The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

E-Book_Materi Kelas VIII Semester 2_Dila Kusuma Wardani.docx

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by dilakusuma220, 2022-06-20 08:11:06

E-Book_Materi Kelas VIII Semester 2_Dila Kusuma Wardani.docx

E-Book_Materi Kelas VIII Semester 2_Dila Kusuma Wardani.docx

DAFTAR ISI

DAFTAR ISI........................................................................................................................................... 1
BAB 1 ..................................................................................................................................................... 2
TEKS DESKRIPSI PRISTIWA BUDAYA ........................................................................................... 2

A. Memahami Teks Dheskripsi Bab Prastawa Budaya ................................................................... 3
B. Nanggepi Isine Wacan Dheskripsi .............................................................................................. 7
BAB II...................................................................................................................................................10
SERAT WULANGREH PUPUH SINOM ...........................................................................................10
A. Serat Wulangreh........................................................................................................................11
B. Tembang Macapat.....................................................................................................................12
C. Nembangke Pupuh Sinom.........................................................................................................14
D. Nggancarake Tembang Macapat...............................................................................................19
E. Isi Piwulang Serat Wulangreh...................................................................................................20
F. Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom.................................................................................21
BAB III .................................................................................................................................................22
CERITA RAMAYANA KIDUNG KENCANA ....................................................................................22
A. Nyemak Crita Wayang Kidang Kencana ..................................................................................23
B. Nyritakake Isine Crita Kidang Kencana ...................................................................................27
C. Nulis Ringkesan Isi Crita Kidang Kencana ..............................................................................29
BAB IV .................................................................................................................................................32
PACELATHON .................................................................................................................................... 32
A. Memahami pacelathon ..............................................................................................................33
B. Nulis Pacelathon .......................................................................................................................34
C. Jenis-jenise dialog utawa Pacelathon ........................................................................................37

1. Prolog....................................................................................................................................37
3. Monolog....................................................................................................................................37
D. Nindhakake Pacelathon.............................................................................................................38
BAB V ..................................................................................................................................................41
NULIS AKSARA JAWA .....................................................................................................................41
A. Maos Teks Aksara Jawa............................................................................................................42
B. Nulis Crita Wayang nganggo Aksara Jawa...............................................................................46
BIODATA PENULIS ...........................................................................................................................48

1

BAB 1

TEKS DESKRIPSI PRISTIWA BUDAYA

Kompetensi Inti
1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi,
gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan lingku
ngan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
3. Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural)
berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya
terkait dengan fenomena dan kejadian nyata.
4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah
dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.

Kompetensi Dasar
1. 1 Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa sebagai bahasa Ibu
untuk mendukung bahasa Indonesia sebagai bahasa persatuan dan kesatuan bangsa.
1. 2 Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa dan
memanfaatkannya sebagai sarana komunikasi masyarakat Jawa masyarakat Jawa.
2. 1 Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, bertanggung jawab, peduli
(toleransi dan gotong royong), santun, percaya diri dalam menyampaikan informasi
atau menanggapan berbagai hal/keperluan sesuai dengan tata krama Jawa.
2. 2 Menunjukkan perilaku berbahasa yang santun yang ditunjukkan dengan ketepatan
penggunaan ragam bahasa (unggah ungguh basa).
2. 3 Menunjukkan perilaku, tindakan, dan perbuatan yang mencerminkan kepribadian
Jawa.
3. 1 Memahamiisi teks deskriptif tentang peristiwa budaya.
4. 1 Menanggapi isi teks deskriptif tentang peristiwa budaya.

Indikator Pembelajaran
1. Mengemukakan pendapat secara lisan isi wacana deskripsi yang didengar.
2. Menyampaikan nilai positif dari wacana deskripsi.
3. Membaca wacana deskripsitentang peristiwa budaya
4. Mengartikan katakata yang dianggap sulit.

2

5. Mengajukan pertanyaan bacaan.
6. Menuliskan ringkasan bacaan.
7. Menanggapi isi teks deskriptif tentang peristiwa budayadalam ragam krama.

I. Materi Pembelajaran

A. Memahami Teks Dheskripsi Bab Prastawa Budaya
Dheskripsi asale saka tembung description (Basa Inggris) sing tegese nggambarake

nganggo basa. Karangan dheskripsi yaiku karangan utawa tulisan sing duweni ancas
(tujuwan) nggambarake sawijing barang/ objek kanthi jelas marang pamaca. Miturut KBBI
(Kamus Besar Bahasa Indonesia) dheskripsi yaiku andharan utawa nggambarake kanthi
tembung-tembung kang jelas.

Teks dheskripsi yaiku teks kang ngandharake informasi kanthi cara nggambarake
samubarang katon nyata banget. Samubarang iku bisa awujud objek, panggonan, utawa salah
sawijining kedadean. Ana bab iki bakal dirembug teks dheskripsi ngenani prastawa budaya.
Teks dheskripsi utawa deskriptif iku njlentrehake samubarang kanthhu cetha banget kaya-
kaya pamaca lagi ana ing panggonan utawa ngalami kedadean sajroning teks. Pamaca uga
bisa mbayangake kanthi cetha apa kang dicritakake lumantar teks dheskripsi.

1. Jinis Teks
Sing diarani teks yaiu tulisan kang arupa rerangkene ukara-ukara kang kaiket ing
sajroning paragrap. Miiturut jinise teks iku ana lima, yaiku narasi, dheskripsi,
argumentasi, eksposisi, lan persuasi.
a) Teks Narasi
Yaiku teks kang isine nyritakake samubarang kanthu runtut manut urutan
wektu. Tuladha cekak (crita cekak), novel, dongeng, utawa crita pengalaman
pribadhi (pengalaman nalika plesiran, pengalamang kang lucu, aneh,
nyenengake, medeni, ngisinake, nyusahake, lan sapanunggalane.
b) Teks Dheskripsi
Yaiku teks kang isine menehi gambaran kahanan samubarang apa wae kang
rinci.
c) Teks Argumentasi
Yaiku teks kang mgandharake sawijing panemu/ gagasan/ idhe ngenani bab
apa wae dikantheni alesan/ bukti sing kuwat, supaya sing maca padha
percaya marang panemune penulis mau.
d) Teks Eksposisi
Yaiku teks kang isine menehi katrangan salah sijsine topik utawa prakara
kanggo menehi informasi utawa kabar marang wong kang padha maca.

3

e) Teks Persuasi
Yaiku teks kang duweni ancas menenh pangaribawa (pengaruh) marang kang
padha maca supaya gelem melu marang apa kang dikarepake pengarang.

2. Jinise Wacan Dheskripsi
Wacan dheskripsi yaiku sawijining wacan utawa tulisan sing nggambarake

sawijining objek. Objek bisa wujud samubarang, panggonan, kewan, tetuwuhan, lan
liya-liyane. Ana ing wacan dheskripsi anggone nggambarake objek kanthi rinci
supaya wong sing maca tulisan mau kaya dheleng dhewe objek sing digambarake
senajan dheweke ora weruh sak nyatane.

Sadurunge nyinaoni jinise wacan dheskripsi, ing ngisor iki bakal diandharake
titikan lan strukture wacan dheskripsi.

a) Titikan wacan dheskripsi
Titikan utawa ciri-cirine wacan dheskripsi yaiku kaya mangkene.
1) Nggambarake sawijine objek tertentu.
2) Paragrap ditulis kanthi rinci lan nglibatake unsur panca indra.
3) Nalika diwaca, pamaca kaya-kaya bisa ngrasakne utawa ndelok
langsung apa sing digambarake wacan dheskripsi.
4) Nganggo tembung katrangan, kayata katrangan panggonan, wektu,
utawa cara.
5) Basa sing digunakake yaiku basa asring dienggo ing padinan.

b) Struktur wacan dheskripsi
Wacan dheskripsi kasusun dening telu bagean, yaiku identifikasi, klasifikasi,
lan dheskripsi bagean.
1) Identifikasi yaiu bagean kang ngandharake identitas samubarang
utawa objeke.
2) Klasifikasi yaiku bagean kang ngandharake tahap pangelompokan
adhedhasar kaidah tartamtu.
3) Dheskripsi bagean yaiku bagean gambaran-gambaran sajrone wacan.

c) Jinise wacan dheskripsi
Wacan dheskripsi kaperang dadi telu, yaiku wacan dheskripsi
subjektif, wacan dheskripsi spasial, lan wacan dheskripsi objektif.

1) Dheskripsi subjektif yaiku dheskripsi kang nggambarake objek
adhedhasar kesan sing diduweni panulis wacan kasebut.
Tuladha :
Mie ayam Bu Sarah iku mie ayam paling enak ing kecamatan iki.
Mie ayam e saka daging ayam sing seger lan empuk banget. Porsine
uga akeh banget nganti wutuh sak mangkok. Mie ne uga enak amarga

4

digawe dhewe saka tepung pilihan. Sakliyane iku uga bisa ditambah
ceker utawa ndhas pitik lan bakso. Mula akeh sing ngantri saben
dina.
2) Dheskripsi spasial yaiku dheskripsi kang nggambarake samubarang,
ruwang, panggonan, lan sapanunggalane.
Tuladha:
Klepon yaiku salah sawijining panganan tradisional kang kalebu
jajanan pasar. Klepon digawe saka tepung beras ketan lan dibentuk
bunder kaya bal cilik lan tengahe diiseni gula jawa banjur digodhog
ing jero banyu umub. Yen wis kemambang ing nduwur banyu banjur
diangkat lan dicawisake karo parutan kambil. Biasane klepon
dicawisake ing godhong gedhang.
Klepon kalebu panganan tradisional kang akeh sing nyenengi. Yen
dipangan, gula jawa ing njero klepon muncrat lan ngasilake rasa legi.

3) Dheskripsi objektif yaiku dheskripsi kang nggambarake objek kanthi
sabenere.
Tuladha :
Omahe Reni resik lan asri. Jembare kira-kira 10 x 11 m, temboke
werna abu-abu lan ngarepane okeh tanduran ijo-ijo. Omah e Reni
nduweni sofa sing gedhe banget lan empuk ing ruang tamu. Cacahe
kamar ana 3 lan ambane padha. Barang-barang ing njerone katata
rapi lan resik. Ana gambar keluarga sing dipasang ing ruang tengah.

3. Cara Memahami Isine Wacan Dheskripsi

Mahami isine wacam iku kaya dene nyritakake maneh ngenani pokok-pokok
isine wacan kasebut. Carane mahami pokok-pokok isine wacan, yaiku kanthi
cara mangkene:
a) Prastawa apa kang ana ing wacan kasebut.
b) Kapan kadadeane prastawa kasebut.
c) ana ngendi dumadine prastawa kasebut.
d) apa kang njalari dumadine prastawa kasebut.
e) sapa wae kang gayut ana ing prastawa kasebut.
f) kepriye dudutan sing dirasakake ing prastawa kasebut.

