BAHAN AJAR
EKSPOSISI ADAT MANTU
KANGGE FASE E SEMSETER GASAL
Dening:
IKHSAN MAHENDRA
KELAS C1 BAHASA JAWA
MAHASISWA PPG DALJAB KATEGORI 2
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2022
BAHAN AJAR EKSPOSISI ADAT MANTU
A. IDENTITAS : XI Semester Gasal
Kelas : Bahasa Jawa
Mata Pelajaran : Eksposisi Adat Mantu
Materi
B. KOMPETENSI DASAR
3.2 Menganalisis isi teks eksposisi tentang adat tradisi mantu.
4.2 Menulis teks eksposisi tentang adat tradisi mantu
C. INDIKATOR
3.2.1 Menganalisis struktur teks eksposisi adat mantu Jawa(C4)
3.2.2 Menafsirkan filosofis adat mantu Jawa (C5)
4.2.2 Membuat teks eksposisi adat mantu Jawa (C6)
4.2.3 Menyajikan secara lisan teks eksposisi adat mantu Jawa (P5)
D. TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai teks
eksposisi adat mantu dan memutarkan media video
prosesi adat mantu Jawa peserta didik mampu
mengidentifikasi kata-kata sukar dari teks adat
tradisi mantu dengan tepat. (C1)
2. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai teks
eksposisi adat mantu dan memutarkan media video
adat mantu Jawa peserta didik mampu menganalisis
struktur dari teks eksposisi adat mantu dengan benar
dan percaya diri. (C4)
3. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai teks
eksposisi adat mantu dan memutarkan media video
adat mantu Jawa peserta didik mampu menafsirkan
adat tradisi mantu gagrak Surakarta dengan tepat
secara komunikatif. (C5)
4. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai teks
eksposisi adat mantu dan memutarkan media video
adat tradisi mantu Jawa, peserta didik mampu
membuat teks eksposisi adat tradisional mantu dengan
benar . (P5)
5. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai teks
eksposisi adat mantu dan memutarkan media video
adat mantu Jawa peserta didik mampu menyajikan
secara lisan teks eksposisi adat tradisi mantu dengan
baik. (P5)
E. DIMENSI PENGETAHUAN
1) Faktual : Pengertian Budaya Jawa, Video Adat Mantu Jawa,
2) Konseptual : Pengertian paragraf eksposisi, struktur eksposisi
3) Prosedural : Tata urutan prosesi adat mantu Jawa
4) Metakognitif : Menyimpulkan makna filosofi prosesi adat mantu Jawa
A. FASE 1 : INDENTIFIKASI MASALAH
Materi Faktual
Sumangga para siswa dipunmangertosi babagan pangerten dhasar babagan Budaya
Jawa ugi Adat mantu Jawa. Kanthi maos saha mangertosi materi punika, ing pangajab
mugi sedaya siswa saged gadhah kawruh babagan adat Mantu Jawa, saperlu badhe saged
srawung wonten ing madyaning bebrayan.
Budaya Jawa :
Budaya yaiku asil budi lan akal manungsa saka jaman kang wis suwe nganti saiki. Jawa
yaiku perangan suku ing Indonesia. Budaya Jawa nduweni teges asil budi lan akal, bisa
perangan wujud utawa pikiran, saka wong suku Jawa, lan kabeh nduweni makna lan ancase
dhewe-dhewe kanggo ngatur uripe manungsa ing madyaning bebrayan.
Adat Mantu :
Adat mantu yaiku adat utawa kagiyatan wong Jawa nalika wis wektune ngramakke
anakke. Kang nduwe gawe yaiku bapak lan ibune anak wedok. Adat mantu Jawa padatan
nganggo akeh trap-trapan kang kudu dilakoni, uga ana akeh ubarampe kang kudu
disiyapake. Kabeh urutan prosesi ing adat Jawa nduweni makna filosofis kang bisa
dibabar kanggo menehi kawruh anak putu supaya bisa urip kang bener lan bisa migunani
marang wong akeh.
