The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by titaniaanisa22, 2021-07-19 05:19:41

ANTOLOGI GEGURITAN, DRAMA & CERKAK

KATA PENGANTAR

Alhamdulillah, puji syukur konjuk dumateng
Allah Ingkng Maha Agung, sahengga Buku Antalogi
Geguritan, Cerkak, ugi Drama Mata Kuliah Menulis
Kreatif Rombel Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
2019’D menika sagen dipunsusun kanthi sae. Boten
kesupen kula aturaken matur nembah nuwun kagem
tiyang supuhipun kawula ingkang tansah parng dedonga
pangestu. Saha kagem Ibu Dosen ugi ingkang sampun
paring kawruh lan seserepan sahengga Buku Antologi
menika saged kasususun sae menika saged purna.

Inggih wonten maksud panyusunan karya tulis
menika kagem menuhi tugas Menulis Kreatif Bahasa
Jawa. Agunging panuwun menika katur dhumateng Ibu
Ramhma Ari Widiastuti, S.Pd., M.A. minangka Dsen
Pembimbing materi wonten karya tulis menika, ugi
sedaya mawon ingkang sampun hanyengkuyung wonten
panyusunan karya tulis menika.

Wonten panyuwunan kula wonten karya tulis
menika saged ndamel manfaat dateng pamaos supados
nambah ilmu ugi wawasan gegurita, teks drama, kaliyan
criyos cekak.

Kula inggih mangertos, bilih wonten karya tulis
menika taksih katah kekirangan. Pramila panyaruwe saha
panyedu tansah kula antuu-antu.

Kendal, 19 Juli 2021
panyerat

Geguritan

Lungamu
Titania Anissa Nurus Saroya

Remuk
Remuk muk dada iki
Remuk muk ati iki
Saya remuk awak lan pikiran iki

Kepiye aku bisa lali
Kepiye aku bisa lila
Saben lingsir wengi
Ngeling slirahmu kang wis lunga

Saya netes eluh
Saye kebereh-bereh nala
Sajatine bisa katrima ing pandum
Ananging ora kaya mengkene caramu lunga
Kenapa kowe luwih milih wadon liya tinimbang aku

(Kendal, 3 April 2021)

Cidrone Ati
Titania Anissa Nurus Saroya

Wengi tansah krasa sepi
Lilin kamar wis dak pateni
Jendhela kamar wis katutup
Wis rak ana swara kaprungu
Nanging pikiran iki tansah semrawut
Mikir apa ya bisa sesanding slirahmu
Najan aku ya ngerti katresnan iki salah
Nanging rak bisa ngumpetke tresna rasa
Awit dina-dina kang krasa saya abot
Apa ya slirahmu ngerti cidrone ati iki
Sing lara atine nganti kepati-pati

(Kendal, 7 April 2021)

Lingsir Sore Ngayemake tyas
Titania Anissa Nurus Saroya

Sumilir angin segara dak rasake karo merem
Suara ombak cilik kang ngayemake tyas
utamangga kang sumawur dadi ilang
ing gegana katon kukila padha mabur
sumurup mega ireng grumbandul kaya kapas
pancen ngilangake rudhating nala iki
Duh Gusti matur nuwun sanget
Lingsir sore iki pancen ngayemake

( Kendal, 1 Mei 2021)

Biyung
Titania Anissa Nurus Saroya

Kang saka cilik nyirnakake tatu ning ati
Ora tau ngeluh
Kang tetep hanjagani cepak utawa adoh
Ora tau mandek dedonga
Kang terus paring pambiyantu nalikane aku tiba
Asihmu kang sansaya ngrembaka
Gawe nala iki sansaya tresna asih
Biyung
Matur nembah nuwun
Muga tresnamu tinampa dadi swarga biyung

(Kendal, 5 Juli 2021)

Segara
Titania Anissa Nurus Saroya

Segara iku kaya obating nala
Nampa rasa paite pangurip kanti legawa
Isuk wengi tansah agawe buwakan eluh manungsa
Swara ombak segara kang saya santer
Anggawe enteng ngilangake rasa kang tatu
Lakuning hawamu tansah ngademake penggalih
Segara
Endahmu kang sajati
Biru jembar kandel bening
Tansah gawe bungah sakparang-parang manungsa

(kendal, 7 Juli 2021)

Mati Rasa
Titania Anissa Nurus Saroya

Mati rasa
Kahanan kaya mengkene ora mung dirasake wong kang
lara Covid
Nanging saiki
Mati rasa uga dirasakake dening wong-wong elit kantor
Pejabat kota mati welas
Rakyat padha lara ora kumanan kamar opnam
Kahanan rumah sakit kang sesak
Full pasien saha langka tabung oksigen
Mati
Padha mati ning panggonan rakyatmu
Nanging apa kang panjenengan lakoni para elit
Ning kahanan kaya mengkene malah grusah-grusuh
Mrentah supaya diwenehi tempat istimewa kanggo
panjenengan sing padha kenang covid
Ya Allah
Tulung sadaro
Ning ndi rasa welas panjengan Pak Bu

(Kendal, 13 Juli 2021)

Naskah Drama

Teks Drama Kanca Kenthel

Irah-irahan : Kanca Kenthel

Tema : Kekancanan

Paraga :4

 Ayu : Menthel, galak, apikan
 Nita : Galak, isinan, apikan
 Dila : Apikan, sabar
 Dinda : penengah, apikan

Prolog : Drama menika nyriosaken ngingingi bab
kekancanan bocah-bocah kelas 3 SMA. Paraganipun
wonten 4. Inggih menika Ayu, Nita, Dila, lan Dinda.
Wonten Drama menika ngginakaken ragam basa jawa
ngoko lugu, amergi paraganipun sak pantaran.