5

4. Tuladha Wacan Dheskriptif

Upacara Adat Mitoni
Tingkeban/mitoni upacara iku salah siji saka tradisi Jawa, upacara iki uga disebut mitoni asalé
saka Pitu tembung sing sawijining makna pitu, upacara iki dianakaké ing pitung sasi meteng lan
pisanan kali. Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu
nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing
sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.

Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene
wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing
sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-
urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon
bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang
(janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren.

Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni
iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina
Jemuah awan nganti mbengi. Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu
Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti
mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'. Upacara
mitoni utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang disedhiyani dening ku-
lawarga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe slametan nglimputi sekul janganan, jenang abrit, je-
nang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele, kacang kang kagangsa ing
gendhis.

Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa
tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk. Uba-
rampe liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan sawetara jinis kembang-
kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu dijangkepi pitung iji apem conthong. Jroning upa-
cara mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen ngantos kaping pitu kang sabanjure disebut ting-
keban. Nut Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra, upacara tingkeban iki dileksanakake nalika
tanggal ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal 15, upamane tanggal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan
15).

Tata carane siraman, ing papan kang wus ditemtokake dicepakake jembangan wadhah banyu
kang wus diwenehi kembang setaman. Banyu kang wus diwenehi kembang setaman kuwi dianggo si-
raman wanita kang lagi ngandhut. Upacara siraman dhewe dileksanakake wanci jam 11.00 WIB amar-

6

ga dipracaya para hapsari uga tumurun saka kayangan saprelu arep adus. Dene kang mimpin siraman
yakuwi dhukun, dene kang nyiram wanita kang ngandhut yaiku para pinisepuh putri kang cacahe pitu
utawa sangang wong. Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka bathok utawa siwur.

Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa dhingklik cilik kang dilambari
godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih, kara, maja, dhadhap serep, alang-alang, klasa
mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-warna, contone sindur, jarit kanthi motif yuyu sekan-
dhang. Padusan kakrobong utawa ditutup nganggo kain jarit motif rangrangan utawa cindhe. Padusan
iki ana ing latar sisih kiwa utawa tengen omah kanthi lawang ngadhep ngetan. Krobong dirias ngang-
go tuwuhan jangkep arupa pisang, tebu lan cengkir gadhing. Ing Serat Tatacara anggitane Ki Padma-
susastra kasebutake, rampung siraman banjur ganti kain pasatan lan diubedi letrek utawa kain jarit
kang logro sarta dianggoni sabuk saka godhong tebu tulak.

Saka njero letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong ing njero jarit lan nyeblokake. Sabanju-
re sabuk mau dipotong nganggo keris. Sawuse pedhot, bojone wanita kang lagi ngandhut iku diakon
lunga tanpa pamit. Bebarengan karo kuwi ibu Maratuwa mbanting endhog pitik mentah lan bapake
mecah cengkir gadhing kang wus digambari Kamajaya-Kamaratih, Janaka-Subadra, utawa Panji lan
Candra Kirana, banjur disigar dadi loro. Nalika mecah cengkir direwangi bapak kandhunge wanita
kang lagi ngandhut kuwi. Wanita kang ngandhut banjur diiring mlebu omah lan ngadeg ing ngarep
petanen. Ing papan kuwi wus dicepakake sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse para pinisepuh
nganggokake jarit iku mbaka siji. Rampung nganggo siji banjur diuculi, banjur dianggokake maneh li-
yane. Ngono terus nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngomong durung patut. Kang pung-
kasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum kemben motif bangotulak. Bebarengan karo kuwi,
para pinisepuh padha ngomong wis patut

B. Nanggepi Isine Wacan Dheskripsi
1. Maca Wacan Dheskripsi
Salah sawijine katrampilan basa, yaiku maca. Maca yaiku sawijine proses
kang ditindakake supaya pamaca mangerteni isi pesan utawa informasi kang
diandharake panulis lumantar edhia tembung-tembung utawa basa tulis.
Miturut ahli basa Prof. Henry Guntur Tarigan, maca iku jinise ana loro yaiku
maca nyuwara lan maca ing batin. Maca ing batin kaperang ddai loro yaiku maca
ekstensif lan maca intensif. Maca ekstensif lan intensif duweni panekanan kang beda,
sanajan dilaksanakake ing njero ati.
a) Maca Intensif
Maca Intensif luwih mentingake kuwalitas, utawa intensitas pemahaman kang jero,
dadi nganti ngerti sak jlimet-jlimete. Tuladhane maca intensif yaiu maca
pemahaman. Maca pemahaman kaperang dadi telu, yaiku kaya ing ngisor iki.
1) Maca literal yaiku maca kang ancase nangkep isi wacan kang tinulis.

7

2) Maca kritis yaiku maca kang ancase nangkep wacan kang tinulis lan ora
tinulis.

3) Maca kreatif yaiku maca kang ancase nangkep wacan tinulis lan ora tinulis
banjur maragakake asile wacan mau.

b) Maca ekstensif
Maca ekstensif yaiku maca kanthi jembar. Tegese maca sak akeh-akehing wacanan
utawa gancaran kanthi wektu kang singkat. Maca iki luwih mentingake kuantitas,
mula kagiyatan maca iki ora kaiket dening disiplin kawruh kang dipilih. Maca
ekstensif bisa dilaksanakake kanthu cara ing ngisor iki.
1) Nggoleki topik kang padha saka maneka media cithak kang ana.
2) Ngumpulake artikel kang duweni topik kang padha.
3) Maca sekilas irah-irahan artikel kang padha iku.
4) Maca paragrap kapisan lan pungkasan (biyasane paragrap iku njlentrehake
gagsan panulis).
5) Niliti kanthi sekilas pituduh-pituduh liyane babagan bab kang wigati.
6) Maca ekstensif tuladhane, maca survei lan maca saklebatan (maca sekilas).

c) Maca cepet
Kajaba maca intensif lan ekstensif uga ana cara maca cepet. Carane maca cepet bisa
diarani maca cepet manawa wis bisa maca saben samenit isa maca 250 tembung, yen
durung isa bisa dibaleni maneh kanthi cara ing ngisor iki.
1) Maca jroning batin, konsentrasi.
2) Swara lirih cukup awake dhewe kang krungu.
3) Aja nggunakake tudig utawa driji.
4) Aja ngobahake sirah utawa mripat tumuju ing wacan.
5) Aja baleni tembung sing wis kawaca.
6) Aja dieja aksarane.

2. Ngringkes isine wacan dheskripsi
Ngringkes yaiku kagiyatan nyelak wacan kanthi cara mbuwang ukara kang ora perlu
lan nata ukara pokok kanthi tumata. Carane ngringkes wacan dheskripsi kudu
nggatekake pokok-pokoke wacan uwis kok mangerteni, saiki kari nyusun dadi
paragrap kang luwih ringkes. Becike, wacam diringkes dadi saparagrp wae.

3. Nyritakake isine wacan dheskripsi
Sawise ringkesanmu wis dadi, kang pungkasan kowe nyritakake ringkesanmu mau
kanthi lesan wae nggunakake basa padinanmu nanging basa kang sopan. Tegese
anggonmu nyritakake sanadyan nggunakake basa padinanmu nanging gunakna basa

8

kang alus, sopan, ngajeni, saengga bisa nuduhake pribadimu kang ngerti marang
unggah-ungguh lan duwe tata krama kang ganep.
4. Nanggepi Isine wacan dheskripsi
Supaya bisa menehi tanggepan ngenani isine wacan, ana saperangan bab kang kudu
ditindakake. Bab-bab kasebut ana ing ngisor iki.

1) Maca bola-bali wacan kang arep ditanggepi.
2) Sawise maca bola-bali mesthine bisa ngerti tenan isine wacan.
3) Nemokake gagasan pokok saben paragrap.
4) Tanggapan kudu jumbuh karo isine wacan.
5) Isine tanggapan bisa awujud pasarujukan utawa suwalike, lan bisa uga

miyurut gagasanmu dhewe.
6) Nalika nanggepi isine wacan amrih becike migunakake basa kang sopan.

9

BAB II
SERAT WULANGREH PUPUH SINOM

Kompetensi Inti
1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi,
gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan
sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin
tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan
kejadian tampak mata.
4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung,
menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang
sama dalam sudut pandang/teori.
Kompetensi Dasar
1.1 Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa sebagai bahasa Ibu
untuk mendukung bahasa Indonesia sebagai bahasa persatuan dan kesatuan bangsa.
1.2 Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa dan memanfaatkannya
sebagai saran komunikasi masyarakat Jawa.
2.1 Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, bertanggung jawab, peduli (toleransi
dan gotong royong) santun, percaya diri, dalam menyampaikan informasi atau menanggapan
berbagai hal/keperluan sesuai dengan tata krama Jawa.
2.2 Menunjukkan perilaku berbahasa yang santun yang ditunjukkan dengan ketepatan
penggunaan ragam bahasa (unggah-ungguh basa).
2.3 Menujukkan perilaku, tindakan, dan perbuatan yang mencerminkan kepribadian Jawa.
3.2 Menelaah teks Piwulang serat Wulangreh pupuh Sinom.
4.2 Menanggapi teks piwulang serat Wulangreh pupuh Sinom dengan ragam krama.

10

Indikator Pembelajaran
3.2.1 Membaca teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom.
3.2.2 Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit.
3.2.3 Menjawab Pertanyaan tentang isi teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom.
4.2.1 Membaca teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom.
4.2.2 Mendiskusikan nasihat yang terdapat pada teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh
Sinom.
4.2.3 Menuliskan isi teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom.
4.2.4 Memberikan tanggapan atau komentar secara tertulis tentang isi teks Piwulang Serat
Wulangreh Pupuh Sinom.
4.2.5 Menyampaikan tanggapan secara lisan terhadap isi teks Piwulang Serat Wulangreh
Pupuh Sinom.

