i Atur Sapala Puja puji syukur konjur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paringrahmat hidayah arupi paring kanugrahan lan sadaya kanikmatan. Saengga saget ngrampungaken buku punika senajan ta taksih saget sempurna. Buku punika mujudake gegaran tumraping para siswa kangge nindakaken ulah gegladhen ing salebeting pamuculan. Sejatosipun pangripta sampun mbudidaya amrih b uku punika sampurna. Ananging awit saking cupeting seserapan saha winatesing kawruh saking kula, pranyata buku punika taksih kathah sanget kekiranganipun. Panyaruwe, sapa aruh kang awujud kritik murih sampurnaning buku punika tansah kula antu-antu. Mugi-mugi buku punika wonten gina paedahipun tumraping kemajenganing saha ngrembakaning pasinaon basa Jawi ing sekolah. Nuwun. Pangripta
ii ISI BUKU Atur Sapala..............................................................................................................i Daftar Isi..................................................................................................................ii Wulangan I Cangkriman 1. Materi Cangkriman .................................................................... 2 2. Tugas Individu 1......................................................................... 3 3. Tugas kelompok 1...................................................................... 4 4. Glosarium .................................................................................. 4 5. Rubrik Karakter ......................................................................... 4 6. Rubrik Literasi ........................................................................... 5 7. Asesmen Pembelajaran 1 ......................................................... 6 8. Perbaikan ................................................................................. 9 9. Pengayaan ............................................................................... 9 Wulangan II Teks Tanggap Wacana (Pidato) 1. Materi Teks Tanggap Wacana (Pidato) ................................... 11 2. Tugas Individu 2....................................................................... 13 3. Tugas kelompok 2.................................................................... 13 4. Glosarium ................................................................................ 13 5. Rubrik Karakter ....................................................................... 13 6. Rubrik Literasi ......................................................................... 14 7. Asesmen Pembelajaran 2 ....................................................... 14 8. Perbaikan ............................................................................... 17 9. Pengayaan ............................................................................. 17
1 WULANGAN 1 CANGKRIMAN Kompetensi Inti: Memahami pengetahuan faktual dan konseptual dengan cara mengamati, menanya dan mencoba berdasarkan rasa ingin tentang dirinya, makhluk ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan benda-benda yang dijumpainya di rumah, di sekolah dan tempat bermain. Kompetensi Dasar: 3.4 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks lisan dan tulis berbahasa daerah yang memuat cangkriman. 4.4 Bermain tebakan dengan cangkriman. Tujuan Pembelajaran: 1. Menjelaskan pengertian cangkriman. 2. Menyebutkan ciri-ciri cangkriman. 3. Menafsirkan isi cangkriman. 4. Membuat cangkriman. 5. Menggunakan cangkriman dalam bermain tebak-tebakan. Peta Konsep:
2 Materi: Pambuka Masyarakat isih akeh sing padha nggunakake cangkriman. Embuh dienggo pacelathon, apadene mung kanggo geguyon wae. Cangkriman mujudake unen-unen kang awujud kumpulane tembung, ukara, wacan, lan tembang kang nduweni teges sinamar. Mulane cangkriman kuwi kudu digoleki batangane menawa kepingin ngerti karepe. Wong yen durung tau ngrungokake cangkriman, mula olehe nangkep karepe ukara kasebut mesthi kleru utawa salah. Nganti saiki cangkriman isih tuwuh ngrembaka ing kalangane masyarakat Jawa. Cangkriman mujudake unen-unen Jawa sing nyenengake. Cangkriman uga diarani bedhekan sing kudu digoleki jawabane. Jalaran ing sanajabane tetembungan kasebut kinandhut karep lan maksud. Lumrahe cangkriman awujud pitakonan. Coba sebutna! cangkriman apa sing tau kokrungu? Ing ngendi kowe biasane nemokake cangkriman? Cangkriman wujud apa wae sing tau kokngerteni? 