The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by hadilukmanul.2022, 2022-10-30 21:56:56

B A GEGURITAN HADI

B A GEGURITAN HADI

BAHAN AJAR
GEGURITAN

HADI LUKMANUL KHAKIM, S. PD
PPG DALJAB UNY 2022

A. Identitas : SMK Negeri 2 DEMAK
Satuan Pendidikan : XII/1
Kelas/Semester : Bahasa Jawa
Mata Pelajaran : Geguritan
Topik : 2 x 45 Menit
Jumlah Pertemuan

B. Kompetensi Inti
a. Memahami, menerapkan, menganalisis dan mengevaluasi pengetahuan faktual,
koseptual, prosedural, dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena
dan kejadian, serta menerakan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang
spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah
b. Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, bertindak
secara efektif dan kreatif, serta mampu menggunakan metode sesuai kaidah
keilmuan

C. Kompetensi Dasar dan Indikator No Indikator
No Kompetensi Dasar 3.2.1
3.2 Menelaah teks geguritan. Menguraikan struktur
3.2.2
geguritan (C4)
dan 4.2.1
4.2.2 Menelaah jenis-jenis

geguritan(C4)

4.2 Menulis geguritan Membuat teks geguritan (P5)
Menyajikan teks geguritan
membacanya secara lisan (P3)

FASE 1 : IDENTIFIKASI MASALAH

MATERI FAKTUAL
Para siswa, mangga dipuntingali gambar ing ngandhap menika, kangge damel pitakenan
bab mahami busana adat Jawa gagrak Surakarta. Para siswa ugi saged ningali video saking
link ingkang dipunsamektakaken!

Sejatining Warangka
Dening Sriyana

Kapan maneh swara podhang iku andum ocehing kapang
Temah kasulistyanmu kang pidha madu anuruh cangkir
Emas, dadi mutiara marang gegemaning kalbuku
Yen cakrawala wis pepak pepacakan candhi ayu, wadhahana
Paran prasetyaku tumetes ing jagad sucimu
Nimas, yaiku tumataning ciruga amanjing warangka
Karangdowo, Klaten 1980

Tuladha maos geguritan

(https://www.youtube.com/watch?v=87dhwn482xY)
A. Geguritan

Basa Jawa iku sugih kasusastraan, salah sijine yakuwi geguritan. Miturut
kamus, geguritan iku tembang uran-uran utawa karangan kang pinatho. k kaya
tembang, nanging guru gatra, guru wulangan, lan guru lagune ora ajeg. Dene miturut
Subalidinata (1994: 45), geguritan iku yakuwi iketaning basa kang memper syair. Mula
ana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung
gurita, tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggane
gita, tegese tembang utawi syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu
dolanan, saiki mujudake wohing kasustran puisi kang werna-werna wujuding
dhapukane.

Fase 2 : Mengorganisasikan Peserta Didik

MATERI KONSEPTUAL PARA SISWA SUMANGGA DIPUNSINAU SESARENGAN
KANTHI KELOMPOK MATERI ING NGANDHAP MENIKA!

Geguritan Pangertosan

Jinising
Geguritan

Struktur
Geguritan

Wonten ing pepanggihan menika ingkang badhe dipunsinau namung ingkang werni
biru kemawon. Ingkang badhe dipunsinau inggih menika pangertosan busana adat

jawi gagrak surakarta, saha wandanipun busana adat jawa gagrak surakarta.
Sumangga dipunwaos kanthi tliti andharaning materi ing ngandhap menika!

A. Geguritan
Basa Jawa iku sugih kasusastraan, salah sijine yakuwi geguritan. Miturut

kamus, geguritan iku tembang uran-uran utawa karangan kang pinatho. k kaya
tembang, nanging guru gatra, guru wulangan, lan guru lagune ora ajeg. Dene miturut
Subalidinata (1994: 45), geguritan iku yakuwi iketaning basa kang memper syair. Mula
ana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung
gurita, tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggane
gita, tegese tembang utawi syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu
dolanan, saiki mujudake wohing kasustran puisi kang werna-werna wujuding
dhapukane.

