LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK
(LKPD)
GEGURITAN
KANGGE KELAS XI SEMSETER GASAL
Dening:
IKHSAN MAHENDRA
KELAS C1 BAHASA JAWA
MAHASISWA PPG DALJAB KATEGORI 2
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2022
LKPD GEGURITAN
A. IDENTITAS : XI Semester Gasal
Kelas : Bahasa Jawa
Mata Pelajaran : Geguritan
Materi
B. KOMPETENSI DASAR
3.2 Menganalisis isi teks geguritan
4.2 Membaca indah geguritan
C. INDIKATOR
3.2.1 Menelaah unsur pembangun geguritan (C4)
3.2.2 Menyimpulkan isi & nilai-nilai geguritan (C5)
4.2.2 Membuat geguritan (C6)
4.2.3 Membaca / memainkan indah geguritan (P5)
D. TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu mengidentifikasi kata-kata sukar,
dari teks geguritan dengan tepat. (C1)
2. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu menelaah unsur pembangun teks
geguritan dengan benar. (C6)
3. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu menyimpulkan isi & nilai-nilai yang
terdapat dalam teks geguritan dengan tepat secara
komunikatif. (C5)
4. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu membuat teks geguritan dengan
baik. (P5)
5. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu membaca indah/ memainkan teks
geguritan dengan percaya diri. (P5)
E. DIMENSI PENGETAHUAN
1) Faktual : Video geguritan,
2) Konseptual : Pengertian Geguritan, Contoh Geguritan, Klasifikasi
& unsur pambangun geguritan
3) Prosedural : Cara menulis geguritan, cara membaca indah
geguritan
4) Metakognitif : Menyimpulkan isi geguritan
Menyimpulkan nilai moral geguritan
PETA KONSEP
SIMULASI
PRAKTIK
VIDEO GEGURITAN ANALISIS
TEKS
GEGURITAN
PITUDUH PASINAON (Kegiatan 1)
1. Para siswa nyemak materi video ingkang sampun samapta wonten ing
LCD kelas kanthi premati. Para siswa ugi saged nyemak wonten link
youtube menika : https://youtu.be/KIBeoeJnX2o
2. Para siswa ningali materi PPT ingkang dipunandharaken Guru wonten
ing LCD.
3. Para siswa dipunpantha dados saperangan kelompok, lajeng punparingi
dwija lembar LKPD.
4. Para siswa sami rerembagan mangsuli pitakenan ugi nulis menapa
ingkang dipuntakenaken ing lembar LKPD.
5. Saperangan siswa amakili kelompok majeng saperlu presentasi maos
LKPD saha ngandharaken asiling pirembagan, kelompok sanes caos
pamrayogi ugi panyaruwe.
PITUDUH PASINAON (Kegiatan 2)
1. Para siswa nyemak materi video ingkang sampun samapta wonten ing
LCD kelas kanthi premati. Para siswa ugi saged nyemak wonten link
youtube menika : https://youtu.be/87dhwn482xY
2. Para siswa ningali materi PPT ingkang dipunandharaken Guru wonten
ing LCD.
3. Para siswa dipunpantha dados saperangan kelompok, lajeng punparingi
dwija lembar LKPD.
4. Para siswa sami rerembagan saperlu badhe nulis geguritan ing lembar
LKPD.
5. Saperangan siswa amakili kelompok majeng saperlu presentasi maos
kanthi endgeguritan ing LKPD, kelompok sanes caos apresiasi.
AKTIVITAS PASINAON
1. FASE 1 : ORIENTASI PESERTA DIDIK
Materi Faktual
Sumangga para siswa dipunsetiti video Geguritan ingkang sampun
samapta wonten ing link Yotutube (
https://youtu.be/KIBeoeJnX2o) punika. Salajengipun, guru ugi
njlentrehaken materi ing power point magepokan kaliyan unggah-
ungguh basa.