1. Pangertene Cangkriman Sing diarani cangkriman yaiku unen-unen utawa tetembungan utawa ukara kang kudu dibedhek isine (karepe). Jinise cangkriman ana 5, yaiku: a. Cangkriman Wancahan (Cekakan), b. Cangkriman Blenderan (Plesetan), c. Cangkriman Wantah, d. Cangkriman Pepindahan (irib-iriban), lan e. Cangkriman kang sinawung ing tembang. Gatekna tuladhane cangkriman ing ngisor iki! 1. Cangkriman wancahan (cekakan) a. Burnas Kopen. (bubur panas kokopen) b. Gerbong tulis. (pagere kobong, watune mendhelis) 2. Cangkriman blenderan (plesetan) a. Wong wudunen kuwi sugih pari. (iya bener paringisan) (Tembung “pari” tegese “paringisan”, pancene wong sing nandhang lara wudun kuwi mesthi kerep paringisan/pringisan merga ngempet larane) b. Aku mau disuguhi opak angina. (tegese ora disuguhi apa-apa) 3. Cangkriman wantah a. Cebloke mangisor, sing disawang kok ndhuwur! (omah trocoh) b. Yen cilik dadi kanca yen gedhe dadi mungsuh! (geni) 4. Cangkriman pepindahan (irib-iriban) a. Putri melik-melik sendhen kayu legi! (jagung) b. Gajah nguntal sangkrah! (pawonan) 5. Cangkriman kang sinawung ing tembang
3 Pocung Bapak pocung dudu watu dudu gunung, Sangkamu ing sabrang, Ngon-ingone sang Bupati, Yen lumaku si pocung lembehan grana (Jawabane “gajah”) 2. Ciri-cirine Cangkriman Ing ngarep diandharake menawa cangkriman kuwi tetembungan utawa unen-unen bias awujud ukara sing kudu dibatang, dibadhe utawa dibedhek. Kanthi mangkono sing dadi ciri-ciri utawa titikane cangkriman yaiku: a. Wujude tetembungan utawa unen-unen b. Bisa uga awujud ukara utawa andharan c. Tetembungan/ unen-unen/ ukara iku kudu dibedhek d. Biasane jinis ukarane ukara pitakon e. Bias uga awujud tembang. 3. Mbatang Cangkriman Sing diarani mbatang cangkriman yaiku mbedhek utawa nggoleki jawabane sawijine cangkriman. Merga cangkriman kuwi wujude tetembungan ukara sing kudu dibedhek, mulane yen awake dhewe bias mbedhek batangane utawa jawabane cangkriman iku rasane seneng banget. Wong sing lagi bedhek-bedhekan ngenani cangkriman iku pranyata uga bias kanggo hiburan. Tugas Individu 1 Coba cangkriman-cangkriman ing ngisor iki aranana kalebu jinise cangkriman sing endi! 1. Biti notun noti biratun. [ ……………………………………] 2. Lawa lima kalong telu ana pira? [ ……………………………………] 3. Gajah ngidak endhog ora pecah. [ ……………………………………] 4. Dipijet wudele, mripate mendelik. [ ……………………………………] 5. Putri melik-melik sendhen kayu legi. [ ……………………………………] 6. Itik pertis, ibo perbeng, ijak perlong. [ ……………………………………] 7. Apa sing dilebokne kok malah metu? [ ……………………………………] 8. Wiwawite lesmba dhonge karwa pake. [ ……………………………………] 9. Dicokot pucuke, sing kelong bongkote. [ ……………………………………] 10. Enak endi daging kucing karo daging pitik? [ ……………………………………] 11. Sawah rong kedhok galengane mung sithok. [ ……………………………………] 12. Yen amba ora iso metu, nanging bareng ciyut [ ……………………………………] malah bisa metu. 13. Ana gajah numpak becak, ditutupi rapet, [ ……………………………………] kira-kira ketok apane? 14. Dipedhanga, dimriyema, dibedhila ora mati [ ……………………………………] nanging yen dicegati mati. 15. Ana titah duwe gulu tanpa sirah. [ ……………………………………] Duwe silit nanging ora tau bebuwang. Sapa kuwi?
4 Tugas Kelompok 1 Sawise paham ngenani pangertene cangkriman lan ciri-cirine cangkriman, mesthine kowe wis bisa gawe cangkriman dewe senajan ta wujude sederhana banget. Akeh kahanan, kedadeyan, sawijine bab ing sakiwa tengene dhewe sing kena digawe cangkriman utawa bedhekan. Ayo saiki latihan gawe cangkriman ngenani bab, kedadeyan, lan kahanan ing sakiwa tengene dhewe karo kelompokmu! 1. Cangkriman wancahan Cangkrimanku: ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… 2. Cangkriman wantah Cangkrimanku: ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… 3. Cangkriman wantah Cangkrimanku: ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… 4. Cangkriman irib-iriban Cangkrimanku: ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… 5. Cangkriman blenderan Cangkrimanku: ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… Glosarium: Rubrik Karakter: 1. Wancahan tegese cekakan utawa singkatan 2. Blenderan tegese plesetan 3. Wantah tegese dudu sebenere (bukan sebenarnya) 4. Tembang tegese lagu 5. Batangane tegese karepe utawa bedek (tebak) 6. Pepindhan tegese mirip dengan keadaanya.