B. Jinis-jinise geguritan
Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung, werna-werna araning

geguritan, kaya ing ngisor iki.
1. Syair rong gatra sapada = gita dwigatra

2. Syair telung gatra sapada = gita trigatra
3. Syair patang gatra sapada = gita catur gatra

4. Syair limang gatra sapadha = gita panca gatra
5. Syair nem gatra sapada = gita sadgatra

6. Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra
7. Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra

8. Syair sangang gatra sapada = gita nawa gatra
9. Syair-syair dhapur soneta

10. Syair bebas

C. Struktur Geguritan
Babagan kang awrat saka geguritan, yakuwi: tema, pamilihane tembung utawa

diksi, sarana retorika, lan amanat utawa pesen kanggo pepeling marang wong kang
maca. Tema yaiku idhe baku utawa pikiran baku kang dadi dasare geguritan iki. Diksi

iku dudu mung pamilihane tembung-tembung kang dianggo ing geguritan iku, nanging
uga perkara tembung-tembung ana ing tatanane. Dene gaya bahasa iku bageane saka
diksi kang duwe nilai artstik. Gaya bahasa iku perkara kepriye nulis lan nggunakake
tembung-tembung kanthi endah lan merkarakake cocok orane tembung, frasa, lan
klausa kanggo nggambarake kaanan tartamtu. Dene sarana retorika yaiku alat kanggo
ngungkapake apa kang arep diandharake ana ing geguritan iku.

Fase 3 : Membimbing Penyelidikan

MATERI PROSEDURAL

Para siswa, sasampunipun mahami materi bab geguritan, sumangga dipunsinau
sesarengan kanthi kelompok materi ing ngandhap menika ingkang badhe
ngandharaken nilai salebeting geguritan!
Negesi tetembungan angel → tetembungan ingkang angel ing salebetipun teks geguritan
dipunpadosi rumiyin tegesipun, supados gampil anggenipun mangertosi gegambaran
busana adat Jawi gagrag Surakarta;
Manggihaken isi/ wosing teks geguritan → sasampunipun madosi tembung ingkang angel
salabeting teks geguritan supados gampil anggenipun manggihaken isinipun;
Damel parafrase → sasampunipun mangretos wosing teks geguritan, salajengipun damel
parafrase kangge nyusun tetembungan supados saged dipun mangertosi nilai geguritan
kanthi wetah

Fase 4 : Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

MATERI METAKOGNITIF
Peserta didik sasampunipun maos lan mengertosi isi/ wosing tetembungan ingkang
angel, sumangga dipuncakaken langkah-langkahipun kangge madosi isi/ wosing teks
geguritan menika!

A. NEGESI TETEMBUNGAN ANGEL
Anggenipun negesi tetembungan ingkang angel menika kanthi adhedhasar Bausastra Jawa
ingkang awujud cithak utawi online. Bausastra cithak ingkang asring dipunginakaken
angggitanipun Poerwadarminta, dene ingkang online saged mawi alamat
https://www.sastra.org/leksikon

B. DAMEL PARAFRASE
Parafrase inggih menika ngewahi struktur puisi dados struktur gancaran. Anggenipun
parafrase menika kanthi nambahi tetembungan satemah gampil dipunmangertosi isinipun,
saha kanthi ngewahi strukturipun dados struktur ukara (Jejer-Wasesa-Lesan-Katrangan).

C. Manggihaken Isi/ Wosing Geguritan
Sasampunipun damel parafrase, wosipun geguritan sampun langkung ketingal saha gampil
dipunmangertosi tinimbang nalika taksih awujud struktur puisi.

Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah

Para siswa sasampunipun manggihaken tetembungan ingkang angel, damel
parafrase kangge mangertosi isi, saha manggihaken nilai moral saking geguritan,
pramila mangga sami dipunanalisis & dipunevalusi proses anggenipun manggihaken
sedaya unsur kalawau!