Dina senin isuk, Ayu wis siap arep mangkat sekolah.
Kaya biasane Ayu mangkat boncengan numpak motor
karo Dila. Ayu lan Dila kancanan wis suwi awit ing TK.
Dila ngampiri Ayu sing lagi nunggu ning ngarep omah
sinambi benekake wedak lan kudunge.

Dila : “Wis Yu, Yu, macak wae orak rampung-
rampung. Wis Jam nem punjul seprapat ki lho Yu. aja
sampe telat mlebu barisan upacara.”

Ayu :”Yo iyo sik ta La. Dhewe kuwi kudu
perfectionist! Ngerti rak?.”

Dila :”Hisss sakarepmu Yuk, perpeksionis
perpeksionis apa kuwi? Wis ayo ndang!. Telat dihukum
Bu Siti lho.”

Ayu : “OMG! Ayo ayo, La. Emoh aku lik ngati
dihukum, Bu Siti.”

Dila : “Lah iya ta. Wis ayo ndang munggah.”

Ayu : “Yok.”

Sawise Ayu lan Dila tekan sekolah karo rampung
upacara, kakarone bareng mlebu kelas. Bareng isih
mlaku meh tekan lawang kelas, Nita mbanteri mlakune
Ayu lan dila. Nanging mlaku karo pasuryan sedhih.

Ayu : ”Eh, Dil?. Delengke Nita, Kenang ngapa ya?”

Dila : ”Apa? Napa ta ? eh kok beda temen ya orak
kaya biasane.”

Ayu : ” Nah iya. Ayok mara ning Nita.”

Dila : “Nit? Kowe kenang apa?”

Ayu : ”Kowe lara ta Nit, uwis sarapan during?”

Nita : “Eh, pye cah? Aku rak kenang apa-apa ko.”

Dila : ”Ah, tenanan lah Nit.”

Nita : “ Iya Tenan. …”

Durung rampung anggone ngomong, bel kelas banjur
muni. Pratanda pelajaran arep dimulai. Sakwise padha
ngrampung pelajaran, jam istirahat kawiwitan. Dinda
ngajaki Nita, Ayu lan Dila njajan bakso ning kantin
bareng.

Dinda : “Nita, Ayu, Dila? Ayok mbakso ning kantin
papat!”

Ayu : ”Ya, sik. Aku melu, tak wedakan sik.”

Dila :”yo ayo.”

Dinda : “yok, Nit”

Nita : “Aku, ora melu sik. Aku durung pati ngelih
cah.”

Dinda : “ Loh ngapa?, orak menapa penting melu,
ayok.”

Ayu : “ Ayok ta Nit. Kowe kuwi kenapa ta, ketmau
orak jelas kaiki lho Nit?”

Nita : “Lha aku rak kenapa-napa kok! Napa ta ? Aku
sih pengen ndewe Yu!”

Ayu : “Dadi gemes aku.”

Nita : “ Luweh, kana!”

Nita sing jawabi kaya mengkana garai bingung Dinda
lan Dila. Ayu sing rada orak sabaran bocahe rada pegel
karo respon Nita sing orak kaya biasane. Bedha banget,
Biasane criwis tur seneng ngajak guyon.

Dinda : ” Wis wis yu. orak papa Nit, lik emoh melu ning
kantin. Aku tak karo Dila karo Ayo. Mengko lik ameh
pengen nusul, nusul wae ya?”

Dila : “Iya Nit, nko nusul wae ya. Wis ayok yu.”

Dinda : “Yawes, ndisik ya Nit.”

Nita meneng wae karo pasuryan besengut karo
brambang, kaya ameh netes eluhe. Sak wise Dinda, Dila
lan Ayu ning kantin. Nita setengahe grundel.

Nita : ”Ya Allah, paringi sabar. Muga-muga masalah
iki ketemu titik temune. Kepiye carane aku ngomong
ning Dila, Dinda karo Ayu.”

Bel masuk wes muni. Murid-murid padha mlebu kelas
banjur padha sinau lan ngelakoni kegiatan kaya
padatane. Tumekane bel bali sekolah wis muni, murid-
murid uga pada siap-siap bali lan padha nuju menyang
parkiran motor. Nita sing lagi mlaku dewe disusuli
Dinda, Ayu karo Dila.

Dinda : “Nita? Dinteni. Eh pye sadurunge bali ngomah
dhewe dongeng-dongeng ning taman sik yok?”

Nita : ”Mmmm yawis, ayok Din.”

Dila : “ Yok yok”

Ayu : “Nita kowe janjane kenangapa ta?, awit isuk
awakmu ketok bedha banget. Ora kaya biasane.”

Dinda : “ Iya Nit, biasane awakmu sumringah, jail orak
gelem anteng.”

Ayu : “Aku njalok ngapuro ya, yen mau omongane
rada raiso kalem. Kene orak menapa cerita lik lagi ana
masalah Nit.”

Dila : “ Sapa ngerti kene bisa menehi solusi bareng-
bareng”

Nita : ” Iya gene cah (pasuryane Nita brambang) aku
kepengin enggal crita masalah iki uwis suwi nanging aku
wedi.”

Dinda : ” Ora usah wedi Nit.”

Nita : ” Nembe wae bapak lan ibuku kenang musibah.
Usahane bangkrut cah. Aku orak siap kekancanan iki
pedhot gara-gara padha ngerti saiki aku wis ora duwe apa
apa.”

Ayu : “Hissss ngapa ta Nit malah ngomong kaya
mengkana.” (karo nyikep Nita sing mrembes neteske
eluh)

Dila : “Ya Allah sing Sabar ya Nita. Awakmu orak
oleh ngomong kaya mengkana ya.”

Dinda : “ Sing Sabar yaa Nit. Kene ora bakal pedhot
kekancan merga masalahmu iku.”

Ayu : “Kene ora bakal ninggalke awakmu Nit. Kene
bakal ana kanggo awakmu, aja wedi ya.”

Nita : “ Aku minder cah.”