5 Bapak Pocung Renteng-renteng kaya kalung Dawa kaya ula Pencokanmu wesi miring Sing disaba Si pucung mung turut kutha Cangkriman Pepindhan Burnas Kopen Sego Sakepel Dirubung Tinggi Dilebokne Malah Metu Urang Sapikul Matane Pira Cangkriman Wantah Cangkriman Wancahan Cangkriman Tembang Cangkriman Blenderan Rubrik Literasi
6 Asesmen Pembelajaran 1: A. Pilihen salah siji jawaban sing bener! 1. Unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibedhek isine (karepe) diarani …. a. Wangsalan b. Paribasan c. Cangkriman d. Pepindahan 2. Tembung globalisasi iku asale saka tembung “globe” sing tegese …. a. Bal bunder b. Donya c. Mendunia d. Di dunia 3. Ing ngisor iki sing kalebu dhampak postipe globalisasi yaiku …. a. Ilange budaya asli b. Majune teknologi c. Komunikasi saya angel d. Ilange pakulinan gotong royong 4. Cangkriman “pesok mbulan” tegese “tempe bosok kanggo bumbu kelan”. Ukara ing ndhuwur mujudake tuladhane cangkriman …. a. Wantah b. Pepindhan c. Blenderan d. Wancahan 5. Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur, batangane …. a. Andha b. Prau bocor c. Gendheng bocor d. Benik 6. Batangane “ontong gedhang”. Cangkrimane, pak demang klambi abang …. a. Disuduk manthuk-manthuk b. Disawang malah ilang c. Rupamu kaya kranjang d. Penggweane saba blumbang 7. Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung, Tangan papanira, Nuduhake rina wengi, Lamun mati bingung wektu sang bendera. Badhekane yaiku …. a. Tasbih b. Ali-ali c. Gelang jam d. Binggel 8. Pitik walik saba meja, batangane …. a. Nanas b. Nangka c. Sulak d. Sapu 9. Manut wujude, cangkriman iku keperang dadi …. a. Enem b. Lima c. Papat d. Telu 10. Kebo picak kalebu …. a. Cangkriman pepindhan b. Cangkriman blenderan c. Cangkriman tembung d. Cangkriman wancahan 11. Dikethok malah dhuwur kalebu …. a. Cangkriman pepindhan b. Cangkriman blenderan c. Cangkriman tembung d. Cangkriman wancahan 12. Sing klebu cangkriman plesetan yaiku …. a. Bocor malah enak b. Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan diliwati c. Segara beldhes d. Sega sakepel dirubung tinggi 13. Gajah ngidak endhog ora pecah. (karepe sing ora pecah iku gajahe)
7 Ukara ing ndhuwur mujudake tuladhane cangkriman …. a. Wantah b. Pepindhan c. Blenderan d. Wancahan 14. Pak demang klambi abang disuduk manthuk-manthuk. (Batangane ontong) Ukara ing ndhuwur mujudake tuladhane cangkriman …. a. Wantah b. Pepindhan c. Blenderan d. Wancahan 15. Gatekna tembang ing ngisor iki! Wanci dalu bapak pucung medalipun, Perlu ngupa boga, Yen siyang ngedhem aguling, Dennya nendra sirahnya ndhangakken surya Batangane (bedhekane) cangkriman kang awujud tembang ing ndhuwur yaiku …. a. Gajah b. Kupu-kupu c. Lawa d. kebo 16. Apa sing dilebokne kok malah metu? Batangane (bedhekane) cangkrimankang awujud tembang ing ndhuwur yaiku …. a. Slerekan b. Sabuk c. Idu d. Benik 17. Dicokot pucuke sing kelong kok malah bongkote. Apa iku? Batangane (bedhekane) cangkriman kang awujud tembang ing ndhuwur yaiku …. a. Tebu b. Permen c. Rokok d. srengenge 18. Cangkriman ing ngisor iki sing kalebu blenderan yaiku …. a. Anake gelungan, anake ngrembyang. b. Cebloke nyang ngisor sing digoleki ndhuwur. c. Dideleng gampang, dicekel angel. Apa iku? d. Ana gajah numpak becak, ditutupi rapet, kira-kira ketok apane? 19. Cangkriman ing ngisor iki sing kalebu cangkriman wancahan yaiku …. a. Lawa lima kalong telu isih pira? b. Apa sing dipijet wudele, mripate mendelik. c. Enak endi daging kucing karo daging pitik? d. Wiwawite lesmba dhonge karwa pake 20. Cangkriman ing ngisor iki sing kalebu cangkriman wantah yaiku …. a. Biti notun nati biratun b. Kayu mati digubet ula mati c. Wong wis gedhe kok ngguyu tuwa d. Dicokot pucuke, sing kelong bongkote B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! Cangkriman blenderan ing ngisor iki terangna karepe! 1. Wong wis gedhe kok ngguyu tuwa. Karepe ………………………………………………………………………………………...... 2. Lawa lima kalong telu ana pira? Karepe ………………………………………………………………………………………...... 3. Enak endi daging kucing karo daging pitik Karepe ………………………………………………………………………………………….. Cangkriman wantah ing ngisor iki bedheken!
