BAHAN AJAR
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
KANGGE FASE E SEMSETER GASAL
Dening:
IKHSAN MAHENDRA
KELAS C1 BAHASA JAWA
MAHASISWA PPG DALJAB KATEGORI 2
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2022
BAHAN AJAR UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
A. IDENTITAS :E
Fase : Bahasa Jawa
Mata Pe;ajaran : Unggah-Ungguh Basa Jawa
Materi
B. CAPAIAN PEMBELAJARAN
Peserta didik mampu mengidentifikasi penggunaan
Bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan
(paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk berbagai
tujuan secara logis, kritis dan kreatif.
C. TUJUAN PEMBELAJARAN
Peserta didik mengidentifikasi penggunaan Bahasa Jawa
sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan
unggah-ungguh basa
untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif.
D. ALUR TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Peserta didik menelaah kaidah penggunaan Bahasa Jawa sesuai
dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-
ungguh basa. (C4)
2. Peserta didik menyimpulkan kaidah penggunaan Bahasa Jawa
sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan
unggah-ungguh basa. (C5)
3. Peserta didik mampu menerapkan secara lisan penggunaan
Bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan
(paramasastra) dan unggah-ungguh basa. (P5)
E. DIMENSI PENGETAHUAN
1) Faktual : Pengertian Basa, Pacelathon, Unggah-Ungguh Basa,
power Point, Video Pacelathon
2) Konseptual : Klasifikasi unggah-Ungguh Basa
3) Prosedural : Cara menggunakan Unggah-Ungguh Basa
4) Metakognitif : Menyimpulkan fungsi & makna pemakaian Unggah
Ungguh Basa di lingkungan sosial
A. Fase 1 : Indentifikasi Masalah
Materi Faktual
Sumangga para siswa dipunmangertosi babagan pangerten dhasar
babagan Basa, Pacelathon, ugi Unggah-Ungguh Basa. Kanthi maos saha
mangertosi materi punika, ing pangajab mugi sedaya siswa saged
ngginakaken unggah-ungguh basa kanthi trep ing madyaning bebrayan.
Basa :
Yaiku piranti kanggo medharake idhe utawa gagasaning manungsa. Basa iku
bisa kaperang dadi loro yaiku lesan lan tulis.
Pacelathon:
yaiku guneman jumbuh karo keperluan utawa bab kang lagi kondhang. Ing
jaman saiki guneman ora mung saran lesan wae, nanging uga bisa lumantar
tuli kang ditemoni ing maneka medhia elektronik.
Unggah-Ungguh Basa :
Unggah-ungguh basa yaiku pranataning basa manut lungguhing tatakrama
utawa subasita. Unggah-ungguh uga kaprah diarani undha-usuk basa. Ing
masyarakat Jawa kang njalari anane Unggah-Ungguh basa yaiku bab
pangkat, kalungguhan, enom lan tuwa.
LINK POWER POINT Materi Unggah-Ungguh Basa :
https://docs.google.com/presentation/d/15a1qj8fkXkelS79A1xclDjpJQYCE9XMt/edit?us
p=sharing&ouid=101993857549351618640&rtpof=true&sd=true
LINK VIDEO UNGGAH-UNGGUH BASA :
https://www.youtube.com/watch?v=PZFbvhePQD4
B. Fase 2 : Mengorganisasi Peserta Didik
Materi Konseptual
Klasifikasi unggah-Ungguh Basa miturut Sudaryanto (1989),
Unggah-ungguh Basa iku kaperang dadi 4, yaiku:
1. Ngoko Lugu
Titikane basa ngoko alus yaiku:
➢ Kabeh tembung-tembunge nggunakake tembung ngoko
➢ Nggunakake ater-ater tripurusa ngoko (dak-, kok-, di-), panambang
ngoko (- ku,-mu, -e, -ake)
➢ Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata ganti orang 1)
nggunakake tembung aku, sesulih kapindho/madyama purusa (kata
ganti orang 1) nggunakake tembung kowe, lan sesulih katelu/wasana
purusa (kata ganti orang 3) nggunakake tembung dheweke.
2. Ngoko Alus
Titikane basa ngoko alus yaiku:
➢ Nggunakake tembung-tembung ngoko kacampuran karma inggil
➢ Nggunakake ater-ater tri purusa ngoko ngoko (dak-, kok-, di-),
➢ panambang ngoko (-e, -ake)
➢ Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata ganti orang 1)
nggunakake tembung aku, sesulih kapindho/madyama purusa (kata ganti
orang 1) nggunakake tembung sampeyan/panjenengan, lan sesulih
katelu/wasana purusa (kata ganti orang 3) nggunakake tembung
piyambak/panjenengane.