Dila : “ Minder napa Nit? Ora usah minder. Sokur-
sokur kene iso ngerti kahananmu. Bisa dedonga bareng-
bareng kanggo awakmu, bapak ibumu.”

Dinda : ” Aja sedhih meneh yaa Nit. Aja putus asa.
Muga-muga bapak ibumu bisa miwiti usahane meneh
kanthi luwih berkah barokah”

Ayu : “ Lik ana apa-apa cerita, aja isin-isin. Awakmu
butuh apa-apa ngomong aku, ana Dinda Ana Dila. Sing
jenenge kekancan ora bakal ninggalake kancane sing lagi
kesusahan.”

Nita : “ Aamiin aamiin. Ternuwun banget ya cah
donga semangate. Ngapurane ya, Yuk. Mau aku wes
jengkel-jengkel.”

Ayu : “ Wis, ora apa apa Nit.”

Dila : ”Nita sing sabar ya, sing kuat.”

Nita : “ Suwun ya, Dila.”

Dinda : “Wis padha paham kabeh ta?, saiki lik ana apa-
apa pokoke kudu padha ngomong ya. Supaya kene padha
bisa ngerti , sapa ngerti bisa ngrewangi golek solusi
bareng-bareng. Kekancanan iki ora oleh pedhot nganti
sok mben ya.”

Ayu, Dila & Nita : “Iya Dinda.”

Dinda : “ Yawis, padha balik yok. Uwis sore ki.”

Ayu : “ Ayok.”

Dila & Nita : Yok.

Ayu : “ Eh, sik sik. Tancep sik wedake cah. Biasa.”

Dila : “ Bocah kui pencen ko ya?”

Ayu : “ Ya ora apa apa ta. Pokoke kudu perpekcionis
ning ndi wae lan kepiye wae kahanane. Ya rak Nit?”

Nita : “ Hehe, ya Allah iyaa Yu sakarepmu ameh piye.
Eh Dinda, balek bareng Ya?”

Dinda : ”Ayok.”

Pungkasan bocah-bocah mau bebarengan padha bali
menyang omahe dhewe-dhewe. Ayu boncengan karo
Dila, Dinda karo Nita.

#####

Teks Drama Ora sida mlebu ISI

Irah-irahan : Ora sida mlebu ISI

Tema : Kaluwarga

Paraga :4

1). Bune : Minangka Ibu saka Alun lan Gilang

2). Alun : Minangka mbak yu kandunge Gilang
3). Gilang : Minangka adhik saka Alun, sing nembe

lulus SMA
4). Nisa : Minangka ponakan Bune, kawit cilik

Alun kanthil karo Nisa

Nalika preinan Gilang, Bune karo Alun padha kumpul
ing omah mburi. Nisa njedul teka.

Nisa : “Assalamualaikum, Bun.?”

Gilang : “Waalaikumsalam.”

Bune : ”Waalaikumsalam..Kene mlebu, Nis!”

Alun :”Waalaikumsalam, rene rewangi ki kang masmu
gilang.”

Nisa : “Loh,sih padha ngapa iku Mba, gawe tugas ta?”

Alun : ”Biasa pesenan kado ulang taun.”
Gilang : “Tulungg njupuke solasi kui ng meja, Nis.”
Nisa : “Ki, Mas. Wong ndi sing pesen?”
Gilang : “ Wong Kendal kana.”
Nisa :”wooo, iyaa. Arep dikirim kapan?”
Alun : “Nko sore, bada asar. diterake aku ya?”
Nisa : ”ya, mba. Ingsyaallah.”
Gilang : “ Wah, Alhamdulillah. Wis meh dadi iki”
Bune : “Alhamdulillah, ndang padha dirampungke lek
bisa leren-leren. Bune gawe jus ning kulkas. Nko diombe
bareng-bareng.”
Alun : ”Nggih Bu.”

Bada Asar wis rampung, banjur Alun karo Nisa
ngirimake pesenan. Banjur tumekane omah, Alun
dongeng karo Bune.
Alun : “Assalamualaikum,Bun.”
Bune : ”Waalaikumsalam, mangan sik Alun.”
Alun : “Nggih Bu, tak raup rumiyin.”

Bune : “Yaa kana.”
Alun : “ Gilang ten pundhi, Bun?”
Bune : “ Diparani fajrul kae, arep muralan ning
kawedanan jare.”
Alun : ”Lomba ta,Bun?”
Bune : “ Ora paha, Bune.”
Alun : ”Oo. Bun? Rampun Ujian Nasional mangkih,
Gilang badhe dipunsekolahke pundhi Bun?
Bune : “Aku manut Bapakmu, Nduk. Bapak pengen
Gilang disekolahake pelayaran.”
Alun : “ Loh Bune sampun matur kaliyan Gilang?”
Bune : ”Sok tak tekoni.”
Alun : ”Nggih Bun.”

Sesoke, Gilang tata tata arep mangkat sekolah.
Bune :” Le ?Ujianmu kapan?
Gilang : “Sewulan malih, Bun. Pripun Bun?”
Bune :” Rencana arep neruske ning ndi Le?
Gilang : “Kula pengen, sekolah ten ISI, Bun.”

Bune : ”Anu,Le. Bune dipeseni Bapakmu, Kowe meh
dileboke ning pelayaran.”

Gilang meneg wae, karo setengahe mikir. Rada ora
gagasmature Bune,langsung pamit mangkat sekolah.
Gilang : ”Salim Bun, Pangkat rumiyin nggih.”
Bune : “Ya, Le, ati-ati.”
Alun : “ Pripun Bun?, Gilang purun Boten?”
Bune : “Adhikmu meneng wae.”
Alun : “ Lah nggih, Gilang niku remen seni, Bu.
Menawi dipunlebetaken ISI mawon.”
Bune :” Iyo nduk,nanging iki amanat saka Bapakmu.
Ya coba mengko tak takoni maneh.”