BAHAN AJAR Materi Geguritan :
https://anyflip.com/khvqp/txuf/
LINK POWER POINT Materi Geguritan :
https://anyflip.com/khvqp/leat/
LINK VIDEO Materi Geguritan :
https://youtu.be/KIBeoeJnX2o
Materi Konseptual
Geguritan :
Miturut S. Padmo Soekotjo geguritan asale saka tembung gurita saka
linggane tembung gurit kang tegese "tembang utawa kidung”. Dene nggurit
tegese ngarang tembang, kidung, rerepen utawa karangan iketan. Ananging
pengaruh saka puisi manca, geguritan saiki dadi sungsat saka teges
satemene. Geguritan anyar babar pisan ora padha karo tembang utawa
kidung. Jalaran tembang utawa kidung iku anggone nyuwarakake nganggo
wewaton utawa paugeran (aturan) kang wujude titi laras. Kamangka
pamacane geguritan ora nganggo wewaton titi laras. Ora ana aturan
gumathok babagan carane maca geguritan.
Geguritan kalebu puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening
paugerahan tinamtu. Gunggunge larik ukara ing saben pada bebas,
gunggunge pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang
nggunakake purwakanthi bisa uga ora migunakake purwakhanti. Geguritan
kang migunakake purwakanthi yen dirungokake luwih kepenak.
Paugerane geguritan:
1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga
becik.
3. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut,
lan sapanunggalane.
Geguritan Kaperang dadi 2 yaiku geguritan Kuna lan geguritan Anyar.
Geguritan Kuna Geguritan Anyar
Cacahing gatra (baris) ora Kawitan irah-irahan
ajeg,nagging sithike papat Cacahe gatra ora
Cacahing wanda (suku kata) gatra ajeg (ora mesthi padha)
siji lan sijine kudu Dhong-dhinge swara ing pungkasane
Titikane padha akehe gatra ora ajeg
Tibaning swarane kudu Pilihan tembung mentes
runtut Nganggo basa endah
Sangarepe geguritan diwiwiti
tembung “sun nggegurit”
Isine kebak pitutur kanggo
patuladhan becik
Tuladhane Sun nggegurit Nggarit Langit
Kahanan jaman saiki Mendhung gung liwang-liwung
sipat pemudha-pemudhi lumaku ing ereng-erenging gunung
srawunge saya ndadi sadalan-dalan kebak eri kemarung
raket wewekane sepi kang tinemu omah-omah
tan kadi jaman nguni padha suwung
srawunge sarwa ngati-ati pager eri carang ori kayakaya
temlawung
Yen manut wasiteng kuna nggetuni lelakoning jaman kang lagi
priya srawung lan wanita bingung
gampang kena panggodha lemah bengkah, Jurang jugrug,
nerak ing laku susila watuwatu padha gumlundhung,
temah darbe jeneng ala ngebaki lurung-lurung
wusananing tibeng papa. Iki salahe sapa?
apa larang sandhang lan pan gan sing
dadi
Struktur Geguritan kaperang dadi rong unsur, yaiku:
1. UNSUR FISIK
a. Diksi pamilihan tembung-tembung utama ing geguritan.
b. Citraan andharan saka panulis supaya gawe sengsem pamaose.
c. Majas ukara kang narik kawigaten.
(Lelewaning Basa)
d. Bunyi tembung-tembung kang kamot swara kang bisa narik
kawigaten.
e. Tipografi wujud geguritan kang bisa narik kawigaten.
2. UNSUR BATIN
a. Tema gagagsan pokok kang diandharake ing geguritan. Tema bisa
awujud religius, kamanungsan, tresna, perjuwangan, alam,
demokrasi, lsp.
b. Perasaan / Rasa rasa kang diandharake pangripta ing sajroning
geguritan.
c. Nada kajiwane pangripta nalika ngripta geguritan.
d. Amanat pesen kang kamot sajrone geguritan.
Materi Prosedural
Carane nulis geguritan :
1. Milih tema sing gumathok, banjur diterusake nulis irah-irahan.
2. Mekarake crita.
3. Ngrakit ukara urut saka ndhuwur terus mudhun mangisor, sagatra utawa
salarik ukara cekak.
4. Bisa kanthi nggunakake lelewaning basa, pepindhan, dasanama, &
purwakanthi supaya katon endah.
