The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

BASA JAWA_wulangan 4_Globalisasi_ 25 Okt 2021

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ari wibowo, 2021-10-24 18:13:13

BASA JAWA WULANGAN 4: CANGKRIMAN

BASA JAWA_wulangan 4_Globalisasi_ 25 Okt 2021

BASA JAWA
Buku Panduan: TANTRI BASA JAWA 6

WULANGAN 4:
GLOBALISASI

BASA JAWA
Buku Panduan: TANTRI BASA JAWA 6

Senen, 25 Oktober 2021

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 1

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 2

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 3

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 4

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 5

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 6

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 7

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 8

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 9

Tuladhane cangkriman

Cangkriman dan Contohnya

Cangkriman
Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman
uga diarani bedhekan utawa batangan. Cangkriman iku wujude ana 4, yaiku:
1. cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),
2. cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),
3. cangkriman sing wujude plesetan, lan
4. cangkriman sing sinawung ing tembang.

1. Cangkriman sing wujude wancahan (cekakan)
Tuladhane:

• Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar
dawa tipake

• Pakbo letus, batangane tipak kebo lelene satus.
2. Cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban)
Tuladhane:
a. Sega sakepel dirubung tinggi, batangane salak
b. Gajah nguntal sangkrah, batangane pawonan

3. Cangkriman sing wujude plesetan
Tuladhane:
a. Wong wudunen iku sugih pari. Pari apa? Paringisan.
b. Ana gajah numpak becak, ketok apane? Ketok mbujuke.

4. Cangkriman sing sinawung ing tembang
Tuladhane:
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Yen lumaku si pucung ngumbar swara.
Badhekane: sepur

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 10

Berikut ini secara lebih lengkap penjelasan contoh cangkriman:
Contoh cangkriman pepindhan:
1. Abang-abang dudu kidang, pesegi dudu pipisan, batangane: batu bata.
2. Ana titah duwe gulu tanpa sirah, suwe silit nanging ora tau bebuwang, batangane: botol.
3. Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira kira wis ora bisa metu, disediyani pakan lan

omben cukup, bareng wis satahun kuthuke ilang, menyang endi?, batangane: dadi pitik.
4. Ana kewan mapane ing alas. Saben wong mesthi wedi. Bareng digendhong dening

manungsa, kewan iku ora medeni maneh, lan ora nyakot manungsa. Apa arane kewan
iku? Batangane: celeng.
5. Ana piranti sabane ing pawon. Bareng ketiban cecak bisa mabur. Batangane: kalo.
6. Ana tulisan arab, macane saka ngendi?, batangane: saka alas.
7. Ana gajah numpak becak, ketok apane, batangane: ketok ngapusine.
8. Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira kira gedhe apane, batangane: gedhe ngapusine.
9. Anake gelungan ibune ngrembyang, batangane: wit pakis.
10. Bapak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk, batangane: onthong.
11. Bosok malah enak. Batangane: tempe atau tape.
12. Bocah cilik blusak blusuk nang kebon, batangane: dom.
13. Bocah cilik nggendong omah, batangane: bekicot.
14. Dicakot bongkote sing kalong pucuke, batangane: rokok.
15. Dijupuki malah dadi mundhak gedhe, batangane joglangan/lobang.
16. Duwe rambut ora duwe endhas, batangane: jagung.
17. Dikethok malah tambah dhuwur, batangane: clana.
18. Emboke diidak idak anake dielus-elus, batangane: andha.
19. Emboke wuda anake tapihan, batangane: wit pring.
20. Gajah nguntal sangkrah, batangane: pawon.
21. Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran, batangane: wong unduh klapa.
22. Ing ngisor kedhung ing ndhuwur payung, batangane: wong adang sega.
23. Ing sadhuwuring lawang ana cecak. Yen cecak iku lunga, lawang iku dadi kewan kang
bisa mabur. Apa arane kewan iku? Batangane: lawa.
24. Kayu mati ginubed ula mati, batangane: gasing.
25. Kebo bule dicancang merang, batangane: buntil.
26. Lampu apa nek dipecah metu uwonge, batangane: lampu toko sing lagi tutup.
27. Lawa lima, kalong telu dadi pira?, batangane: wolu.
28. Ngarep ireng, mburi ireng seng tengah methentheng, batangane: wong mikul areng.
29. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sak kanthong , batangane: kates.
30. Pitik walik saba kebu, batangane: nanas
31. Pitik walik saba meja, batangane: sulak.
32. Rasane padha karo jenenge, batangane: sepet.
33. Sawah rong kedhok galengane mung sitok, batangane: godhong gedhang.
34. Sega sekepel dirubung tinggi, batangane: salak.
35. Tibane ngisor digoleki ndhuwur, batangane: gentheng bocor.
36. Urang sapikul matane pira, batangane: ana 6.

