BAHAN AJAR
Upacara Adat Jawa Manten
Gagrag Ngayogyakarta
Dening : Kharisma Pratidina
Satuan Pendidikan BAHAN AJAR
Kelas
Mata Pelajaran UPACARA ADAT MANTEN
Guru Pengampu GAGRAG NGAYOGYAKARTA
Materi
: SMK Hamong Putera
: XII / 1
: Bahasa Jawa
: Kharisma Pratidina
: Upacara Adat Jawa
Kompetensi Dasar 3.4.1 Indikator Pencapaian
Pengetahuan 3.4.2
3.4.3 Mengurai tahapan dalam prosesi upacara adat Jawa
3.4 Memahami prosesi upacara manten pakem Yogya C4
adat Jawa Menganalisis makna yang terkandung dalam
prosesi upacara adat manten yogya C4
Memerinci busana manten gagrag Yogya C4
Ketrampilan 4.4.1 Memberi saran hasil temuan diskusi kelompok lain
4.4 Menyajikan Upacara Adat 4.4.2 berupa urutan dan makna dalam setiap tahapan
Manten dengan lisan maupun prosesi upacara adat Jawa
tulis Mempresentasikan makalah tentang upacara adat
Jawa secara berkelompok
TUJUAN PEMBELAJARAN
Pertemuan pertama
Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientik, model pembelajaran Problem
based learning, diskusi, tanya jawab
a. peserta didik dapat menguraikan tahapan dalam prosesi upacara adat Jawa manten
pakem Yogya dengan teliti
b. Peserta didik dapat menganalisis makna yang erkandung dalam setian prosesi upacara
adat manten pakem yogya cermat
c. Setelah melakukan serangkaian kegiatan peserta didik dapat mempresentasikan hasil
temuan dan memberi saran peserta didik lainnya dengan tanggung jawab
Pertemuan kedua
Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientik, model pembelajaran Problem
based learning, diskusi, tanya jawab
a. peserta didik dapat merinci busana manten gagrag ngayogykarta dengan teliti
b. peserta didik dapat menyajikan hasil makalah dan memberi saran peserta didik lain
tanggung jawab
MATERI PEMEBELAJARAN
Faktual : Upacara Adat
Konseptual : Urutan Upacara Adat Manten Pakem Yogya
Prosedural : Memahami prosesi Upacara Adat Jawa, Tata urutan, Ubarampe,
dan Ajaran Moral yang terkandung dalam Upacara adat manten gagrag Yogya.
Metakognitif : Mempresentasikan urutan dan mengambil ajaran moral dalam
upacara Adat Jawa
FASE 1 Identifikasi Masalah Materi Faktual
UPACARA ADAT MANTEN GAGRAG YOGYA
Wiwahan utawi manten inggih menika salah satunggal ing pagesangan. Wiwahan menika
asring sinebat wiwitaning pagesangan manungsa. Andedhasar menika sakbibaripun masa
bayi, enem-eneman, diwasa, salajengipun manungsa mlebet ing pagesangan enggal. Wonten
ing ngandhap menika rantaman saking upacara adat manten gagrag ngayogyakarta. Salah
satunggaling upacara wonten ing upacara wiwahaning penganten wonten upacara pasang
tuwuhan ingkang kawastanan upacara Pasang Tarub. Upacara Pasang Tarub katindakaken
sedinten saderengipun Upacara Dhaup (Ijab Kabul). Upacara Pasang Tarub inggih menika
upacara pasang tetuwuhan sarta janur kuning minangka rerenggan papaning pawiwahan.
