The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by nailurrohmah901, 2022-06-20 07:52:07

Ebook_Nailur Rohmah

Ebook_Nailur Rohmah

PURWAKA
Puji sukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun
paring rahmat saha hidayahipun saengga pangripta saged nyusun Buku Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas
VIII Semester 1 menika kangge nyekapi tugas mata kuliah Media Pembelajaran.
Wonten ing buku menika, mratelakaken pinten-pinten jenis wulangan antawisipun saking
wulangan 1 dumugi wulangan 5. Buku bahan ajar menika kalangkah sageda kangge nambah wawasan
pangripta, ugi saged dipundadosaken referensi dhumateng para siswa ingkang saweg sinau saha nguri-
uri gayut babagan budaya jawi, mliginipun siswa SMP kelas VIII semester 1.
Antologi karya sastra menika boten saged kawujudaken tanpa bimbingan panjenenganipun Ibu
Dhosen Nur Hanifah Insani, S.Pd., M.Pd. awit saking menika, pangripta ngaturaken agunging panuwun
ingkang boten pepindhan. Wusananing atur, kritik, panyaruwe, pamanggih, lan sedaya kemawon
saking para pamaos saged katampi kanthi legawaning manah sinartan atur panuwun.

Semarang, 20 Juni 2022

ii

DHAPTAR ISI
PURWAKA ........................................................................................................................ i
DHAPTAR ISI ................................................................................................................... ii
WULANGAN 1 ................................................................................................................. 1
WULANGAN 2 ................................................................................................................. 4
WULANGAN 3 ................................................................................................................. 5
WULANGAN 4 ................................................................................................................ 8
WULANGAN 5 ................................................................................................................. 10

iii

WULANGAN I
TEKS LEGENDA
Kompetensi Dasar :
3.1 Memahami isi teks cerita legenda
4.1 Menceritakan kembali cerita legenda

Indikator Pencapaian Siswa :
3.1.1 Siswa dapat menyimpulkan isi teks cerita legenda Rawa Pening
4.1.1 Siswa dapat menceritakan kembali teks cerita legenda Rawa Pening dengan bahasanya sendiri

TEKS LEGENDA
Legenda yaiku crita rakyat sing gegayutan karo dumadine satunggaling papan utawa

panggonan.
Crita legenda duweni unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur instrinsik teks

legenda, yaiku unsur sing ana ing saklebete crita. Unsur ekstrinsik crita legenda, yaiku unsur
sing ana ing jaban crita. Sing mlebu unsur intrinsik, yaiku :
a. Tema / suraos (gagasan baku sing dadi dasaring crita)
b. Judul / irah-irahan
c. Setting (papan, wekdal lan swasana)
d. Alur / plot (maju, mundur dan campuran)
e. Penokohan (gambaring watak paraga)
f. Amanat (pitutur pangripta utawi pengarang sing arep diaturake marang para pamaca)
g. Sudut pandang (posisi pangripta utawa pengarang ana ing crita)
h. Gaya bahasa / lelewaning basa

Lan sing mlebu unsur ektrinsik, yaiku :
a. Agama lan keyakinan
b. Kondisi sosial ing masyarakat
c. Tingkat pendidikan
d. Kondisi, politik, ekonomi, hukum lan sanesipun

Crita legenda uga ana titikane. Titikane legenda, yaiku :
1. Legende kuwe crita tadisional asli sekang masyarakat sing ditularke kanthi cara turun

temurun
2. Critane ana gandeng cenenge karo crita jaman gemiyen
3. Paraga neng crita dianggep bener-bener ana lan dianggep nduwe jasa maringmasyarakat
4. Critane tinemu nalar
5. Latare crita kaya bener-bener ana
6. Paraga lan kedadeyane kaya dene nyata dadi kaya dene nyata dadi kaya dene sejarah

Wacanen crita “Dumadine Rawa Pening” ing ngisor iki!

1

Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong-wong ing desa iku padha masak kanggo
nyiyapake pesta. Kabeh padha njupuk bagian, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiyapake
ubarampe pesta kang minangka wujud rasa syukur marang Gusti kang Akarya Jagad.

Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana bocah kang ala rupane, pesing lan amis
gandane. Mangerti kahanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora seneng, amarga manut
kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake sial, ora oleh berkah anggone pesta. Kagawa
rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar.

Bocah mau bisane mung nangis, karo mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang dina ora
mangan, bocah ala rupa mau lunga lan ngadoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan nabet
jroning ati amarga tansah digawe kasar, dihina, bocah ala rupa mau mlakumenyang kampung tanpa arah
lan tujuan.

Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kahanane lan adoh
saka masyarakat. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi randha. Ing gubug
mau bocah kang elek rupane dirumat (dipelihara) dening Mbok Randha. Dheweke diwenehi pangan
kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah ala mau crita marang simbah randha yen dheweke iku
Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru
Klinthing, malah urip bebarengan sawetaradina.

Bareng wis rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinting nerusake mlaku lan marani
wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge lunga, Baru Klinthing weling marang
simbah yen mengko ana prastawa gedhe simbah supaya numpak lesung. Ing batin, simbah bingung
karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat lan ngeling- eling piweling kasebut.

Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada lanang. Lakune wis tekan
kampung kang dituju. Wong-wong padha ngusir marang Baru Klinthing. Nanging Baru Klinthing ora
gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan ngetokake sada lanang. Sada lanang
kasebut banjur ditancepake ing lemah. Wongwong dikandani supaya njabut sada mau, yen bisa njabut
sada mau arep diwenehi bebana dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru klinthing kang kaya

2

mengkana, Wong-wong pada nyoba njabut sada mau. Saka sing awake cilik tekan wong sing awake
gedhe ora ana kang bisa njabut.

Pungkasaning, sada mau saged dinjabut kaliyan Baru Klinthing lan muncrat banyu. Muncrate
banyu sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan padha golek papan panggonan kang luwih
dhuwur. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, lan wong-wong mau oraana tilase, kabeh wong pada sirna
amarga piwalese saka tumindhake dewe. Kampung kang mirip rawa mau, diarani Rawa Pening. Rawa
pening saiki panggonan plancongan ing Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Rawa iku ambane kurang
luwih 2.670 hektar lan mapanana ing Kecamatan Ambarawa, Bawen, Tungtang, lan Banyu Biru. Rawa
iki mapan ana ing ereng-ereng gunung Merbabu, Temoloyo, lan Ungaran.

3

WULANGAN 2
PUPUH GAMBUH

Kompetensi Dasar :
3.2 Menelaah teks Piwulang (Serat Wulangreh pupuh Gambuh)
4.2 Menanggapi teks Piwulang (Serat Wulangreh pupuh Gambuh)

Indikator Pencapaian Kompetensi :
3.2.1 Siswa dapat menyimpulkan pesan yang terkandung dalam teks Piwulang (Serat Wulangreh
pupuh Gambuh)
4.2.1 Siswa dapat menembangkan teks Piwulang (Serat Wulangreh pupuh Gambuh)

TEKS PIWULANG PUPUH GAMBUH
Paugerane Tembang Gambuh

➥ Guru gatrane ana 5
Tegese saben pada (bait) dumadi saka 4 gatra (baris).
➥ Guru wilangane 7, 10, 12, 8, 8
Tegese Gatra kapisan dumadi saka pitung wanda (suku kata), gatra kapindho sepuluh wanda, gatra
ketelu rolas wondo, lan gatra kaping papat kalian gatra kaping gangsal anduweni wolung wanda.
➥ Guru lagune yaiku u, u, i, u, o
Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi
nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho dipungkasi swara (U), gatra
kaping telu dipungkasi swara (I), gatra kaping papat dipungksi swara (U), lan gatra kaping lima
dipungkasi swara (O).