Carane maca geguritan :
Carane maca geguritan kang becik lan endah sakurang - kurange ana 4, yaiku
Wicara, Wirama, Wirasa, lan Wiraga.
Penjelasane yaiku :
1. Wicara (cara ucap),
tegese pocapane kudu cetha, mantep ora keno ragu - ragu, pocapan lafal (a,
i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas.
2. Wirama (lagu lan intonasi),
tegese banter alone pocapan lan munggah mudune intonasi kudu dilarasake
karo isine sesorah
3. Wirasa (njiwai),
tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe (prentah, nesu,
seneng, ngenyek, getun lan liyo liyane).
4. Wiraga (ekspresi gerak fisik),
tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes ora kaku ora
ketok digawe - gawe.
Materi Metakognitif
Saben geguritan iku mesthi nduweni isi utawa ide pokok. Isi iku ana
gayutane karo tema, tuladhane agama, bebuden, karesikan, alam, lsp. Ing
babagan liya, geguritan tamtu nduweni piwulang luhur, amarga kabeh
sastra iku kudu nduweni amanat. Nalika ana sastra ora ana piwulange,
tegese gawe karya sing muspra. Mula para siswa kudu bisa nggawe
geguritan kang bisa dijupuk apa pitutur luhure, supaya gawe karyane
migunani marang sapa wae pamacane.
2. FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK
Sasampunipun nyemak video pacelathon Geguritan saha materi ing PPT ugi
bahan ajar, samenika cobi para siswa damel kelompok, saben kelompok 4
siswa lajeng diskusi garap soal ing LKPD.
3. FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN
Sumangga para siswa kasuwun diskusi kanthi nengenaken watak gotong
royong, nalar kritis ugi kreatif supados saged ngasilaken pirembangan
ingkang leres kaliyan jawaban saking LKDP ing sampun sumadya.
Sasampunipun ningali video geguritan ing nginggil, mangga sami pirembagan
dhumateng kanca kelompok, wonten pitakenan ing ngandhap, sumangga sami
mangsuli.
1) Tembung-tembung menapa kemawon ingkang dereng dipunmangertosi ing
geguritan ing nginggil?
NO TEMBUNG INGKANG AWRAT TEGESIPUN TEMBUNG
1
2
3
4
5
lsp
2) Unsur-unsur pambangun menapa ingkang dumunung wonten ing geguritan
ing nginggil?
NO UNSUR PAMBANGUN KATRANGAN
1 UNSUR FISIK :
2 UNSUR BATIN :
3) Geneya geguritan ing nginggil punika ngandhut teknik basa ingkang
endah?
……………………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………………………………
4) Kados pundi isinipun geguritan ingkang sampun kapirsani wonten ing
nginggil?
……………………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………………………………
5) Kados menapa kemawon nilai moral ingkang saged kapendhet saking
geguritan ing nginggil?
NO NILAI MORAL KATRANGAN
1
2
3
4
5
4. FASE 4 : MENGEMBANGKAN & MENYAJIKAN HASIL KARYA
Sumangga para siswa saben kelompok wonten anggotanipun
ingkang amakili kelompok saperlu majeng ing kelas, badhe dipun
presentasekaken asilipun pirembagan ingkang magepokan kaliyan
tembung awrat, unsur pambangun, isi saha nilai moral ingkang
sampun dipunrembag.
5. FASE 5 : MENGANALISIS & MENGEVALUASI
Sabibaripun kelompok sami presentasi ugi pikantuk pamrayogi saking
guru, sumangga para siswa kasuwun mlebet link punika kangge gladhen
post test. https://forms.gle/zuMem8SjgzJBbNaK8
Pandom Pambiji : SKOR
10
Pengetahuan 30
10
NO JINIS PITAKENAN 20
30
1. Siswa saged madosi tembung awrat 100
2. Siswa saged nemtokaken unsur pambangun Geguritan
3. Siswa saged analisis ingkang ndayani ngangge teknik tembung
4. Siswa saged nemtokaken isi geguritan
5. Siswa saged nyimpulaken nilai moral geguritan
GUNGGUNG BIJI
Keterampilan SKOR
NO PRAKTIK GEGURITAN 25
25
1. Siswa saged maca geguritan ngginakaken micara kanthi trep 30
2. Siswa saged maca geguritan ngginakaken wirama kanthi trep 20
3. Siswa saged maca geguritan ngginakaken wirasa kanthi trep
4. Siswa saged maca geguritan ngginakaken wiraga kanthi trep
GUNGGUNG BIJI 100
Refleksi :
Sasampunipun para siswa nglampahi pasinaon dinten menika, sumangga
wangsulana pitakenan wonten ing ngandhap menika kangge nggayutaken
pasinaon ingkang benjing.
