton Surakarta ing wekdal samenika, saking nginggil
dumugi ngandhap kanthi urut kados ing ngandhap punika:
1. Udheng
2. rasukan
3. Sinjang /Dodot
4. Setagen
5. Sabuk
6. Epek Timang saha Lerep
7. Samir
8. Dhuwung
9. Cenela utawi selop
Ing salajengipun saben panganggen badhe ka-urutaken andharanipun, wiwit saking pangertosan, warni-
warninipun, saha paugeran panganggenipun.

HTTPS://JAVAOMBUS.WORDPRESS.COM/TAG/BESKAP/

Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik

MATERI KONSEPTUAL
PARA SISWA SUMANGGA DIPUNSINAU SESARENGAN KANTHI KELOMPOK MATERI INGNGANDHAP
MENIKA!

PETA KONSEP

BUSANA ADAT JAWA

GAGRAG SURAKARTA GAGRAG YOGYAKARTA

KAKUNG ESTRI

PANGERTOSAN MAKNA WANDANIPUN
FILOSOFIS

Wonten ing pepanggihan menika ingkang badhe dipunsinau namung ingkang werni biru kemawon. Ingkang badhe
dipunsinau inggih menika pangertosan busana adat jawi gagrak surakarta, saha wandanipun busana adat jawa gagrak
surakarta. Sumangga dipunwaos kanthi tliti andharaning materi ing ngandhap menika!

Pangertosan Busana Adat Jawa

Rasukan adat Jawa utawa busana adat Jawa umum diarani rasukan kejawen sing wis anakawit jaman mbiyen lan
wiwit kebentuk lengkap neng jaman karajan Demak. Seliyane rasukan kejawen uga ana rasukan surjan, rasukan
mesiran, rasukan basahan lan rasukangedhog.
Masing-masing jinis rasukan Jawa iki nduwe makna parumpamaan utawa pralambangsesuai nilai-nilai luhur
filosofi Jawa.
Umume rasukan Jawa dibagi dadi 4 bagian yaiku:Bagian ndhuwur
• Iket utawa blangkon
• Udheng Bagian
tengah
• Rasukan utawa kelambi uga benik
• Jarik lan wiron utawa wiru
• Sabuk
• Epek
• Timang
Bagian mburi
• Curiga utawa keris lan rangkaBagian
ngisor
• Canela yaiku: cripu, selop utawa sandal
• Bebed

Wandaning Busana Adat Jawa

Peranganipun busana Jawi ingkang dipunangge ing Karaton Surakarta ing wekdal sakpunika,saking nginggil dumugi
ngandhap kanthi urut kados ing ngandhap punika:
1. Udheng
2. Kulambi
3. Sinjang /Dodot
4. Setagen
5. Sabuk
6. Epek Timang lan Lerep
7. Samir
8. Dhuwung
9. Cenela utawi selop
Ing salajengipun saben panganggen badhe ka-urutaken andharanipun, wiwit saking
pangertosan, warni-warninipun, saha paugeran panganggenipun.

Fase 3 : Membimbing Penyelidikan

Materi Prosedural
Para siswa, sasampunipun mahami materi bab wandanipun busana adat jawa gagrak
surakarta, sumangga dipunsinau sesarengan kanthi kelompok materi ing ngandhap menika
ingkang badhe ngandharaken makna filosofis busana adat jawa gagrak surakarta!

Mangertosi makna filosofis busana adat Jawi salebetipun teks busana adat Jawi utawi wosing pirembagan
ingkang dipunandharaken dening panganggitipun. Anggenipun mangertosi wosing/ isi filosofis busana adat Jawi
kadhang kala boten saged dipunlampahikanthi langsung (ateges sasampunipun mirengaken maos teks ipun lajeng
mangertos isinipun) ananging kedah mawi langkah-langkah tartamtu.
Dene langkah-langkahipun mangertosi makna filosofis busana adat jawi kados ing ngandhap menika:

Negesi tetembungan angel → tetembungan ingkang angel ing salebetipun teks deskriptif busana adat Jawi
dipunpadosi rumiyin tegesipun, supados gampil anggenipun mangertosi gegambaran busana adat Jawi
gagrag Surakarta;
Manggihaken isi/ wosing makna filosofis busana adat Jawi gagrag Surakarta → sasampunipun madosi
tembung ingkang angel salabeting teks deskripsi busana adat Jawi gagrag Surakarta supados gampil anggenipun
manggihaken isinipun;
Manggihaken nilai filosofis → sasampunipun mangertosi isinipun bab menapa tamtu gampil anggenipun
manggihaken nilai filosofis salebeting teks deskriptif busana adat Jawi.