8 4. Dicokot pucuke, sing kelong bongkote. Batangane ……………………………………………………………………………………… 5. Didelelng gampang, dicekel angel. Apa iku? Batangane ……………………………………………………………………………………… 6. Dipedhangga, dimriyema, dibedhila ora mati nanging yen dicegati mati. Batangane ……………………………………………………………………………………… 7. Yen amba ora iso metu, nanging bareng ciyut malah bisa metu. Batangane ……………………………………………………………………………………… Cangkriman kang sinawung ing tembang ngisor iki golekana batangane! 8. Tembang pocung a. Wanci dalu bapak pucung medalipun Perlu ngupa boga, Yen siang ngedhem aguling, Denya nendra sirahnya ndhangaken surya. Batangane :…………………………………………………………………………………. b. Bapak pucung laire tinitah bisu, Lamun rinakaten, Pinarsudi den temoni, Mung sarana pinandeng wruh basanira. Batangane :…………………………………………………………………………………. 9. Tembang dolanan “Nyata Kowe Wasis” Nyata kowe wasis (sis), Bedheken sing gelis (lis, lis, lis), Cangkriman telu ik, Jangkrik sungut selawe batangane apa, Bapak demang (mang) klambi abang (bang, bang, bang), Disuduk manthuk-manthuk. a. Jangkrik sungut selawe batangane ……………………………………………………... b. Pitik ndhase telu batangane ……………………………………………………………… c. Bapak demang (mang) klambi abang, disuduk manthuk-manthuk. Batangane …………………………………………………………….. 10. Tembang kinanthi Wujud ngong lir Kresna Prabu, Bangsa sato kadya peksi, Sasana nunggil manungsa, Pamboga maduning sari Swara angler raseksa, Darbe curiga ing medi. Batangane : ……………………………………………………………………………………………………. C. Soal ing ngisor iki garapen manut prentahe! 1. Apa sing diarani cangkriman! ……………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………… 2. Sebutna jinis-jinise cangkriman! ………………………………………………………………………………………………………
9 Bapak pucung laire tinitah bisu, Lamun rinaketan, Pinarsudi den temoni, Mung sarana pinadeng wruh basanira ……………………………………………………………………………………………………… 3. Apa ciri-cirine cangkriman? ……………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………… 4. Apa sing diarani mbatang cangkriman? ……………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………… 5. Gatekna tembang kang awujud cangkriman ing ngisor iki! Apa batangane (bedhekane) cangkriman ing ndhuwur? ……………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………… Perbaikan Cangkriman ing ngisor iki bedeken! 1. Pitik walik saba kebon ……………………….. 2. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi musuh ……………………. 3. Dikethok malah dhuwur ……………………. 4. Ana tulisan arab. Macane saka endi………………… 5. Pak boletus batangane……………………….. Pengayaan Cangkriman ing ngisor iki tulisen nganggo Aksara Jawa! A. 1. Lawa lima kalong telu. 2. Disuguh opak angin. 3. Kayu mati digubet ula mati. B. Gaweo cangkriman wancahan loro wae! 4. ………………………………………….. 5. …………………………………………. Proyek Cangkriman ing ngisor iki lagokno nganggo tembang Pocung! Aksara Bapak pocung laire tinitah bisu, Lamun rinaketan, Pinarsudi den temoni, Mung sarana pinandeng wruh basanira.
