Tembang Macapat Siska Rofiqoh F.,S.Pd.
Ancas Pasinaon Siswa bisa mangerteni teges, jinis, makna, lan paugerane tembang macapat. Siswa bisa nembang macapat Gambuh,
Tembang Macapat Tembang macapat kuwi kalebu ing tembang cilik. Tembang macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas sing kaiket paugeran tartamtu kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
Jinis Tembang Macapat 1.Maskumambang 2.Mijil 3.Sinom 4.Kinanthi 5.Asmaradana 6.Gambuh 7.Dhandhanggula 8.Durma 9.Pangkur 10.Megatruh 11.Pocung
1. Maskumambang Mas : Emas (barang aji) Kumambang : Ngambang Tegese tembang maskumambang yaiku jabang bayi sing ana sajrone kandhutane ibu. Watak lan sifat tembang : sedhih, susah, welas asih, nelangsa. 2. Mijil Mijil : Lair Tegese tembang mijil yaiku jabang bayi sing lair ana ing donya sing isih suci lan butuh tresnane wong tuwane. Watak lan sifat tembang : crita lan nasehat. Makna Tembang Macapat
Makna Tembang Macapat Sinom : Bocah nom Tegese tembang macapat sinom yaiku bocah nom sing lagi golek jati diri. Watak lan sipat tembang : grapyak 3. SINOM Kanthi : Nuntun Tegese tembang kinanthi yaiku bocah nom sing butuh tuntunan kanggo nglakoni urip. Watak lan sipat tembang : seneng, asih, tresna, patuladhan apik, pitutur. 4. KINANTHI Asmara : Rasa tresna Tegese tembang asmaradana yaiku bocah nom sing wiwit nduweni rasa tresna. Watak lan sipat tembang : rasa tresna, sengsem, seneng, sedhih. 5. ASMARADANA
Gambuh : Cocog Tegese tembang gambuh yaiku nggambarake pawongan sing wis ngrasa cocog karo pasangane. Watak lan sipat tembang : wani, siyap, rumaket, kulina. 5. Gambuh Gadhang : Cita-cita Gula : Legi Tegese tembang dhandhanggula yaiku pasangan sing wis bisa nggayuh cita-cita lan kabagyan. Watak lan sipat tembang : seneng, luwes, endah. M 7. Dhandhanggula akna Tembang Macapat
8. Durma Durma : Menehi Tegese tembang durma yaiku manungsa sing wis ngrasa cukup kuwi kudu nduweni rasa syukur lan bisa menehi marang wong liya. Watak lan sifat tembang : keras, teges, nesu. 9. Pangkur Mungkur : Lunga Tegese tembang pangkur yaiku pawongan sing ngunduri tuwa kudu tansah eling. Watak lan sifat tembang : kereng, kuwat, gagah prakosa, jembar atine. Makna Tembang Macapat
Megat roh : Ucul saka roh Tegese tembang megatruh yaiku lakone manungsa sing wis rampung ing alam donya. Watak lan sipat tembang : getun lan sedhih. 10. Megatruh Pocong : wong mati sing dikafani Tegese tembang pocung yaiku kabeh manungsa sing urip kuwi bakale mati. Watak lan sipat tembang : kendho, tanpa greget, lucu lan pitutur. M 11. Pocung akna Tembang Macapat
Paugeran Tembang Macapat Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada. Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra. Guru lagu yaiku tebaning swara ing pungkasaning gatra.
Sing sregepa sinau Dimen mundhak mring tambahing ngelmu Ngelmu umum kalawan ngelmu agami Tinimbang mbesuk gegetun Tuwa dadi wong kang bodho
Paugeran Tembang Macapat
Gladhen 1 Gawea kelompok sing anggotane 2-3 siswa! Saben kelompok kebageyan jinis tembang macapat sing beda-beda! Gawea peta konsep saka materi tembang macapat, sing isine: 1.Tegese tembang macapat 2.Paugerane tembang macapat 3.Tuladha tembang macapat Analisis guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu 4.
Istilah sajrone Tembang Macapat Gatra : baris / larik Pada : Bait Pupuh : Kumpulan pada ing saben jinis tembang Cakepan : Syair / lirik tembang Titi laras : Notasi
Laras Slendro Nduweni 5 titi laras, yaiku 1 2 3 5 6 Dene slendro nduweni 3 pathet, yaiku: 1.Nem 2.Sanga 3.Manyura Sipat tembang : tenang Laras Pelog Nduweni 7 titi laras, yaiku 1 2 3 4 5 6 7 Dene slendro nduweni 3 pathet, yaiku: 1.Lima 2.Nem 3.Barang Sipat tembang : gagah, wani, lincah, seneng Titi Laras
Tata Cara Nembang Macapat Nguwasani tembang. Kudu mangerteni watake tembang. Mangerteni guru wilangan lan guru lagu saben tembang macapat. Kudu mangerteni tegese tembung utawa maknane basa sing diwaca ing tembang. Nguwasani lan mangerteni dununging andhegan utawa pehotan. Yen miwiti nembang, kudu ngerti tibane swarane dhewedhewe aja nganti mblero kendheken utawa kedhuwuren.
Tembang Gambuh
Gladhen 2 Gawea rekaman video nembang macapat Gambuh kanthi durasi minimal 1 menit lan maksimal 3 menit! Ing wiwitane video ana perkenalan jeneng, no. absen, lan kelas. Format panulisan video : (Absen)_(Jeneng) Tuladha : 01_Arimbi Banjur video kasebut diunggah ing google drive sing wis disiyapake. Tuladha video : https://www.youtube.com/watch? v=sUPV8EcREvY
Matur Nuwun