Modul Ajar FASE D / KELAS 8 SEMESTER 1
SINTA FITRI NOVIA (22020114002) ICHA MAHARANI (22020114022) PUTRI ANDINI (22020114028) SHEILA PUTRI (22020114033) MODUL AJAR IDENTITAS PENYUSUN:
ELEMEN CAPAIAN Menyimak Peserta didik memahami informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai jenis teks deskripsi, narasi, puisi, eksplanasi dan eksposisi (cerkak/carpan, cerita wayang/topèng ḍhâlâng, geguritan/puisi, pacelathon/ḍhâ-kanḍhâ, tembang kreasi dan macapat/tembhâng macapat/laghu kreasi) yang beraksara latin dan /atau Aksara Jawa/carakan Madhurâ, teks visual untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat Membaca dan memirsa Peserta didik mampu mengeksplorasi dan mengevaluasi berbagai topik aktual yang dibaca dan dipirsa. Berbicara Peserta didik mampu menggunakan dan memaknai kosakata baru yang menggunakan basa rinengga/ lalongèt untuk berbicara dan menyajikan gagasan sesuai unggah-ungguh basa atau onḍhâgghâ bhâsa. Menulis Peserta didik mampu menulis dan mengembangkan kosakata baru dengan menggunakan basa rinengga/lalongèt untuk menyajikan gagasan sesuai unggah-ungguh basa/onḍhâgghâ bhâsa.
MATERI 1 TEKS CERKAK (TEMA: SOSIAL) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu memahami struktur teks cerkak dan unsur kebahasaan teks cerkak, serta mampu menulis teks cerkak. Peserta didik Menyimak penjelasan guru mengenai teks cerkak. Peserta didik Menyimak penjelasan guru mengenai struktur teks cerkak. Peserta didik Menyimak penjelasan guru mengenai unsur basa teks cerkak. Peserta didik Menulis kesimpulan penjelasan dari guru mengenai teks cerkak. Kegiatan dan penugasan WANGUN TEKS CRITA CERKAK PERTEMUAN 1 : Peserta didik Membaca teks cerkak. Peserta didik Menemukan struktur dan unsur basa dalam teks cerkak Peserta didik Menulis struktur dan unsur basa dalam teks cerkak. Kegiatan dan penugasan NINTINGI TEKS CERKAK PERTEMUAN 2 : Peserta didik Menyimak penjelasan guru mengenai cara nulis teks cerkak. Peserta didik Menulis teks cerkak buatannya sendiri. Peserta didik Mempresentasikan hasil tulisan teks cerkaknya. Kegiatan dan penugasan NULIS TEKS CERKAK PERTEMUAN 3 :
MATERI 2 BASA RINENGGA (TEMA: BUDAYA) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu mengidentifikasi, struktur, jenis, serta mampu menulis cerita denga nada basa rinengga. Peserta didik Menyimak pengertian basa rinengga Peserta didik Menyimak jenis basa rinengga Kegiatan dan penugasan WANGUN TEKS BASA RINENGGA PERTEMUAN 4 : Peserta didik Membaca teks basa rinengga Peserta didik Menemukan basa rinengga dalam sebuah teks cerita Peserta didik Menentukan jenis basa rinengga dalam sebuah teks cerita Peserta didik Kelompok Menemukan jenis basa rinengga di dalam sebuah teks cerita Kegiatan dan penugasan NINTINGI BASA RINENGGA PERTEMUAN 5 : Peserta didik berkelompok Menulis hasil dari temuannya tersebut. Peserta didik berkelompok Mempresentasikan hasil pekerjaannya. Kegiatan dan penugasan KANTHI BEBARENGAN PERTEMUAN 6 : MANGUN TEKS Peserta didik Menulis teks cerita dengan ada basa rinengga di dalamnya. Peserta didik Mempresentasikan hasil pekerjaannya. Kegiatan dan penugasan KANTHI MANDIRI PERTEMUAN 7 : MANGUN TEKS PERTEMUAN 8 : UTS
MATERI 3 TEKS WAWANCARA (TEMA: KEKELUARGAAN) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu memahami struktur dan unsur bahasa teks wawancara serta mampu menyusun dan menanggapi teks wawancara. Peserta didik Menyimak pengertian teks wawancara Peserta didik Menyimak struktur teks wawancara Peserta didik Membaca teks wawancara Kegiatan dan penugasan WANGUN TEKS WAWANCARA PERTEMUAN 9 : Peserta didik Menyimak unsur basa teks wawancara Peserta didik Menentukan unsur 5W lan 1H ing teks wawancara Kegiatan dan penugasan TEKS WAWANCARA PERTEMUAN 10 : NINTINGI 5W 1H Peserta didik Menyusun pedoman wawancara kanthi kelompok Peserta didik Menindakake wawancara karo narasumber kanthi kelompok Kegiatan dan penugasan NULIS TEKS WAWANCARA PERTEMUAN 11 : Peserta didik Menulis teks laporan asil wawancara kanthi mandiri Peserta didik Menanggapi teks laporan asil wawancara kanthi mandiri Kegiatan dan penugasan NULIS TEKS WAWANCARA PERTEMUAN 12 :
MATERI 4 TEKS IKLAN (TEMA: INDUSTRI) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu mendengar, menyimak, serta mengeksplorasi dan mengevaluasi teks iklan sesuai dengan struktur teks. Peserta didik Mengidentifikasi jenis teks iklan Peserta didik Menemukan struktur dan unsur Bahasa dalam teks iklan. Kegiatan dan penugasan WANGUN TEKS IKLAN/ REKLAME PERTEMUAN 13 : Peserta didik Berkelompok dan menemukan ukara hagya dan ukara sambawa Peserta didik Menuliskan hasil temuan ukara hagya dan ukara sambawa Kegiatan dan penugasan NULIS TEKS IKLAN/ REKLAME KANTHI KELOMPOK PERTEMUAN 14 : PERTEMUAN 16 : UAS Peserta didik Menyimak penjelasan Kembali mengenai materi teks iklan Peserta didik Membuat teks iklan yang sesuai dengan tema Peserta didik Mengomentari iklan buatan teman Kegiatan dan penugasan NULIS TEKS IKLAN/ REKLAME KANTHI MANDIRI PERTEMUAN 15 :