Materi Pembelajaran

A. Serat Wulangreh
Wulangreh iku saka tembung wulang lan reh. Wulang iku tegese wuruk, pitutur,

piwulang, dene reh iku tegese tatanan, aturan, pranatan. Saengga bisa dijupuk dudutan bilih
serat Wulangreh yaiku serat kang isine aturan lan piwulang kanggo nggayuh kahuripan kang
sejati. Kamangka, ajaran moral sajrone serat Wulangreh iku prayoga bilih dipraktekne ing
padinan. Serat Wulangreh yaiku salah sawijine kasusastraan Jawa kang adiluhung. Sebab,
akeh piwulang luhur kang bisa dijupuk saka Serat Wulangreh. Serat kang ditulis dening Sri
Susuhunan Pakubuwana IV iki arupa kumpulan tembang kang saben pupuh tembange
ngandhut piwulang kang piguna kanggo sing gelem maca. Serat Wulangreh iku kasusun
dening 13 pupuh, yaiku :

a. Maskumambang = 34 pada/bait
b. Mijil = 26 pada/bait
c. Sinom = 33 pada/bait
d. Kinanthi = 16 pada/bait
e. Asmarandana = 28 pada/bait
f. Gambuh = 17 pada/bait
g. Dhandhanggula = 8 pada/bait

11

h. Durma = 12 pada/bait
i. Pangkur = 17 pada/bait
j. Megatruh = 17 pada/bait
k. Pocung = 23 pada/bait
l. Wirangrong = 21 pada/bait
m. Girisa = 25 pada/bait

B. Tembang Macapat
Pupuh Sinom kang ana ing Serat Wulangreh iku kalebu jenise tembang macapat.

Temabng macapat iku kasusastran Jawa awujud lelagon kang nganti saiki isih ngembaka
ing masarakat Jawa. Tembang macapat ngandhut piwulang becik. Tembang macapat dadi
salah sijine sarana kanggo medharake piwulang saka para sesepuh tumrap para mudha.
Akeh serat Jawa kang isine awujud pupuh tembang macapat, ing antarane yaiku serat
Wulangreh, serat Wedhatama, serat Wedharaga, serat Kalatida, lan sapanunggalane.

a. Jinis Tembang, ana telu yaiku =
1) Tembang Gedhe, wujud tembang gedhe yaiku kakawin ing jaman kuna.
Kang klebu tembang gedhe yaiku Citramengeng, Kusumastuti,
Mintajiwa, lan Pamularsih.
2) Tembang Tengahan, jinising tembang iki kaya dene kidung kang asring
dienggo rikala jaman Majapahit. Kang klebu tembang tengahan yaiku
Jurudemung, Wirangrong, Girisa, lan Balabak.
3) Tembang Alit, kang klebu tembang alit yaiku tembang macapat
minangka salah siji wujude tembang ing kasusastran Jawa anyar, manut
riwayat timbale tembang macapat iku karipta dening para wali. Tembang
macapat minangka pralambang laku uriping manungsa.

b. Urutan Tembang Macapat
Urut-urutane tembang Jawa iku padha lelakoning manungsa saka bayi abang

tumekaning pati. Urut-urutane tembang yaiku kaya ing ngisor iki.
1) Maskumambang, gambarake jabang bayi sing isih ana ing kandhutane
ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, kumambang ateges
uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
2) Mijil, ategese wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
3) Sinom, ategese kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati
kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.

12

4) Kinanthi, sak tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya
bisa mlaku ngambah panguripan ing alam donya.

5) Asmarandana, ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita
lan kosok baline) kang kabeh wis dadi kodrat ilahi.

6) Gambuh, saka tembung jumbuh/sarujuk kang ategess yen wis
jumbuh/sarujuk banjur digathukake antarane priya lan wanita sing padha
duweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan.

7) Dhandhanggula, nggambarake uripe wong kang lagi seneng, apa kang
digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwe sisihan/bojo, anak, urip cukup
kanggo sakaluwarga.

8) Durma, saka tembuh darma/weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan
uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang
lagi nandang kacitrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh
marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange
agama lan watak sosiale manungsa.

9) Pangkur, saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu
angkara murka, kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-
padha.

10) Megatruh, saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis
titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

11) Pocung, yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa
dipocong sadurunge dikubur.

c. Watak Tembang Macapat
Ing ngisor iki watake tembang macapat.
1) Maskumambang : sedhih, susah, nalangsa, kelara-lara, ngeres-eresi.
2) Mijil : wedharing, rasa utawa ati.
3) Sinom : grapyak, semanak, nanging sok-sok wekasane dadi sereng
marga ora keturutan karepe.
4) Kinanthi : seneng, asih, lan trisna.
5) Asmarandana : tresna, sengsem, sedhih, prihatin.
6) Gambuh : rumaket, kulina, wanuh wani.
7) Dhandhanggula : luwes lan ngresepake.
8) Durma : galak, jengkel, utawa muring.

13

9) Pangkur : sereng, nepsu, nggambarake kekarepan kang ora gampang
nglokro.

10) Megatruh : sedhih, susah, ora duwe pangarep-arep.
11) Pocung : kendho tanpa greget, piwulang becik.
d. Paugeran Tembang Macapat

Tembang macapat duweni paugeran utawa metrum kang wis gumathok.
Paugerane tembang macapat ana telu, yaiku :

1) Guru gatra : cacahing larikan utawa gatra saben sapada.

2) Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra utawa salarik.

3) Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra.

No. Nama Tembang Guru Lagu & Guru Wilangan Guru

Gatra

1. Pocung 12u, 6a, 8i, 12a 4

2. Maskumambang 12i, 6a, 8i, 8a 4

3. Gambuh 7u, 10u, 12i, 8u, 8o 5

4. Megatruh 12u, 8i, 8u, 8i, 8o 5

5. Kinanthi 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i 6

6. Mijil 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u 6

7. Pangkur 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i 7

8. Asmarandana 8i, 8a, 8e, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a 8

9. Durma 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i 7

10. Sinom 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a 9

11. Dhandhanggula 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 10

7a

C. Nembangke Pupuh Sinom
Tembang Sinom iku nggambarake mangsa nalika manungsa isih enom kayadene

sinom (godhong asem kang isih enom). Pramila, tembang Sinom duweni watak
grapyak, semanak, lan ethes kaya dene bocah enom.

14

Sinom (Pelog pathet Nem)

12221111

Am- beg- e kang wus u- ta- ma

6 5 5 5 6 1 21 65

Tan ngen- dhak gu- na- ning jan- mi

1 2 2 2 1 6 6 56

A- mi- gu na ing a- gu- na

6 6 6 5 6 2 21 6

Sa- so- lah- e ku- du ba- thi

3555666

Pin- ter- e den a- li- ngi

1 2 3 1 6 5 65 32

Bo- dho- ne di- no- kok nga- yun

1233333

Pam- rih- e den i- na- a

6 6 6 5 6 2 21 6

A- ja na nga- ra- ni bang- kit

3 5 5 5 5 6 12 6 5 65 32
dha- pa-
Su- ka li- la den- ina sa- pa-
dha.

Pupuh Sinom ing Serat Wulangreh ana 33 pada. Saben pada ing pupuh Sinom
iku padha gayut antarane pada siji lan liyane. Gegayutan kasebut ngenani makna kang
kaandhut sajroning pupuh Sinom. Ing ngisor iki, pada siji ngasi pada 33 pupuh
Sinom.

1. Ambege kang wus utama,// tan ngendhak gunaning janmi,// amiguna ing
aguna,// sasolahe kudu bathi,// pintere den alingi,// bodhone dinokok ngayun,//
pamrihe den inaa,// aja na ngarani bangkit,// suka lila denina sapadha-padha.

2. Ingsun uga tan mangkana,// balilu kang sun alingi,// kabisan sundekek
ngarsa,// isin menek denarani,// balilu ing sujanmi,// nanging batiningsun

15

cubluk,// parandene jroning tyas,// lumaku ingaran wasis,// tanpa ngrasa
prandene sugih carita.

3. Tur duk ingsun maksih bocah,// akeh kang amituturi,// lakuning wong kuna-
kuna,// lalabetan ingkang becik,// miwah carita ugi,// kang kajaba saking
ngebuk,// iku kang aran kojah,// suprandene ingsun iki,// teka nora nana
undhaking kabisan.

4. Carita nggoningsun nular,// wong tuwa kang momong dhingin,// akeh kang
sugih carita,// sun rungokken rina wengi,// samengko maksih // eling sawise
diwasaningsun,// bapak kang paring wulang,// miwah ibu mituturi,// tata-krama
ing pratingkah kang raharja.

5. Nanging padha ngestokena,// pitutur kang muni tulis// yen sira nedya
raharja,// anggonen pitutur iki,// nggoningsun ngeling-eling,// pitutur wong
sepuh-sepuh,// muga padha bisaa,// anganggo pitutur becik,// ambrekati
wuruke wong tuwa-tuwa.

6. Lan aja na lali padha,// mring luluhur ingkang dhingin,// satindake den
kawruhan//, angurangi dhahar guling,// nggone ambanting dhiri,// amasuh
sariranipun,// temune kang sineja //,mungguh wong nedha ing Widhi,// lamun
temen lawas enggale tinekan.

7. Pangeran kang sipat murah,// njurungi kajating dasih,// ingkang temen
tinemenan,// pan iku ujaring dalil,// nyatane ana ugi// iya Ki Ageng ing
Tarub,// wiwitane nenedha,// tan pedhot tumekeng siwi,// wayah buyut
canggah warenge kang tampa.

8. Panembahan Senapatya,// kang jumeneng ing matawis,// iku kapareng lan
mangsa,// dhawuh nugrahaning Widhi,/ saturune lestari,// saking brekating
luluhur,// mrih tulusing nugraha,// ingkang kari-kari,// wajib uga anirua
lakunira.

9. Mring luhur ing kuna-kuna,// enggone ambanting dhiri,// iya sakuwasanira,//
sakuwate anglakoni,// nyegah turu sathithik,// sarta nyuda dhaharipun,//
pirabara bisaa,// kaya ingkang dhingin-dhingin,// atirua sapratelon saprapatan.

10. Ana ta silih bebasan,// padha sinaua ugi,// lara sajroning kapenak,// suka
sajroning prihatin,//lawan ingkang prihatin,// mapan suka ing jronipun,// iku
den sinaua,// lan mati sajroning urip,// ing wong kuna pan mangkono kang den
gulang.

16

11. Pmoring Gusti kawula,// pan iku ingkang sayekti,// dadine sotya ludira,//
iku den waspada ugi,// gampangane ta kaki,// tembaga lawan mas iku,// linebur
ing dahana,// luluh amor dadi siji,// mari nama kencana miwah tembaga.

12. Ingaranana kencana,// pan wus kamoran tembagi,// ingaranana tembaga,//
wus kamoran kencana di,// milila dipun wastani,// mapan suwasa puniku,//
pamore mas tembaga,// pramila namane salin//, lan rupane sayekti puniku
beda.

13. Cahya abang tuntung jenar,// punika suwasa murni,// kalamun gawe
suwasa,// tembagane nora becik,// pambesote tan resik,// utawa nom
emasipun,// iku dipun pandhinga,// sorote pesthi tan sami,// pan suwasa bubul
arene punika.