10 Tanggap wacana (Pidato) Pengertian Struktur Pidato Jenis Pidato Maca lan Nulis Pidato WULANGAN 2 TEKS TANGGAP WACANA (PIDATO) Kompetensi Inti: Menyajikan pengetahuan faktual dan konseptual dalambahasa yang jelas, sistematis, logis dan kritis, dalam karya yang estetis, dalam gerakan yang mencerminkan anak sehat, dan dalam tindakan yang mencerminkan perilaku anak beriman dan berakhlak mulia. Kompetensi Dasar: 3.5 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks pidato, bercerita, dan lainnya sesuai dengan kaidah. 4.5 Menulis dan memperagakan teks pidato, bercerita, dan lainnya sesuai dengan kaidah. Tujuan Pembelajaran: 1. Menjelaskan pengertian pidato 2. Menjelaskan struktur pidato 3. Membedakan ciri bahasa pidato resmi dan tidak resmi 4. Membuat kerangka pidato 5. Menulis teks pidato dari kerangka yang dibuat 6. Memperagakan teks pidato yang telah ditulis Peta Konsep:
11 Materi: Pambuka Sing diarani wirausaha yaiku sakabehing usaha sing ditindakake dening manungsa kanthi tujuwan kanggo golek asil. Kanggo nyukupi kabutuhan saben dinane, manungsa perlu nyambut gawe utawa usaha. Jroning nindakake usaha kudu pinter milih kalodhangan utawa peluwang usaha. Ing jaman saiki pancen dibutuhake wong-wong sing pancen bener-bener kreyatif anggone milih usaha. Nalikane nindakake sawijine usaha sing perlu digatekake yaiku anane keuletan. Usaha apa wae yen ditindakake kanthi ulet lan temenan wusanane bisa ngolehake asli. Umpama nalika miwit usaha warung utawa dhepot, aja ngarep-arep yen laris terus. Wong miwiti usaha kudu tlaten. Usaha sing saiki wis sukses, wiwitane uga saka cilik lan rasa sabar sarta tlaten. Senajan usaha sing ditindakake wiwitane mung cilik nanging krana tlaten lan sabar wekasane bisa dadi gedhe lan sukses. 4. Pangertene Teks Tanggap Wacana Tanggap wacana yaiku iku uga diarani medhar sabda, sesorah, uutawa pidato yen basa indonesiane. Sing diarani tanggap wacana/ sesorah/ medhar sabda/ pidato yaiku ngomong, matur, dhawuh utawa ngendikan ing ngarepe wong akeh kanthi tujuan tartamtu. Dene tujuwane wong nindakake tanggap wacana iku werna-werna. Ana sing kanggo menehi informasi, kanggo medhar ngelmu/ kawruh, lan ana sing mung kanggo panglipur (hiburan). Gatekna teks tanggap waca ing ngisor iki! Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh Ingkang kawulo hormati Bapak Bupati Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu Ingkang kula tresnani rencang-rencang kampung Pandang Monggo kita sesarengan njunjungaken puji syukur marang Gusti Allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia, saengga kita saged makempal sesarengan ing papan menika kanti sehat wal afiat. Ing papan menika, kawulo badhe nyampeaken sesorah bab lingkungan kagem mengeti Hari Lingkungan Sedunia. Akhir-akhir menika, kita ngraosaken lingkungan ingkang mboten sami kaliyan lingkungan mangsa kita nom. Minggahipun toya segoro ugi tambahipun panas wonten lingkungan ingkang kasebat pemanasan global menika contonipun dampak lingkungan ingkang sampun rusak amargi polah manungsa. Ingkang nyebabken pemanasan global inggih menika ngagem listrik ingkang luwih, mboten wonten wit-witan ing papan rame, polusi saking motor lan mobil, ugi kahanan hutan ingkang sampun rusak. Mula, ayo kita sedaya padha njaga lingkungan supados saged dinikmati para generasi enom. Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalilh, kula nyuwun agenging pangapunten. Wassalamualaikum wr.wb