Limrahipun pasang Tarub katindakaken sareng kaliyan upacara Siaraman. Adicara siraman
awujud nyirami utawi ngedusi calon penganten. ancasipun, supados calon pengantin resik
lair lan batosipun. Urutaning Upacara Pasang Tarub lan Siraman Adat Yogyakarta inggih
menika :
1) Pasang tarub/bleketepe
2) Ngabekten Jangkepipun katrangan wonten ing
3) Ngracik toya Bit.ly/BAUManten22 (klik utawi search)
4) Ngintun toya perwita adi
5) Siraman
6) Sesuci (wudlu; tumrap ingkang ngrasuk agami
Islam)
7) Pecah pamor (kendhi)
Wondene ubarampe ing salebetipun inggih menika gb. pasang bleketepe
1) Sanggan
2) Tumpeng robyong
3) Tumpeng gundhul
4) Tumpeng megana
5) Sekul liwet
6) Jajan pasar
7) Rujak degan gb. ubarampe
8) Brokohan
9) Ketan manca warna
10) Pisang ayu
11) Sekar pari
12) Toya tempuran
13) Damar/diyan
14) Tempe mentah
15) Sajen bucalan
FASE 2 Mengorganisasikan Materi Konseptual
Peserta Didik
Wonten fase menika siswa saged ningali menapa kemawon ingkang dados
konsep ing bahan ajar menika. Peserta didik saged diskusi kaliyan kanca
ngengingi urutan ing salebetipun upacara adat manten pakem Yogya
PANGERTO
SAN
makna PETA urutan
KONSEP
Ubarampe
FASE 3 Membimbing Materi Konseptual
Penyelidikan
Perangan rantaman acara ing upacara panggih
1. Sanggan Panebus Panggih
Wonten ing acara menika, wakiling saking kulawarga kakung ngasta sanggan lumampah
ing sangajengipun temanten kakung, samangkih dipuntingali pisangipun. Menika
anggadhahi ancas bilih pisang raja ingkang rasa manis menika dados memanising
bebrayan samangkih ugi saged dados panembus.
Gb. Sanggan
Sumber: google.jpg
2. Kepyok Kembar Mayang
wonten acara menika wakil kulawarga ingkang sampun krama (adatipun putri) ngasta
kembar mayang ingkang sampun karantam, posisinipun wonten ngajeng temanten putri,
kembar mayang dados simbol kangge ngilangi sukerta.
Gb. Kembar mayang
Sumber : google.jpg
3. Balangan Gantal
wonten tahapan menika temanten putri panggih kaliyan temanten kakung, salajengipun
nindhakaken balang gantal. Gantal ingkang dipuncepengi dening temanten putri menika
cacah 3, wondene ngkang kakung menika 2. Ancasipun ing acara menika supados
temanten kekalihipun saged nembung ing dada, ingkang putri saged mendet ati ingkang
kakung.
Gb. Cara balang gantal saha nyepeng gantal
4. Ramupada (membasuh kaki temanten kakung)
Wonten ing tahapan menika, temanten putri mijiki sukunipun ingkang kakung, ancasipun
ngabekti marang garwanipun samangkih menawi sampun balewisma
(gb. Ramupada)
Sumber : google
5. Wiji dadi (mecah antiga)
Wonten ing perangan menika, temanten kakung nyempengi temanten putri tetulung
anggenipun jumeneng saking ramupada. Salajengipun juru sumbaga menika nyepengi
tigan ingkang dipun pecah wonten ngandhapipun. Menika anggadhahi teges bilih
samangkih dipunparingi gampil anggenipun bebrayan pikanthuk momongan kanthi lancar
dumugi babaran.
Gb. Wiji dadi
Sumber : google
6. Kirab;.
Wonten fase menika penganten kekali lumampah tumuju dampar rinengga ingkang
dipunwiwiti dening edan-edanan. Tari edan-edanan menika awujud temanten kekalih
ananging dipunrias radi nyleneh, ngasta ubarampe sulak saha sapu kangge ngilangi
sukerta ing pawiwahan ugi tumujuning bebrayan menika. Saged akses
https://www.youtube.com/watch?v=WerN4WVkSkw supados mangertos kados pundi
anggenipun nari
Gb. Kirab saha edan-edanan
Sumber : google
7. Tampa kaya
Tahap menika inggih ngesokake ubarampe arupa kacang kawak, dhele kawak, jagung
kawak, wos jenar (beras kuning) dan uang logam. Ingkang ngesok inggih temanten
kakung lajeng dipuntadahi dening temanten putri, sabibaripun menika dipunbuntel,
dipuncaosaken dening tiyang sepuhipun. Tahap menika anggadahi teges, bilih garwa
kakung menika kedah tanggel jawab dumateng semahipun, wondene ugi kedah iklas caos
nafkah kaliyan marasepuhipun.
gb. Tampa kaya
sumber : google
8. Dhahar klimah
inggih menika dipunsamketakaken sego golong, ingkang lawuhipun ati ampela. Menika
ingkang dhahar inggih temanten putri, temanten kakung namung ningali kemawon.