Tuladha Tembang Gambuh
(Pada 3)
Pitutur bener iku
sayektine kang iku tiniru
nadyan metu saking wong sudra papeki
lamun becik wurukipun
iku pantes sira anggo.
(Pada 4)
Ana pocapanipun
adiguna adigang adigung
pan adigang kidang adigung pan esthi
adiguna ula iku
telu pisan mati samyoh.
(Pada 5)
Sikidang umbagipun
ngendelaken kebat lumpatipun
pan si gajah ngendelaken gung ainggil
ula ngendelaken iku
mandine kalamun nyakot

4

WULANGAN 3
PAWARTA

Kompetensi Dasar :
3.3 Memahami isi teks wacana berita
4.3 Menulis dan membacakan teks berita

Indikator Pencapaian Kompetensi :
3.3.1 Siswa dapat menganalisis pokok isi pada teks wacana berita
4.3.1 Siswa dapat mengarang teks wacana berita yang baik
4.3.2 Siswa dapat membaca nyaring teks berita dengan benar

PAWARTA / BERITA
Pawarta/ Berita/Kabar yaiku laporan kadadean utawa prastawa kang narik kawigaten lan

disiyarake kanthi cepet lumantar radhio, TV, Internet, lan mediya liyane. Sumber pawarta yaiku asal
usule pakabaran utawa laporan kadadean, bisa saka manungsa, lan prastawa/peristiwa kang dumadi
wektu iki.

Miturut bausastra Jawa anggitane S. Prawira Atmaja (1998:321) pawarta mengku teges kabar,
warta. Ing kamus lengkap bahasa Jawa anggitane Sudarmanto (2008:387) pawarta tegese wartos
(basa krama), kabar, warta. Mangun Suwito ( 2002:283) pawarta tegese padha karo pawartos (basa
krama) kabar, pakabaran.

Pawarta kang disiyarke lumantar radhio, TV, lan Internet, luwih cepet ditampa/dimangerteni
masyarakat tinimbang pawarta kang ditulis ing ariwarti utawa koran, kalawarti/majalah, lan media
liyane. Ancasane menei pawarta lumantar radhio, TV, lan mediya liyane yaiku supaya pawarta,
pakabaran, prastawa kang lagi dumadi/aktual bisa cepet dimangerteni dening masyarakat saingga
masyarakat kasebut tanggap marang prastawa utawa kadadean mau.

Sumber pawarta, bisa saka prastawa kang dumadi waktu iku, upamane prastawa gunung
njeblug, olah raga, seminar, kacilakaan lalu lintas, lan sapanunggalane.

Jenis-Jenis Media Berita
- Pawarta kang kasiyarake lumantar media elektronik, kayata: radhio, TV, internet.
- Pawarta kang kasiyarake lumantar media cetak, kayata: ariwarti (koran), kalawarti (majalah,
tabloid, lan liya-liyane).

Tujuan Berita
Ancasane menehi pawarta lumantar media elektronik utawa media cetak yaiku supaya pawarta,
pakabaran, prastawa kang lagi dumadi/aktual bisa cepet dingerteni dening masarakat, saengga
masarakat kasebut tanggap marang prastawa utawa kedadeyan mau.

Unsur Pokok Teks Berita
Unsur utawa perangan-perangan pokok pawarta ana 6 kang diarani 5W + 1H.

Cekakan iki saka basa manca (Inggris) yaitu What (apa), Who (sapa), When (kapan), Where
(ing ngendi), lan Why (kena apa, apa sebabe). Dene H cekakakn saka How (kepiye lumakune crita,
pawarta). 6 unsur kasebut ora bisa dilirwakake/dilalekake menawa parasiswa menehi pawarta.

5

Carane nemokake pokok-pokok berita/pawarta yaiku:
1. Konsentrasi
2. Mangerteni pesan pokok saben ukara/kalimat
3. Nyathet bab-bab kang wigati/penting saka pawarta mau
4. Nerangake/ngandharake kanthi ringkes saka pokok-pokok pawarta mau

Maca nyaring teks pawarta.
Kemempengan maca iku bisa ngunggah pengetahuan lan keterampilan basa sing penting

kanggo perkembangan siswa lan guna kanggo dukung kemempengan sinau. Ning, ana bagian sing
kudu digatekne ing maca nyaring teks pawarta:

1. Intonasi
2. Pelafalan
3. Volume swara
4. Panguntaran
5. Kelancaran

Jenis maca iki tujuane kanggo nglatih keterampilan siswa ing memahami teks pawarta,
cara ngidentifikasi, lan macakne teks pawarta karo intonasi sing bener uga artikulasi lan
volume swara sing jelas. Kajaba kuwi, kanggo ngembangna potensi siswa kabeh ing bidang
ketatabahasaan, ngewehake pangandel awak, lan nglatih siswa arepa komunikasi karo becik
lan lancar. Merga kuwi, teknik iki penting dilakoke kanggo ngewehi informasi babagan teks
pawarta lan ngangkat kompetesi dasar maca teks pawarta sing bener,jelas, uga lancar.

Tuladha Teks Pawarta:
Pawarta 1

Sam Poo Kong Semarang Tanpa Riyaya Imlek 2021
Solopos.com, SEMARANG – ingat binger riyaya warsa anyar China utawa Imlek ing Kutha

Semarang, Jawa Tengah warsa 2021 iki ora serame warsa-warsa sakdurunge. Kahanan pageblug
Covid-19 sing isih ana agawe riyaya Imlek ing Kelenteng misuwur Jawa Tengah Sam Poo Kong,
Jumat (12/2/2020), ora serame sakdurunge.

Ana objek wisata ing Kutha Semarang sing bendina rame pas Imlek dadi sepi milih ora
nggelar event pagelaran seni. Senadyan objek wisata kuwi tetep buka, nampa utawa nglayani
wisatawan pas prei Imlek.

“Sam Poo Kong tetep buka. Ya, ora ana larangan. Nanging, tetep wajib ngginakaken protokol
kesehatan lan Perwali Kutha Semarang tentang PPKM,” kandha pengelola objek wisata Sam Poo
Kong, Anindita Rinaldie, karo Semarangpos.com, Kamis (11/2/2021).

Anindita kandha yen padha Perwali, objek wisata ing Semarang kayata Sam Poo Kong
diijinke buka sajrone masa pandemi iki. Kaya mangkono, jumlah pengunjung lan jam operasionale
tetep diwatesi.

“Kanggo pengunjung diwatesi 50% saka kapasitas sing ana. Jam operasional dhewe melu
Perwali nganti tabuh 21.00 WIB” kandhane.
Tanpa Event

Senadyan nampa kunjungan wisatawan. Anindita mastike Sam Poo Kong ora bakal nggelar event riyaya
Imlek kayata warsa-wrasa sakdurunge. Sam Poo Kong asring dibanjiri pengunjung saka Semarang utawa
daerah liyane kayata Jogja, Solo, Banyumas.

6

Bab kuwi amarga kelenteng sing wis misuwur karo sebutan Gedung Batu kuwi asring nggelar
macem-macem event kayata pagelaran barongsai. Sakliyane kuwi, kelenteng sing dibangun pas abad
ke-14 uga dadi langganan umat Tri Darma pas nggelar ibadah riyaya Imlek.

“Sam Poo Kong ora ana riyaya ing warsa iki. Kanggo matuhi anjuran pemerintah kaitane karo
protokol kesehatan nyegah Covid-19. Awake dhewe ora gelem gawe adicara sing bisa ngundang
rame-rame.” Kandhane Anindita.

Pawarta 2
Pembangunan Museum Kota Lama Semarang Meh Rampung.
Semarang, Sonora.ID – Pembangunan Museum Bubakan wis nganti 80%. Rencanane

museum kuwi meh di-launching 15 Desember 2020. Pembangunan kawasan Kota Lama Semarang
tahap II sing saiki wis tekan tengah ndalan, lan diupayake bisa rampung ing wulan Desember 2020,
utawa paling lambat ing warsa 2021.

Bab kuwi sisan negesake kebijakan pembangunan ing Kutha Semarang, sing isih terus ing
sektor dagang lan jasa, khususe subsektor pariwisata. Pengelola pembangunan Kawasan Kota Lama
Semarang Selaku pembangunan Kawasan kota Lama Semarang kandha menawa pembangunan
museum bubuakan kuwi didesain dadi ruang amba sing bisa buka kanggo umum.