Bali sekolah gilang mlebu kamar,Bune saweg masak
ning dapur. Alun jahit klambi boneka karo Nisaning
kamare Gilang.
Alun : ”Gil?,kepiye awakmu gelem ta ora nerusake
ning pelayaran?”

Gilang :”Isih bingung, Mbak. Jane pengen ning ISI, ning
karepane Bapak Ibu aku kon mlebu pekayaran. Aku
mung manot wae, Mbak.”

Nisa :” Sampean ameh sekolah pelayaran ta Mas?”

Gilang :” Iya.”

Nisa : “ Tenanan ta ora?, emang sampean kuat?.
kayake mlebu pelayaran iku ora passione sampean Mas.
Apa ora kleru?”

Alun :” Iya, Gil. Coba ngomongo apik-apik ning Bune
umpamane kowe ora gelem.”

Gilang :” Ya Mbak, ora menapa aku disekolahke ning ndi
wae penting iso gawe bungah Bune karo Bapak.

Alun : ”Yawes lek pancen rencanamu kaya menkana,
Gil.”

Nisa :” Iya Mas, kene amung bantu dedonga. Mugi
paringi sukses.”

Gilang : “Aamiin. Suwun ya Nis, Mbak. Nko aku tak
matur Bune.”

Bune rampung masak, Nisa bali menyang omah.

Nisa : ”Mbak Alun, Mas Gil? Aku tak bali sik ya. Wis
ditelpon Ibu.”

Alun : ”Iya, ati-ati Nis.”

Nisa : “Iya, Mbak. Bune? Nisa pamit rumiyin nggih,
Bun?”

Bune : “ Loh, ora maem bareng sik kene Nis?”

Nisa : “ Boten, matur nuwun Bun, ngenjang malih.”

Bune : ”Yais, ati-ati yaa, salam nggo Ibumu.”

Nisa : ”Nggih Bune.”

Bune : ” Alun, Gilang ayo maem sik.”

Gilang :” Nggih, Bun. Ayok Mbak.”

Alun :”Iyaa, kana sik.”

Bune : ”kepiye le, Bune mung arep takon pisan meneh,
awakmu gelem ta mlebu pelayaran ?”

Gilang :” Nggih, Bu. Ananging umpami boten lolos, taun
ngajeng kula badhe daftar wonten ISI mawon nggih Bu.”

Bune :”Nko coba awakmu uga matur ning Bapak ya Le,
supaya bisa dirembug bebarengan.”

Gilang :” Nggih, Bu.”

Ing pungkasan Bune, Alun uga Gilang pada
ngrampungke maem. Uga Gilang sidane mlebu sekolah
pelayaran.

####

Teks Drama Dolanan Bareng

Irah-irahan : Dolanan Bareng

Tema : Kekancan

Paraga :

1. Manda
2. Gadis

Ing sawijining dina kang panas banget lan ngepasi
wayah preinan, Gadis sing ning kamar, nelpon Manda.

Gadis : “His, boring banget yah, wayah preinan ora ana
kagiatan babar blas ki lho. Meneh sepi byangett ning
omah. Ngapaa ya enake ....? oh iyaa tak coba nelfon
Manda sik aaah.”

(tutt... tut...)

Manda : “ Halo, Assalamualaikum?”

Gadis : “ HALOO, MANDAAAAA.”

Manda : ”Eh! Ngapa ta Dis, suaramu iku lho, gawe lara
kupingku.”

Gadis :” Hehehe, iya iya sory ta nda. Seneng banget
aku telfone langsung mbok angkat.”

Manda : “Halah, teka biasa wae ta, Dis. Biasa gabut ya
ngene. Piye ana apa ?”

Gadis :” Weh! Awakmu juga gaabut ta, hahahaha. Nek
nu pas banget iki.”

Manda : “Iyolah! Preinan bingung ameh ngapa ning
omah”

Gadis : “Yawis, kepiye lek mengko sore dolan bareng?”

Manda : ” Ameh ning ndi ta emang?”

Gadis :” Ngopi yok, piye?”

Manda : “Ning ndi Dis, kowe wis ijin Ibumu durung?”

Gadis :” Win.tosh tempate uptude, go foto-foto apik.
Durung lah.”

Manda : “Yawis nko jam 4 yo. Aja lali kanda Ibumu sik.”

Gadis : “ Ya, rausah kawatir.”

Manda : “ nagnggo hondane sapa?”

Gadis : “Mengko awakmu tak jemput aku wae.”

Manda : ”Oo, Yawis neknu. Sing ati ati mengko renene.”

Manda lan Gadis uga pada siap-siap lan tansah ora lali
pada ijin marang wong tuwane.

Manda : “ Wis jam 4 sore, Gadis kok durung ngabari
meneh yaa, tak telfone sik wae nek ngunu.”

(tut...)

Gadis :”Halo, Nda. Sik dinteni 5 menit meneh aku
OTW”

Manda :” Hikss.. suwi. Ndang tak enteni. Ojo lali
prokes!”

Gadis : “Iyaa iya Nda.”

Manda ngenteni Gadis sing ora teka-teka.

Manda : “Suwi byangett asli, Gadis. Ngomonge arep 5
menit meneh otw wis 20 menit ora nongol-nongol”

Gadis : tiiiiiiinnnnnnnnnnnnnnnnnnn”Assalamualaikum
ukhtiiiiiiiii”

Manda : “Ya Allah kebiasaan banget cah iki seneng
ngageti uwong. Jare limang meni, ndi? Kutu kupret”

Gadis : “Heheh wes ayok gas, cepet tak tinggal lho.”

Manda : “gone tak boncengke aku wae.”

Gadis :” Ya iya nda, galak byanget ta?.”

Manda :”makane ojo gawe wong ngenteni, emosi ki.
Meneh sih menstruasi.”

Gadis : “olah bajilakk, sih mens ta. Puantesss ngamuk
truss.”

