The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by enkadanurwedda, 2022-10-04 09:45:33

MEDIA AKSARA JAWA 1

MEDIA AKSARA JAWA 1

AKSARA JAWA

Ery Budi Riyanto

DHAPTAR ISI

1. Tegese Aksara Jawa
2. Wujude Aksara Jawa

a. Aksara Carakan lan Pasangan
b. Aksara Murda lan Pasangan
c. Aksara Swara
d. Aksara Rekan lan Pasangan
e. Angka Jawa
f. Sandhangan
3. Paugeran Nulis Aksara Jawa

Aksara Jawa 3

TEGESE AKSARA JAWA

Sri Hertanti Wulan (2010: 20) jlentrehake yen aksara Jawa dilebokake ing
sajroning golongan aksara silabik, yaiku aksara kang wujude lambang bunyi sing
disusun saka suku kata. Tegese aksara Jawa kuwi minangka lambang bunyi sing
kasusun saka suku kata basa Jawa kang diwujudake ing sajroning wujud visual lan
bisa digandheng miturut sistem tinamtu saengga dadi seratan kang duweni makna
lan lan duweni fungsi minangka alat komunikasi mligine masyarakat Jawa. Artine
aksara Jawa kuwi minangka simbol grafis kang dadi asile pagesangan masyarakat
Jawa. Aksara Jawa kuwi minangka salah sawijine kabudayan Jawa kang adiluhung,
pramila kudu tansah dipunuri-uri/dilestarikake. Wondene wujude aksara Jawa
yaiku: carakan (dentawyanjana), pasangan, aksara murda, sandhangan swara,
sandhangan pangkon (sigeg), sandhangan panyigeging wanda, sandhangan
wyanjana, sandhangan rangkep, pratandha, aksara panjingan, aksara swara, aksara
rekan, angka Jawa

WUJUDE AKSARA JAWA

1. Aksara Carakan lan Pasangan
2. Aksara Murda lan Pasangane
3. Aksara Swara
4. Aksara Rekan lan Pasanganipun
5. Angka Jawa
6. Sandhangan

Wujude Aksara Jawa 5

AKSARA CARAKAN LAN PASANGAN

Miturut Darusuprapta, dkk., (2002: 5),
wujude aksara carakan (abjad Jawa) kang
digunakake ing ejaan basa Jawi cacahe 20
aksara pokok kang sipate silabik (bersifat
kesukukataan). Saben aksara pokok
duweni pasangan, yaiku aksara kang
ngubungake (menghubungkan) suku
kata tertutup konsonan karo suku kata
sawise (selanjutnya), kejaba suku kata
tertutup wignyan, layar, lan cecak.
Wujude kaya mengkene:

Wujude Aksara Jawa 6

CARANE NGAPALKE AKSARA JAWA

➢ Goleki pasangan lan aksarane sing padha wujude

➢ Goleki pasangan sing wujude meh padha karo aksarane, nanging ilang salah siji
sikile

Wujude Aksara Jawa 7

CARANE NGAPALKE AKSARA JAWA

➢ Goleki pasangan sing meh padha ➢ Yen ws kabeh, gari ngapalke pasangan
sing rada angel

Kuwi amung salah sijine cara kanggo ngapalake aksara Jawa lan pasangane. kajaba kuwi akeh cara kanggo
ngapalake aksara Jawa lan pasangane. Semana uga yen awakmu duwe utawa nemokake cara kang luwih
efektif kanggo ngapalake ya mangga kersa.

Wujude Aksara Jawa 8

AKSARA MURDA LAN PASANGAN

Miturut Darusuprapta, dkk., (2002: 11-13), wujude aksara murda ana 7 lan bisa
digunakake kanggo nulis gelar, nama diri, nama geografi, nama jangkep pamerintah, lan
nama lembaga hukum. Aksara murda ora digunakake ana ing pungkasaning wanda.
Aksara Murda cacahe winates, ora kabeh aksara kang kalebu ing aksara carakan ana
aksara murdane. Pramila anggone nggunakake aksara murda ora kaya nggunakake
aksara/huruf kapital ing aksara latin. Nanging yen ing aturan Sri Wedhari, aksara Murda
amung digunakake kanggo nulis pakurmatan. Tuladhane nalika nulis Sri Sultan
Hamengkubuwana, kudu nggunakake aksara Murda.

Wujude Aksara Jawa 9

AKSARA MURDA
LAN PASANGAN

Wujude aksara murda, pasangane, lan tuladha ukara kaya iki,

Wujude Aksara Jawa 10

AKSARA SWARA

Aksara swara cacahe ana 5, yaiku kaya Katrangan:
iki. 1. Aksara swara digunakake kanggo

nulis aksara vokal kang dadi suku
kata, mligine/khususe tembung
saka basa manca kanggo negesake
anggone ngucap.
2. Aksara swara ora digunakake dadi
aksara pasangan, saengga aksara
sigegan kang ana ing ngarepe kudu
dipungkasi nganggo pangkon.
3. Aksara swara bisa diparingi
sandhangan
wignyan (… ), layar (……), lan
cecak (……).

