The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ikhsan.mahendraa, 2022-09-21 22:04:55

BAHAN AJAR GEGURITAN_OK

BAHAN AJAR GEGURITAN_OK

BAHAN AJAR
GEGURITAN

KANGGE FASE E SEMSETER GASAL

Dening:

IKHSAN MAHENDRA
KELAS C1 BAHASA JAWA

MAHASISWA PPG DALJAB KATEGORI 2
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2022

BAHAN AJAR GEGURITAN

A. IDENTITAS : XI Semester Gasal
Kelas : Bahasa Jawa
Mata Pelajaran : Geguritan
Materi

B. KOMPETENSI DASAR
3.2 Menganalisis isi teks geguritan
4.2 Membaca indah geguritan

C. INDIKATOR
3.2.1 Menelaah struktur teks geguritan (C4)
3.2.2 Menyimpulkan nilai-nilai geguritan (C5)
4.2.2 Membuat geguritan (C6)
4.2.3 Membaca / memainkan indah geguritan (P5)

D. TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu mengidentifikasi kata-kata sukar
dari teks geguritan dengan tepat. (C1)
2. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu menyimpulkan tema dari teks
geuritan dengan benar. (C6)
3. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu menyimpulkan nilai-nilai yang
terdapat dalam teks geguritan dengan tepat secara
komunikatif. (C5)

4. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu membuat teks geguritan dengan
baik. (P5)

5. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu membaca indah/ memainkan teks
geguritan dengan percaya diri. (P5)

E. DIMENSI PENGETAHUAN

1) Faktual : Pengertian Sastra Jawa, Geguritan

2) Konseptual : Contoh Geguritan, Klasifikasi & struktur geguritan

3) Prosedural : Cara menulis geguritan, cara membaca indah

geguritan

4) Metakognitif : Menyimpulkan ide pokok geguritan

Menyimpulkan nilai moral geguritan

A. FASE 1 : INDENTIFIKASI MASALAH

Materi Faktual

Sumangga para siswa dipunmangertosi babagan pangerten dhasar
babagan Sastra Jawa ugi Geguritan. Kanthi maos saha mangertosi materi
punika, ing pangajab mugi sedaya siswa saged gadhah kawruh babagan puisi
Jawa geguritan.

Sastra Jawa :
Sastra yaiku asil karya kang awujud basa, digunakake kanggo menehi ngerti
marang liyan. Mula Sastra Jawab bisa ditegesi apa wae kang awujud basa
Jawa kang bisa digunakake kanggo informasi utawa kawruh babagan urip.

Geguritan :
Miturut S. Padmo Soekotjo geguritan asale saka tembung gurita saka
linggane tembung gurit kang tegese "tembang utawa kidung”. Dene nggurit
tegese ngarang tembang, kidung, rerepen utawa karangan iketan. Ananging
pengaruh saka puisi manca, geguritan saiki dadi sungsat saka teges
satemene. Geguritan anyar babar pisan ora padha karo tembang utawa
kidung. Jalaran tembang utawa kidung iku anggone nyuwarakake nganggo
wewaton utawa paugeran (aturan) kang wujude titi laras. Kamangka
pamacane geguritan ora nganggo wewaton titi laras. Ora ana aturan
gumathok babagan carane maca geguritan.

Geguritan kalebu puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening
paugerahan tinamtu. Gunggunge larik ukara ing saben pada bebas,
gunggunge pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang
nggunakake purwakanthi bisa uga ora migunakake purwakhanti. Geguritan
kang migunakake purwakanthi yen dirungokake luwih kepenak.

Paugerane geguritan:
1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga
becik.
3.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut,
lan sapanunggalane.

LINK POWER POINT Materi Geguritan :

https://docs.google.com/presentation/d/1W6xrz3IqZpj3TRdX26gK3oixb
Iwdv3H2/edit?usp=sharing&ouid=101993857549351618640&rtpof=true&
sd=true

LINK VIDEO Materi Geguritan :

https://www.youtube.com/watch?v=87dhwn482xY

B. FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK

Materi Konseptual

Klasifikasi Sastra Jawa :
Wujud sastra Jawa, dibedakan menjadi dua:
1.Prosa (gancaran), contohnya dalam bentuk novel, cerita cekak (cerkak), cerita gambar
(cergam).
2.Puisi (tembang), contohnya dalam bentuk lirik, geguritan, kidung, kakawin.

Selain itu, karena sastra berbicara tentang manusia dan kemanusiaan, maka sastra juga
memuat seluruh aspek hidup manusia. Oleh karena itu terdapat berbagai kategori/jenis

sastra berdasar pada sejarahnya:
a. Sastra Jawa Kuna
b. Sastra Jawa Tengahan
c. Sastra Jawa Baru
d. Sastra Jawa Modern (geguritan)
Geguritan Kaperang dadi 2 yaiku geguritan Kuna lan geguritan Anyar.