14. Yen arsa karya suwasa,// darapon dadine becik,// amilihana tembaga,//
oleha tembaga prusi,// binesot ingkang resik,// sarta mase ingkang sepuh,//
resik tan kawoworan,// dhasar sari pasthi dadi,// iku kena ingaran suwasa
mulya.

15. Puniku mapan upama,// tepane badan puniki,// lamun arsa ngawruhana,//
pamore kawula Gusti,// sayekti kudu resik,// aja katempelan nepsu,// luwamah
lan amarah,// sarta suci lair batin,// dadi mene sarira bisaa tunggal.

16. amun ora mangkonoa,// sayektine nora dadi,// mungguh ngelmu ingkang
nyata,// nora kena den sasabi,// ewuh gampang sayekti,// puniku wong duwe
kawruh,// gampang yen winicara,// angel yen durung marengi,// ing wektune
binuka jroning wardaya.

17. Nanging ta sabarang karya,// kang kinira dadi becik,// pantes den
talatenana,// lawas-lawas mbok pinanggih,// den mantep jroning ati,//
ngimanken tuduhing guru,// aja uga bosenan//, kalamun arsa utami,// mapan
ana dalile kang wus kalakyan.

18. Para luluhur sadaya,// nggone nenedha mring Widhi,// bisaa mbaboni
praja,// dadi ugering rat Jawi,// saking talaten ugi,// enggone katiban wahyu,//
ing mula mulanira,// lakuning luluhur dhingin,// andhap asor enggone anamur
lampah.

19. apane nganggo alingan,// pan sami alaku tani,// iku kang kinarya sasab,//
pamrihe aja katawis,// ujubriya lan kibir,// sumungah ing siningkur,// lan endi
kang kanggonan, wahyuning karaton Jawi,// tinempelan anggenipun
kumawula.

17

20. Puniku laku utama,// tumindak sarta kekelir,// nora ngatingalken lampah,//
wadine kang denalingi,// panedyane ing batin,// pan jero pangarahipun,// asore
ngelmu rasa,// prayoga tiniru ugi,// anak putu aja na tinggal lanjaran.

21. Lawan ana kang wasiyat,// prasapa kang dhingin-dhingin,// wajib padha
kawruhana// mring anak putu kang kari,// lan aja na kang lali,// anerak
wewaleripun,// marang luluhur padha,// kang minulyakken ing Widhi,// muga-
muga mupangatana kang darah.

22. Wiwitan kang aprasapa,// Ki Ageng ing Tarub weling,// ing satedhak
turunira,// tan rinilan nganggo keris,// miwah waos tan keni,// kang awak waja
puniku,// lembu tan kena dhahar,// daginge lan ora keni,// angingua marang
wong Wandhan tan kena.

23. Dene Ki Ageng Sesela,// prasapane ora keni,// ing satedhak turunira,//
nyamping cindhe denwaleri,// kalawan nora keni,// ing ngarepan nandur
waluh,// wohe tan kena mangan,// Panembahan Senapati,// ing ngalaga punika
ingkang prasapa.

24. Ing satedhak turunira,// mapan nora denlilani,// nitih kuda ules napas,// lan
malih dipun waleri,// nitih turangga ugi,// kang kokoncen surinipun,// dhahar
ngungkurken lawang,// ing wuri tan na nunggoni,// dipunemut aja na nerak
prasapa.

25. Jeng Sultan Agung Mataram,// prasapane nora keni,// mring tedhake yen
nitiha,// jaran bendana yen jurit,// nganggo waos tan keni,// kang landheyan
kayu wergu,// lan tan ingaken darah,// yen tan bisa tembang Kawi,// pan
prayoga satedhak sinaua.

26. Jeng Sunan Pakubuwana,// kang jumeneng ing Samawis,// kondur madeg
Kartasura,// prasapanipun tan keni,// nenggih kalamun nitih,// dipangga
saturunipun,// Sunan Prabu Mangkurat,// waler mring saturuneki,// tan linilan
ngujung astana ing Betah.

27. Lawan tan kena nganggoa,// dhuwung sarungan tan mawi,// kandelan yen
nitih kuda,// kabeh ajaa na kang lali,// lan aja na nggagampil,// puniku
prasapanipun,// nenggih Jeng Susuhunan,// Pakubuwana ping kalih,// mring
satedhak turunira linarangan.

28. Mangan apyun nora kena,// sineret tan den lilani,// inguntal pan
linarangan,// sapa kang wani nglakoni,// narajang waler iki,// yen nganti
kalebon apyun,// pan kena ing prasapa,// jinabakken tedhakneki,// Jeng
Susuhunan ingkang sumare Nglaweyan.

18

29. Prasapa Jeng Susuhunan,// Pakubuwana kaping tri,// mring satedhak
turunira,// mapan datan denlilani,// agawe andel ugi,// wong kang seje
jinisipun,// puniku linarangan,// anak putu wuri-wuri,// aja na kang wani
nrajang prasapa.

30. Wonten waler kaliwatan,// saking luluhur kang dhingin,// linarangan
angambaha,// wana Krendhawahaneki,// dene kang amaleri,// sang Dananjaya
ing dangu,// lan malih winaleran,// kabeh tedhake Matawis,// yen dolana ing
wana Rami tan kena.

31. Dene sisirakanira,// yen tedhak ing Demak ugi,// anganggo wulung tan
kena,// lawan ta kang nyirik malih,// bebed lonthan tan kena,// kalamun tedhak
Madiyun,// lan payung dhanddhan abang,// tedhak Madura tan keni,// nganggo
poleng lan bathikan parang-rusak.

32. Tedhaking Kudus tan kena,// adhahara daging sapi,// tedhaking Sumenep
ika,// nora kena ajang piring,// watu pan datan keni,// dhahar kidang
dagingipun,// mapan ta linarangan,// godhong palasa kinardi,// ajang mangan
pan puniku nora kena.

33. Kabeh anak putu padha,// eling-elingen ywa lali,// prasapa kang kuna-kuna
walering luluhur dhingin,// estokna ing jro ngati,// aja nganti nemu dudu,//
kalamun wani nerak,// pasthi tan manggih basuki,// Sinom Salin Girisa
ingkang atampa.

D. Nggancarake Tembang Macapat

Nggancarake tegese ngowahi karangan (geguritan, tembang) dadi karangan
bebas. Karangan bebas iku jinis karangan kang ora gumathok dening paugeran utawa
aturan. Nggancarake menawa ing basa Indonesia diarani memparafrasekan. Tembang
utawa geguritan digancarake supaya isine luwih gampang dimangerteni. Tuladhane
kaya ing ngisor iki.

Tembang Gancaran
Puniku mapan upama, Iku mung parumpamaan, kang ditrapake
Tepane badan puniki, sajroning awak. Bisa awakdhewe
Lamun arsa ngawruhana, mangerteni babagan panunggalan kawula,
Pamore kawula Gusti, Gusti. Kudu bener-bener resik. Aja mung
Sayekti kudu resik, ngutamakake napsu, sipat srakah lan
Aja katempelan nepsu, amarah. Sarta kudu suci lair batin supaya

19

Luwamah lan amarah, awak bisa nyampur utawa nyawiji.
Sarta suci lair batin,
Dadi mene sarira bisaa tunggal.

Trap-trapane nggancarke tembang yaiku kaya ing ngisor iki.

a) Negesi tembung kang angel.

b) Ndhapuk teges saben larik.

c) Mbangun larik dadi alinea utawa paragraph.

d) Nalika mbangun alinea utawa paragrap kena nambah utawa nyuda lan

ngowahi tembung sawentara sing baku nanging ora kena nganti ngowahi teges

utawa ksrepe tembang.

Tuladha tegesana tembung sing angel kaya ing ngisor iki.

Tembung Tegese

Kawula Aku

Sayekti Temenan, tenanan

Lumawah Sipat srakah

Mene Sesok

Sarira Awak

E. Isi Piwulang Serat Wulangreh
Piwulang ing Serat Wulangreh menika warna, saben pupuh tembange isine

piwulang kang piguna kanggo sing gelem maca. Isi piwulange yaiku :

a) Pupuh Maskumambang isine bab carane nyembah.
b) Pupuh Mijil isine bab cara pasrah lan syukur.
c) Pupuh Sinom isine bab dhasar-dhasaring tingkah laku.
d) Pupuh Kinanthi isine bab cara srawung utawa milih kanca.
e) Pupuh Asmarandana isine bab nindhakake ajaran agama.
f) Pupuh Gambuh isine larangan ndue watak adigang, adigung, adiguna.
g) Pupuh Dhandhanggula isine bab cara milih guru.
h) Pupuh Durma isine carane ngandhaleni hawa nepsu.
i) Pupuh Pangkur isine bab tata krama, bedakake ala lan becik, serta cara

ndeleng wataking manungsa.

20

j) Pupuh Dhudhuk isine cara ngawula marang raja.
k) Pupuh Pocung isine cara nyambung paseduluran lan mangerteni isining

wacan.
l) Pupuh Wirangrong isine bab ala becik perilaku.
m) Pupuh Girisa isine pesan sarta donga sang pujangga.
F. Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom
Saka Serat Wulangreh Pupuh Sinom kasebut bisa kajupuk piwulang kaya ing ngisor iki.
a) Pupuh Sinom ngandhut piwulang babagan gegayuhan.
b) Manawi nggayuh samubarang gegayuhan kuwi ora gampang lan butuhake
perjuwangan.
c) Nggugu piweling wong tuwa lan guru, aja nganti lali marang leluhur, lan
sudanen mangan lan turu (pasa).
d) Kajaba usaha uga nalika nggayuh kekarepan perlu donga lan prihatin, minangka
rasa percaya marang Gusti Kang Maha Kwasa.