Manda :” Wis meneng wae.”

Gadis :”Hilihh..... hmmmmm bismillahirahmanirahim.
Donga Nda ben gaono opo-opo.”

Manda sing posisi lagi mens ora nyauti omongane Gadis.
Deweke teko fokus mboncengake Gadis.

Ing satengahing perjalanan, suara seko ngisor Blekg
blekgh karo oyag motor sing ditompaki Gadis lan
Manda. Kalorone padha kaget

Manda :”Eh.. e ya Allah... ngapa iki kok oyag-oyag dewe
motore?”

Gadis :”Ya Allah kenapa iki, tulung tulung ya Allah
tulung. Mandeg sik Nda.”

Manda :” Ya Allah, ban sing buri bocor Dis.”

Gadis :” Ya Allah, apa meneh iki. Ana wae kahanane.”

Manda : “Mau ora mbok cek sik motormu Dis?

Gadis : “Ora, hla wong kesusu no.. ya allah jyaann
tenann. Iki merga awakmu Nda ra gelem maca bismillah
sik mau.

Manda : “lho.. lhooo kok dadi aku sih Dis?. Sakepenake
dewe.”
Gadis : “ Nah iya, huhu huhu..”

Manda : “Wis ta Dis, aja kaya bocah cilik, ndadak nangis
barang.saiki coba golek tambal ban bareng ora gur salah-
salahan.”

Gadis :”Huhu ... iyoo sik”

Manda :” Wis ketemu durung?”

Gadis : “Sik ta.”

Manda :”Pancen kowe ki kok Dis.’

Gadis :” Ki wis temu, ayo maju 200 meter meneh”

Manda :” Alhamdulillah, yawes ayo rewangi nyurung”

Manda karo Gadis padha bareng nambalke ban.
Ngenteni setengah jam punjul anggone kalorone nambal
ban. Untung dalan ning win.tosh ora pati adoh banget.

Sawise rampung nambal ban Gadis lan Manda nerusake
ning win.tosh. Bareng tekan Win.tosh kalorone padha
seneng banget.

Gadis : “Nda? Wis tekan?”
Manda : “Iya Dis, wis tekan.”

Gadis : ”ya Allah apik ya ggone Nda? Ayo pesen kopi
sik, kowe ameh pesen sing apa?”

Manda : “ Aku meh huzelnut coffe, curos, karo banana
krispi Dis.”

Gadis : ”Okeee.”
Manda : “ Tak goleke mejo sik”

Gadis :”Iyo, Nda.”

Manda golek mejo ono ing sisih wit-witan. Gadis
ngenteni pesenane dadi, banjur marani Manda
Gadis :”Tarrraaaa... pesenan syudahh datang gaiss”

Manda : ”Wisss mantapp betull rekkk. Kene-kene tak
ewangi. Suwunn Dis”

Gadis :”Wokee, Nda.”
Manda :” Wih enak yo kopine?”

Gadis :” Eh iyaa, Enak. Pemandangane yo apik yaa?”
Manda :”Ho’o ki.”

Gadis :” Nda, dingapuro yo mau aku wis nyalahke
awakmu je.”
Manda :”Halah rapopo, teko sante Dis.”
Gadis : “ Hikss.. oraa isa”
Manda :” Halah ngapa ta kowe, kaya karo sopo tok ki
lho. Wis biasa anggone salah paham, ning aja
kebangeten.”
Gadis :”hiya hiya Nda, suwun.”
Manda :”Jare ameh foto-foto, kene tak fotoke!”
Gadis :”Yoh yohh fotoke aku sikk.”

Ing pungkasan Manda lan Gadis padha nikmati
pemandangan ana ing win.tosh lan padha foto-foto.
Kakarone padha-padha seneng merga iso dolan
brabayan.

###

Cerkak

Jalaran Semaput

Wektu iku aku, kanca-kancaku, mbokku Mpok
Nur uga pacarku kumpul bareng padha lotekan ing
ngarep omah. Ana kembaranku Risa uga sing melu
lotekan. Ana Kipli, Kriwil, Tegar, lan Fani. Dene pacarku
yaiku Imam. Aku kenal dheweke wektu mlebu pertama
ing bangku SMA. Aku lan Imam sak kelas telung taun
ning kelas MIPA 1. Aku, Imam, Risa uga bocah-bocah
iku mlebu ana ing SMA sing padha. Yaiku SMA Negeri
1 Weleri. Aku, Risa, Kipli, Kriwil, Tegar lan Fani iku
uwis bebarengan awit ning SMP, yaiku SMP Negeri 2
Weleri. Naging saiki ning SMA uga bareng meneh. Dene
Imam iku SMPne beda dewe. dheweke orak sekolah ning
SMP nanging mondok ning Mangkang. Dadi kenale isih
nembe pas mlebu ana SMA.

Wektu padha lotekan bocah-bocah padha crita-
crita bebrayan uga padha gegojekan karo pepoyokan. Ing
kana aku lan pacarku kerep dadi umpan pepoyokan
bocah-bocah. Mergane miturut panemune bocah-bocah

mau Imam kuwi wonge rada ora nyambung umpama
dijek crita, wonge seneg ngarang crita. Nanging aku ora
mikir kaya mengkana aku ora peduli mergane aku tresna
karo Imam. Jyan jyan pancen tresna iku nutupi kabehane.
Basa indonesiane “cinta itu buta”. Wis sing penting aku
tresna ngono wae. Uga padha karo Imam, miturut bocah-
bocah aku rak adoh seka Imam suwi mikir, utawa suwi
nanggepi kahanan, leda-lede, nangisan. Dadi bocah-
bocah ngarani yen aku kuwi jumbuh tenan karo Imam.
Ora menapa aku uga seneng lan ora gawe pikir karo
pepoyokane bocah- bocah sing kaya mengkana seneng
banget beda aku lan Imam. Mergane, iku kabeh amung
geguyonan biasa supayane mau kae swasana tansaya bisa
katon bingar, saya guyup, rukun lan saya raket
sedulurane. Panemune Imam uga kaya mengkana, itung-
itung luru pahala bisa gawe uwong padha ngguyu.