3. Krama Lugu
Titikan basa karma lugu yaiku:
➢ Kabeh tetembungane nggunakake tembung-tembung karma
➢ Ater-ater di- dadi dipun-, panambang-ake dadi –aken, panambang –a/-
ne/- ane dadi ipun
➢ Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata ganti orang 1)
nggunakake tembung kula, sesulih kapindho/madyama purusa (kata ganti
orang 1) nggunakake tembung sampeyan/panjenengan, lan sesulih
katelu/wasana purusa (kata ganti orang 3) nggunakake tembung
piyambakipun/panjenenganipun.
4. Krama Alus
Titikan basa karma lugu yaiku:
➢ Kabeh tetembungane nggunakake tembung-tembung krama
kacampuran karma inggil
➢ Ater-ater di- dadi dipun-, panambang-ake dadi –aken, panambang –a/
ne/- ane dadi ipun
➢ Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata ganti orang 1)
➢ nggunakake tembung kula, sesulih kapindho/madyama purusa (kata
gantiorang 1) nggunakake tembung sampeyan/panjenengan, lan sesulih
katelu/wasana purusa (kata ganti orang 3) nggunakake tembung
piyambakipun/panjenenganipun
C. Fase 3 : Membimbing Penyelidikan
Materi Prosedural
D.Fase 4 : Mengembangkan & Menyajikan Hasil Karya
Materi Metakognitif
Fungsi lan paedahe ngunakake Unggah-ungguh basa Jawa yaiku para
siswa bisa dadi siswa kang ora mung pinter anggone nggolek ilmu,
nanging uga pinter bab basa, bisa ngajeni wong liya, wong sing luwih
tuwa. Amarga, ing jaman modern saiki wus langka babagan patrap.
Akeh wong pinter, nanging sithik kang nduweni patrap, tindak tanduk,
subasita kang apik.
E. Fase 5 : Menganalisis & Mengevaluasi
Dudutan :
Unggah-ungguh basa Jawa iku mujudake adat sopan santun ing basa
Jawa. Adat sopan santun bisa mratelakake pribadine wong Jawa lan
bebrayan Jawa lumantar tatakrama lan subasita. Tatakrama mapan
ana ing basa utawa pangucap. Subasita mapan ing tindak-tanduk utawa
patrap. Kekarone ing pasrawungan bisa dipilahake, nanging ora bisa
dipisahake. Pangucap lan patrap tumrape wong Jawa kudu bisa milih
lan milah lumantar unggah-ungguh basa.
Relevansi :
Kanthi nggunakake basa kang bener miturut unggah-ungguh ing
sekolah, para siswa bisa nggawa kawruh babagan basa iki menyang
ngomah. Ing pangajab, mugya siswa bisa praktik langsung matur
marang wong tuwane kanthi basa krama alus kang trep, sanajan sithik
mbaka sithik ananging manawa ajeg, bisa ndadekake prigel nalika
micara.
DAFTAR PUSTAKA
Taflihiyah, Anis dan Diyah Kusumaayu Cahyaningrum. 2022. Sinau Basa Jawa. Klaten:
CV. Gita Buana.
Setiawan, Heri. 2015. Mumpuni Basa Jawa. Surakarta: PT.Tiga Serangkai.
Sunardi. 2018. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Widodo, Agus. 2017. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Yatmana, Sudi dkk. 2015. Kabeh Bisa Basa Jawa. Jakarta: Yudhistira.
https://www.youtube.com/watch?v=PZFbvhePQD4
JURNAL
https://journal.unnes.ac.id/sju/index.php/piwulang/article/view/13956
Nurcahyaningrum, D. R. (2018). Pengembangan Buku Pengayaan Dialog Di Lingkungan
Keluarga Berbasis Unggah-Ungguh Untuk Siswa Smp Di Kabupaten Semarang. Piwulang:
Jurnal Pendidikan Bahasa Jawa, 6(1), 1-6.
SKRIPSI
https://eprints.umm.ac.id/39398/
Istanti, I. T. (2018). Pengembangan Buku Ajar Unggah-Ungguh Bahasa Jawa Bernuansa
Pendidikan Karakter pada Siswa Kelas 4 Sekolah Dasar (Doctoral dissertation,
University of Muhammadiyah Malang).