MATERI : TEKS CERKAK (TEMA: SOSIAL) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu memahami struktur teks cerkak dan unsur kebahasaan teks cerkak, serta mampu menulis teks cerkak. KEGIATAN DAN GLADHEN Pertemuan 1 : Wangun teks crita cerkak Kegiatan dan penugasan Peserta didik Menyimak teks cerkak. Coba semaken teks cerkak ing ngisor iki kanthi permati! Kenthong telu POSKAMLING kang manggon ing salah sijine prapatan lurung satengahe kampung Ngudi Rahayu wis diregengake dening rondha. Jemek lan Nuryono lagi ngobrol babagan proyek pantomim kang bakal digelar neng ngarep gedhung serbaguna Kalurahan Umbul Manik. Bardjo lagi sambat sambat karo Kang Agus, menawa warung angkringane tansaya sepi. Pero, Menot, Bandhol, lan Panjul lagi dolanan kertu wolu. Sanalika wongwong kang lagi ngobrol mak cep klekep, rikala Mbah Darmo teka kanthi nggawa saceret kopi panas sartane benguk bacem, jadah, lan kacang godhog. Ngerti tekane Mbah Darmo, Bardjo banjur nuju lemari kayu kang ana sapojoke ruwang poskamling. Jupuk gelas lan piring sacukupe. Ngiling kopi panas ing gelas-gelas. Nata nyamikan ing piring-piring. "Mangga dipun kedhepi kopi lan nyamikanipun!" Kejaba mung Pero kang lagi mumet ngluru kertu kenci kanggo jago, wong-wong kompak aweh jawaban "Njih. Maturnuwun." "Ayo Ro, diombe sikik kopine! Mumpung panas." Panjaluke Mbah Darmo, sawuse ngisep rokok kreteke. "Rasah mumet! Menawa wis tekan pesthine, kenci bakal tiba neng tanganmu." "Sajatosipun wonten ingkang jalari kula langkung mumet, Mbah." "Lha apa je?" "Anak kula." "Anakmu kena apa?" "Wau siyang ngantemi rincangipun wonten sekolahan. Boten namung menika, sonten wau mendhet yatranipun mbokne kagem nge-game ing warnet." Pero nyekeli kertu gendheng kang lagi dijit. Kertu kang ora dibutuhake kuwi banjur dibuwang. "Saestu kula mumet mikiraken anak kula, Mbah." "Bocah saiki pancen angel diatur. Kurang ajar." Bardjo celathu. "Wong tuwa uga akeh kang kurang ajar. Pamite karo bojo arep tirakat, nanging golek gendhakan. Ngakune rembugan gaweyuan neng omahe kancane, nanging royal neng lokalisasi," kandhane Jemek. Krungu kandhane Jemek, Pero mung meneng. Amarga rasa-pangrasane ngrumangsani menawa dheweke kerep ngurangi jatah blanjan bojone kanggo royal neng lokalisasi. Kepara uga dheweke tau adol sawah warisan wong tuwane kanggo nguja Unik. Randha kembang kang pagaweyane mung kluyuran ing papan-papan tirakatan "E..., e..., e.... aja mbok buwang, Ro!" panjaluke Mbah Darmo. "Tamatna kertu kang mbok jit!" "Kenci? Matur nuwun, Mbah." Pero ngrungkepake sakloron kertu kenci ing klasa plastik kanthi ditaplaki pithi kang dipatekake. "Ceki!" Nanging sadurunge Panjul katiban jatah ngejit kertu ing tumpukan, wong-wong padha krungu swarane kenthong telu. Pero kuciwa, rikala wong-wong ninggalake poskamling. Ninggalake kertu, kopi, lan pacitan.. Tumuju papan sumbere swara kenthongan kang ditabuh saka kampung Ngudi Mulya. Sawuse papan kang dituju, wong-wong miyak rerubungane pawongan kang lagi nonton maling cilik loro. Siji, raine adus getih. Siji liyane, dikrukupi klasa. Mati sawuse diajar entek-entekan karo warga. Deleng kahanan kuwi, atine Pero krasa ora kepenak. "Nyuwun sewu, Mas. Menapa ingkang dipunpendhet dening lare-lare menika?' “Laptopipun Andi, putranipun Pak RT." "Menapa jenengan mangertos, lare-lare menika putranipun sinten?" "Ingkang kula mangertosi, lare-lare menika saking kampung Ngudi Rahayu." Atine Pero tansaya ora kepenak. Tanpa jaluk palilahe wong-wong Ngudi Mulya, Pero bukak klasa kang ditutupake layone bocah kuwi. Sawuse namatake praupane layon kuwi, swasana wengi purnama katon peteng lelimengan. Pero ambruk semaput satengahe wong-wong kang ora ngerti kang dadi jalarane. Ora watara suwe, wong-wong Ngudi Mulya mangerteni apa kang jalari Pero semaput. Miturut Mbah. Darmo, menawa maling cilik kang diajar warga nganti mati kuwi anake Pero, Salah sawijine tumbale jaman kang rinasa tan bisa dikendhaleni laku-jantrane.
Peserta didik Menyimak penjelasan guru mengenai struktur teks cerkak. Gatekna andharan struktur teks cerkak ing ngisor iki! Unsur Intrinsik Cerkak: Tema : gagasan utawa idhe sing dadi underane crita, bisa dititik langsung saka ukara - ukara ing teks utawa dijupuk saka inti critane. Tuladha : Tembung - tembung sekolahan, ketua kelas, kanca sekelas, kerja sama, lan sapanunggalane. Alur/plot : rerangkene kedadean ing sawijining cerkak. Alur lumrahe dumadi kanthi tahapan; pengenalan/eksposisi, penantangan/konflik, klimaks, pamungkasan konflik (peleraian). Rerangken crita kang diwiwiti saka asale kedadean nganti akhire kedadean kanthi runtut diarani alur maju, dene rerangken kang diwiwiti saka akhire kedadean diarani alur mundur. Latar/setting : kabeh katrangan sing bisa dijupuk saka teks cerkak ngenani papan panggonan, waktu/wayah, lan swasana. Paraga / Pamaragan : paraga ciptaan sing ana ing teks cerkak. Pamaragan (penokohan) yaiku kepriye anggone nemtokake wujud lan watake paraga selaras karo critane. Sudut pandang : empan-papane sing nyritakake ana ing sajroning crita, bisa dititik tembung sesulih kanggo paraga utama ing cerkak. Amanat : piweling/pesen sing kaandharake pangripta/penulis katujokake marang sing maca. Saka amanat utawa pesen bisa dijupuk hikmahe lan bisa dicocokake sambung rapete karo panguripan ing saben dinane. Unsur ekstrinsik cerkak Cerita cekak (cerkak) yaiku sawijining karangan kang nyeritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungso. Crita ing cerkak dumadi andhedhasar saka urutan sawijining kedadean utawa prastawa. Prastawa ing cerkak dilakoni dening paraga, lan paraga kasebut nglakoni rerangkening konflik saengga kedadean, paraga, lan konflik iku kalebu unsur pokok jroning cerkak. Unsur ekstrinsik cerkak yaiku gambaran ngenani jaman, adat istiadat, budaya, perilaku lan sikap masyarakat sing bisa ditintingi saka cerkak. Peserta didik Menyimak penjelasan guru mengenai unsur basa teks cerkak. Gatekna andharan unsur basa teks cerkak ing ngisor iki! Ukara langsung lan ora langsung Unggah-ungguh Basa Ukara langsung yaiku ukara sing jejere sing ngomong, utawa wong kapisan/utama purusa sing ngomong. Ukara ora langsung yaiku ukara sing ngomong/nyritakake wong katelu. Ing sawijining narasi utama teks crita cerkak ukara-ukarane dumadi saka ukara gancaran lan ukara pacelathon kanggo nggambarake dumadine kedadean sing luwih rinasa nyata. Ukara gancaran lan ukara pacelathon/dhialog kudu trep lan salaras karo unggah-ungguh basa. Peserta didik Menulis kesimpulan penjelasan dari guru mengenai teks cerkak. GLADHEN : Sawise mangerteni pangerten ngenani struktur cerkak lan unsur basa teks cerkak, nulisa dudutan saka andharan kasebut!