1. Guru anggenipun ngandharaken materi Geguritan, wonten panyaruwe
utawi kirang menapa miturut para siswa?
2. Kados pundi miturut pamanggih para siswa sabibaripun nyinau bab
Geguritan menika, tambahan seserepan menapa ingkang dipuntampi
dening para siswa?
3. Menapa ingkang para siswa remeni bab Geguritan menika?
4. Kadospundi nilai/amanat ingkang wonten Geguritan menika menawi
dipungayutaken kaliyan pagesangan wonten ing jaman sakmenika?
LEMBAR PEMBELAJARAN REMIDI DAN PENGAYAAN
Ketentuan:
1. Remidial : Apabila peserta didik mendapatkan nilai di bawah
KKM (75)
2. Pengayaan : Apabila peserta didik mendapatkan nilai sama
atau lebih tinggi dari KKM (75)
SOAL REMIDI
Para siswa nyimak video Geguritan (link).
https://youtu.be/KIBeoeJnX2o
1. Kalebet jinis geguritan menapa ingkang sampun sampeyan
tingali wonten ing video geguritan ing link nginggil?
2. Cobi sampeyan andharaken menapa kemawon unsur
pambangun geguritan ing video!
3. Cobi panjenengan andharaken wosipun ugi nilai moral saking
geguritan saking video ing nginggil!
SOAL PENGAYAAN
Para siswa nyimak video Geguritan (link).
https://youtu.be/dewJmaL-Lps
1. Kados menapa unsur pambangun ing sajroning geguritan
wonten link ing nginggil?
2. Cobi panjenengan andharaken nilai moral geguritan saking
video ing nginggil!
DAFTAR PUSTAKA
Nursinggih, Bambang. 2010. Arak-arakan geguritan. Yogyakarta: Arindo Nusa Media.
Setiawan, Heri. 2015. Mumpuni Basa Jawa. Surakarta: PT.Tiga Serangkai.
Sunardi. 2018. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Taflihiyah, Anis dan Diyah Kusumaayu Cahyaningrum. 2022. Sinau Basa Jawa. Klaten:
CV. Gita Buana.
Widodo, Agus. 2017. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Yatmana, Sudi dkk. 2015. Kabeh Bisa Basa Jawa. Jakarta: Yudhistira.
LAMAN VIDEO
https://youtu.be/KIBeoeJnX2o
https://www.youtube.com/watch?v=87dhwn482xY
JURNAL
https://journal.unnes.ac.id/nju/index.php/lingua/article/view/8690
Sabrina, F. R. M., & Nugroho, Y. E. (2016). Penerapan Model EXPLICIT INSTRUCTION
Untuk Pembelajaran Membaca Indah GEGURITAN Siswa Kelas Vii Smp Negeri 39
Semarang. Lingua, 12(1), 35-43.
MEDIA
Media Pembelajaran :
Pertemuan 1
LINK BAHAN AJAR Materi Geguritan :
https://anyflip.com/khvqp/txuf/
LINK POWER POINT Materi Geguritan:
https://anyflip.com/khvqp/leat/
LINK VIDEO UNGGAH-UNGGUH BASA :
https://youtu.be/KIBeoeJnX2o
Pertemuan 2
LINK BAHAN AJAR Materi Geguritan:
https://anyflip.com/khvqp/txuf/
LINK POWER POINT Materi Geguritan:
https://anyflip.com/khvqp/leat/
LINK VIDEO GEGURITAN :
https://www.youtube.com/watch?v=87dhwn482xY