LINK POWER POINT Materi Eksposisi Adat Mantu:
https://docs.google.com/presentation/d/1NCvH4kEnU3-
6I3hVRf65nFQ6Ms18xZXZ/edit?usp=sharing&ouid=101993857549351618640&rtpof=true
&sd=true
LINK VIDEO Materi Eksposisi Adat Mantu:
https://www.youtube.com/watch?v=4-9ZCBkgK38
B. FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK
Materi Konseptual
Jinisi Paragraf
1. Paragraf Narasi yaiku wacan kang ancas lan isine nyritakake sawijining kadadean
utawa crita lan ana unsur-unsur critane , kayata : tema, alur, latar, paraga sarta
watake, lan amanat utawa pesen moral.
2. Paragraf Eksposisi yaiku wacan kang ancas lan isine nerangake utawa njlentrehake
babagan tartamtu,.
3. Paragraf Deskripsi yaiku wacan kang ancas lan isine nggambarake sawijining bab
utawa perkara.
4. Paragraf Argumentasi yaiku wacan kang ancas lan isine menehi panemu uwong kanthi
alesan kang cetha.
5. Paragraf Persuasi yaiku wacan kang ancas lan isine menehi ngerti lan mbujuk supaya
wong-wong padha nindakake apa kang dadi karepe penulis.
Konsep Eksposisi
Eksposisi mujudake sawijining teks kang nyritakake analisa proses nganggo cara narasi
kanggo aweh informasi lan njembarake pangertene wong sing maca. Wacana eksposisi
digunakake pengarang kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan
sawijining kegiyatan, metodhe, cara, lan proses dumadi sawijining kedadeyan utawa bab.
➢ Sajroning wacana eksposisi dibeberake anane analisa proses nganggo cara narasi.
Narasi kang mengkono mau diarani narasi ekspositoris/narasi teknis, awit ancas kang
tinuju titise katrangan ngenani sawijining kadadean kang dibeberake.
➢ Dadi ancase wacana eksposisi yaiku: maparake, njlentrehake (menjelaskan), ngaturake
informasi, ngajari lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa
nampa utawa narima.
Dene struktur karangan eksposisi iku kaperang dadi telung perangan yaiku:
1. tesis (pambuka) isine panemu;
2. argumentasi (surasa/isi) isine bukti, alesan, lan argumen;
3. penegasan ulang (panutup) isine dudutan kang nguwatake argumen adhedhasar bukti.
Jinis Wacana Eksposisi ana maneka warna :
✓ Eksposisi definisi
✓ Eksposisi proses
✓ Eksposisi perbandingan
✓ Eksposisi pertentangan
✓ Eksposisi klasifikasi
✓ Eksposisi ilustrasi
✓ Eksposisi analisis
✓ Eksposisi laporan
Tata cara nulis wacan eksposisi :
a. Nemtokake tema
b. Nemtokake tujuan
c. Ngumpulake dhata
d. Nyusun cengkorongan
e. Ngrembakake cengkorongan dadi paragraf eksposisi
f. Ejaan miturut panulisan basa Jawa kang baku
C. FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN
Materi Prosedural
Urut-urutane nalika wong Jawa yen arep duwe gawe mantu yaiku kaya ing ngisor iki:
❖ Acara Wiwitan
1. Nontoni yaiku wong tuwane bocah lanang kongkonan karo paraga sing diarani
Congkok, supaya teka ana omahe wong tuwane bocah wadon, ing sedya mung arep
nonton kahanane bocah wadon sing dikarepake.
2. Nembung utawa Nglamar yaiku wong tuwane bocah lanang teka dhewe utawa
kongkonan karo paraga saperlu nakokake bocah wadon sing dikarepake iku isih
lamban utawa wis kawengku dening priya, yen isih lamban arep dilamar kanggo
bocah lanang sing ngarepake.