MATERI : TEKS CERKAK (TEMA: SOSIAL) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu memahami struktur teks cerkak dan unsur kebahasaan teks cerkak, serta mampu menulis teks cerkak. KEGIATAN DAN GLADHEN Pertemuan 2: Nintingi teks cerkak Peserta didik Membaca teks cerkak. Wacanen teks cerkak ing ngisor iki kanthi permati! Sawah Srengenge durung katon jedhul, nanging semburat abang ing sisih etan wus katon branang. Manuk-manuk pating bleber mangkat golek pangan ninggalake anak-anake sing isih cilik-cilik, pating cruit nguntapke lungane biyunge, kanthi pangarep-arep gek ndang mulih terus ngloloh dheweke. Mengkono uga para manungsa kang duwe pakaryan bakul menyang pasar. Padha nggendhong tenggok munjung-munjung isi dagangan. Kabeh padha ngajap, muga-muga laris, entek dagangane, mulih kari nggawa tenggok kothong lan lembaranlembaran rupiah. Esuk kuwi Mbah Wongso uga katon menyang sawah gawa pacul sing disampirke ing pundhake. Tangane kiwa katon kelip-kelip amarga ing slempitane driji ana mawane, mawa rokok lintingan dhewe alias tingwe. Klempas- klempus sadalan-dalan. Wektu kuwi Parjo lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu. "Mruput, Mbah! Tindak sabin?" "Genah gawa pacul ngono, masak arep njagong!" senaure Mbah Wongso sakecekele. Mbah Wongso sanadyan wis tuwa, nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul. "Penjenengan niku nggih aneh, Mbah! Yen kula boten aruh-aruh mengke diarani cah enom boten ngerti unggah-ungguh." "O, ya wis, bener Le. Lha kowe gek nyapu?" "Boten, Mbah. Niki nembe dhahar!" Parjo mbales Mbah Wongso. "Hus ngawur! Kelakuane, Iha kok malah mbales. Awake dhewe didhahar-dhaharke." Wong loro terus padha guyu. Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak. Sawise ngentekke udute, Mbah Wongso terus mak nyat, ngadeg terus babati suket sakiwa tengene tanduran pari. Sukete diklumpukake kanggo pakan wedhus. Udakara jam sanga esuk, Suminah anake wadon katon gawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wis dleweran, weteng ya wis pating kluthuk jaluk diisi. "Sarapan rumiyin, Pak!" "Kene, Nduk, wah kebeneran banget. Wetengku wis kluruk terus je!" "Wau saderenge tindak kapurih sarapan riyin boten purun, wong nggih sampun mateng sedanten." “Mangan kuwi paling enak ki yen wis luwe ngene” Mbah Wongso anggone chahar katon dhokoh nyenengke tenan. Mula ora mokal sanadyan wis sepuh isih katon gagah Amarga olahragane macul ora tau leren dhahare ya akeh tenan. Bar dhahar tenus ngunjuk benteran ginasthel katajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi jan-jane wis dilarang dening anake wadon. "Pak, mbok sesipun dipunkirangi, yen saged malah boten sah udud hawon Cobi njenengan waos nggen bungkus rokok niku Merokok dapat menyebabkan kanker, durung rampung wis dipunggel Mbah Wongso. "Rak dapat menyebabkan jarene Pardi wingi kae. Dapat menyebabkan kuwi tegese ora mesthi, bisa lara bisa ora, iya ta? Jarene yen wong-wong ora udud, pabrik rokok bisa bangkrut, karyawane padha nganggur, mbako ora payu, petani mbako klenger, pemerintah ora nampa pajek, jarene pajek saka rokok kuwi paling gedhe, Nduk? Lha, piye? Aku udud iki rak membantu pemerintah ta?" "Penjenengan niku yen diaturi mesthi ngeyel. Mangke yen gerah paru-parune mang raoske piyambak!" Suminah katon mrengut. Ora let suwe sarampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang- wadon numpak pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso. Wang loro mau terus nyelehake helme terus mudhun nyalami Mbah Wongso lan Suminah. "Nyuwun pirsa, ingkang nggarap sabin niki sinten, Mbah?" Wong wadon mau takon marang Mbah Wongso. "Kulal" semaure Mbah Wongso. "Penjenengan nyewa sabin niki dateng sinten?" "Lha, nyewa pripun, Sampeyan ampun golek prakara, niki sabin kula. Kula tumbas pun sedasa tahun kepengker! Malah wonten surate, surtipikat niku Iha!"
"Pak, jenenge sertifikat!" Suminah njawil bapake. "Nggih, ngoten niku!" semaure Mbah Wongso. Oleh katrangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau padha ulat-ulatan semu gumun. "Sabar rumiyin, Mbah! Ngeten nggih, sabin niki sabin kula. Kula tumbas kalih welas kepungkur. Amargi kula merantau, kula ken nggarap tiyang sing gadhah rumiyin, jenenge Prapto. Niki kula boten merantau malih, kala wingi kula madosi Prapto, kabaripun Prapto malah sampun tilar donya, mula kula nglacak mriki." "Boten saged, niki rumiyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesthi ajeng apus-apus!" Wongso katon arep nesu. "Ngeten mawon, kula boten ajeng apus-apus. Benjang Sabtu dicocoge mawon sertifikate, kula daksowan dalem penjenengan. Yen penjenengan ragu, nyuwun dipunsekseni perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan niki." Dina sing dipilih kanggo rembugan wis teka. Mbah Wongso ngaturi para-para kang dianggep mangerteni babagan sertifikat lemah. Ning kono ana kanca-kancane Mbah Wongso sing umure sabarakan, sing mangerteni sejarah tanah sawahe Mbah Wongso. Ing kono uga rawuh Pak RT lan Pak RW, malah wis disiapake ponakane saka kepolisian sing nganggo preman, pawongan sing bakal apus-apus. Ora let suwe ana mobil mlebu pekarangane Mbah Wongso. Penumpange cacah papat. Wong lanang cacah telu lan wong wadone siji. Sing loro wis dikenal Mbah Wongso, nanging sing medhun gawa tas koper lan sing gawa stopmap durung diwanuhi. Tibake sing gawa tas koper pakaryane pengacara lan sing gawa stopmap pegawai sing ngurusi sertifikat lemah. Wong-wong mau padha rembugan gayeng nganggo basa Indonesia. Mbah Wongso mung domblang-domblong, ora mudheng apa sing diomongake. Ora wetara suwe sajake rembugan wis rampung. Nanging kabeh padha meneng. "Pripun, Bu? Rak nggen kula ta sertipikat sing asli? Lha wong dituku nganggo dhuwit tenan, mbiyen dakrewangi adol sapi pirang-pirang arep diaku-aku, mesthi nggen kula sing asli." Mbah Wongso katon yakin banget” "Ngeten nggih, Mbah. Niki pun disekseni saking bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki, babagan sertifikat, tibakipun ingkang asli menika, gadhah kula, Mbah pawongan wadon mau menehi katrangan. "Pripun! Napa leres, Pak?" Wong-wong sing pada rembugan riganggo basa Indonesia mau padha manthuk alon. Nanging kanggone Mbah Wongso kaya disamber nggelap "Paki Eling, Pakt Pak Suminah bengak-bengok amarga bapake semaput. Peserta didik Menemukan struktur dan unsur basa dalam teks cerkak. Tintingana teks cerkak “Sawah” ing dhuwur. Sabanjure golekana unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Uga unsur basane!