Fase 4 : Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

MATERI METAKOGNITIF
Para siswa sasampunipun maos lan mengertosi isi/ wosing filosofi busana adat jawi gagrag
surakarta, sumangga dipuncakaken langkah-langkahipun kangge madosi isi/ wosing makna
filosofis busana adat jawi gagrak surakarta menika!
NEGESI TETEMBUNGAN ANGEL
Anggenipun negesi tetembungan ingkang angel menika kanthi adhedhasar Bausastra Jawa ingkang awujud cithak
utawi online. Bausastra cithak ingkang asring dipunginakaken angggitanipun Powrwadarminta, dene ingkang
online saged mawi alamat https://www.sastra.org/leksikon

TULADHA MADOSI TEMBUNG ING WEB HTTPS://WWW.SASTRA.ORG/LEKSIKON

MAKNA FILOSOFIS BUSANA ADAT JAWA

1. UDHENG
Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun hangagem. Dene basa
kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang dipunagemkangge nutupi sirah. Udheng makaten limrahipun
kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados
rerengganipun kiwa tengen sami., lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. Wekdal
sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun milih ukuran sarta cakrik
sekaranipun. Filosofinipun supaya menungsa iku sayogyane nduweni pikiran kang kenceng, ora gampang goyah,
mung amarga situasi utawa kahanan kang ora ndukung.

2. KULAMBI UTAWI RASUKAN
Kados sampun ka-aturaken ing ngajeng, nilih busana Jawi ing Karaton Surakarta Hadiningrat punika Iyasanipun
ISKS Paku Buwana III, hawit saking kedadosan wontenipun perjanjen Giyanti Ing warsa 1755 Masehi. Ingkang
salajengipun Iyasan punika ngalami ewah-ewahan sarta monceripun ewah-ewahan rikala Jumeneng dalem ISKS
Paku Buwana IX saha ISKS Paku Buwana X. gandheng punika namung winates bab rasukan/ageman adat Jawi
ingkanglimrah dipunagem priyantun kakung ing Surakarta wekdal sakpunika, inggih wiwit jumeneng- dalem Sawargi
SISKS Paku Buwana XII, ingkang kaaturaken kados ing ngandhap punika.

3. SETAGEN

Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados
sampun ngantos mlorod temahan udhar. Setagen bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun
tenun agal, mila radi kaken. Wiyaripun setagen watawis 2 – 4 M. ulesipun warni-warni, wonten ingkang cemeng,
ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan
sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal saking njawi. Filosofi setagen inggihpunika Nata awak supaya tegap
lan santun anggone unggah-ungguh. Supaya dadi wong iku kudu tegap lan santun unggah-ungguhe.

4. Sabuk
Sabuk punika ageman ingkang dipun angge nutupi setagen. Dados manawi sinjang sampun dipun singseti, lajeng
dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten ketingal. Dados kadosdene pasren. Kajawi punika
sabuk mangkenipun ugi badhe dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking. Dados rehdene ageman
rasukan ing wingkingkrowok, pramila ingkang ketingal sanes sinjang utawi setagenipun, ingkang ugi minongka
kangge nyengkelitipun dhuwung. Filosofinipun inggih menika kudu bisa tekun makarya supaya bisa menuhi
kabutuhan uripe. Mula manungsa kudu ubed supaya ora kerja tanpa asil.

5. Epek lan Timang
ingkang dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain bludru, wiyaripun
watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 – 150 CM. kajawi saking bludru epek ugi wonten ingkang
kadamel saking bubatipun kapal (rambut jaran), rambut punapa dene surinipun. Bongkotipun epek dipun pasangi
“Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang kangge nlesepaken
tirahaningepek supados mboten kumlewer. Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking“kuningan”
kanthi rinengga ukiran. Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene
selamaya. Filosofi epek inggih menika supaya biso kerja kanthi sae kudu Epek (apek, golek, mencari) ilmu kang
nduweni manfaat. Yen luru ilmu kudu taberi, titis, saengga bisa mahami kanthi jelas. Bilih filosofi timang yaiku Ilmu
kang dientukake kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa samang.

6. Sinjang
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih
punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene
watesipun suku ing nginggil polok.
Kain bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing pangolah budi para
leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina makina. Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan nengsemaken
ugi caanipun ndamel igu rungsit kagarap kanthinjlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi pinten-pinten tataran. Filosofi
sinjang yaiku supaya manungsa ora gampang serik marang wong liya. Yen ana perkara dirampungke kanthi cara
apik lan ora grusa-grusu.

7. Dhuwung
Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap tiyang Jawi ingkang
sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak donya mboten wonten tandhingipun. Wiwit saking
padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi telaten, sabar sarta eneping manah. Filosofi dhuwung yaiku anggone
nyembah Tuhan, manungsa kudu bisa ngungkurake godhaning setan kang ngganggu manungsa nalika arep
nindakakekabecikan.

