Cerita Wayang “Jenengku Gathutkaca” Kelas VII Semester 1 Siska Rofiqoh Faradilla, S.Pd.
MATERI AJAR BAHASA JAWA KELAS VII SEMESTER I A. Identitas Penulis Siska Rofiqoh Faradilla [email protected] B. Identitas Materi Ajar Jenjang Sekolah : SMP/MTs/sederajat Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Fase / Kelas : D / VII Alokasi Waktu : 1 Pertemuan (2x40 menit) Materi Pokok : Teks Crita Wayang Target Peserta Didik : Reguler Karakteristik Peserta Didik : Heterogen (Umum) C. Capaian Pembelajaran Peserta didik dapat mengidentifikasi unsur intrinsik dalam video cerita wayang. Peserta didik mampu membuat ringkasan video cerita wayang. 1. 2. D. Tujuan Pembelajaran Setelah menyimak (C2) video cerita wayang “Jenengku Gathutkaca” (C), peserta didik (A) dapat menganalisis (C4) unsur intrinsik cerita wayang “Jenengku Gathutkaca” (B) dengan bernalar kritis (D). (Critical Thinking (4C) - PPP - TPACK) Setelah menyimak (C2) video cerita wayang “Jenengku Gathutkaca” (C), peserta didik (A) mampu membuat (C6) ringkasan cerita wayang “Jenengku Gathutkaca” (B) dengan kreatif (D). (Critical Thinking, Creativity (4C) - PPP - TPACK) 1. 2. E. Indikator Ketercapaian Pembelajaran Peserta didik dapat menganalisis (C4) unsur intrinsik teks cerita wayang dengan bernalar kritis. (Critical Thinking (4C) - PPP) Peserta didik mampu membuat (C6) ringkasan teks cerita wayang“Jenengku Gathutkaca” dengan kreatif. (Creativity (4C) - PPP) 1. 2.
Ana sing wis ngerti durung sapa wae paragane crita wayang “Jenengku Gathutkaca”?
Arimbi mujudake anak nomer 2 saka Prabu Tremboko (Arimbaka) yaiku raseksa saka negara Pringgodani lan nduwe garwa jenenge Dewi Hadimba. Arimbi nduwe 7 sedulur, yaiku Arimba, Prabakesra, Brajadenta, Brajamusti, Brajalamatan, lan Kalabendana. Dewi Arimbi rabi karo Bima/Werkudara. Bima dhewe mujudake salah siine ksatriya Pandawa. Sing wiwitane raseksa Arimbi nduweni rupa kang medeni, nanging malih wujud dadi dewi sing ayu amarga sabdane Dewi Kunthi. Ing pungkasane urip, Dewi Arimbi mutusake kanggo belapati kanthi cara ngobong awak bebarengan karo Gathutkaca. Paraga Crita Wayang “Jenengku Gathutkaca” Gathutkaca Gathutkaca kasatriya saka Pringgodani. Gamane yaiku kotang Antakusuma, ajian Suryakantha, lan bisa mabur tanpa swiwi. Gathutkaca ajejuluk otot kawat balung wesi amarga kasekten lan uga kakuwatane. Watake raden Gathutkaca yaiku gagah prakosa, pinter, waspada, lincah, lan nduweni rasa tanggung jawab sing gedhe. Gathutkaca iku putrane Bimasena (Bima) utawa Werkudara lan Dewi Arimbi. Dewi Arimbi Werkudara Raden Werkudara yaiku putra Pandawa nomer 2 sawise Raden Puntadewa. Raden Werkudara mujudake putrane Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunthi Talibtaya. Gamane Raden Werkudara awujud kuku Pancanaka sing ampuh banget. Raden Werkudara nduweni sipat jujur, adil, ulet, tansah semangat, lan ora tau nginggati tantangan. Raden Werkudara kuwi muride Pandhita Durna lan 100 anak didike Raja Astina Arjuna Arjuna mujudake salah sijine anggota saka Pandhawa kang asring disebut panengah. amarga laire urutan nomer 2 saka 5 sedulur. Arjuna dicritakake nduweni katrampilan manah lan nduweni senjata sekti sing dianggo prang lumawan Kurawa, yaiku gendewa, panah Ardadali, lan panah Cundamanik. Sajrone crita, Arjuna digambarake minangka ksatria sing dhemen meguru lan tapa. Arjuna nduweni sipat pinter, sopan, tliti, wicaksana, lan seneng tetulung marang wong sing lemah. Arjuna minangka pemimpin ana ing Kadipaten Madukara sing ana ing wilayah Amarta. Sajrone crita, Arjuna asring digambarake minangka wong lanang kanthi rupa sing nggantheng lan nduwe ati sing apik sing njalari akeh wong wadon sing kepincut. Arjuna nduweni jeneng liya kayata Permadi, Janaka, Parta, Dananjaya, Kumbalijali, Panduwisi, Ciptaning Mintaraga, Indratanaya, Jahnwai, Indrasuta, Palguna, Danasmara, lan Margana.