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 11

37. Wis gedhe kok ngguyu tawa, batangane: nangis.
38. Wit Adhikih woh adhakah; Wit adhakah woh adhikih, , batangane: wit gedhang lan wit

bringin.
39. Wujude kaya kebo, ulese kaya kebo, lakune kaya kebo, nanging dudu kebo,

batangane: gudel.
40. Yeng ibune siji anake loro, yen anake siji ibune loro, yen ibune telu ora duwe anak,

batangane: salak.
41. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh, batangane: geni.
42. Yen mlaku sikile loro, yen mandheg sikile sepuluh, batangane: wong bakul sate.

Beberapa contoh cangkriman wancahan bahasa Jawa antara lain:
1. Burnas kopen: bubur panas kokopen.
2. Buta buri: tebu ditata mlebu lori.
3. Gerbong tulis: pager kobong watune mendhelis.
4. Gowang pelot: jagone ana lawang cempene mencolot.
5. Itik pertis ibu perbeng ijah perlong: tai pitik memper petis, tai kebo memper ambeng, tai

gajah mempergolong.
6. Kablak ketan: nangka tiba ning suketan.
7. Kicak ketan: kaki macak iket-iketan.
8. Langdikum ditasbir: lulang dikum dientas njebibir.
9. Ling cik tu tu ling ling yu: maling mancik watu, watu nggoling maling mlayu.
10. Manuk biru: pamane punuk bibine kuru.
11. Nituk lersure: nini ngantuk diseler susure.
12. Pak boletus: tapak kebo ana lelene satus.
13. Pak bomba pak lawa pak piut: tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut.
14. Pak kenthik: tapak teken sithik.
15. Pindhang kileng: sapi ning kandhang kaki mentheleng.
16. Pindhang kutut: sapi mblandhang lukune katut.
17. Pothel kidi: Tompo cemanthel kaki wedi.
18. Rangsinyu muksitu: Jurang isi banyu gumuk isi watu.
19. Segara beldhes: Segane pera sambele pedhes.
20. Suru bregitu: asu turu dibregi watu.
21. Surles penen: susur teles pepenen.
22. Surles pedheg wer-weran: susur teles dipepe nang gedheg jewer-jeweran.
23. Tuwan sinyo: untu kedawan gusi menyonyo.
24. Tuwok rawan: untune krowok larane ora karuwan.
25. Teh Nasgithel: teh Panas, Legi, lan Kenthel
26. Wit tho yung: yen dijiwit athi biyung.
27. Wiwawite lesbadhonge: uwi dawa wite tales amba godhonge.
28. Yu mahe rong, lut mahe ndhut: yuyu omahe ngerong, welut omahe lendhut.
29. Wiwa wite, lesbadhonge, karwapeke: uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikal dawa

tipake.

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 12

Contoh cangkriman blenderan/ plesetan, antara lain:
1. Biru bisane dadi wungu dikapakake?

= digebuk, maksudnya biru adalah babi turu, wungu bukan warna ungu tapi wungu dalam
artian ‘tangi’.
2. Enak endi daging kucing karo daging pitik?
= tidak tahu, karena baik memilih daging kucing atau ayam maka sama saja penjawab
pernah makan daging kucing.
3. Gajah ngidak endhog ora pecah,
= maksudnya, yang tidak pecah gajahnya.
4. Gajah numpak becak ketok apane?
= ketok ndobose
5. Suru supaya bisa mlayu dikapakake?
= Digebuk, suru maksudnya asu turu.
6. Wong dodol tempe ditaleni.
= maksudnya, yang diikat bukan orangnya tetapi tempenya.
7. Wong dodol klapa dikepruki.
= maksudnya yang dikepruk bukan orangnya tetapi kelapanya.
8. Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem.
= maksudnya yang senyum bukan yang meninggal tetapi yang menunggui.
9. Wong ketiban duren bakal sugeh pari.
= pari maksudnya paringisan karena kesakitan, bukan pari tanaman padi.
10. Tulisane arab, macane saka ngendi?
= saka alas, macane tidak diartikan membaca, tapi hewan macan.
11. Saiki ula-ula ora ana sing mandi.
= ula-ula disini berarti tulang punggung, bukan ulo ular.
12. Sandhal sing dakgawe iki cap ratu.
= ratu maksudnya ra tuku, bukan merk ratu.

Berikut ini contoh cangkriman bahasa Jawa dalam tembang:
• Cangkriman dalam tembang Asmarandana

Wonten ta dhapur sawiji
Tanpa sirah tanpa tenggak
Mung gatraning wetengbae
Miwah suku kalihira
Nging tanpa dlamakan
Kanthaning bokong kadulu
Rumaket ing para priya
Batangane: Clana

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 13

• Cangkriman dalam tembang Kinanthi
Wonten putri luwih ayu
Tan ana ingkang tumandhing
Sariranira sang retna
Owah owah saben ari
Yen rina kucem kang cahya
Mung ratri mancur nelahi
Batangane: Rembulan

• Cangkriman dalam tembang Pucung
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring;
Sing disaba si pucung mung turut kutha
Batangane: Sepur

=== Sugeng Sinau lan Makarya ===

Basa Jawa 6 Wulangan 4_Globalisasi “Cangkriman”_25 Okt 2021_Kaca 14


Click to View FlipBook Version