Mbokku Mpok Nur kang manut geguyonan
bareng mau, uga melu seneng tur yo ngakak. Ngrasakake
bangka kegugu karo geguyonane lan critane bocah-bocah
mau. Awet saka crita-crita mau ana crita kang paling
gawe kegugu nganti kepingkel-pingkel rak karuan sak

kabehane sing ana ning lotekan kana mau lan digawe ora
nyana. Critane iku kaya mengkene...

Didhisiki Kipli sing crita babagan kekarepane
sing pengen mlebu Universitas Diponegara lewat jalur
SNMPTN. Dheweke crita yen bakal njupuk jurusan
teknik informatika. Kang bakal dilanjut kerja ing
pemrogaman, mlebu daftar intel utawa dadi hacker.
Sakliyane Universitas Diponegara, Kipli uga dhuwe
ancang-ancang arep mlebu STAN, njupuk D1 perpajakan
Kanca-kanca ning kana ora padha gumon karo
pepinginane Kipli sing kaya mengkana iku. Mergane
Kipli wes dikenal bocah sing sregep lan pinter pelajaran
matematikane awit ing SMP. Awit cilik uga cekelane
uwis komputer. Diadhepi karo bapakane. Ora gumun uga
bapake ya jaman kuliyah jupuk jurusan teknik
informatika. Kerep uga ing SMP lan SMA Kipli menang
Olimpiyade matematika lan sains.

Dilanjut ceritane saka kancaku sing jenenge
Kriwil. Kriwil iku bocah sing paling kudu menang
dhewe, ora gelem kalah karo batire. Nanging Kriwil iku
bocah sing apikan umpama karo kanca-kancane uga

seneng tulung-tinulung. Kriwil cerita yen dheweke
pengin banget mlebu STAN. Ananging ing sak liyane
STAN dheweke uga pengen mlebu ing UNS njupuk
perpajakan. Kriwil uga crita yen dheweke besuk pengin
duwe usaha dhewe. Sisan ngrewangi dodolane mboke lan
bapake. Wong tuwane loro mau padha dodolan unus
utawa sotong. Bocah-bocah kabeh mau ngamini
pepinginane Kriwil supaya bisa diijabah.

Dene Tegar kuwi duwe pepinginan dari atlet
sepak bola. Dheweke sregep banget anggone latihan
futsal utawa latihan bal. Isuk awan bengi ora tau ucul
saka agenda latihan futsa ya bal. Ananging bapake Tegar
rada ora setuju yen tegar dadi atlet sepak bola. Bapake
Tegar duweni pepingan supaya tegar iku bisa dadi guru
olahraga lan nerusake pendidikan ana ing Universitas
Negeri Semarang. Ing kana bocah-bocah sing padha
ngrungukake uga ora padha gumun umpama bapake
Tegar duweni pepinginan sing kaya mengkana. Amerga
Bapake Tegar kuwi ngucal wonten SMA Negeri 1 Weleri
dados guru olahraga. Bubar ngana Tegar uga crita yen
besuk dheweke uga bakal nyoba daftar ing Universitas

Negeri Semarang njupuk jurusan PJKR. Sak liyane iku
dheweke uga pengin jupuk utawa daftar ing Universitas
Sebelas Maret jupuk jurusan sing padha. Tegar bakal
mlebu ing jurusan mau iku, ananging deweke crita yen
orak bakal ninggalake bal lan tetep main bal-balan.

Bubar iku Fani sing cerita. Fani iku sedulurku.
Aku ngundang dheweke Mbak, mergane Fani anak saka
kang mase mbokku Mpok Nur. Fani crita yen dheweke
duwe pepinginan besuk pengin dadi Psikolog. Pengen
uga njupuk universitas ing Jakarta yaiku Universitas
Negeri Jakarta. Mergane cepak banget karo omah
simbahe. Sakliyane iku dheweke durung kepikiran arep
dadi apa. Nanging sing penting bisa tetep kuliyah.

Dilteruskake dening kembaranku Risa. Risa iku
duweni pepinginan saka SMP pengin dadi guru.
Dheweke seneng banget karo bocah-bocah percil. Dadi
Risa iku pengen daftar ana ing Universitas Negeri
Semarang pada karo Tegar. Ananging arep njupuk
jurusan Pendidikan Guru Sekolah Dasar. Dheweke
pengin ngajar ana ing SD. Ing sak liyane iku Risa duwe
pepinginan pengin bisa ngajar ana ing SMK yaiku ing

jurusan tata boga. Amarga Risa iku seneng banget
masak-masak uga masakane enak banget. Sak liyane iku
Risa uga pengin besok kuliyah ana ing yogya yaiku ing
Universitas Negeri Yogyakarta. Ananging Risa crita yen
dheweke sajatine luwih pengin lan mantep mlebu ana ing
Universitas Negeri Semarang wae, mergane dheweke ora
pengen adoh-adoh saka Mpok Nur.

Banjur dak teruske aku. Aku pengin banget mlebu
ana ing kesahatan. Aku matur ning Mpok Nur umpama
besok aku meh mlebu ning kesehatan. Mpok Nur uga
banjur wangsuli “Iya, sing penting awakmu bisa sekolah
kuliyah sing bener”. “Nggih Mpok. Pandonganipun
nggih, Mpok”. Aku nyritakake yen aku kui arep mlebu
ning kekesehatanan nanging aku wegah dadi perawat
utawa dokter. Amerga aku rada wedi weruh getih, dadi
aku pengin besuk mlebu kuliyah jupuk jurusan ilmu gizi
uga fisioterapi. Ananging wektu iku bocah-bocah
ngandani yen aku bakalan tetep ketemu karo praktik sing
kaitane karo getih, gur bedane ora seakeh praktik kaya
dokter uga perawat.