3. Paningset yaiku nalika panglamare ditampa dening wong tuwane bocah
wadon,banjur rembuge disingseti. Ana telung ubarampe kang kalebu ing
paningset kaya ing ngisor iki:
a. Bakuning Paningset wujude: Ali-ali/Sesupe, Stagen, Semekan,Sinjang
truntum, Sindur
b. Abon-aboning Paningset : Pisang ayu, Suruh ayu, Sega golong, Jeruk
Sundhung, Tebu wulung
c. Pangiringing Paningset: Wulu pametuning tetanen, kabutuhan omah,
kabutuhane v wong wadon, piranti kanggo dandan, mas-masan, tukon lan
sapanunggalane
4. Liru Kalpika yaiku minangka tandha resmine anggone pepacangan, priya lan wanita
sing pepacangan padha genti-genten masangake ali-ali ana driji manis sisih kiwa.
5. Gethok dina yaiku carane nemtokake dina ijab kang pas miturut itungan Jawa,
padatan digolekake marang wong tuwa.
❖ Tatacara siyaga panitya
Kumbakarnan tegese parembugan dening wong tuwa kang nduwe gawe karo
tangga teparo, kanggo menehi tugas lan kuwajiban dadi panitya upacara adat
mantu.
❖ Tatacara sadurunge tempuking gawe
1. Pasang tarub : Wujude nam-naman blarak sing diarani Bleketepe, kapasangi ing
sadhuwure emperan lan pawonan.
2. Pasang Tuwuhan : Wujude gedhang raja sing wis suluh, pepak lan jantunge,
rinengga ubarampe liyane, kayata: Tebu wulung, Cengkir gadhing, gegodhongan:
Randhu, Kapas, Ringin, Kara Kluwih, Suket Apa-apa, Alang-alang, Kemuning, Pari
Sawuli.
3. Siraman : Calon penganten didusi nganggo banyu sing cinampur kembang mawar,
mlathi, kanthil, kenanga.
4. Dodol Dhawet isine cendhol, santen sing rasane legi lan gurih, jenenge Dhawet
Ayu, anggone tuku nganggo kreweng.
5. Sengkeran yaiku calon penganten wanita ora kena metu saka omah,nyingkiri bab
sing ora prayoga.
6. Midodareni ana tatacara :
• Jonggolan yaiku calon Penganten priya teka, nelakake sumadya nikah
• Tumedhaking Kembar mayang/ Nebus Kembar mayang kang diarani
Dewandaru lan Jayandaru.
❖ Bakune Adicara
Ningkahan yaiku calon manten sakloron ana ngarepe Wali, Seksi lan Punggawa
Pamarentah ngesahake prasetyane nut satatane agama lan pamarentah.
❖ Adicara Panggih ing Resepsi
1. Balangan gantal.
Godhong suruh digulung cilik ditaleni bolah putih, banjur dibalangake antarane
manten sakloron.
2. Midak tigan (Wiji dadi)
Manten lanang ngidak endhog, banjur manten wadon ngresiki sukune manten
lanang nganggo banyu kembang.
3. Sinduran
Ramane manten wadon ngasta sindur lan dikalungake marang manten sakloron
4. Kacar-kucur
Manten lanang ngucurake dhuwit pecahan marang manten wadon.
5. Dulangan
Manten lanang lan wadon padha dulang-dulangan dhaharan.
6. Bobot timang
Manten sakloron dipangku dening ramane manten wadon.
7. Sungkeman
Manten sakloron padha sungkem marang biyung ramane kabeh.
D.FASE 4 : MENGEMBANGKAN & MENYAJIKAN HASIL KARYA
Materi Metakognitif
Saben lampahan ing prosesi adat mantu kabeh nduweni ancas lan nduweni filosofis
nilai moral kang bisa dijupuk.
Filosofis kang sinandhi ing prosesi adat mantu yaiku kaya ing ngisor iki:
1. Pasang tarub :
Pasang tarub, iku saka kerata basa ditata supaya murub, tegese ditata supaya
apik lan ketok yen arep ana gawe.
2. Pasang Tuwuhan :
Tuwuhan iku maneka warna wujude, maknane tuwuhan yaiku supaya temanten bisa
nuwuhake urip kang mulya, bisa dadi tualdha ing madyaning bebrayan.