“Pembangunan papan iki garapane wis mlebu tahap II saka sakkabehe pembangunan Kota
Lama sing wis rampung 75% lan targete kabeh bisa rampung lan di-launching tanggal 15 Desember,”
kandha Sony Cahyo Bawono sing dadi Tim Leader manajemen kontruksi iki.

Museum Bubakan sing biyene taman air mancur kuwi meh diwenehi kolam retensi lan
sculpture. Ing museum kasebut uga ana artefak arupa pucuk banteng (bastion) Kota Lama sarta
pawarta sejarah Kota Lama.

Wali Kota Semarang, Hendrar Prihadi utawa asring disapa Hendi janji meh nglanjutake
program pembangunan ing Kutha sing dipandegani, senadyan karo waktu sing suwi. Nyambung
lumantar aplikasi Zoom saka Situation Room, Balaikota Semarang, Hendi nerangke salah siji wujud
upaya kelanjutan pembangunan Kota Lama Semarang yaiku saka mlakune pembangunan Museum
Kota Lama sing ana ing bunderan Bubakan, Kutha Semarang.

“Kaya sing didelok dina iki isih mlaku pembangunan museum Kota Lama, sing InsyaAllah
mehrampung akhir Desember 2020 iki,” kandha Hendi.

7

WULANGAN 4
PARIWARA

Kompetensi Dasar :
3.4 Memahami wacana yang berisi pesan/iklan
4.4 Menyampaikan pesan secara lisan
Indikator Pencapaian Kompetensi :
3.4.1 Siswa dapat memahami isi dalam teks iklan
3.4.2 Siswa dapat menyimpulkan cara membuat iklan yang baik
4.4.1 Siswa dapat mengkreasikan isi teks iklan
4.4.2 Siswa dapat mengarang teks iklan dengan baik

Iklan / Pariwara

Iklan utawa pariwara yaiku tulisan ( bisa dikantheni gambar utawa swara ) kang nawakaké barang lan

jasa utawa ajak-ajak.
• Nawakaké tegese ngandhakaké barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan panganggone kepriye.
• Ajak-ajak karepe ngajak supaya wong sing maca utawa krungu gelem nganggo kanthi cara nuku

barang kang ditawakake.
• Pariwara kang Becik

1. Attention ( perhatian ), kudu bisa narik kawigatène masyarakat.

2. Interest ( menarik ), bisa agawe kesengsem tumrap konsumen kang tundhane kepengin duweni.

3. Desire ( keinginan ), bisa nuwuhake kapenginane konsumen enggal duweni.

4. Conviction ( rasa percaya ), nuwuhake rasa percaya (sembada) marang konsumen sawisé

migunakaké barang utawa jasa kang dibiwarakake.

5. Action ( tindakan ), nuntun konsumen enggal duweni utawa migunakaké barang lan jasa kang

dibiwarakake.
• Jinis Pariwara

1. Miturut Ancasé 3. Miturut Saranane

- Pariwara Komersial - Pariwara Migunakaké Medhia Massa

- Pariwara Layanan Masyarakat - Pariwara Migunakaké Medhia Khusus

2. Miturut Gunané

- Pariwara Informatif

- Pariwara Persuasif

- Pariwara Remainder Struktur Teks Pariwara

1. Headline

Perangan pariwara kang sengaja ditonjolake. Supaya narik kawigatene para pamiyarsa.

2. Subheadline

Nerangake pokok-pokok pariwara kang dianggep wigati.

3. Amplifikasi

Naskah utawa teks pariwara kang ngiringi headline. Kerep diarani bodi teks.

4. Togline

Slogan utawa basa rinêngga kang wujud ukar cekak aos kang nuduhake spirit, kualitas, lan kaluwihane

produk.

5. Productshot

8

Gambar utawa brand sing ditawakake.
Tuladha Pariwara

9

10

11


Click to View FlipBook Version