Nah, terakhir yaiku critane seko si Imam kang
senenge duweni pepinginan sing dianggep bocah-bocah
kedhuwuran uga ora masuk akal. Imam kuwi crita yen
dheweke iku besok arep mlebu milite dadi tentara,
pelayaran utawa TNI-AU. Langsung ing kana bocah-
bocah pada kaget saya orak percaya karo crita pertamane
iku. “Hah, ngapa kowe Mam arep mlebu militer?”, Kipli
takon karo rada ora percaya. Fani lan Risa guyu-guyu
sisan ngunyah nanas. “Sing bener wae Mam? upacara
wae semaput, kok arep mlebu militer”, sambung Kriwil
uga. Ning kana pada ngguyu bareng merga pitakenan
kriwil. “Hahaha, iya pye Mam awakmu tenanan arep
mlebu militer?”, takon Risa sing isih pada guyu mau.
Imam ya mengakana dheweke yo melu guyu orak
mandheg-mandheg di ilengke bababgan kuwi.

Mbokku Mpok Nur sing mireng uga anut kegugu
lan melu takon. “Mam, awakmu iku semaput ning
ngendi?”. “Menika wekdhal upacara wonten SMA, Bu.”
Karo nahan guyu drengas-drenges Tegar mangsuli Mpok
Nur. “Loh? sing pas pertama mlebu SMA wong tuwa
padha melu delok anak-anake iku ya, Mam?” Mpok Nur

takon karo mastikake kahanan mau iku bener apa ora.
“Nggih, Bu. Leres”. Jawab Imam. Mpok Nur saya
kegugu ora percaya lan crita yen wektu kuwi piyambake
pirsa yen ana cah lanang semaput pas upacara. Mergane
ning ngarepe pirsis tibane. Banjur spontan Mpok Nur
Matur “Loh, anake sapa iku, bagus-bagus, gagah-gagah
upacara kok semaput!” banjur wong tuwa-tuwa sing ana
ning kana uga padha dedelokan ing bocah kang semaput
mau. “Oh, ya Allah kae anakku!. Menika anak kula, Bu.”
Jawab Bapak-bapak sing lenggahe persis anan ing
ngarepe Mpok Nur. Mpok Nur langsung isin lan ngara
ora kepenak banget. Ngerti yen jebul bapakane bocah
sing semaput mau ana ning ngarepe. Bocah-bocah lan
aku saya guyu kepingkel-pingkel, yen jebul Mpok Nur
wis nate kepanggih Bapake Imam wektu iku. “Jebul, aku
wis tau ketemu Bapakmu, ya Le?. Bisa-bisane semaput,
Le Le”. Mpok Nur isih ora percaya wae. Bocah-bocah,
Imam uga aku yo padha, ora bisa mandeg nahan guyu.
“Tek isane mengkana Mam Mam?” sambung si Kipli.
“Hahaha! Cah lanang kok kaya mendoan, Lemes”
sambung Kriwil.

Kaya mengkana mau bocah-bocah gegojekan lan
geguyonan bareng-bareng. Imam sing kaya mengkana
kenang maneh lan dadi bahan gegojekan ora jengkel.
Dheweke malah guyu lan tetep nglotek. Mpok Nur
ngendika malih “Piye maneh ra Le?, karang jodoh
awakmu ning sekolah ketemu Nisa, aku yo pepanggihan
karo Bapakmu,calon besanku”. Bocah-bocah langsung
jawab cie-cie saya guyu kepingkel-pingkel krungu Mpok
Nur ngendika kados mekaten. Aku lan Imam padha isin-
isin krungu Mpok Nur ngendika kaya mangkana.
Pasuryane Imam sing ra bisa di umpetke brambang kaya
brangbang tomat. “Ra apa-apa ya, Le? Saka semaput aku
dadi ngerti yen iku awakmu lan Bapakmu.calon mantuku
calon mantuku”. “Nggih, Bu”. Jawab Imam karo
drengas-drenges.”Uhuy, cie Imam, ehem-ehemm” kriwil
seneng banged guyoni Imam. Banjur bocah-bocah mau,
aku lan Mpok Nur padha nerusake lelotekan meneh.

###

Alhamdulillah Kena Covid

Dina kamis tanggal 3 juni 2021 wingi, aku lan
kembaranku lunga ing Solo. Aku ing Solo numpak
motor karo kembaraanku amarga ing wayah pandemi
Covid-19 iki luweh aman yen numpak kendaraan pribadi
kaya ta motor utawa mobil tinimbang numpak angkutan
umum. Ing Solo iku amarga aku ana kegiatan ing
kampus. Satekane Solo aku turu ana ing kos-kosan.
Banjur tekan kos-kosan aku lan kembaranku resik-resik
kamar lan padha leren. Kembaranku ora suwi ing Solo
karo aku amargo mung ngeter aku banjur balik ing omah
Weleri.

Kemabaranku balik ing Weleri dina jumat. Aku
ing kos ora dewe amarga ana bocah liya kang ngekos ing
kos-kosan sing dipanggoni aku. Ing kana aku seneng
amarga ora dewe, kancaku sing seko Pati jenenge Anggie
iku arep ngekos sakamar bareng aku lan teka ing dina
minggu. Sawise kembaranku balik weleri aku banjur
mangkat ana ing kampus, amarga sore iki ana kegiatan
sing kudu dirampungke tugase. Aku ing kampus kaget
banget amarga ing ruangan iku akeh banget bocah

padahal ing wayah pandemi iki, aku rada wedi ananging
aku nyobo tenang. Banjur aku rampung kegiatan aku
langsung balik kos.