21

BAB III

CERITA RAMAYANA KIDUNG KENCANA

Kompetensi Inti
1. Menghargai dan menghayati ajaran agama
2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (toleransi,
gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan
lingkungan social dan alam dalam jangkauanpergaulan dan keberadaanya.
3. Memahami dan menerapkan pengetahuan (factual, konseptual, dan procedural)
berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya
terkait dengan fenomena dan kejadian nyata.
4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat ) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang ) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah
dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori

Kompetensi Dasar
1.1 Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa sebagai bahasa Ibu untuk
mendukung bahasa Indonesia sebagai bahasa persatuan dan kesatuan bangsa
1.2 Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa dan memanfaatkanya

sebagai sarana komunikasi masyarakat Jawa .
2.1 Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, bertanggungjawab, peduli (toleransi,
dan gotong royong), santun, percaya diri dalam menyampaikan informasi atau menanggapi
berbagai hal/keperluan sesuai dengan tata krama Jawa.
2.2 Menunjukan perilaku berbahasa yang santun yang ditunjukan dengan ketepatan

penggunaan ragam bahasa (unggah ungguh basa).
2.3 Menunjukan perilaku, tindakan, dan perbuatan yang mencerminkan kepribadian Jawa.
3.3 Memahami isi teks cerita Ramayana Kidung Kencana
4.3 Meringkas teks cerita wayang Ramayana Kidung Kencana
Indikator Pembelajaran
3.3.1 Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit
3.3.2 Menjawab/mengajukan pertanyaan bacaan
3.3.3 Menuliskan isi cerita
3.3.4 Mengungkapkan pesan yang tersirat dalam cerita secara tertulis
4.3.1 Membaca pemahaman teks cerita wayang Ramayana
4.3.2 Mendiskusikan unsur intrinsik Ramayana
4.3.3 Menuliskan ringkasan cerita
4.3.4 Menceritakan kembali bacaan secara lisan

22

Materi Pembelajaran

A. Nyemak Crita Wayang Kidang Kencana
Wayang kalebu warisan budaya kang adiluhung. Saben lakon wayang kang dipentasake
mesthi ngandhut piwulang becik kang wigati lan prayoga bilih dituladhani. Lakon-lakon
wayang kang asring dipentasake iku njupuk saka crita Mahabarata lan Ramayana.
Mahabarata iku crita bab Pandhawa lan Kurawa, dene Ramayana iku crita bab Rama lan
Sinta. Ana wulangan iki, para siswa bakal nyinaoni crita wayang Ramayana mligine lakon
Anoman Duta. Lumantar wulangan iki, diajab para siswa bisa njupuk piwulang luhur saka
crita wayang lan mongkong mring kabudayane dhewe kang awujud wayang.

1. Asal-usul Wayang
Miturut para pakar, wayang wis ana wiwit zaman 1500 taun SM, adoh

sadurunge agama lan budaya manca tekan menyang Indonesia. Wujude isih prasaja,
saya suwe bisa adhaptasi karo unsur-unsur liya saengga wujude kaya sing saiki iki.

Wayang saiki wujude beda karo wayang jaman biyen. Keaslian wayang kang
asli saka Indonesia bisa ditelusuri saka pangocapan basa Jawa asli kayata wayang,
kelir, blencong, kepyak, dhalang, kotak lan liya-liyane. Dene critane saka petualangan
lan pengalaman nenek moyang.

Agama Hindu lan Budha saka India mlebu menyang Indonesia ing sekitar
abad kapisan Masehi. Kaloron agama iki gedhe pengaruhe tumrap perkembangane
wayang kanthi nganggo crita saka kitab Ramayana lan Mahabarata kang luwih aos.
Sasuwene abad X nganti XV, wayang ngrembaka kanggo ritual agama lan
pendhidhikan marang masyarakat. Ing jaman iki wis katulis saperangan crita ngenani
wayang. Wayang iku asalae saka India utawa kena pengaruh India Purba sing kasebut
chayanataka. Wayang iku asale saka ciptaan Jawa asli.
2. Wujude Wayang

Wujude wayang arupa boneka sing miturut dhimensine (arah paningal) ana
cacahe yaiku kaya ing ngisor iki:

a. Wujud 2 dhimensi, umume kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit
sapi, utawa wedhus.

23

b. Wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka
kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing
sawetara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging
wayang jinis ngene iki ora ngrembaka.

3. Jinise Wayang
a. Wayang Beber
Wayang beber yaiku wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang
awujud beberan (lembaran). Wayang iki asale saka Pacitan lan Gunung Kidul.
b. Wayang Kulit
Wayang kulit uga diarani wayang purwa. Wayang kulit digawe saka kulit kang
ditatah lan dientha kaya dene manungsa.
c. Wayang Klithik (krucil)
Wayang klitik yaiku wayang kang digawe saka kayu, kang wujude padha karo
wayang kulit. Crita kang kerep ditanggapke yaiku nyritakake Damarwulan lan
Majapahit.
d. Wayang Golek (tengul)
Wayang iki digawe saka kayu lan diklambeni kayata manungsa. Sumbering
crita kajupuk saka sejarah, kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan
Agung, Banten Trinujaya, lan sapa nunggalane. Crita wayang iki uga bisa
kajupuk saka dongeng Negara Arab.
e. Wayang Gedhog
Wayang iki wujude meh padha karo wayang kulit. Kang digawe kurang luwih
taun 1400-an. Sumbering crita saka crita raja ing Jawa, antarane Banten,
Singasari, Mataram, Kediri, lan sapanunggalane. Wayang iki mung bisa
ditemokake ana museum.
f. Wayang Menak
Wayang Menak yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun)
wong. Critane yaiku babagan dakwah Islam kayata Wong Agung Jayengrana,
Imaryana, lan Umarmadi.
g. Wayang Kancil
Wayang iki uga diarani “wayang Dupara”. Wayang sing digawe saka lulang.
Crita serine Kancil.
h. Wayang Wahyu

24

Wayang Wahyu uga kasebut “wayang bibel” iki diciptake dening Bruder
Temothoes kanggo nyiarake agama Kristen.
i. Wayang Jemblung
Sawijining bentuk kesenian teater tradisional saka tlatah Banyumas. Bentuke
wayang iki kaya pagelaran wayang, nanging dimainake dening sawijining
dhalang kang ngrangkep dadi wayang, gamelan, pangrawit, lan waranggana
(vokalis).
j. Wayang Wong
Wayang kang diparagake wong kang ana gerakan tarine. Sumbering crita saka
Ramayana lan Mahabarata.
4. Wayang Ramayana
Tembung Ramayana asale saka basa Sansakerta “rama” lan “yana”. Rama
tegese nyenengake, narik kawigaten, lan nyengsemake. Yana tegese pangembaraan.
Dadi, Ramayana iku tegese “ Lelakone Rama”. Ing crita Ramayana iku nyritakake
lelakone Rama awit saka cilik.
Crita inti Ramayana ditulis deningb Walmiki saka India udakara taun 400 SM
sing critane kawiwitan antarane taun 500 SM nganti taun 200 SM. Crita Ramayana iki
dadi kitab suci kanggo umat agama Wisnu. Paraga-paraga sajroning crita Ramayana
dadi tuladha sing becik ing kahuripan. Sipat-sipat becik keadilan, lan katrenan
digambarake dening paraga Rama, Sinta, Lesmana, Sugriwa, Hanuman, sarta
Wibisana.
5. Crita Wayang Kidang Kencana
Crita Kidang Kencana iki sawijine lelakon kang ana ing crita Ramayana. Crita
iki duweni maneka versi kang beda. Ing ngisor iki bakal diandharake versi kang
kapisan. Gatekna kanthi premati !
Semaken crita kang diwacakna dening salah sawijine kancamu ing ngisor iki
kanthi premati !

Kidang Kencana
(versi kapisan)
Kocap carita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun
Rama. Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta
kaget amarga mirsani sesawanga sing edi peni. Ana kewan kidang kang merak ati,
rupane ayu, polahe trengginas, lan kulite werna mas. Kidang mlayu mrana-mrene
mlumpat-mlumpat nggodha ati. Sinta kepencut, pengin kagungan kidang kang endah

25

iku. Mula Sinta banjur nyuwun mring Rama supaya nyekel kidang kencana iku
kanggo dheweke. Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati
dheweke nindakake panyuwune Sinta.

Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine
yaiku Lesmana. “ Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang
kencana, keslametane mbakyumu dakpasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe
ninggalake Sinta dhewekan,”

“ Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken,
atos-atos kangmas,” mangkono ature Lesmana.

Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti
tekan tengah alas gung iwang-liwung. Sorote srengengene wis ora bisa nembus alas
maneh. Peteng dhedhet kahanane, lacake kidang kencana ora katon. Nalika atine
Rama tratapan, saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama
ngelpasake jemparing nembus awake. Nanging ana kedadeyan kang aneh, kidang
kencana muksa disusul metune buta Kalamicara nyuwara seru. Pambengoke
Kalamicara kaprungu nganti tekan saindenging alas. Kaprungu swara kang mirip karo
swarane Rama kang lagi kena musibah.

Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kuwatir
marang kaslametane Rama, nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang
kasaktene Rama, mula dheweke percaya yen swara mau dudu swarane Rama. Mula
nalika Sinta ngerakake Lesmana nusul Rama kanggo mesthikake kaslamatane,
Lesmana wegah lan tetep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel lan kawetu omongan kang
ora ngenakake kupinge Lesmana.

“Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-meneng
sliramu pingin duweni aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa
bebas…”

“Cekap kakang mbok Sinta ! Kula ngrumati kangmas Rama. Malah ruh lan
raga kula lila dakkurbanaken kangge mbela asmane kangmas Rama. Dados lepat
sanget menawi kangmbok Sinta kagungan panganggep kados mekaten dhateng kula.”

“ Menawi makaten mbak, amargi panjenengan ngotot, meksa, kula badhe
damel wates kangge panjenengan, kula suwun kangmbok boten medal saking wates
menika kangge kawilujengan amargi kangmbok kula tilar piyambakan.”

Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg.
Ora ana sing bisa ngganggu Dewi Sinta angger tetep manggon ing njero bunderan iku.

26

Sawise rumangsa aman, Lesmana budhal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki
Rama.

Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamicara, buta kang
tugase dadi mata-mata raja Alengka yaiku Rahmawa. Mula panjenengane kemutan
marang keslametane Dewi Sinta lan cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo
mirsani kahanan garwane. Ing tengah lakune kepethuk karo Lesmana, atine Rama
tambah tratapan amarga Sinta ora bareng karo lesmana. Sadurunge Rama nyuwun
pirsa babagan Sinta, Lesmana njlentrehake kabeh prastawa kanthi cetha wela-wela
nganti ninggalake Sinta dhewekan.

“Aduh ! Cilaka rayi Lesmana…iki ana upaya manungsa kang nyoba ngapusi
awakdhewe. Ayo saiki enggal nemoni mbakyumu Sinta !”

Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-
njaluk. Dheweke nreyuhake ati njaluk banyu ngombe kanggo nambahi ngelake. Sinta
ora ngerti menawa simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana ratu Alengka
kang ngumbar angkara murka. Rahwana ngerti marang kalemahane wanita sing oa
tegaan menawa weruh kahanan kang nreyuhake. Nalika Dewi Sinta ngecungake
cangkir, astane metu saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ing dadane
Rahwana banjur digawa mabur. Sinta kasil ditipu dening Rahwana, Rahwana ngguyu
lakak-lakak rumangsa menang, swarane kaprungu ing saindenging angkasa, kasil nipu
Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana. Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka
regemane Rahwana , nanging malah ambrug ing lemah amargi kena sabetan pedange
Rahwana.