Kresna asring dianggep minangkap pralambange kesejahteraan umat ing alam donya, mulane dianggep titisan Dewa Wisnu. Kresna mujudake putra saka Raja Basudewa lan Dewi Mairah. Kresna dikenal nduweni katrampilan wicara, taktis, diplomatis, lan diwedeni kanca apadene mungsuh. Gaman sing diduweni Kresna yaiku kaca Lopian sing gunane kanggo nggoleki kakurungane mungsuh lan nemokake barang sing ilang. Saliyane kuwi uga ana Sekar Wijaya Kusuma sing khasiyate bisa kanggo nambani wong lara.lan nguripake wong mati. Puntadewa Puntadewa mujudake putra mbarep saka Prabu Pandudewanata saka Negara Astina. Puntadewa nduweni ibu arane Dewi Kunti, putrine Prabu Basukunti karo Dewi Dayita saka negara Mandura. Puntadewa nduweni adhik kandhung arane Werkudara (Bima) lan Janaka (Arjuna). Sarta nduweni adhik kuwalon saka Dewi Madrim, yaiku Nakula lan Sadewa. Puntadewa dicritake minangka titisan Batara Darma. Puntadewa nduweni sipat sabar, eklas, percaya marang kuwasane Gusti, adil, lan jujur. Saliyane kuwi, Puntadewa uga nduweni jenenge liya yaiku Prabu Yudhistira Kresna Begawan Abiyasa Begawan Abiyasa yaiku simbah saka kulawarga Pandhawa lan Kurawa. Bapake Begawan Abiyasa yaiku Begawan Palasara. Ibune jenenge Dewi Durgandini, sing wis seda wiwit Begawan Abiyasa isih cilik. Sakjane, Begawan Abiyasa kuwi ora pengen dadi raja ing Astina, nanging dheweke nuruti kekarepane sang ibu supaya mbesok dadi raja ing Astina. Kanggo nerusake keturunane, Begawan Abiyasa rabi karo Dewi Ambika lan Ambalika sarta selir Drati. Banjur nduweni putra arane Drestarastra, Pandu Dewanata, lan Yamawidura. Bathara Narada Bathara Narada utawa Resi Kanekaputra/Sang Hyang Kanwakaputra mujudake sedulur kandhung Bathara Guru. Dheweke anak mbarep saka 4 sedulur, yaiku Sang Hyang Pitanjala, Dewi Tiksnawati, lan Sang Hyang Caturwana. Bapake jenenge Sang Hyang Caturkaneka putrane Sang Hyang Darmajaka lan ibune jenenge Dewi Laksmi. Ateges Bathara Narada kuwi putune Sang Hyang Wening lan adike Sang Hyang Wenang. Bathara Narada kondhang minangka dewa sing lucu lan wicaksana. Bathara Narada mujudake paraga wayang sing sakti amarga tau tapa ing sandhuwure samodra karo nyekel Cupu Linggamanik. Bathara Narada manggon ing kahyangan Siddi Udaludal utawa Sudukpangudaludal lan rabi karo Dewi Wiyodi. Banjur nduweni anak 2, yaiku Dewi Kanekawati lan Bathara Malangdawa.
Saiki wis ngerti to sapa wae paragane... Yen ngono, ayo saiki maca cerita wayang “Jenengku Gathutkaca”
“Jenengku Gathutkaca” Aku mung bisa nangis kekejer lan mancal-mancal. Bapakku Werkudara lan Ibu Dewi Arimbi kaya lagi kerubuhan gunung. Mengkono uga sing padha rawuh. Sri Bathara Kresna, Uwa Prabu Puntadewa, Paman Arjuna, Paman Nakula lan Sadewa uga melu sungkawa. Takdeleng panakawan, Uwa Semar, si Gareng, Petruk, lan Bagong sing biasane cengar-cengir uga melu sedhih. Weruh Ibu Arimbi nangis, aku melu nangis maneh, tambah banter. Ariariku isih gandheng karo awakku. Bapakku Werkudara wis nyoba nganggo kuku Pancanaka, ora bisa. Kembang Wijaya Kusuma kagungane Uwa Kresna ora masah. Pasopati lan Arda Dedaline Uwa Arjuna uga ora mempan. Sanjata Cakra kagungane Uwa Kresna malah ngetokake geni mletik-mletik, ning pancet ari-ariku ora bisa pedhot. Bebarengan karo Bathara Kresna kabeh padha muji donga, padha prihatin supaya enggal nemu pepadhang. Akhire rawuh Buyutku, Begawan Abiyasa. Panjenengane banjur ngutus paman Arjuna nyuwun pitulungan pusaka marang dewa. Baline ngasta sarunge pusaka Kuntawijaya. “Arjuna, golek pusaka kok mung oleh sarunge iki kepriye ta yayi?” pitakone Prabu Kresna. “Nun inggih, Kaka Prabu. Senjata Kuntawijaya klentu dipunparingaken Adipati Karna ing Awangga. Kula namung saged ngrebat warangkanipun menika,” “Hmm, ora oleh pusakane ora apa-apa. Wis Jlamprong.. coba pedhoten