12 5. Struktur Teks Tanggap Wacana (Pidato) Kaya-kaya teks liyane, saben-saben teks kuwi mesthi nduweni struktur utawa susunan. Dene sing diarani struktur teks tanggap wacana (pidato) yaiku susunan utawa tata urutan sing ana ing sajrone teks tanggap wacana. Tata urutane utawa structure teks pidato iku dumadi saka telung perangan, yaiku: pambuka, isi, lan panutup. 6. Jenise Pidato Sing perlu dingerteni menawa tanggap wacana, pidato utawa sesorah kuwi ana sing resmi la nana sing ora resmi. a. Pidato Resmi Sesorah utawa pidato resmi yaiku pidato sing diwedharake ana ing ing situasi lan pasamuan resmi (formal). Kayata: pidato kenegaraan, pidato mengeti dina kamardikan, lan dina-dina nasional liyane. Jroning pidato resmi basa sing digunakake kudu basa sing baku. b. Pidato Ora Resmi Sesorah utawa pidato ora resmi yaiku pidato sing diwedharake jroning situasi utawapasamuan sing ora resmi. Umpamane: pidato pasrah utawa nampa manten, pidato ing kampong-kampung jroning swasana ora resmi, lan sapanunggalane. Basa sing digunakake jroning pidato ora resmi kuwi ora kudu nggunakake basa baku. Jroning sesorah (pidato) becike nggunakake basa karma alus, jalaran basa karma alus kuwi gunane kanggo ngajeni wong sing diajak guneman. Saumpame kepaksa nggunakake basa ngoko kudune nggunakake basa ngoko alus. Gatekna tuladha panganggone basa karma alus lan ngoko alus jroning ukara ing ngisor iki! Basa Krama Alus 1. Manga panjenengan kula aturi midhangetaken andharan saking rencang kula. 2. Mugi-mugi panjenengan sedaya kersa nampi sowan kula sarombongan! 3. Bilih wonten kalepatan kula nyuwun pangaksami dhumateng panjenengan sedaya. Basa Ngoko Alus 1. Ayo panjenengan dakaturi midhangetake andharan saka kancaku. 2. Muga-muga panjenengan kabeh kersa nampa tekaku sarombongan! 3. Yen ana kaluputan aku njaluk pangapura marang panjenengan kabeh Gatekna andharan ngenani struktur teks pidato ing ngisor iki! a. Pambuka : perangane pidato kang wiwitan minangka pambuka, dene andharane dumadi saka salam pambuka, salam pakurmatan marang sing padha rawuh, lan pandonga puji syukur. b. Isi : perangane pidato kang mujudake intisarine pidato, andharan inti kang ana ing sajrone teks pidato. c. Panutup : perangane pidato kang pungkasan minangka panutup, dene kang diandharake yaiku dudutan, pangarep-arep, njaluk ngapura menawa ana kesalahan, lan salam panutup.
13 Tugas Individu 2 Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana! 1. Medhar sabda sesorah yaiku pangertene …. 2. Tujuane tanggap wacana yaiku …. 3. Struktur teks pidato dumadi saka telung perangane yaiku …. 4. Perangane pidato kang mujudake inti sarine pidato kalebu …. 5. Pidato resmi yaiku …. 6. Tuladhane pidato resmi yaiku …. 7. Pidato ora resmi yaiku …. 8. Tuladhane pidato ora resmi yaiku …. 9. Jroning pidato resmi basa sing digunakake yaiku basa …. 10. Jroning pidato ora resmi sing digunakake yaiku basa …. 11. Salam pambuka, salam pakurmatan kalebu …….... Pidato 12. Pangarep-arep, jaluk ngapura menawa ana kesalahan lan salam panutup kalebu ………. pidato 13. Mugi-mugi panjenengan sedaya kersa nampi sowan kula sarombongan. Basa pidato ing dhuwur kalebu basa …. 14. Yen ana kaluputan aku jaluk pangapura marang panjenengan kabeh. Basa pidato ing dhuwur kalebu basa …. 15. Pangucapane tembung nalika pidato kudu …. Tugas Kelompok 2 Gaweo tuladhane tanggap wacana babagan pambuka, isi, lan panutup! (setiap kelompok membuat satu bagian dari struktur pidato). Glosarium: 1. Tanggap wacana tegese pidato. 2. Babagan tegese bagian. 3. Pangarep-arep tegese harapan. 4. Kaluputan tegese kesalahan. 5. Perangane tegese bagian. 6. Medhar Sabda tegese mengucapkan kalimat. Rubrik Karakter:
14 Rubrik Literasi 1. Ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi tujuan tartamtu diarani …. a. Nembang b. Sesorah c. Nyinden d. Nuturi 2. Sesorah utawa tanggap wacana yen ing bahasa Indonesia diarani …. a. Menyanyi b. Pidato c. Diskusi d. Deklamasi 3. Struktur bakune sesorah yaiku …. a. Salam, pambuka, panutup b. Pambuka, isi, panutup c. Isi, pambuka, panutup d. Panutup, pambuka, isi 4. Jroning pidato luwih becik nganggo basa …. a. Ngoko lugu b. Ngkoko alus c. Karma lugu d. Krama alus 5. Aweh katrangan/informasi ajak ajak, lan aweh panglipur marang wong sing ngrungokake mujudake …. sesorah a. Struktur b. Warangkane c. Jinise d. Tujuane Asesmen Pembelajaran 2: Wacan: Assalamu’ alaikum warahmatullahi wabarakaatuh. Sugeng enjing kula aturaken dhumateng para rawuh sedaya. Bapak Suhadi Kepala Desa Doko ingkang kula urmati. Para warga tani ing dhusun Doko ingkang kula tresnani. Puji syukur kula aturaken dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit saking berkah lan rohmatipun kita saget ngempal wonten nriki kanthi kawontenan wilujeng. Para sedherek ingkang kula tresnani. Budidaya jamur merang pancen ngremenaken sanget. Kejawi pangupakaranipun gampil, asilipun ugi lumayan kathah. Kenging kangge nyambet kabetahan saben dintenipun. Panjenengan ingkang kepengin nindakaken usaha budidaya jamur merang, wekdal punika kula badhe andum pengalaman dhateng panjenengan sedaya ngengingi tata caranipun budi daya jamur merang.
15 Supados panjenengan saget mengertosi kados pundi tata caranipun mbudidayakaken jamur, manga kula aturi nyemak andharanipun kadang kula ingkang sampun samapta wonten ing panggenan sisih wetan punika. Kula kinten cekap semanten atur kala, nyuwun pangapunten saking sedaya kalepatan saha kekirangan. Mugi-mugi panjenengan sedaya saged ndherek kegiyatan punika kanthi rancang. Wasana kula aturaken sugeng mirsani andharan saking kadang kula. nuwun A. Pilihen salah siji jawaban sing bener! 1. Pidato ing ndhuwur manggon ing …. a. Kantor kecamatan b. Kantor kabupaten c. Aula utawa bale desa d. Kantor sekolahan 2. Sing rawuh jroning kegiyatan pidato ing nduwur yaiku …. a. Kepala sekolah lan Bpk/ibu guru b. Pak camat lan para karyawane c. Pak kades lan para among tani d. Bupati lan para pejabat kabupaten 3. Budidaya jamur merang kuwi nyenengake banget jalaran …. a. Regane murah tur golekane uga gampang b. Open-openane gampang tur asile lumayan c. Pangupakarane angel lan asile akeh banget d. Golek-golekane gampang nanging murah 4. Wong-wong sing ngrungokake ngrungokake pidato ing ndhuwur yaiku …. a. Para pejabat sakecamatan b. Para pejabat sakabupaten c. Para petani ing padesan d. Para siswa lan Bpk/ibu guru 5. Isi bakune pidato ing ndhuwur yaiku …. a. Tata carane usaha dodolan ing warung b. Panyuluh tata carabe nandur pari c. Tata carane dadi wong sukses d. Panyulunan budidaya jamur merang 6. Ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi tujuwan tartamtu diarani …. a. Nembang b. Sesorah c. Nyindhen d. Nuturi 7. Sesorah utawa tanggap wacana iku yen ing basa Indonesia diarani …. a. Menyanyi b. Pidato c. Diskusi d. Deklamasi 8. Jroning sesorah (pidato) becike nggunakake basa …. a. Ngoko lugu b. Krama lugu c. Ngoko alus d. Krama alus 9. Jroning sesorah (pidato) saumpame kapeksa nggunakake basa ngoko kudune nggunakake basa …. a. Ngoko lugu b. Krama lugu c. Ngoko alus d. Krama alus 10. Ing ngisor iki tuladhane basa ngoko alus yaiku …. a. Sampeyan mau rak wis padha sumerap dhewe b. Kowe mau rak wis padha weruh dhewe c. Panjenengan mau rak wis padha weruh dhewe d. Panjenengan mau rak wis padha pirsa dhewe 11. Sing kokkandhakake kuwi mau masalah apa? Ukara ing ndhuwur yen didadekake basa ngoko alus ….