NO. Struktur Teks Bukti A Unsur Intrinsik 1. Tema ................................................................................................. Bukti : ................................................................................................. 2. Alur / plot ................................................................................................. Bukti : ................................................................................................. 3. Latar ................................................................................................. Bukti : ................................................................................................. 4. Paraga ................................................................................................. Bukti : ................................................................................................. 5. Sudut Pandang ................................................................................................. Bukti : ................................................................................................. 6. Amanat ................................................................................................. Bukti : ................................................................................................. B Unsur Ekstinsik ................................................................................................. Bukti : ................................................................................................. Peserta didik Menulis struktur dan unsur basa dalam teks cerkak. GLADHEN: Sawise nintingi struktur lan unsur basa sajroning teks cerkak “Sawah” , tulisen kanthi nglengkapi tabel ing ngisor iki lan wenehana bukti saka teks! NO. Unsur Basa Bukti 1. Ukara Langsung 1................................................................................................ 2................................................................................................ 3................................................................................................ 2. Ukara Ora Langsung 1................................................................................................ 2................................................................................................ 3................................................................................................ 3. Basa Ngoko 1................................................................................................ 2................................................................................................ 3................................................................................................ 4. Basa Krama 1................................................................................................ 2................................................................................................ 3................................................................................................
MATERI : TEKS CERKAK (TEMA: SOSIAL) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu memahami struktur teks cerkak dan unsur kebahasaan teks cerkak, serta mampu menulis teks cerkak. KEGIATAN DAN GLADHEN Pertemuan 3: Nulis teks cerkak Peserta didik Menyimak penjelasan guru mengenai cara nulis teks cerkak. Semaken andharan ngenani cara nulis cerkak kanthi pener lan trep ing ngisor iki! 1. Milih tema 2. Nemtokake paraga lan watak paraga 3. Nemtokake alur crita 4. Nemtokake latar crita 5. Nemtokake sudut pandang 6. Gawe pilihan tembung Peserta didik Menulis teks cerkak buatannya sendiri. GLADHEN 1: Gawea lan nulisa teks cerkak kanthi tema sosial. Sajrone nulis teks cerkak, jingglengana kanthi permati struktur lan unsur basane! Peserta didik Mempresentasikan hasil tulisan teks cerkaknya. GLADHEN 2: Asil tulisanmu wacanen ing ngarepe kanca - kancamu! Sawise iku banjur kumpulna marang Bapak/Ibu Guru kanggo tugas portofolio. EVALUASI https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLScPptb5 ZSmAWOWRESEL8GvCxp3PaO3cvWpaHCT3reiTM Bh28w/viewform?usp=sf_link
MATERI: BASA RINENGGA (TEMA: BUDAYA) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu mengidentifikasi, struktur, jenis, serta mampu menulis cerita denga nada basa rinengga. KEGIATAN DAN GLADHEN Pertemuan 4 : Wangun Teks Basa Rinengga Kegiatan dan penugasan Peserta didik Menyimak pengertian basa rinengga Gatekna andharan ing ngisor iki! Basa rinengga salah sawijine lelewaning basa (gaya bahasa) asil kaprigelan olah basa minangka sarana olah rasa, olah jiwa, lan olah karsa. Lelewaning basa bisa katitik saka pilihan tembung, pangrakite ukara lan wacana, sing tundhone bisa ndadekake tambah endah, nges, lan mentes. Asile bisa wujud crita- crita lisan sing isih lestari ing satengahe masyarakat Jawa lan tinggalan naskah-naskah karya sastra. Teks-teks sastra mau bisa rupa tembang, serat, lan teks-teks gancaran liyane, sing isine andharan ngenani maneka warna ilmu/kawruh. Peserta didik Menyimak jenis basa rinengga Gatekna andharan ing ngisor iki! Basa rinengga sing dadi underane rembug ing wulangan iki winates paribasan, bebasan, pepindhan, lan saloka: Bebasan: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa. Tuladhane : Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake. Suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong warna. Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane. Saloka: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge. Tuladhane : Asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha donya. Cebol nggayuh lintang, tegese wong sekeng/mlarat duwe gegayuhan sing mokal kasembadan. Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa. Pepindhan: unen-unen sing duwe teges emper-emperan utawa irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane. Tuladhane : Ketiban ndaru, tegese beja banget. Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen, tegese kaya ora ana sing bisa ngalahake. Srawunge kaya lenga karo banyu, tegese ora bisa rukun. Paribasan: unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah. Tuladhane: Kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake. Anak polah bapa kepradhah, tegese tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwane. Adigang-adigung-adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane. Panyandra; tembung kang nggambarake kahanan nganggo pepindhan. Tuldhane: Rambute ngombak banyu. Alise nanggal sepisan Mripate ndamar kanginan
Wangsalan; unen-unen cangkriman nanging wis dibatang dhewe. Ukarane ora persis nanging saemper wae uga ana sing kawujud tembung. Tuladhane: Kulik priya, priyagung anjaniputra Tuhu eman, wong enom kangelan Parikan; unen-unen dumadi saka rong gatra utawa patang gatra. Tuladhane: Tawon madu ngisep sekar, yen dadi guru kudu sabar. Kursi goyang sikile ana papat, nek berjuang aja gur golek pangkat. Cangkriman; unen-unen kang tetep panggonane lan kudu dibatang utawa mbutuhake wangsulan. Tuladhane: Burnas kopen: bubur panas kokopen Tuwok rawan: untune krowok, rasane ora karuan. Tembung entar; tembung sing tegese ora kaya makna sing salugune. Tuladhane: Abang kupinge: nesu Dhuwur atine: sombong Cilik atine: minder/ takut Yogaswara; tembung loro sing dirangkep dadi siji (pangucapane ameh padha, mung beda wanda pungkasane). Tuladhane: Putra-putri Siswa-siswi Mahasiswa-Mahasiswi