Bab angel menapa saking proses negesi tetembungan dumugi manggihaken nilai salebeting
geguritan?
1. Anggenipun madosi tembung kedah tliti;
2. Anggenipun madosi tembung kedah milih teges ingkang jumbuh kaliyan konteksipun;
3. Anggenipun damel parafrase kedah jumbuh kaliyan konteksipun;
4. Anggenipun madosi isi/ wosing geguritan kedah jumbuh kaliyan konteksipun;
5. Anggenipun manggihaken nilai geguritan kedah dipunjuumbuhaken kaliyan ing

kasunyatan gesang ing zaman samenika.

Dudutan & Relevansi

Dudutan

Dudutan saking geguritan inggih menika bilih geguritan menika salah satunggaling karya sastra
ingkang boten gampil anggenipun damel. Nalika damel geguritan kedah nguwaosi basa-basa susastra
ingkang boten gampil dipunsinau. Damel geguritan betahaken kreatifitas saha pambudidaya ingkang
linangkung. Geguritarn dipundamel kanthi underaning prekawis tartamtu. Underaning prekawis dados
pokok intinipun geguritan. Wonten kathah jinising geguritan. Geguritan ugi kagungan struktur.
Struktur punika ingkang dados paugeran nalika damel cengkoronganing geguritan. Nalika damel
geguritan kedah ngginakaken basa ingkang endah supados langkung narik kawigatosan.

Relevansi

Relevansi geguritan ing jaman samenika saged damel tiyang produktif, kreatif, saha langkung saged
maos kahanan ingkang saweg dumadi, punapa sampun kalampahan. Ing jaman samenika, geguritan
saged ngasilaken. Geguritan saged damel sarana kangge ngaturaken rasa pangraos ingkang
dipunraosaken kaliyan panggurit geguritan. Ing jaman samenika geguritan ugi saged kritik salebeting
bab-bab ingkang kirang mranani wonten ing bebrayan umum, kadosta wonten ing politik saha
ekonomi. Geguritan dados ajang kreatifitas kangge tiyang ngasah ketrampilan saha anggenipun nata
basa salebeting nyerat karya sastra. Geguritan ugi saged dados sarana apresiasi ing satunggaling bab,
nalika rumaos bombong utawi mongkok, geguritan saged dados simbol ing atur panuwun marang
tiyang sanes.

KAPUSTAKAN

 Youtube (https://www.youtube.com/watch?v=87dhwn482xY)
 Widaryatmo, Gandung dkk. 2013. Prigel Basa Jawa Jilid 1. Jakarta: Erlangga
 Triwik Damarjati & Sinar Indra Krisnawan.2019. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas

X. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta.
 Yuliastuti, Kinasih dan Indrayanto, Bayu. "Peningkatan Hasil Belajar Bahasa Jawa

Geguritan Melalui Metode Think Pair Share Padasiswa Kelas XII IPA 2 SMAN 1 Wedi
Kabupaten Klaten.". Widya Didaktika Jurnal Ilmiah Kependidikan. Vol.1, No.1 (2020).
 W. A. Pebriana. 2020. "Pengembangan media pembelajaran menulis geguritan
berbasis audio visual untuk pembelajaran bahasa Jawa di SMP" Universitas Negeri
Malang. Kapetik saking :
http://mulok.library.um.ac.id/index3.php/62232.html
 Supriyadi, A. Dewi, dan S.W. Wardani " Aktualisasi Dan Penciptaan Geguritan
Sebagai Media Pembelajaran Di Pasraman Wisnu Sakti Desa Tambakan, Kecamatan
Jogonalan, Kabupaten Klaten." Widya Aksara Jurnal Agama Hindu (2021): Vol. 26
No. 1. Kapetik saking :
http://ejournal.sthd-jateng.ac.id/index.php/WidyaAksara/article/view/147
 Kamus Bausastra Jawa online link: https://www.sastra.org/leksikon

MATURNUWUN


Click to View FlipBook Version