16 a. Sing kokdhawuhake kuwi mau masalah apa? b. Sing panjenengan kandhakake kuwi mau masalah apa? c. Sing sampeyan kandhakake kuwi mau masalah apa? d. Sing panjenengan dhawuhake kuwi mau masalah apa? 12. Bapak benjing sonten badhe tindak …. Semarang a. Ing b. Menyang c. Saka d. Saking 13. Struktur bakune sesorah yaiku …. a. Salan, pambuka, panutup b. Pambuka, isi, panutup c. Pambuka, panutup, isi d. Salam, isi, pambuka 14. Ngapunten kula telat, amargi nembe …. dalemipun pakdhe a. Saking b. Ing c. Saka d. Dhateng 15. Aweh katrangan/ informasi, ajak-ajak, lan aweh panglipur marang wong sing ngrungokake mujudake …. sesorah a. Strukture b. Warangkane c. Jinise d. Tujuwane 16. Kanggo persiapane nulis teks pidato becike gawe …. a. Ukara b. Dudutan c. Cengkorongan d. Gagasan baku 17. Yen arep pidato, becike gawe …. a. Cengkorongan b. Gagasan baku c. Naskah pidato d. Struktur teks pidato 18. Miturut swasanane, pidato utawa sesorah kaperang dadi …. a. Pidato kanegaraan karo pidato perpisahan. b. Pidato ing sekolahan karo pidato ing manten. c. Pidato pangetan Hardiknas karo pidato presiden. d. Pidato resmi karo pidato ora resmi 19. Ing ngisor iki ora kalebu gagasan baku sajroning pambuka pidato yaiku …. a. Dudutan b. Puji syukur c. Salam pambuka d. Pakurmatan 20. Pidato kanthi ngapalake luwih dhisik diarani …. a. Impromptu b. Memortiter c. Ekstemporan d. Naskah B. Ukara-ukara ing ngisor iki unggah-ungguhe isish salah. Benerna manut unggahungguh basa sing trep! 1. Nganti yahmene guruku isih durung teka. ………………………………………………………………………………………...... 2. Bu Lurah mau olehe mulih wis kawanen. ………………………………………………………………………………………...... 3. Kowe mau diceluk bapakmu kok ora semaur? ………………………………………………………………………………………….. 4. Bapakmu sesuk apa sida lunga menyang Malang? ………………………………………………………………………………………
17 5. Aja rame-rame eyang kakung saiki isih turu ing kamar. ……………………………………………………………………………………… 6. Nyuwun ngapunten kula badhe kondur sakmenika mawon! ……………………………………………………………………………………… 7. Niki wau kula nembe dhahar wonten kantin. ……………………………………………………………………………………… 8. Saestu kula sakniki taksih dereng kagungan arta. ……………………………………………………………………………………… 9. Kula badhe siram wonten jedhing wingking mawon. .…………………………………………………………………………………….. 10. Kula wau mboten tamtu ngasta buku wacanan basa Jawi. ……………………………………………………………………………………… C. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana! 1. Apa sing diarani pidato resmi? ……………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………… 2. Sebutna tuladhane pidato resmi! ……………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………… 3. Apa sing diarani pidato ora resmi? ……………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………… 4. Sebutna tuladhane pidato ora resmi! ……………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………… 5. Sebutna basa sing digunakake jroning pidato resmi! ……………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… Perbaikan 1. Pidato sing diwedarake ing situasi lan pasamuan resmi kasebut………………. 2. Pidato sing diwedarake ing situasi lan pasamuan ora resmi kasebut………………. 3. Basa sing digunakake jroning pidato resmi yaiku basa………………. 4. Wasana cekap semanten anggen kula matur, bilih wonten kekiranganipun kula nyuwun agunging sih samudra pangaksani kalebu struktur tanggap wacana………………….. 5. Swara nalika pidato kudu…………….. Pengayaan Tulisen nganggo Aksara Jawa! 1. Wasana cekap semanten atur kula 2. Bilih wonten kalepatan atur 3. saha solah bawa 4. Ingkang mboten mranani penggalilh 5. Kula nyuwun agunging pangapunten. Proyek Gaweo tuladhane tanggap wacana kanthi tema pendidikan!