Wondene menawi gagrag solo, menika ingkang kakung ndulang temanten putri. Dhahar
klimah anggadhahi ancas bilih samangkih tiyang kakung menika pados rezeki dumateng
tiyang putri, ingkang saged ngraosaken ugi tiyang putri, wondene pengraos tyang kakung
kedah iklas saha rumesep.
Gb. Nyamektakaken dhaharan.
Sumber : google
9. Sungkeman,
Wonten urutan menika kekalih temanten kedah sungkem dumateng tiyang sepuh,
ateges dados bukti anggenipun ngabekti.
Gb. Sungkem
Sumber : Google
Perangan Busana Manten Gagrag Ngayogykarta
Paes ageng
Gb. Busana Paes Ageng
Sumber : google
Busana paes ageng ingakng langkung kathah dipunagem dening kulawarga keraton. Busana ingkang
kakung ngginkaken kemben, jaja menika katingal saha kuluk kanigaran. Wondene ingkang puteri menika
ngginakaken kampuh/dodot tanpa bludru, dipunpaes lacip awarni cemeng ing sirah.
Paes Ageng Jangan Menir
Busana paes ageng jangan menir menika ugi taksih asring dipunginakaken dening kulawarga keraton nalika
boyongan. ananging samenika ugi masyarakat kathah ingkang ngginkaken busana menika supados
langkung estetik anggenipun pahargyan. Menika memper kaliyan busana paes ageng ananging ingkang
jangan menir ngginakaken rompi bludru.
Gb. Paes Ageng Jangan Menir
Sumber : google
Yogya Putri
Busana ingkang kaping tiga inggih menika Yogya putri, busana menika dipunginakaken nalika sepasaran (5
dina sabibaripun upacara panggih). Busana menika ugi dipunginakaken putra-putri keraton nalika sowan
gubernur.busana menika ngginkaken bahan bludru ananging cuntuk mentul namung 1 kemawon.
Gb. Yogya Putri
Sumber : google
Kesatrian Ageng
Busana Kesatrian Ageng adatipun dipunginakaken putra-putri keraton nalika malam selikuran (tanggal 20
Maulud) ugi nalika acara resepsi saha tasyukuran. Busana ingkang ketingal sederhana menika ingkang putri
ngginkaken sanggul tekuk saha cuntuk cacah 3. Wondene ingkang kakung ngginkaken surjan saha blangkon
tanpa cupingan.
Gb. Kesatrian Ageng
Sumber : google
Kesatrian
Busana Kesatrian menika langkung sederhanan tinimbang ingkang kasatrian ageng. Busana menika
dipunginakaken nalika resespsi utawi tasyukuran. Busana ingkang kalebet nonformal menika adatipun
dipunginakaken masyarakat kangge boyongan. Wujud paes sami kaliyan paes ageng ananging dipuntambah
ronce sekar melati.
Gb. Kesatrian
Sumber: google
FASE 4 Mengembangkan dan Materi Prosedural
menyajikan hasil
Siswa saged ningali tuladha urutaning upacara adat manten gagrag ngayogyakarta ing youtube
Pasang bleketepe : https://www.youtube.com/watch?v=k9IfbvRTDgA ;
Panggih : https://www.youtube.com/watch?v=9i05_BtFO58
FASE 5 Mengevaluasi dan Analisis metakognitif
Menawi sampun mangertos urutan saha maknanipun saben urutan adat manten gagrag
ngayogya, siswa saged analisis wonten ing perangan LKPD
KAPUSTAKAN
Astutiningsih, dewi. 2018. Kawuryan Gladhen Basa Jawa Kelas XII. Klaten: CV Sinar
Pengetahuan
Setya Amrih Prasaja, S.S dan Umi Kuntari, S.S. 2017. Wibawa wiyata basa Jawa. Yogyakarta:
DIKPORA
https://disbud.kulonprogokab.go.id/detil/511/upacara-panggih-pengantin-dalam-rangka-gsby-
tahun-2022
https://dunianyamaya.wordpress.com/2008/04/30/makna-simbolik-dalam-upacara-panggih-adat-
yogyakarta/