B. Nyritakake Isine Crita Kidang Kencana
Nalika arep nyritakake isine crita kang wis kokwaca, kudu nggantekake solah bawa,

carane crita, lan ekspresi wajah. Nalikane maragakake dadi wong lanang carane ngomong lan
ekspresine uga kudu kaya wong lanang. Ekspresi nesu, seneng, lan sedhih kudu jumbuh
supaya anggonmu nyritakake crita bisa besik lan trampil sarta luwes. Ing ngisor iki bakal
diandharake crita Kidang Kencana versi kapindho. Wacanen kanthi setiti !

Kidang Kencana

(Versi kapindho)

Prabu Dasarata duweni anak papat yaiku Rama, Lesmana, Barata, lan Satrugna.
Satrugna lan Lesmana kuwi kembar putra asma Barata.

27

Prabu Dasarata amarga wis sepuh, kapengin masrahake tahta kanggo putrane mbarep
yaiku Rama. Ananging, Dewi Kekayi trima. Dewi Kekayi nagih janji marang Prabu Dasarata
yen sing bakale dadi raja yaiku putrane Barata. Kanthi aboting manah. Prabu Dasarata
sarujuk , dene Rama kudu urip udakara limalas taun urip ana ing tengah alas.

Prabu Rama, ninggalake Ayodya dikancani dening garwane Dewi Sinta lan rayine
Lesmana. Rombongan ninggalake Ayodya tumuju alas Dandaka. Ana ing alas mau, akeh
banget coba lan godha. Rombongan mau ketemu karo Raseksa wadon kanga ran
Sarpakenaka. Sarpakenaka kepincut marang pasuryan Rama. Dheweke nyedhaki Rama.
Ananging, Prabu Rama ora sudi.

Banjur, Sarpakenaka uga kepincut marang Lesmana. Semana uga Lesmana ora sudi
narima Sarpakenaka. Gelut ora bisa kapenggak. Pungkasane, Sarpakenaka tatu kena pedange
Lesmana. Irunge tatu. Banjur dheweke bali mulih menyang Alengka. Sarpakenaka wadul
marang kakange yaiku Dasamuka.

Dasamuka diwaduli adhine kang tatu mau murka. Banjur ngrancang siasat males
rombongane Rama. Dikancani karo abdine kang jeneng Kala Marica, Dasamuka budhal
menyang alas Dandaka. Ing kono, Kala Marica memba-memba dadi Kidang. Kidang kang
bagus tenan duweni ules kencana. Kala Marica banjur mlayu-mlayu ing sacedhake
pakemahane Rama. Dewi Sinta kang ngerti ulese Kidang kang kaya emas mau, banjur ngrayu
garwane supaya gelem nyekelake. Amarga banget tresnane marang garwane, Rama kersa
nyekelake kidang kencana mau.

Lesmana diutus njaga Dewi Sinta aja nganti ditinggal dhewean. Rama nggudak
kidang mau. Saya suwe saya adoh saka kemahe. Kidang mau mlayune kesit. Banjur, Rama
nguculake jemparinge. Pananh mau ngenani kidang. Kidang mbengok kelaran. Bengokane
kidang keprungu tekan kemah. Bengokan mau mirip swarane Rama. Sinta kuwatir menawa
Rama kena mala. Ananging, Lesmana ora gelem. Dheweke wis kadung janji marang Rama
supaya ora lunga saka kemah ninggal Dewi Sinta.

Dewi Sinta ngrayu terus. Pungkasane, Lesmana gelem marani Rama. Ananging,
sadurunge lunga, dheeweke nggawe bunderan. Dewi Sinta ora oleh ngliwati bunderan mau
ngati Lesmana utawa Rama bali mulih.

28

C. Nulis Ringkesan Isi Crita Kidang Kencana
Nulis ringesan crita iku kudu nggatekake unsur-unsur sajrone crita. Unsur crita iku ana
loro yaiku unsur intrinsic lan ekstrinsik. Unsur intriksik yaiku unsur kang ana ing sajroning
cerita. Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang ana ing sajabane crita. Yen kepengin nulis
ringkesan crita kudu jumbuh karo unsur intrinsic crita. Unsur intrinsic crita yaiku :

a. Tema
Tema yaiku idhe pokok sing dadi dhasar crita.

b. Alur utawa plot
Alur yaiku urut-urutane prastawa sajrone crita. Alur iku ana telu, yaiku alur maju,
mundur, lan campuran.
i. Alur maju utawa progresif : crita dicritakake urut saka wiwitan tekan
pungkasan.
ii. Alur mundur utawa flashback ; crita dicritakake kanthi gambaraken biyen-
biyen utaa kadadeyan kapungkur terus tekan kadadeyan saikine.
iii. Alur campuran utawa maju mundur : crita dicritakake kanthi campuran saka
maju dadi mundur utawa sawalike.
Tatarane gawe alur :
a. Pengenalan, panulis nepungake utawa ngenalake paraga lan latar crita.
b. Konflik, wiwit ana prakara
c. Klimaks, prakara ndeder.
d. Antiklimaks, prakara wis mendha
e. Karampungane crita, bisa seneng bisa susah.

c. Latar utawa Setting
Latar iku nyangkup wektu, panggonan, lan swasana sajroning crita.

d. Paraga lan Watake
Paraga iku tokoh-tokoh sajroning crita. Para paraga iki duweni watak kang beda
antarane siji lan sijine. Miturut watake ana telung jenis paraga, yaiku protagonist,
antagonis, lan tritagonis.
i. Protagonist, yaiku paraga utama sing lumrahe apik wewatakane
ii. Antagonis, yaiku paraga utawa sing lumrahe duwe watak ala
iii. Tritagonis, yaiku paraga pambiyantu sing netral

e. Pesen utawa pepeling
Pepeling kuwi pesen sing arep diaturake panulis marang pamaos crita.

29

f. Cara Mawas Panulis
Padunungane panulis ing crita iku ana loro, bisa dadi wong kapisan utawa wong
katelu.
a. Wong kapisan, panulis mapanake minangka „aku‟ ing crita. Panulis kaya-kaya
nyritakake lelakone dhewe.
b. Wong katelu, panulis mapanake awake ing sajabane crita. Panulis nggunakake
tembung „dheweke‟

g. Lelawane Basa
Lelawane basa yaiku pilihan tembung sing digunakake panulis ing crita kanggo urip
lan endahe crita

1.1 RAMA WIJAYA DAN DEWI SINTHA

30

1.2 KALAMARICA

1.3 JATAYU

31

BAB IV

PACELATHON

Kompetensi Inti

1. Menghargai dan menghayati ajaran agama

2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (toleransi,
gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan
lingkungan social dan alam dalam jangkauanpergaulan dan keberadaanya.

3. Memahami dan menerapkan pengetahuan (factual, konseptual, dan procedural)
berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya
terkait dengan fenomena dan kejadian nyata.

4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat ) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang ) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah
dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori

Kompetensi Dasar
1.1 Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa sebagai bahasa Ibu untuk
mendukung bahasa Indonesia sebagai bahasa persatuan dan kesatuan bangsa
1.2 Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa dan memanfaatkanya

sebagai sarana komunikasi masyarakat Jawa .

2.1 Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, bertanggungjawab, peduli (toleransi,
dan gotong royong), santun, percaya diri dalam menyampaikan informasi atau menanggapi
berbagai hal/keperluan sesuai dengan tata krama Jawa.
2.2 Menunjukan perilaku berbahasa yang santun yang ditunjukan dengan ketepatan

penggunaan ragam bahasa (unggah ungguh basa).

2.3 Menunjukan perilaku, tindakan, dan perbuatan yang mencerminkan kepribadian Jawa.

3.4 Menelaah dialog/percakapan
4.4 Manulis teks dialog sederhana

Indikator

32

3.4.1 Memahami teks dialog/pacelaton
3.4.2 Menelaah teks dialog
3.4.3 Menemukan bahasa sulit dalam teks dialog
3.4.4 Menelaah jenis-jenis dialog/Pacelathon
4.4.1 Menulis teks dialog sederhana dengan teman satu kelompok tentang kebudayaan
4.4.2 Mempraktikan dialog yang sudah dibuat didepan kelas dengan teman satu kelompok.

Materi Pembelajaran

A. Memahami pacelathon
Pacelathon asale saka tembung “celathu” entuk ater-ater “pa-“ lan panambang “-

an”. Celathu iku tegese guneman. Pacelathon yaiku omong-omongan kang
ditindhakake antarane wong loro utawa luwih. Ing jawa pacelathon diatur dening
unggah-ungguh. Unggah-ungguh basa mau kaperang dadi loro, yaiku ngoko lan
karma. Bahasa ngoko lan karma uga keperang dadi loro, yaiku lugu lan alus. Bahasa
lugu iku bahasa kang dingo omong-omongan karo wong sing luwih rumaket utawa
akrab, dene bahasa alus dingo matur dening wong sing luwih tuwa utawi wong sing
perlu dikurmati.

1. Titikane Pacelathon
Pacelathon iku duweni titikan(ciri-ciri) ig ngisor iki:
a. Omongan kanthi cara langsung
b. Anane topic kang digunemake/diomongake
c. Anane Paraga pacelathon
d. Basa sing digunakake iku singkat/cendhek, ladhet, an cetha.

2. Unggah-Ungguh ing Pacelathon
Bab kang ana gegayutane karo unggah-ungguh ana ing pacelathon antarane kaya ing
ngisor iki:
a. Umur
Bocah cilik kang kudu kurmat karo wng sing luwih tuwa, lan sing enom karo sing
luwih tuwa.
b. Peprernahan

33

Peprenahan tegese paseduluran/trah/awu. Anak kudu kurmat dhateng
bapak/ibuk/simbah, adhi kudu kurmat karo kakang/mbakyu, ponakan kudu kurmat
dhateng paklik/bulik/budhe/pakdhe lan sakpanunggalipun.
c. Drajat utawa pangkat
Kalungguhan wong drajade cendhek kudu kurmat marang wong sing derajate
luwih dhuwur.
d. Luhuring Bebuden
Wong kang duwe leluhuran bebuden/budu pakerti luwih becik. Umoamane
pimpinan agama(ulama); gadhah titel (Dr. Drs. Ir. Lps); ahli seni(Seniman); Ahli
budaya (Budayawan); lan sakpanunggale.