MATERI: BASA RINENGGA (TEMA: BUDAYA) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu mengidentifikasi, struktur, jenis, serta mampu menulis cerita denga nada basa rinengga. KEGIATAN DAN GLADHEN Pertemuan 5 : Nintingi Basa Rinengga Kegiatan dan penugasan Peserta didik Membaca teks basa rinengga Wacanen crita ing ngisor iki! Nonton Wayang Wiwit cilik Jefri pancen seneng klawan kesenian tradisional utamane pagelaran wayang kulit. Mula ora nggumunake menawa ing umure kang isih ngancik 10 taun dheweke wis ngapalake saperangan paraga-paraga kang ana sajroning donyane wayang. Saliyane nonton pagelaran kanthi langsung Jefri uga nduweni kepingan vcd sing nyimpen pamentasan dhalang-dhalang kang wis terkenal. Amarga karemenane nonton lan ngoleksi pagelaran iki saben-saben ana piwulang ing sekolahan kang ana sambung rapete klawan wayang dheweke mesthi pikantuk biji sing luwih apik tinimbang kanca-kancane. Saka saperangan paraga kang nduweni watak becik ing jagading pewayangan ana salah sawijining paraga kang dadi idholane Jefri. Paraga kesenengane Jefri iku ora liya yaiku Raden Werkudara. Raden Werkudara kuwi salah sawijining paraga wayang sing duweni kasakten lan kekuatan nalika perang gedhe lawan karo Kurawa. Jefri seneng klawan paraga kasebut jalaran saliyene gedhe-dhuwur, gagah-pideksa, lan sekti mandra, paraga kasebut uga mujudake sawijining paraga wayang kang ngurmati banget marang gurune. Apa kang dumadi ing pribadhine saengga bisa dadi paraga kang sekti mandraguna kuwi ora uwal saka setya tuhune marang gurune. Saliyane Jefri ana uga kanca sakelase sing ngidholakake paraga Raden werkudara. Kancane jefri mau nduweni jeneng Adhi. Beda Jefri beda uga Adhi. Senajan Adhi seneng klawan marang paraga Raden Werkudara nanging Adhi ora sepiraa seneng marang pagelaran wayang. Adhi mung seneng marang paraga Raden Werkudara iku jalaran weruh blegere kang gedhe dhuwur sarta nduweni kuku pancanaka sing sektine kliwat-kliwat. Dina senin awan watara jam setengah siji awan piwulangan kang ana ing sekolahan wis dipungkasi. Sadurunge piwulangan awan iku katutup dening donga bu Ely minangka guru kelas menehi tugas tumrap para muride. Tugas sing diwenehake bu Ely awan iku yaiku para siswa nggawe crita pewayangan kanthi migunakake basane dhewe-dhewe. Mangerteni tugas sing diwenehake menyang murid-muride iki rada abot, mula bu Ely mbagi murid-muride dadi saperangan kelompok lan saben kelompok isine bocah cacah loro. Kebeneran wektu iku Jefri lan Adhi dadi sakelompok. Weruh dadi saklompok klawan Adhi rumangsa ayem dhisik jalaran dheweke oleh kanca saklompok sing paling ora ngerti ing babagan pewayangan. Tugas kang diwenehake dening bu Ely kuwi bakale dikumpulake dina senin candhake. Kahanan iki uga ndadekake rasa marem tumrap bocah-bocah jalaran isih nduweni wektu kang lumayan dawa kanggo ngerjakake tugas kasebut. Semono uga kang dirasakake dening Jefri lan Adhi bocah iku uga ngrasa marem jalaran nduweni wektu kang lumayan dawa kanggo ngerjakake tugas kasebut. Kanthi anane wektu kang dawa iku Jefri lan Adhi nduweni pepinginan bisa ngrampungake tugas kasebut kanthi asil kang nyenengake. Senajan wektu kanggo ngrampungake tugas kasebut isih seminggu suwene nanging kahanan iki ora tansah ndadekake Jefri lan Adhi males-malesan anggene ngerjakake tugas kasebut. Wektu iku kebenaran sedina sawise bu Ely menehi tugas kasebut katepakan klawan dina libur nasional. Kahanan kasebut dimanfaatake kanthi becik dening Jefri lan Adhi kanggo ngrampungake tugas kasebut. Nalika kanca-kanca liyane lagi padha nyantai lan dolan-dolan bocah loro kuwi malah ngerjakake tugas kang diwenehake dening gurune iku kanthi sengkud. Sawise padha dipikir kanthi bebarengan bocah loro kuwi nduweni panemu mung ana telung cara amrih bisa ngrampungake tugas kasebut. Cara kang kapisan yaiku kanthi maca buku-buku pewayangan, sing kapindho takon marang pawongan kang ngerti ngenani lakon pewayangan, lan sing pungkasan yaiku nonton pagelaran wayang. Gandhenge Jefri nduweni akeh kolek pagelaran wayang mula cara sing nomer telu iku mau kang dipilih dening bocah loro kasebut. Amarga padha-padha nyenengi paraga Raden Werkudara kekarone banjur pengin nggawe crita ngenani paraga kasebut. Kaya wektu kang wis ditemtokake jam 9 esuk sabubare sarapan Adhi wis teka ing omahe Jefri.
“Siap pak Guru” saute Adhi sing sabanjure disusul swara guyu renyah bocah loro iku bebarengan. Sawise teka ing omahe kancane iku Adhi langsung diajak mlebu ngomah lan diajak nyethel salah sijine vcd koleksine Jefri kang ngamot lakon Bima Suci. Sawise rampung anggene nonton wayang kekarone banjur dhiskusi lan wiwit nulis crita wayang kasebut kanthi migunakake basane dhewe-dhewe. Nanging satengahe nulis kasebut Adhi ngendhegake anggene nulis bagiyane lan ngomong menyang Jefri, “Jef, tibake ngarang iku jebule ora gampang ya? Aku rumangsa wis ora sanggup maneh. Kepriye upama bagianku iku sing ngrampungake awakmu wae?” “Ya, ora bisa Dhi, awakmu kudu ngrampungake bageyanmu. Mengko yen sing ngrampungake aku tegese nilai sing bakal diolehi mengko kuwi hakku lan awakmu ora nduweni hak. Mula saka kuwi awakmu ya kudu ngrampungake apa sing wis dadi bageyanmu saengga mengko nilai sing bakal diweneheke bu guru menyang awake dhewe bener-bener digayuh kanthi usahane awake dhewe bebarengan” kandhane Jefri. “Tapi rumangsaku tugas sing diwenehake dening bu guru wektu iki abot banget. Kaya-kaya tugas sing diwenehake dening bu guru iku durung wayahe dikerjakake dening awake dhewe. Dakrasa kanca-kanca yang ngrasakake kangelan. Apa kira-kira bu guru kliru anggene menehi tugas ya?” pitakone Adhi maneh. “Hush, aja nduwe pandakwa kaya mangkono marang gurune dhewe Dhi. Awake dhewe mau lak ya wis nonton wayang kanthi lakon Bima Suci, sejatine lakon kuwi menawa dionceki bakal ana piwulangan sing becik lan bisa didadekake patuladhan kang becik tumrape siswa kaya awake dhewe iki” ujare Jefri. “Bageyan sing ndi ta Jef? Aku kok lali.” “Mosok lali? Mau nalika Bima diutus dening Begawan Durna kanggo nggoleki tirta perwitasari. Mosok awakmu ora kelingan babar pisan?” “Aku kelingan Jef. Nanging aku ora ngerti maksude. Coba aku mbok diterangke!” panjaluke Adhi. “Ngene ya Dhi. Wektu Bima nampa tugas ngupadi banyu turta perwitasari saka gurune iku sejatine nggambarake rasa taat-e siswa marang gurune. Saliyane iku tugas-tugas abot sing diwenehake dening Begawan Durna marang Bima lan bisa dirampungake kanthi becik dening Bima iku nuduhake gedhene rasa khurmat siswa marang gurune. Mula saka iku minangka siswa kudune awake dhewe bisa nuladhani sipate Bima sing kaya mangkono kuwi. Mula saka mangeteni sipate Bima kang kaya mangkono kuwi aku tansah ndadekake dheweke salah sawijining paraga wayang idholaku” kandhane Jefri maneh. Sawise krungu apa kang dijelasake dening Jefri ngenani sipate Bima kuwi tansah nuwuhake semangate Adhi maneh. Saliyane kuwi Adhi uga ngrasa isin marang awake dhewe jalaran senajan padha-padha ngidholakake Werkudara nanging dheweke ora ngerti yen Raden werkudara utawa Bima nduweni sipat luhur. Dheweke mung seneng nyawang blegere Raden Werkudara kang gedhe dhuwur. Wiwit keprungu apa kang dikandhakake dening Jefri mau Adhi nduweni tekad bakal nuladhani sipate raden wekudara sing nduweni rasa khurmat lan taat marang gurune. Sipat sing kaya mangkono kuwi mau bisa ditindakake kanthi nglaksanakake apa wae kang diutus dening gurune. “Matur nuwun ya Jef, amarga panjlentrehanmu ngenani kepriye sipate Bima utawa Raden Werkudara iku bali nuwuhake semangatku kanggo ngrampungake bageyanku. Aku kepingin bisa kaya Werkudara jalaran paraga kuwi uga paraga idholaku” kandhane Adhi. Keprungu apa kang dikandhakake dening kancane iku Jefri mesem lan ngomong, “Ayo gek dirampungake tugas-tugas sing wis dibagi mau amrih awake dhewe enggal bisa ngaso” pangajake Jefri. Peserta didik Menemukan basa rinengga dalam sebuah teks cerita Gladhen 1: Sawise njingglengi crita kasebut, coba golekana basa rinengga sing ana ing kono! Peserta didik Menentukan jenis basa rinengga dalam sebuah teks cerita Gladhen 1: Sawise nemu salah sawijining basa rinengga sing ana ing crita kasebut, kalebu jinis basa rinengga sing endi kuwi?