ari-arine ponakanmu!” Temenan bareng warangka Kuntawijaya ditamakake ing ari-ariku, krasa mak thes. Getih abang netes. Ari-ariku pedhot. Kabeh padha bungah. Aku nangis maneh tandha gumbira. Nanging aneh, warangka sing kanggo ngethok ari-ari mau ilang musna. Uwa Arjuna bingung lan kaget. Prabu Kresna mung mesem lan ngendika supaya aku dijaga lan diadohna saka Kuntawijayane Adipati Karna nganti tekan wektune. Aku ora ngerti apa maksud ngendikane. Dumadakan ana sing teka. Pawakane lemu bunder. Anehe bisa mabur. Tekane mau saka langit. ”Prekincong..prekincong waru dhoyong ditegor uwong..lere..lere..kali codhe sapa sing nduwe.. Ingsun sing prapta Werkudara. Anakmu si Tetuka bakal dakgawa, disraya para dewa.” ”Hmm.. Narada dewaku, digawa kepriye? Wong bayi isih abang, lagi pupak pusere?” ”Aku ra papa.. percayaa karo para dewa. Anakmu iki bakal bisa mikul dhuwur mendhem jero. Dewa saiki golek jago. Ana ratu buta Kala Pracona. Ora ana sing bisa nandhingi kejaba si Tetuka” Aku digawa mabur, dilebokake ing kawah Candradimuka, digodhog bareng karo gamane para dewa. Aku nangis nanging arep kepriye maneh. Urip iku saderma nglakoni. Kabeh wis ana sing mranata. Kita mung kudu njaga kautaman lan tumindak becik. Aku pinaringan klambi wujud kotang Antrakusuma lan ajian Suryakantha. Aku bisa mabur tanpa swiwi. Jenengku Gathutkaca.
Saka crita “Jenengku Gathutkaca” mau, pranyata akeh tembung sing ora dakngerteni. Ayo coba ditegesi barengbareng..
Tembung Angel lan Tegese Tembung Teges kerubuhan gunung nampa kanugrahan sing nyusahake sungkawa sedhih ari-ari plasenta warangka wadhahe senjata prihatin berusaha
Kira-kira apa wae unsur intrinsike crita wayang?
Unsur Intrinsik Crita Wayang Tema Tema yaiku gagasan pokok sing ndhasari crita kanthi wutuh. Alur Alur maju : Crita sing dicritakake urut saka wiwitan nganti akhir. Alur mundur : Crita sing dicritakake kannthi cara nggambarake kahanan mbiyen banjur maju nyritakake kahanan saiki Alur campuran : Crita siing dicritakake kanthi cara campur urutane, bisa saka maju banjur mundur, utawa mundur dhisik banjur maju. Alur yaiku urutan rerangkene prastawa wiwit awal nganti akhir. Alur : 1. 2. 3. Paraga lan Pamaragan Protagonis : Paraga sing watake apik Antagonis : Paraga sing watake ala Tritagonis : Paraga sing netral utawa dadi pambiyantu antarane protagonis lan antagonis. Paraga yaiku pemain sing ana sajrone crita wayang. Paraga : 1. 2. 3. Latar (Setting) Wektu : Wektu dumadine crita, kayata wingi, dina, jam, taun, lan liya-liyane. Panggonan : Panggonan dumadine crita, tuladhane ana alas, pasar, kutha, lan liya-liyane. Swasana : Kahanan sing ana sajrone crita, tuladhane sedhih, nrenyuhake, nengsemake, lan liya-liyane Latar : Pamawas Utama purusa : Panulis minangka paraga utama sajrone crita. Pratama purusa : Panulis minangka wong katelu sing ngerteni sekabehane crita Pamawas (sudut pandang) yaiku posisine panulis sajrone crita. Pamawas : 1. 2. Amanat (Pesan moral) Amanat yaiku piweling/pesan moral sing bisa dijupuk saka crita wayang.
Banjur kepriye carane ngringkes teks crita wayang?
Cara Nulis Ringkesan Crita Maca lan mahami teks crita wayang Nulis ide pokok paragraf Nulis nganggo basane dhewe Ngringkes lan nggunakake ukara efektif Maca lan nliti maneh asile ringkesan wis urut apa durung Nalika arep nulis ringkesan crita wayang, kudu nggatekake perangan-perangan kaya ing ngisor iki: 1. 2. 3. 4. 5.
Daftar Pustaka Mahardhini, Kartika & Fatmiamzy, Nurul. (2019). Desain Visual Karakter Tokoh Wayang Dewi Arimbi dalam Buku Ilustrasi Arimbi Kebijaksanaan Sang Raksesi. Visual Heritage: Jurnal Kreasi Seni dan Budaya, 2(01), 27-33. Wijaya, Gilang Yoga. (2014). Lakon Wayang Orang Gathutkaca Lahir (Kajian Tema dan Fakta Cerita). (Skripsi Sarjana: Universitas Negeri Yogyakarta).