3. Basa kang digunakake nalika pacelathon
Basa apa bae kang digunakake Manawa padha rembugan yaiku bahasane jumbuhake.
Umpamane kaya ing ngisor iki:
a. Bocah cilik-Bocah cilik (ngoko lugu)
b. Diwasa – Diwasa(ngoko lugu)
c. Diwasa –Sepuh (Krama alus)
d. Sepuh-Sepuh (Krama alus,ngoko alus)
e. Wong tuwa- bocah( Ngoko lugu)
f. Bocah- wong tuwa (Krama alus)
g. Lps.

B. Nulis Pacelathon
Pacelathon iku wujud guneman karo wong liya, Ana ing bebrayan diperlokake

nindakake pacelathon karo wong liya supaya bisa oleh informasi utawa bebrayan bisa
mlaku kanthi becik. Sakroning nindakake pacelathon kudu nggatekake unggah-
ungguh. Unggah-ungguh kanggo kanca saumuran, karo wong luwih tuwa, karo kanca
sepadha-padha, utawa luwih enom mingunakake unggah-ungguh basa. Wonten
ngandap menika diandaraken babagan unggah-ungguh basa Jawa.

1. Cara gawe pacelathon
Cara gawe pacelathon yaiku kaya ing ngisor iki:
1. Bentuke Pacelathon.

34

2. Jeneng paraga ditulis.
3. Sawise jeneng paraga migunakake tanda baca titik loro ( : ).
4. Pacelathon kudu ditulis nganggo tanda kutip ( “….”)
5. Katerangan babagan latar kang arupa papan, wektu, lan kahanan ditulis dalam

kurung (…).

2. Unggah Ungguh Pacelathon
Tata karma iku ora mung kalaku ing solah bawa uga ing pacelathon.

Tata karma kang ngrembug bab pacelathon iku kan aran undha-usuk utawa
babagan unggah-ungguh basa jawa kabagi dadi loro yaiku ngoko lan karma.
Manawa ngoko dibagi dadi ngoko alus lan ngoko lugu. Dene karma uga dibagi
dari karma alus lan karma lugu. Ing ngisor iki bakal dijelasake bab ngoko lan
karma.

a. Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu yaiku basa kang kabeh tembunge ngoko. Ora ana tembung

kramane. Titikane basa ngoko lugu yaiku ngoko kabeh, wong sing gunemane nyebut
dhewekke “Aku” lan wong sing diajak guneman “kowe”. Basa ngoko lugu digunakke
dening:
1. Kanca sakpadha-padha sing wis kulina banget.
2. Wong tuwa marang wong enom.
3. Bapak/ibu guru marang muride.
4. Juragan marang pegawaine.
5. Bocah kang lagi ajar guneman.

Tuladha:
-“Kowe mengko apa sida melu jaranan?”
-“Aku dhek mau mangan soto lamongan”
-“Nduk, jupukna buku kae, dhak wacane”

b. Ngoko Alus
Basa ngoko alus, yaiku basa kang wujud tembunge ngoko campur karma inggil

(biyasane tembung kriya). Ater-ater lan panambange tetep ngoko. Titikane basa
ngoko alus yaiku tembunge ngoko kecampur karma inggil kanggo pakurmatan, wong

35

sing guneman nyebut dhewekke “Aku” lan nyebut wong sing dijak omong-omongan
“Panjenengan”. Basa ngoko alus digunakakke dening:
1. Wong tuwa marang wong enom sing diajeni.
2. Wong sepadhan kang wis rumaket lan diajeni.
3. Guru marang tilas muride sing wis kaluargaan.
4. Ibu marang bapak, ing ngomah
5. Kanca karo kanca sing wis suwe ora ketemu
6. Lps.
Tuladha:

-“ apa ibu sida tindhak pasar?”

-“ Panjenengan arep dhahar apa?”

c. Krama Lugu
Basa Krama lugu, yaiku basa kang awujud tetembungan karma kabeh. Ater-ater

“di” dadi “dipun”, panambang “e” dadi “ipun” utawa nipun. Basa krama lugu
digunakake dening:
1. Kenalan anyar ing sawijining panggonan.
2. Kanca karo kanca kang isih cangung/ akrab.

Tuladha:
-“Kula tilem wonten griyane budhe”
-“inggih, nanging duginipun ampun sonten-sonten nggih?”

d. Krama Alus
Basa krama alus yaiku basa kang wujud tembunge krama karo tembung krama

inggil (tembung kriya). Basa krama alus digunakake dening:
1. Wong enom marang wong tuwa
2. Anak marang bapak, ibune
3. Murid marang gurune
4. Pegawai marang juragane
5. Nalika ngomong nang ngarepe wong akeh
6. Ndungo marang Gusti Allah.
Tuladha:

36

-“manapa ibu saestu tindak dhateng peken?”
-“Bapak kondur saking kantor tabuh pinten nggih?”
-“simbah saweg gerah pandharan”.

C. Jenis-jenise dialog utawa Pacelathon
1. Prolog
Prolog yaiku istilah kanggo pambuka dialog. Biyasane prolog menika wonten
dialog nginggil piyambak. Prolog menika sebuah pengantar wonten naskah utawi
drama.

Tuladha:

Ing salah sawijining dina, ani pethukan kalih dita ing pasar, kalorone banjur omong-
omongan.

2. Epilog

Epilog yaiku tembung panutup wonten pacelathon. Biyasane Epilog ngandut
kesimpuolan saking naskah, drama ugi dialog/Pacelathon.

Tuladha:

Krungu suarane bel kelas, pratandha jam istirahat wis pungkasan. Banjur ani lan
dita pungkasi guneman lan mlebu kelas bareng-bareng.

3. Monolog
Monolog yaiku guneman kang diparagakake dening wong siji. Fungsi

monolog yaiku kanggo nyuwarakake kepinginan utawa harapan paraga. Biyasane
monolog menika wonten Drama. Mboten saged menawi digunakake pacelathon.

4. Dialog

Dialog/ Pacelathon yaiku omong-omongan kang ditindhakake antarane wong
loro utawa luwih. Ing jawa pacelathon diatur dening unggah-ungguh. Unggah-ungguh
basa mau kaperang dadi loro, yaiku ngoko lan karma. Bahasa ngoko lan karma uga
keperang dadi loro, yaiku lugu lan alus. Bahasa lugu iku bahasa kang dingo omong-

37

omongan karo wong sing luwih rumaket utawa akrab, dene bahasa alus dingo matur
dening wong sing luwih tuwa utawi wong sing perlu dikurmati.

Tuladha pacelathon tema kebersihan kang dados kebudayaan

Dina esuk Minggu Anang, Bapak, lan Ibu padha reresik omah.

Bapak : “Anang, mrenea! Rewangen Bapak ngresiki plapon iki!”
Anang : “Nggih, Pak! Kula mendhet sapu panjang rumiyin.”
Bapak : “Nang, njupukna andha kanggo ngranggeh panggonang sing reged
dhuwur kae!”
Anang : “Nggih, Pak…, menika andhanipun.”
Bapak : “Kene… kene, galo regede kaya ngana.”
Anang : “Nggih-nggih Pak! Saenipun seminggu sepisan dipunresiki kok Pak!”
Bapak : “Pancen kudune ngono Nang, mulo suk minggu kerja bakti maneh.”
Anang : “Nggih Pak, benjing kula rencangi!”
Ibu : “sing ngati-ati lho Nang!”
Anang : “Nggih Bu!”
Ibu : “Yen wis rampung, Ibu direwangi nandur kembang ya, Nang!”
Anang : “Kembang nopo Bu? Punapa Ibu mundhut?”
Ibu : “Ora, iki kembang olehku nyuwun soko daleme Pak RT.”
Bapak : “Wis Nang, rwangana Ibumu genti!”
Anang : “Nggih Pak..!”
D. Nindhakake Pacelathon

38

Pacelathon yaiku omong-omongan wong loro utawa luwih (kanca padha kanca,
bocahh marang wong tuwa, wong tuwa lan wong tuwa, lps). Nganggo unggah-ungguh
sing trep. Nalika nindhakake pacelathon iku kudu jumbuh karo kahanan sajroning
pacelaton. Yen seneng ya diwaca kanthi ekspresi seneng, yen sedhih uga ekspresine
kudu sedhih, yen cuwa ya diwaca kanthi ekspresi cuwa, lps.
1. Perilaku nalika nindhakake Pacelathon

Budi pakerti guneman antarane kaya ing ngisor iki:
a. Gunemane ora waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton

(aturan).
b. Ngadege,lungguhe,obahe tangan uga becik nganggo waton/kudu sesuai.
c. Swarane, banter lirihe becik nganggo waton/ kudu sesuai.
d. Polatane uga nganggo waton aja nganti mencereng-mencereng umpamane.
e. Intonasine (lagune) uga nganggo aturan ora angger bengak-bengok.
2. Budi Pakarti lan Tumindak wong kang Nindhakake Pacelathon
Budi Pakartine wong guneman lan Tumindak apa bae becikke eling marang
empan lan papan.
a. Gunemane kui karo sapa?
b. Perlune aapa?
c. Ana ngendi papan panggonane?
d. Basal lan sikape njumbuhake(Menyesuaikan)
Cuba gatekna teks pacelathon ing ngisor iki!

Pacelathon 1
Ani : “nit koe bar nk ndi?”
Nita : “aq arep mersani wayang”
Ani : “nk ndi? Nita:nk dalem e pak RT Ani:ceritane piye?”
Nita : “cerita ne seru , ono punakawan nggawe guyuonan sng gwe aq ngguyu”
Ani : “ooo...,yo wes aq arep mulih iki”.
Nita : “aq yo nisan , bareng yuk”.
Ani : “ayo”

Pacelathon 2
Sore-sore Agung lagi nyante ing ngarepan kalih simbah, agung nyuwun pirsa babagan
wayang.

39

Agung : “Mbah, agung badhe nyuwun pirsa…”
Simbah : “Arep takon apa ta, le?”
Agung : “Ringgit, Mbah..”
Simbah : “Apa ana sekolahan kowe wis diwulag wayang?”
Agung : “ Inggih, sampun Mbah. Kula remen sanget carios ringgit, Mbah”
Simbah : “ Apa arep kepingin dadi dhalang ta, le?”
Agung : “ pangestunipun, Mbah. Kula gadhah gegayuhan kados Indra, Putranipun Guru
kula.
Simbah : “o iya lee… saiki sing arep mbok takokokke njur apa?”
Agung : “Pandhawa niku rak gangsal. Cariosipun, Raden Janaka menika ampun piyambak,
punapa leres, Mbah?”
Simbah : “Ora ngono le, Pandhawa iku ampuh kabeh. Mula nalika perang Baratayudha,
Pandhawa menang”.
Agung : “Perang mbah? Mengsah sinten mbah?”
Simbah : “Mungsuh sedulure dewe…”
Agung : “Oh Kurawa nggih mbah?”
Simbah : “Iya le… sekolah sing pinter ya le, ben mbesuk iso dadi dalang..”
Agung : “Inggih, sendika dhawuh, Mbah… heheh”

40

BAB V

NULIS AKSARA JAWA

Kompetensi Inti

1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.