MATERI: BASA RINENGGA (TEMA: BUDAYA) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu mengidentifikasi, struktur, jenis, serta mampu menulis cerita denga nada basa rinengga. KEGIATAN DAN GLADHEN Pertemuan 6 : Mangun Teks Kanthi Bebarengan Kegiatan dan penugasan Peserta didik berkelompok Menulis hasil dari temuannya tersebut. Gladhen 2: Minggu kepengker wis maca crita sing ana seselane basa rinengga, coba saiki tulisna hasil temuanmu! Peserta didik berkelompok Mempresentasikan hasil pekerjaannya. Gladhen 2: Sawise koktulis, banjur presentasikake asil temuanmu ing ngarepe kanca-kancamu! Pertemuan 7 : Mangun Teks Kanthi Mandiri Kegiatan dan penugasan Peserta didik Menulis teks cerita dengan ada basa rinengga di dalamnya. Gladhen 3: Sawise wis ngerti apa wae basa rinengga kuwi, banjur nulisa crita sing sanjerone ana 3 jinis basa rinengga! Peserta didik Mempresentasikan hasil pekerjaannya. Gladhen 3: Sawise kokgawe, banjur presentasikake ing ngarepe kanca-kancamu! EVALUASI: https://docs.google.com/forms/d/1wgQBPEpYCrdTjrMHMAtg6DF-PDeZlqhGcC5bCbwrl8/edit Pertemuan 8 : UTS
TEKS WAWANCARA (TEMA: INDUSTRI) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu memahami struktur dan unsur bahasa teks wawancara serta mampu menyusun dan menanggapi teks wawancara. KEGIATAN DAN GLADHEN Pertemuan 9 : Wangun teks wawancara Kegiatan dan penugasan Peserta didik Menyimak teks wawancara Coba semaken teks wawancara ngisor iki! Teks wawancara yaiku teks sing nggambarake pacelathon utawa dhialog antarane pewawancara karo narasumber. Wawancara yaiku kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber. Pewawancara yaiku pawongan sing golek informasi, dene narasumber yaiku wong sing dadi sumbere pitakonan. Narasumber kudu wong sing ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake. Tujuane wawancara yaiku golek warta, informasi, katrangan ngenani sawenehe bab kanggo kaperluan tartamtu. Tuladha, wartawan kang lagi golek warta, murid-murid kang oleh tugas nindakake panliten, lan sapanunggalane. Peserta didik Menyimak struktur teks wawancara Gatekna struktur teks wawancara ing ngisor iki! c. Dheskripsi bagean : yaiku perangan teks sing nerangake gegambaran sing luwih rinci lan cetha. Struktur teks wawancara a. Idhèntifikasi: yaiku perangan utawa bagean teks sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane. b. Klasifikasi/dhefinisi : yaiku perangan teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise utawa klompoke.
Pedagang : “ Waalaikumsalam. “ OLAHAN TAHU Achmad : “ Assalammualaikum! “ Pedagang : “ Waalaikumsalam. “ Achmad : “ Buk, kula badhe wawancara panjenengan pripun carane ndamel tahu. Napa ibu saget? “ Pedagang : “ Bisa, ayo – ayo “ Achmad : “ Sinten namine ibu? “ Pedagang : “ Ibu Wardiyah “ Achmad : “ Bu kulo badhe tangklet napa wae bahan sing diperlukake kangge proses damel tahu? “ Pedagang : “ Dele, cuka (oleh saka endapan sari tahu), minyak goreng, lan solar (kanggo ngendalino mesin giling). “ Achmad : “ Pripun carane ndamel tahu? “ Pedagang : “ Tahap kesiji, dele direndem 5 jam. Tahap keloro, dele sing wes mari direndem di umbah sampek resik. Tahap ketelu, dele mau digiling terus dijupuk ampase kari patine. Tahap kepapat, dikei cuka lan diaduk terus dijarno, cuka dijupuk maneh. Tahap terakhir, saripati dicetak lan langsung digoreng. “ Achmad : “ Bu, wawancara niki sampun rampung. Kula lan rencang – rencang matur nuwun sanget kangge ibu. Kula lan rencang – rencang badhe pamit wangsul. Wassalamualaikum. “ Peserta didik menentukan struktur teks wawancara Gladhen: Sawise maca teks Wawancara “Olahan Tahu ” , banjur pilahen manut strukture: Struktur Teks Ukara Idhentifikasi Klasifikasi/Dhefinisi Dheskripsi Bagean Peserta didik Membaca teks wawancara Wacanen teks wawancara ngisor iki kanthi permati!
TEKS WAWANCARA (TEMA: INDUSTRI) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu memahami struktur dan unsur bahasa teks wawancara serta mampu menyusun dan menanggapi teks wawancara. KEGIATAN DAN GLADHEN Pertemuan 10 : Nintingi 5W 1H teks wawancara Kegiatan dan penugasan Peserta didik Menyimak unsur basa teks wawancara Coba gatekna unsur basa ing ngisor iki! B. Ukara Pitakon: jalaran isine ukara nakokake sawenehe bab. Titikane ukara pitakon yaiku anane tembung pitakon. Unsur basa teks wawancara A. Ukaran Tanduk lan Ukara Tanggap •Ukara Tanduk: yaiku ukara sing jejere nindakake pagawean utawa pakaryan. Jalaran nindakake pagawean titikane wasesane migunakaké tembung kriya tanduk. Tuladha: Salman nggoleki adhine. •Ukara Tanggap: yaiku ukara sing jejere dikenani pagawean utawa pakaryan. Titikane ukara tanggap wasesane migunakake tembung kriya tanggap. Tuladha: sapine diengon dening Ari ing pinggir alas Jabon. Peserta didik Membuat kalimat unsur basa teks wawancara Gladhen 1: Gawea tuladha ukara tanduk cacahe 5 lan ukara tanggap cacahe uga 5! Gladhen 2: Gawea tuladha ukara pitakon cacahe 5 wae! Peserta didik Menyimak unsur 5W dan 1H teks wawancara coba semaken unsur 5W lan 1H kanthi permati! What tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunanae kanggo nakokake wong. Why, tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa gunane kanggo nakokake alasan. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu. Where, tegese ing endi. Tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan. How, tegese kepriye. Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara. Unsur 5W lan 1H ing teks wawancara: 1. 2. 3. 4. 5. 6.