8. Canela
Canela yaiku selop utawa sandal kang nduweni arti canthelna jroning nala. Filosofi canela yaiku yen nyembah
gusti Allah kudu saka lair nganthi bathin, pasrah ing njero ati marang kuasaning Gusti Allah.

HTTPS://JAVAOMBUS.WORDPRESS.COM/TAG/BESKAP/

Fase 5 : Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah

Para siswa sasampunipun manggihaken tetembungan ingkang angel, saha manggihakenmakna filosofis saking
busana adat jawi gagrak surakarta, pramila mangga sami dipunanalisis & dipunevalusi proses anggenipun
manggihaken sedaya unsur kalawau!

Bab angel menapa saking proses negesi tetembungan dumugi manggihaken Maknafilosofis busana adat
jawi gagrak surakarta menika?
1. Anggenipun madosi tembung kedah tliti;
2. Anggenipun madosi tembung kedah milih teges ingkang jumbuh kaliyan konteksipun;
3. Anggenipun manggihaken nilai moral kedah dipunjuumbuhaken kaliyan ing kasunyatangesang ing zaman
samenika.

Dudutan saha Relevansi

Dudutan

Dudutan saking Busana adat jawi gagrak surakarta inggih menika salah satunggaling warisan budaya
ingkang kedah dipun uri-uri saha urip-urip. saben perangan busanaadat punika kagungan makna filosofis
ingkang sae sanget amargi ngemot nilai-nilailuhur budaya jawi. Sanajan nalika ngagem busana adat Jawi
menika radi awrat ananging kedah dipunsinau supados boten ical katerak ing jaman. Bilih wiwit alit
sampun dipungladhi ngagem busana adat Jawi menika dadosaken generasi muda bakal emut salah
satunggalipun warisan budaya ingkang tamtunipun kathah mupangatipun.

Relevansi

Nilai Filosofis ingkang taksih relevan saking busana adat jawi gagrak surakartakangge ing jamaan
samenika antawisipun:

Tiyang jawi kedah saged nata ati saha pikiran anggenipun nglampahin
pagesangan
Tiyang jawi kedah jagi tata krama tumraping tiyang sanes mliginipun ing unggahungguh basa saha
patrap
Tiyang Jawi kedah ubed menawi gadhah gegayuhan
Tiyang Jawi kedah sumarah mawi pasrah mring Gusti ingkang maha kawekas Busana adat Jawi
menika salah satunggaling warisan budaya ingkang kedahdipunjagi, diuri-uri, saha diurup-urup

Kapustakan

 Kurwidaria Favorita.2019.Modul 5 Wirausaha Budaya Jawa 2019. Kementrian Pendidikan dan
Kebudayaan

 Setya Amrih Prasaja & Umi Kuntari.2019. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas XI. Surakarta: Dinas
Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Surakarta

 Suwarna Pringgawidagda. Acara Penganten Berbagai Gaya. 2003. Surakarta : Adicita Karya Nusa
 Bahan ajar busana Jawa flipbook link: https://anyflip.com/rrwfi/vvyb/
 Kamus Bausastra Jawa online link: https://www.sastra.org/leksikon
 Jurnal https://www.academia.edu/37790881/Busana_Jawa_dan_Perlambangnya

Purnasari, A. R. PERSESPSI SISWÅ TERHADAP BUSANA ADAT GAGRAK NGAYOGYAKARTA DI
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN MA’ARIF 2 SLEMAN YOGYAKARTA. Saking :

http://download.garuda.kemdikbud.go.id/article.php?article=1618257&val=10635&title= PERSEPSI%2
0SISWÅ%20TERHADAP%20BUSANA%20ADAT%20GAGRAK%20NGAYOGYAKARTA%20DI
%20SEKOLAH%20MENENGAH%20KEJURUAN%20MAARIF%202%20SLEMAN%20YOGYAK
ARTA%20TAHUN%20PELAJARAN%2020182019

Sofiyatun, A. D. (2020). ANALISIS SEMIOTIKA BUSANA ADAT KABUPATEN KEBUMEN
SERTA RELEVANSINYA TERHADAP MATERI PEMBELAJARAN BAHASA INDONESIA
SISWÅ SMP. JURNAL PESONA, 6(1), 35-43. Saking :

https://doi.org/10.52657/jp.v6i1.1355
 Artikel online link:

https://jbbudaya.jogjabelajar.org/artikel/busana-jawa-pria- surakarta

https://kisahbangsa.wordpress.com/2010/07/06/catatan-tentang-busanaadat-jawa/

https://javaombus.wordpress.com/TAG/BESKAP/

https://www.youtube.com/WATCH?V=MTMSZ2CRGRA


Click to View FlipBook Version