Geguritan Kuna Geguritan Anyar

• Cacahing gatra (baris) ora • Kawitan irah-irahan

ajeg,nagging sithike papat • Cacahe gatra ora

• Cacahing wanda (suku kata) gatra ajeg (ora mesthi padha)

siji lan sijine kudu • Dhong-dhinge swara ing pungkasane

Titikane padha akehe gatra ora ajeg

• Tibaning swarane kudu • Pilihan tembung mentes

runtut • Nganggo basa endah

• Sangarepe geguritan diwiwiti

tembung “sun nggegurit”

• Isine kebak pitutur kanggo

patuladhan becik

Tuladhane Sun nggegurit Nggarit Langit
Kahanan jaman saiki Mendhung gung liwang-liwung
sipat pemudha-pemudhi lumaku ing ereng-erenging gunung
srawunge saya ndadi sadalan-dalan kebak eri kemarung
raket wewekane sepi kang tinemu omah-omah
tan kadi jaman nguni padha suwung
srawunge sarwa ngati-ati pager eri carang ori kayakaya
temlawung
Yen manut wasiteng kuna nggetuni lelakoning jaman kang lagi
priya srawung lan wanita bingung
gampang kena panggodha lemah bengkah, Jurang jugrug,
nerak ing laku susila watuwatu padha gumlundhung,
temah darbe jeneng ala ngebaki lurung-lurung
wusananing tibeng papa. Iki salahe sapa?
apa larang sandhang lan pan gan sing
dadi

C. FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN
Materi Prosedural

Carane nulis geguritan :

1. Milih tema sing gumathok, banjur diterusake nulis irah-irahan.
2. Mekarake crita.
3. Ngrakit ukara urut saka ndhuwur terus mudhun mangisor, sagatra utawa

salarik ukara cekak.
4. Bisa kanthi nggunakake lelewaning basa, pepindhan, dasanama, &

purwakanthi supaya katon endah.

Carane maca geguritan :

Carane maca geguritan kang becik lan endah sakurang - kurange ana 4, yaiku

Wicara, Wirama, Wirasa, lan Wiraga.

Penjelasane yaiku :

1. Wicara (cara ucap),

tegese pocapane kudu cetha, mantep ora keno ragu - ragu, pocapan lafal (a,

i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas.

2. Wirama (lagu lan intonasi),

tegese banter alone pocapan lan munggah mudune intonasi kudu dilarasake

karo isine sesorah

3. Wirasa (njiwai),

tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe (prentah, nesu,

seneng, ngenyek, getun lan liyo liyane).

4. Wiraga (ekspresi mimik),

tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes ora kaku ora

ketok digawe - gawe.

D.FASE 4 : MENGEMBANGKAN & MENYAJIKAN HASIL KARYA

Materi Metakognitif

Saben geguritan iku mesthi nduweni isi utawa ide pokok. Isi iku ana
gayutane karo tema, tuladhane agama, bebuden, karesikan, alam, lsp.
Ing babagan liya, geguritan tamtu nduweni piwulang luhur, amarga
kabeh sastra iku kudu nduweni amanat. Nalika ana sastra ora ana
piwulange, tegese gawe karya sing muspra. Mula para siswa kudu bisa
nggawe geguritan kang bisa dijupuk apa pitutur luhure, supaya gawe
karyane migunani marang sapa wae pamacane.

E. FASE 5 : MENGANALISIS & MENGEVALUASI

Dudutan :

• Geguritan kalebu puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening
paugerahan tinamtu.

• Titikane geguritan kuna nganggo ukara “sun nggegurit”, titikane
geguritan anyar nganggo irah-irahan

• Geguritan ngemot isi lan pitutur luhur kang sinandhi.
• Geguritan supaya bisa endah, bisa diwenehi dasanama,

lelewaning basa, uga purwakanthi.
• Ana patang cara maca geguritan supaya endah, yaiku wicara,

wirama, wirasa, uga wiraga.

Relevansi :

Kanthi sinau maneh babagan geguritan, para siswa bisa nguri-uri
maneh basa Jawa. Ing jaman saiki wis langka ana bocah sing nduweni
kasenengan nulis puisi/ geguritan, amarga basa Jawa wis sangsaya
kalah karo basa nasional utawa manca. Geguritan prelu dilestarekake
amarga dadi produk asli budaya Jawa, supaya kuncara maneh mangsa
sastra Jawa ing Indonesia.

DAFTAR PUSTAKA

Taflihiyah, Anis dan Diyah Kusumaayu Cahyaningrum. 2022. Sinau Basa Jawa. Klaten:
CV. Gita Buana.
Setiawan, Heri. 2015. Mumpuni Basa Jawa. Surakarta: PT.Tiga Serangkai.
Sunardi. 2018. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Widodo, Agus. 2017. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Yatmana, Sudi dkk. 2015. Kabeh Bisa Basa Jawa. Jakarta: Yudhistira.

LAMAN VIDEO

https://www.youtube.com/watch?v=PZFbvhePQD4

JURNAL

https://journal.unnes.ac.id/nju/index.php/lingua/article/view/8690
Sabrina, F. R. M., & Nugroho, Y. E. (2016). Penerapan Model EXPLICIT INSTRUCTION
Untuk Pembelajaran Membaca Indah GEGURITAN Siswa Kelas Vii Smp Negeri 39
Semarang. Lingua, 12(1), 35-43.

DISERTASI

https://digilib.uns.ac.id/dokumen/detail/38534
Andriyanto, O. D. (2014). Peningkatan kemampuan membaca geguritan dengan metode
quantum learning pada siswa kelas VII H SMP Negeri 1 Cawas, Klaten tahun pelajaran
2013/2014 (Doctoral dissertation, UNS (Sebelas Maret University)).


Click to View FlipBook Version