Peserta didik Menentukan unsur 5W lan 1H ing teks wawancara Wacanen sepisan maneh teks wawancara “Olahan Tahu ” ing nduwur. jingglengana sing titi ing saben pacelathon antarane pewawancara lan narasumber. banjur dgaftaren ukara pitakonan sing ana ing teks wawancara kasebut! Pitakonan Tembung Ukara Pitakonan Babagan sing ditakokake Pripun Pripun carane ndamel tahu? Nakokake proses Pertemuan 11 : Nulis Teks Wawancara Kegiatan dan penugasan Peserta didik Menyusun pedoman wawancara kanthi kelompok Gladhen: Gawea dhaptar pitakonan sing bakal didadekake pedhoman wawancara. Temane yaiku bab industri rumah tangga utawa home industri. No. Tembung Pitakon Ukara Pitakon 1. 2. 3. Nglumpuka karo klompokmu sing wis ana. Goleka narasumber ing sacedhake omahmu sing nduwe usaha cilik (home industri) ing omahe. Gawea dhaftar pitakonan mingangka pedhoman wawancara kanthi wewaton unsur 5W+1H. Tindakna wawancara bebarengan karo klompokmu. Tulisen utawa rekaman asile wawancara. Peserta didik Menindakake wawancara karo narasumber kanthi kelompok Gladhen: Para siswa diajak nindakake home industri ing lingkungane dhewedhewe.kanggo kaperluan wawancara tindakna pituduh-pituduh iki! 1. 2. 3. 4. 5.
Pertemuan 12 : Nulis Teks Wawancara Kegiatan dan penugasan Peserta didik Menyimak teknik penyusunan teks laporan asil wawancara Gatekna teknik nyusun asile wawancara ing ngisor iki! Teks wawancara ditulis sawise nindakake wawancara. Carane milis sing takon minangka paraga pewawancara, sing mangsuli dadi paraga narasumber. Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing ditulis utawa direkam nalika wawancara. Dhata dirulis kanthi runtut lan ganep manut asil wawancara. A. Teknik nyusun asile wawancara 1. 2. 3. 4. Peserta didik Menulis teks laporan asil wawancara kanthi mandiri Gladhen 1: Tulisen kanthi mandiri asile wawancara sing wis koktindakake karo klompokmu ing pasinaonan sadurunge. Gladhen 2: Tulisan asile wawancara wujud teks dheskrptif. Struktur teks laporan asile wawancara yaiku idhentifikasi, klasifikasi/dhefinisi, lan dheskripsi bagean. Paraga Asile Wawancara Struktur Teks Ukara Idhentifikasi Klasifikasi/Dhefinisi Dheskripsi Bagean Peserta didik Menanggapi teks laporan asil wawancara kanthi mandiri Gladhen: Dhiskusekna laporan asile wawancara sing wis kotindakake karo kanca-kancamu. Nalika salah sijine klompok nindakake presentasi, klompok liya menehi tanggapan! EVALUASI: https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSeeNigkdRTRBrC920hDjXx9_Ji GvqPTzbFof2uE8E2smwRI1Q/viewform?usp=sf_link
MATERI: TEKS IKLAN (TEMA: KESEHATAN) Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu mendengar, menyimak, serta mengeksplorasi dan mengevaluasi teks iklan sesuai dengan struktur teks KEGIATAN DAN GLADHEN Pertemuan 13 : Wangun Teks Iklan/ Reklame Kegiatan dan penugasan Peserta didik Mengidentifikasi jenis teks iklan Tuladha iklan/reklame iki wacanen lan tintingana! Gambar iklan kasebut isine medharake bab apa? Peserta didik Menemukan struktur dan unsur Bahasa dalam teks iklan Miturut panemumu, kepriye struktur lan unsur basa sing digunakake iklan ing dhuwur? Pertemuan 14: Nulis Teks Iklan/ Reklame kanthi Kelompok Kegiatan dan penugasan Peserta didik Berkelompok dan menemukan ukara hagya dan ukara sambawa Tintingana teks iklan kasebut miturut kaidah sing migunakake ukara hagya lan ukara sambawa! Peserta didik Menuliskan hasil temuan ukara hagya dan ukara sambawa (*teks iklan) Tulisen ukara hagya lan ukara sambawa sing wis kok temokake ana ing teks iklan iki ana ing kerajinan madhing!
Pangucapane/lafale Intonasi Ekspresi Pertemuan 15 : Nulis Teks Iklan/ Reklame kanthi Mandiri Kegiatan dan penugasan Peserta didik Menyimak penjelasan Kembali mengenai materi teks iklan Coba semaken teks iklan ing ngisor iki kanthi permati! (*teks iklan) Peserta didik Membuat teks iklan yang sesuai dengan tema Gaweo teks iklan kanthi mandiri miturut paugeran-paugeran kang wes ditemtokake! Peserta didik Mengomentari iklan buatan teman (*teks iklan kancane) Rungokna lan wenehana komentar pamacane kancane miturut bab kang wis ana: 1. 2. 3. Pertemuan 16 : UAS EVALUASI : https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfE43AHYGe_ZbD2gYXjYdd9C qjeV8HkscRd5cFTViUMoOK-Iw/viewform?usp=pp_url
MATERI CERKAK (TEMA SOSIAL) Unsur Intrinsik Cerkak Tema : gagasan utawa idhe sing dadi underane crita, bisa dititik langsung saka ukara - ukara ing teks utawa dijupuk saka inti critane. Tuladha : Tembung - tembung sekolahan, ketua kelas, kanca sekelas, kerja sama, lan sapanunggalane. Alur/plot : rerangkene kedadean ing sawijining cerkak. Alur lumrahe dumadi kanthi tahapan; (1) pengenalan/eksposisi, (2) penantangan/konflik, (3) klimaks, lan (4) pamungkasan konflik (peleraian). Rerangken crita kang diwiwiti saka asale kedadean nganti akhire kedadean kanthi runtut diarani alur maju, dene rerangken kang diwiwiti saka akhire kedadean diarani alur mundur. Latar/setting : kabeh katrangan sing bisa dijupuk saka teks cerkak ngenani papan panggonan, waktu/wayah, lan swasana. Paraga / Pamaragan : paraga ciptaan sing ana ing teks cerkak. Pamaragan (penokohan) yaiku kepriye anggone nemtokake wujud lan watake paraga selaras karo critane. Sudut pandang : empan-papane sing nyritakake ana ing sajroning crita, bisa dititik tembung sesulih kanggo paraga utama ing cerkak. Amanat : piweling/pesen sing kaandharake pangripta/penulis katujokake marang sing maca. Saka amanat utawa pesen bisa dijupuk hikmahe lan bisa dicocokake sambung rapete karo panguripan ing saben dinane. Unsur ekstrinsik cerkak 2. STRUKTUR TEKS CERKAK: 1. 2. 3. 4. 5. 6. Unsur ekstrinsik cerkak yaiku gambaran ngenani jaman, adat istiadat, budaya, perilaku lan sikap masyarakat sing bisa ditintingi saka cerkak. 1.PENGERTIAN TEKS CERKAK: Cerita cekak (cerkak) yaiku sawijining karangan kang nyeritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungso. Crita ing cerkak dumadi andhedhasar saka urutan sawijining kedadean utawa prastawa. Prastawa ing cerkak dilakoni dening paraga, lan paraga kasebut nglakoni rerangkening konflik saengga kedadean, paraga, lan konflik iku kalebu unsur pokok jroning cerkak. Cerkak kang becik yaiku ceriyane urut lan prasaja, nyeritakake sawijining paraga saka pitepangan nganti pungkasaning crita kanthi kang gampang dimangerti. Ukara langsung lan ora langsung, Ukara langsung yaiku ukara sing jejere sing ngomong, utawa wong kapisan/utama purusa sing ngomong. Ukara ora langsung yaiku ukara sing ngomong/nyritakake wong katelu. Unggah-ungguh Basa, Ing sawijining narasi utama teks crita cerkak ukara-ukarane dumadi saka ukara gancaran lan ukara pacelathon kanggo nggambarake dumadine kedadean sing luwih rinasa nyata. Ukara gancaran lan ukara pacelathon/dhialog kudu trep lan salaras karo unggah-ungguh basa. 3. UNSUR BASA TEKS CERKAK: 1. 2.