Wujude Aksara Jawa 11

AKSARA REKAN LAN PASANGAN

Wujud aksara rekan lan pasangane ana 5, yaiku:

Katrangan:
1. Aksara rekan cacahe

amung ana 5.
2. Aksara rekan digunakake

kanggo nulis konsonan
tembung manca utawa
tembung serapan kang
isih dijaga tulisan asline.
3. Aksara rekan bisa dadi
pasangan, bisa diparingi
pasangan, lan bisa
diparingi sandhangan.

Wujude Aksara Jawa 12

ANGKA JAWA

Miturut Darusuprapta, dkk., (2002: 44-45), angka Jawa digunakake kanggo jlentrehake lambang wilangan utawi
nomer. Angka Jawa wujude kaya mengkene:

Titikane lan panulisane angka Jawa diapit tandha pangkat ( … ). Tuladha:

Wujude Aksara Jawa 13

SANDHANGAN

Miturut Darusuprapta, dkk., (2002: 18-32), sandhangan yaiku
tandha diakritik kang digunakake kanggo ngowahi swara
sajroning aksara Jawa. Wujude yaiku ana sandhangan swara,
sandhangan panyigeg wanda, sandhangan wyanjana sarta
panjingan wa lan panjingan la.

Wujude Aksara Jawa 14

SANDHANGAN SWARA

Sandhangan swara cacahe ana 5, yaiku
wulu, pepet, suku, taling, taling tarung.
Wujude kaya iki.

Wujude Aksara Jawa 15

SANDHANGAN PANYIGEG WANDA

Sandhangan panyigeg wanda ana
4, wujude kaya iki.

Wujude Aksara Jawa 16

SANDHANGAN WYANJANA

Sandhangan wyanjana yaiku pratandha
aksara konsonan kang rumaket ana ing
aksara konsonan liyane sajroning wanda.
Sandhangan wyanjana kapantha dadi 5,
yaiku kaya iki.

Sinau Nulis Aksara Jawa 17

PAUGERAN NULIS AKSARA JAWA

SASTRA ADHEDHASAR LINGGA SINGKATAN SANDHANGAN
LAMPAH POCAPAN
Anggone nulis aksara Singkatan kang dudu Panulise sandhangan
Panulise aksara Panulisane aksara Jawa kudu delok nama wong, gelar, kang tumpuk telu
Jawa kuwi tanpa Jawa kuwi tembung linggane. kuwi ora kena, mula
jabatan utawa pangkat salah siji kudu
spasi adhedhasar pocapan ing keraton, padatan dipangku.
tembung. ditulis jangkep lan ora

kena disingkat

18

SINAU NULIS AKSARA JAWA
DIWIWITI SAKA NGENDI?

NIAT NGAPALAKE NGOWAHI TEMBUNG NGOWAHI UKARA NGULINAKKE

Mantebake niat lan Ngapalake aksara, Ngowahi tetembungan Ngowahi ukara saka Sawise bisa ngowahi
ngowahi mindset yen pasangan, lan saka aksara Latin aksara Latin marang ukara, banjur
aksara Jawa kuwi angel. sandhangan.
marang aksara Jawa aksara Jawa. ngulinakke sinau saben
dina

Sinau Nulis Aksara Jawa 19

REFLEKSI

1. Apa sing kok ngerteni 1. Apa mupangate sinau Kira-kira apa ana perangan
saka aksara Jawa? aksara Jawa? anyar kang kok sinaoni
saka pasinaon iki? Yen ana,
2. Masalah apa wae sing 2. Apa ana perangan perangan apa kuwi?
kok temokake sasuwene kang menehi inspirasi
sinau nulis aksara Jawa? kanggo ngundhakake
Kepiye anggonmu bakat utawa minatmu
mungkasi? sasuwene pasinaon iki?

3. Kepiye carane sinau
nulis aksara Jawa?

Sinau Nulis Aksara Jawa 20

DUDUTAN

Mengkono mau wujud lan paugeran nulis aksara Jawa. Awakmu
bisa ngulinakake sinau maca lan nulis sithik baka sithik supaya bisa
apal. Kaya dene yen awakmu sinau maca lan nulis huruf hijaiyah
(huruf Arab).

Dadi yen awakmu muni angel kuwi ora merga hurufe sing
angel, nanging MINDSET awakmu wis muni angel wiwit jaman SD.
Yen awakmu bisa maca lan nulis huruf hijaiyah, kudune maca nulis
aksara Jawa luwih guampang.

Coba owahi mindset-mu, amerga WONG BISA KUWI
JALARAN SAKA KULINA

MATUR NUWUN

Ery Budi Riyanto
[email protected]
Cangkruksinambingopi.blogspot.com


Click to View FlipBook Version