3. Siraman :
Maknane siraman yaiku supaya temanten bisa resik ora mung jiwane, nanging uga
ragane. Tegese bisa siyaga lair batin kanggo ngadhepi omah-omah.
4. Dodol Dhawet :
Dodol dhawet iku acara kan nduweni makna supaya temanten bisa laris uga lancar
rejekine kaya bapak ibune kang lagi dodol dhawet laris.
5. Sengkeran :
Sengkeran iku mankane supaya manten nalika nunggu acara ijab bisa lancar, ora
kena godha lan cilaka.
6. Balangan gantal.
Balangan gantal iku pralambang mbalang godha rencana ala supaya ngalih saka
temanten sakloron.
7. Midak tigan (Wiji dadi)
Manten lanang ngidak endhog, tegese nalika endhog pecah, iku ngemu teges
temanten wis pecah pamore.
8. Sinduran
Sinduran saka kerata basa, isin mundur, tegese wis siyaga tanpa mundur maneh
bakal ngadhepi apa wae pepalang ing madyaning palakrama.
9. Kacar-kucur
Manten lanang ngucurake dhuwit marang manten wadon, maknane yaiku wong
lanang nduwe kuwajiban menehi rezeki, awujud fisik utawa batin marang
garwane.
10. Dulangan
Dulangan antarane manten sakloron ngemu teges padha mbiyantu lan ngreksa
antarane wong loro, dadi padha-padha sing ngabekti.
11. Bobot timang
Maknane Bapak mangku dening manten sakloron yaiku dianggep padha abote,
tegese ora dibedak-bedakke, dianggep anak kabeh.
12. Sungkeman
Sungkeman ngemu teges sanajan manten wis winisuda kanthi krama, nanging
kudu tetep bekti marang wong tuwane nganti salawase urip.
E. FASE 5 : MENGANALISIS & MENGEVALUASI
Dudutan :
1. Paragraf Eksposisi yaiku paragraf kang njlentrehake sawijining
bab.
2. Adat mantu Jawai ing saben lampah prosesine ngandhut makna
lan nilai-nilai luhur.
3. Adat mantu minangka adat Jawa kudu dilestarekake amarga
tinggalan saka para leluhur kang adiluhung.
Relevansi :
Adat mantu minangka adat istiadat mujudake pranatan tumrape
tumindak kang wis suwe diugemi sawijining masyarakat lan wis
diwarisake kanthi turun temurun. Ing masyarakat Jawa adat istiadat
tansah diuri-uri. Upamane bab guyub rukun karo sapadha, urmat
marang wong sing luwih tuwa, makarya bebarengan, lan
sapanunggalane.
Adat istiadat iku uga diwujudake kanthi maneka tatacara kayata
tatacara ningkah temanten, brokohan, tingkeban, sepasaran, tedhak
siten, nyewu, lan sapanunggalane. Kajaba kanggo njaga karukunan
kabeh kuwi mau ditindakake kanggo ngonjukake ngaturake rasa
syukur ana ngarsane Gusti Kang Mahaagung supaya tansah pinaringan
keslametan.
DAFTAR PUSTAKA
Taflihiyah, Anis dan Diyah Kusumaayu Cahyaningrum. 2022. Sinau Basa Jawa. Klaten:
CV. Gita Buana.
Setiawan, Heri. 2015. Mumpuni Basa Jawa. Surakarta: PT.Tiga Serangkai.
Sunardi. 2018. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Widodo, Agus. 2017. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Yatmana, Sudi dkk. 2015. Kabeh Bisa Basa Jawa. Jakarta: Yudhistira.
LAMAN INTERNET
https://www.youtube.com/watch?v=4-9ZCBkgK38
JURNAL
https://journal.uny.ac.id/index.php/ikadbudi/article/view/12014.
APA:
Sulanjari, B., & Zaidah, N. (2015). Pembelajaran Upacara Perkawinan Adat Jawa Melalui
Model Drama. Jurnal Ikadbudi, 4(10).