MATERI BASA RINENGGA (TEMA BUDAYA) Basa rinengga sing dadi underane rembug ing wulangan iki winates paribasan, bebasan, pepindhan, lan saloka: Bebasan: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa. Tuladhane : Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake. Suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong warna. Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane. Saloka: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge. Tuladhane : Asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha donya. Cebol nggayuh lintang, tegese wong sekeng/mlarat duwe gegayuhan sing mokal kasembadan. Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa. Pepindhan: unen-unen sing duwe teges emper-emperan utawa irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane. Tuladhane : Ketiban ndaru, tegese beja banget. Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen, tegese kaya ora ana sing bisa ngalahake. Srawunge kaya lenga karo banyu, tegese ora bisa rukun. Paribasan: unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah. Tuladhane: Kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake. Anak polah bapa kepradhah, tegese tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwane. Adigang-adigung-adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane. Panyandra; tembung kang nggambarake kahanan nganggo pepindhan Wangsalan; unen-unen cangkriman nanging wis dibatang dhewe. Ukarane ora persis nanging saemper wae uga ana sing kawujud tembung. Parikan; unen-unen dumadi saka rong gatra utawa patang gatra. Cangkriman; unen-unen kang tetep panggonane lan kudu dibatang utawa mbutuhake wangsulan. Tembung entar; tembung sing tegese ora kaya makna sing salugune. Yogaswara; tembung loro sing dirangkep dadi siji (pangucapane ameh padha, mung beda wanda pungkasane) 2. JENIS – JENIS BASA RINENGGA: Basa rinengga salah sawijine lelewaning basa (gaya bahasa) asil kaprigelan olah basa minangka sarana olah rasa, olah jiwa, lan olah karsa. Lelewaning basa bisa katitik saka pilihan tembung, pangrakite ukara lan wacana, sing tundhone bisa ndadekake tambah endah, nges, lan mentes. Asile bisa wujud crita- crita lisan sing isih lestari ing satengahe masyarakat Jawa lan tinggalan naskah-naskah karya sastra. Teks-teks sastra mau bisa rupa tembang, serat, lan teks-teks gancaran liyane, sing isine andharan ngenani maneka warna ilmu/kawruh. Basa rinengga iku basa kang direngga, rengga tegese paes. Basa rinengga tegese basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya luwih apik, endah, lan ngresepake. Basa rinengga bisa ditrapake ana ing maneka warna ragam basa, gumantung karo kaperluane. Lumrahe basa rinengga kuwi sing kerep digunakake ana ing karya sastra, antawacana ing upacara adat, antawacana wayang lan kethoprak, sanadyan ing pasrawungan saben dina uga kala-kala bisa ditemoni basa rinengga. 1. PENGERTIAN BASA RINENGGA:
MATERI TEKS WAWANCARA (TEMA KEKELUARGAAN) PENGERTIAN TEKS WAWANCARA: Teks wawancara yaiku teks sing nggambaraké pacelathon utawa dhialog antarane pewawancara karo narasumber. STRUKTUR TEKS WAWANCARA: Idhèntifikasi: yaiku perangan utawa bagean teks sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane. Klasifikasi/dhefinisi : yaiku perangan teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise utawa klompoke. Dheskripsi bagean : yaiku perangan teks sing nerangake gegambaran sing luwih rinci lan cetha. UNSUR BASA TEKS WAWANCARA: Ukara Tanduk: yaiku ukara sing jejere nindakake pagawean utawa pakaryan. Jalaran nindakake pagawean titikane wasesane migunakaké tembung kriya tanduk. Tuladha: Salman nggoleki adhine. Ukara Tanggap: yaiku ukara sing jejere dikenani pagawean utawa pakaryan. Titikane ukara tanggap wasesane migunakake tembung kriya tanggap. Tuladha: sapine diengon dening Ari ing pinggir alas Jabon. Ukara Pitakon : jalaran isine ukara nakokake sawenehe bab. Titikane ukara pitakon yaiku anane tembung pitakon. What tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunanae kanggo nakokake wong. Why, tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa gunane kanggo nakokake alasan. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu. Where, tegese ing endi. Tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan. How, tegese kepriye. Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara. 1. 2. 3. 4. Unsur 5W + 1H:
MATERI TEKS IKLAN (TEMA INDUSTRI) PENGERTIAN TEKS IKLAN: Pangerten teks iklan teks iklan yaiku sawijining medhia kang efektif kanggo memromosikan apa-apa karo tujuwan dingerteni masarakat umum. JENIS TEKS IKLAN: Jinising teks iklan jinis iklan (tujuwane) iklan komersial, iklan non komersial Jinis iklan (isine ) iklan penawaran, iklan layanan masarakat, iklan. wara-wara, iklan panjalukan jinis iklan (mediane) Iklan medhia elektronik, iklan medhia cithak STRUKTUR TEKS IKLAN: Deskripsi Persuasi Justifikasi UNSUR BASA TEKS IKLAN: Unsur basa teks iklan teks iklan nduweni kaidah kebahasaan mligi kang mbedakake saka teks kang liya. ing antarane: ana ukara persuasif, kang bertujuan mangaribawani lan ngyakinake pamaos kanggo nampa gagasan. tujuwane ben calon panuku kapengaruh kanggo migunakake produk barang utawa jasa. ana ukara imperatif, yaiku pranyatan kang kabangun saka prentah, saran, utawa instruksi. tujuwane ngenerake calon konsumen kanggo nuku produk. nganggo jejer wong kapisan, kanggo ngganteni pihak utawa pelaku pemasang iklan. tembung sesulih iki adhedasar marang pamaos utawa pengguna, tuladhane "kita , aku, utawa aku". ngandhut daya tarik, artine teks iklan nganggo basa kang prasaja, gampang dieling-eling, lan dingarteni. tuladhane nganggo slogan kang kabangun saka 4-5 tembung simpel lan kreatif, ben dadi ciri kas produk. ana ukara inpormasi, artine teks iklan nganggo basa informatif jero ngaturi kaunggulan produk dibandhingake produk kang liya. ana pasugatan non verbal, yaiku gambar kang unik lan menarik ben calon konsumen oleh mengingate. tansaya unik, tamtu tansaya membekas ing ingatan panuku. ngemot kasunyatan lan opini. kasunyatan yaiku kebagusan nyata terkait produk, tuladhane identitas produk, komposisi, kagunaan, lan liyane. dene opini yaiku pranyatan subjektif kanggo menarik minat calon konsumen, kang kudu disengkuyung karo kasunyatan sajroning produk kang ditawakake 1. 2. 3. 4.