Sawise tekan kos wetengku lara, jebule dina iki
aku halangan dina pertama. Halangan dina pertama iki
biasane wetengku lara banget, anangin iki ora lara banget
mung sirahku sing ngelu banget lan ora ilang-ilang. Aku
banjur telpon ibu kos lan diparingi obat ibu kos dina
kuwi. Aku isirahat tekan isuk, nanging ngelune iseh ora
ilang. Aku ngroso aku iku masuk angin amarga kekeselen
seko perjalanan Weleri Solo. Awaku uwis krasa penak
nanging ora suwi ngeluku kumat, banjur aku ngombe
obat sing diparingi ibu kos. Ing dina minggu kancaku
seka Pati iku tekan ing kos. Kancaku kaget amargo aku
lara, kancaku ngeter tuku obat ing apotik. Aku ora paham
yen ngeluku iki ora ilang-ilang, disusul aku sing saya
panas awake, pilek lan watuk. Aku diparingi obat karo
petugas apotik, banjur balik karo kancaku.

Kancaku iku tekan kos ngopeni aku sing lagi lara
iki. Aku ora kepenak karo kancaku amargo tekan solo
langsung ngopeni aku sing lara. Aku lara wis ngrepotke

wong akeh. Aku ditumbaske maem kancaku banjur
ngombe obat sing dituku mau. Sesoke awake aku
kepenak nanging, awakku iseh rada lemes lan ngelune
kumat. Banjur aku istirahat terus, kancaku nyediake
lawuh kanggo mangan bareng-bareng. Ananging aku
mangan ora tau ana rasane, aku mikir yen kuwi amargo
aku mriyang dadi ilate kerasa orak penak, kabeh
panganan sing dipangan ora ana rasane. Kancaku curiga
pas aku ngomong iki panganane orak ono rasane. Banjur
kancaku ngongkon aku jupuk minyak kayu putih, lan
minyak wangi kannggo ngambur wangine. Ing kono aku
ora ngambur opo-opo, banjur kancaku panik, kancaku
nyeritake yen keluargane lebar kena virus covid-19
gejalane podo opo sing tak rasake aku. Aku ora ngerti
yen apa sing tak rasake iku kelebu ing gejala covid-19.
Aku lan kancaku banjur golek klinik Kesehatan sing iso
ngecek covid-19. Aku mutusake kanggo tes swab. Lan
rak suwi hasile metu aku positif kenang Covid-19.
Nanging kancaku sing sak kamar malah negatif. Aku
syukur banget nalika aku kena covid nanging kancaku
ora, sing padahal uwes turu sakamar 3 dina karo aku.
Banjur aku ngabari wong tuwaku, wong tuwa ku kaget

banget amarga posisi aku adoh seko wong tuwo aku
malah lara. Nanging kabeh kuwi iso diatasi yen awake
dewe iso tenang lan optimis mari.

Sawise aku lan kancaku priksa banjur aku balik
kos, lan ngelaksanake isolasi mandiri. Aku ngabari ibu
kos lan kanca kos liyane yen aku kena covid-19. Aku
wedi banget amargo aku mikir laraku iki iso nyebarke ing
kanca-kanca liya sing ana ing kos. Aku wedi yen ora
diterima ing kos kalian ibu kos lan kanca-kanca kosku.
Aku ora nyana bakal kenang Covid-19. Aku digawe
tansanya ora nyana meneh merga kabeh sing ning kost
iku malah ora do wedi karo Covid-19. Malahane kanca-
kancaku padha ngresiki kamarku, ngrawat aku, uga
ngopeni aku. Aku jan ora nyana. Dikrane bakal ora do
nrima kahananku sing mengkana, jebul malah kosok
baline. Ibu kost uga mengkana. Sami pareng semengat
ben aku ora sedih lan fokus ing Kesehatan. Kanca
sakosku kuwi pada sayang karo aku, amarga yen aku
butuh apa-apa dikon ngomong lan bakalan dibantu.
Sesuke ibu kos nyediake jamu kanggo aku lan kanca-
kancakuu supaya bisa jogo stamina lan imun supaya iso

tetep sehat. Ibu kos nitip Amanah kanggo sing ing kos
supoyo iso njaga protokol kesehatan. Aku seneng banget
uga syukur rakaruan merga, wong-wong sing ning kost
padha apik narima aku.

Keluargaku seka adoh terus dongake aaku lan
ngai semangat aku ben aku mari. Kabeh keluargaku ing
weleri pada ngai semangat lan dongake. Ake ing kene
tambah semangat lan optimis bakal mari saka covid-19.
Alhamdulillah ing solo iki aku nduwe sedulur seko
bapakku, yaiku makcilikku. Selama aku lara sing
nyediake pangan kanggo aku yaitu makciliku iku. Wong
tuwaku njaluk tulung ing makcilik kanggo jaga aku.
Obat-obatan sing diperluke kanggo ngobati aku sing
nyediake makcilik. Aku kaget naliko sing ngeterke maem
dudu makcili, nanging kangmasku sing saka Yogya teko
niliki aku. Aku bersyukur banget amarga uwong ing
sekitarku, kaya keluargaku, kancaku, ibu kosku podo
dongake aku lan jaga aku. Aku sedih ananging aku
bersykur banget akeh wong sing apikan karo aku. Aku
bakalan buktike ing keluarga lan uwong-uwong sing
saying karo aku, aku mari lan iso nglewati ujian iki.

Aku iso lasi pakbelas dina suwene. Aku matur
nuwun banget karo kanca-kanca sing wis padha ora wedi
lan gelem ngopeni aku wektu kenang covid-19. Syukurku
makaping-kaping dhateng Gusti Ingkang Maha Agung.
Sampun pareng sakit dateng kula. Pungkasan aku balik
nyang Weleri bareng kancaku. Aku seneng aku wis bisa
bali ning kahanan biasane meneh. Matur nuwun Gusti.

###

Monolog Podcast


Click to View FlipBook Version