2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli

(toleransi, gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif

dengan lingkungan pergaulan dan keberadaannya.

3. Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural)

berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya

terkait dengan fenomena dan kejadian nyata.

4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,

merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, menggambar,

dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama

dalam sudut pandang/teori

Kompetensi Dasar

1.1 Menerima anugrah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa sebagai bahasa Ibu untuk

mendukung bahasa Indonesia sebagai bahasa persatuan dan kesatuan bangsa

1.2 Menerima anugrah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa dan memanfaatkannya

sebagai sarana komunikasi masyarakat Jawa.

2.1 Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, bertanggung jawab, peduli (toleransi

dn gotong royong), santun, percaya diri dalam menyampaikan informasi atau menanggap

berbagai hal/keperluan sesuai.

2.2 Menunjukkan perilaku berbahasa yang santun yang ditnukkan dengan ketepatan

penggunaan ragam bahasa (unggah-unggah basa)

2.3 Menunjukkan perilaku, tindakan dan perbuatan yang mencerminkan kepribadian Jawa.

4.5 Mengalihaksarakan teks cerita Kidang Kencana

Indikator Pembelajaran

1. Menghafalkan tulisan Aksara JawaMampu mengalihaksarakan satu paragraf cerita wayang

2. Mampu mencermati kesalahan dalam menulis aksara Jawa

3. Mampu membetulkan alih aksara yang salah

41

Meteri Pembelajaran

A. Maos Teks Aksara Jawa
1. Pangertene Aksara Jawa
a. Aksara hanacaraka

Aksara Hanacaraka inggih menika sawijining aksara ingkang kaagem ing tanah Jawa
lan saubengipun. Aksara Hanacaraka iku uga diarani aksara Jawa nanging sajatine ukara iki
kurang sreg amarga aksara iki ora mung dienggo nulis basa Sanskerta, basa Arab, basa Bali,
basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Melayu.

Akeh bangsa kang handarbeni aksara dhewe, kayata aksara Arab, Cina, Latin, Jepang,
uga aksara Jawa. Bangsa kang duweni tulisan dhewe kuwi mratandhani bangsa kasebut maju.
Awakedhewe minangka wong Jawa kudu bombong lan bungah jalaran duweni aksara Jawa,
amarga ora saben bebragyan gedhe duweni aksara dhewe. Supaya tulisan aksara Jawa bisa
lestari lan ngrembaka, para mudha kudu rumangsa handarbeni sarta duweni rasa tanggung
jawab ngrembakakake tulisan aksara Jawa. Pramila, mangga para yaitu nyinau tulisan aksara
Jawa. Pramila, mangga para siswa semaken wulangan ikikanthi rasa bungah!

AKSARA JAWA LEGENA LAN PASANGANE

ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ

Ha Na Ca Ra Ka

ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ

Da Ta Sa Wa La

ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ

Pa Dha Ja Ya Nya

42

ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ ꦲꦲꦲ

Ma Ga Ba Tha Nga

Aksara Jawa uga ingaran aksara Dentawyanjana. Dentawyanjana asale seko tembung
denta kang tegese untu lan wyanjana kang tegese tumata. Aksara Jawa iku cacahe ana 20
kaya gunggune untu manungsa.

2. Sandhangan

Aksara Jawa iku asipat wanda, kang pamacane unine kabeh legena amarga durung
diwenehi sandhangan, pamacane swara a kabeh. Aksara Jawa bisa nyuwara i, u, e, (e), lan o
yen diwenehi sandhangan. Wujude sandhangan iku kaya ing ngisor iki!

a. Sandhangan swara
Sandhangan swara kaperang dadi 5 (lima) yaiku ing ngisor iki :

Sandhangan Jenenge Unine Tuladha
Wulu i
ꦲ ꦲꦲꦲ= Ani
Suku u ꦲꦲꦲꦲ=Juju

Taling e ꦲꦲꦲ= Tela
ꦲ Taling tarung O ꦲꦲꦲꦲꦲꦲ= Tono
ꦲꦲ
pepet (e) ꦲꦲꦲꦲ= Telu


b. Sandhangan Wyanjana

Sandhangan wyanjana kaperang dadi 3 (telu), yaiku ing ngisor iki :

Sandhangan Jenenge Unine Tuladha

43

ꦲ Cakra Ra ꦲꦲꦲꦲꦲ =Krasan

ꦲ Cakra keret R(e) ꦲꦲꦲꦲꦲꦲ= Kreteg

ꦲ y ꦲꦲꦲꦲꦲꦲ= Sanadyan

Pengkal

c. Sandhangan panyigeging wanda

sandhangan panyigeging wanda iku gunane kanggo nyigeg wanda utawa mateni swara.
Sandangan iki ana 3 (telu), yaiku ing ngisor iki :

Sandhangan Jenenge Unine Tuladha = Wayah
wigyan h
ꦲ ꦲꦲꦲꦲꦲ

ꦲ Layar r ꦲꦲꦲꦲꦲꦲ= Layar

ꦲ Cecak ng ꦲꦲꦲꦲꦲꦲ=Layang

3. Aksara Murda

Aksara murda iku aksara kang dienggo nulisake jeneng gelar, identitas, jeneng geografi,
lembaga pamarentah lan jeneng lembaga badan ukum. Aksara murda cacahe ana 7 (pitu),
yaiku ig ngisor iki :

Wujud Aksara Jeneng Aksara
Na
ꦲ Ka
ꦲ Ta
ꦲ Sa
Pa
ꦲ Ga
ꦲ Ba



44

Tuladha penulisan :
Kanjeng Susuhunan Paku Buwana ing Surakarta Hadiningrat.

꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋
꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋

4. Aksara Swara
Aksara swara iku aksara kang dienggo nulis aksara vocal kang dadi wanda, utaman kang
asale saka basa asing utawa manca supaya luwih cetha lafale. Aksara swara cacahe ana 5
(lima), yaiku ing ngisor iki :

ꦲꦲꦲꦲꦲꦲ

ai ueou

Tuladha panulisan :

꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋= O꧋ktober
꧋꧋꧋꧋꧋꧋= ꧋Ibrahim

5. Aksara Angka
Aksara angka kanggo ngandharake lambang bilangan utawa nomer. Aksara angka ana 10
(sepuluh), yaiku ing ngisor iki.

ꦲꦲꦲꦲꦲꦲꦲꦲꦲꦲ

1234567890

Tuladha Panulisan :
Taggal 17 Agustus iku dina kamardikane Indonesia.

꧋꧋꧋꧋꧋꧋
꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋꧋
꧋꧋꧋꧋

45

B. Nulis Crita Wayang nganggo Aksara Jawa
Nulis aksara jawa iku gampang-gampang angel. Kamangka siswa kudu akeh gladhen
supaya wasis anggonmu nulis aksara Jawa. Nulis aksara Jawa ikuana aturane. Bab-bab kang
kudu digatekake nalika nulis aksara Jawa yaiku :

1 Nalika nulis aksara Jawa ing buku iku becike nggandhul garis, supaya katon rapi.

2 Miwiti panulisan ukara aksara Jawa nganggo pada adeg-adeg (꧋)
3 Mungkasi panulisan ukara aksara Jawa nganggo pada lungsi (꧋) utawa ceceg/titik
4 Menawa ing pungkasan uara pangkon (꧋), ukarane dipungkasi pada lingsa utawa

koma (꧋)

a. Teks cerita Kidang Kencana

Cerita Kidang Kencana

Nalika Rama Sinta lan lesmana ngumbara deweke nganti ana ing tengahing wana.
Ana ing kono dewi Sinta ngerti Kidang Emas. Kidang kencana mlaku-mlaku ana ing daerah
kuwi ngerti kidang kang wernane emas Dewi Sinta jaluk supaya Kidang mau di cekel.
Amerga Rama iku tresna banget marang Dewi Sinta, Rama banjur nyekel Kidang kencana
mau. Kidang kencana ngerti yen erep di cekel deneng Rama mula kidang kencana mlayu
mlebu ana ing tengahing Alas.

Rama banjur melu mlebu ana inng jero alas ana jero alas katon peteng dedet ananging
kala-kala kidang kencana ketoh kumlebat. Rama banjur menthang gendhewa kidang kencana
banjur di panah. Eloking kahanan bareng karo gumlundunge kidang mau ana suwara kang
niru-suwarane Rama bengok-begok jaluk tulung banjur Rama sadar yan deweke lagi kapusan.

Swara sambating Rama nganti krungu nganti papane Dewi sinta lan lesmana. Dewi
Sinta ngira yen suwara kuwi mau suwarane Rama, banjur Lesmana ngelingake yen kuwi
dudu suwarane Prabu Rama. Dewi sinta tetep teguh karo apa sing di antepi dadine Dewi sinta
ngutus Lesmana supaya goleki Prabu Rama. Raden Lesman banjur lunga goleki Prabu Rama.

Ana tengahing dalan Prabu Rama ketemu dening Raden Lesmana banjur kekalihe
balik ana papane Dewi Sinta. Kaget atine Rama lan Lesmana ngerteni Dewi Sinta wis ora ana
ing panggonan kuwi. Banjur Rama lan lesmana goleki Dewi sinta. Ana ing tengah dalan

46

Rama lan Lesmana ketemu karo Peksi Jathayu. Peksi Jathayu banjur nyeritaake yen kang
nyulik Dewi sinta yaiku Rahwanabanjur digawa ana Nagari Ngalengka. Jathayu uga cerita
yen kang natoni Jatayu yaiku Rahwana sakwise Cerita kang kaya mangkono Peksi Jathayu
mati. Rama lan Lesman nerusake angone goleki sinta ana ing dalan kepanggih dening
Anoman kang sedya ngabdi deneng Prabu Rama.

(Sumber : https://www.basajawa.my.id/2021/04/ringkasan-cerita-ramayana-kiang-
kencana.html)

47

BIODATA PENULIS

Nama : Dila Kusuma Wardani

NIM : 2601419068

TTL : Kab. Semarang, 11 Februari 2001

Alamat : Dsn.Durenan, RT 001/004, Ds.Wonorejo, Kec. Pringapus, Kab. Semarang

Pekerjaan : Pelajar / Mahasiswi

No. Hp : 081390635512

Media Sosial : IG @dilaksmwrdn

48


Click to View FlipBook Version