Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 1 PEMERINTAH KABUPATEN GROBOGAN DINAS PENDIDIKAN MUSYAWARAH GURU MATA PELAJARAN BAHASA JAWA SMP RAYON KABUPATEN GROBOGAN NASKAH SOAL UJIAN SEKOLAH JENJANG SMP TAHUN PELAJARAN 2021/2022 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Alokasi Waktu : 09.30 – 11.00 WIB (90 menit) Hari, Tanggal : Selasa, 12 April 2022 PETUNJUK UMUM 1. Tulislah terlebih dahulu nomor peserta pada lembar jawaban, di tempat yang sudah disediakan. 2. Semua jawaban dikerjakan di lembar jawab yang disediakan. 3. Bacalah soal/ pertanyaan dengan teliti sebelum kamu mengerjakan. 4. Dahulukan mengerjakan soal yang kamu anggap mudah. 5. Jawaban salah dapat dibetulkan dengan cara mencoret dua garis lurus mendatar pada jawaban yang salah. Kemudian berilah tanda silang pada huruf jawaban yang kamu anggap benar. Contoh : - Pilihan semula ( jawaban salah ) : A B C D - Dibetulkan menjadi : A B C D 6. Periksalah pekerjaan kamu sebelum kamu serahkan kepada pengawas. SELAMAT MENGERJAKAN PETUNJUK KHUSUS I. Pilihen wangsulan sing koanggep bener/ cocog marang pitakone kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara: A, B, C, utawa D ana ing lembar jawab! Wacan kanggo soal nomer 1 lan 2. Sekolah Wayah esuk jam 6, Dewi wis rampung anggone tata-tata arep mangkat sekolah. Ora lali Dewi uga wis siyap nganggo masker. Dewi kalebu salah sijine siswa kelas VII ing SMP Sinar Bangsa. Dina iki Dewi katon bungah, amarga iki dina sepisanan Dewi bakal ketemu bapak ibu UTAMA
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 2 guru lan kanca-kanca ing PTM (Pembelajaran Tatap Muka) sawise 1,5 tahun mung bisa nindakake PJJ (Pembelajaran Jarak Jauh). Sadurunge mangkat sekolah, ora lali Dewi sarapan luwih dhisik, amarga ngendikane bapak ibu guru sadurunge nindakake PTM para siswa kudu wis mangan lan ngombe sing cukup. Bubar sarapan Dewi ora lali pamitan marang bapak lan ibu. “Bapak, Ibu, kula nyuwun pamit badhe budhal sekolah rumiyin.” Dewi pamitan karo salim lan ngaras astane bapak lan ibune. “Ya, Ndhuk, sekolah sing temen, aja lali tetep njaga protokol kesehatan!” ngendikane bapak nuturi Dewi. “Iya, Ndhuk, ati-ati ya!” ibu uga ngendikani. “Nggih, Pak, Bu.” Dewi mangsuli banjur mangkat mlaku menyang sekolah. Dewi mangkat sekolah mung mlaku, omahe Dewi kepetung ora adoh saka sekolahan, udakara mung 500 meter. 1. Manut cerita kasebut, Dewi bungah amarga …. A. dina kuwi sepisanan ketemu bapak ibu guru lan kanca-kancane B. dina kuwi Dewi ulang tahun lan nampa kadho kang akeh banget C. dina kuwi pembelajaran-e daring meneh sawise setahun luring D. bakal prei suwene rong minggu sawise tampa rapot semester gasal 2. Dewi anggone mangkat sekolah mlaku amarga …. A. ora nduwe sepedha C. bapake ora bisa ngeterake B. sekolahe ora adoh D. Dewi ora bisa nyepedha 3. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Pangkur pada 2 iki! Pangkur Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu, tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng myang nendra, duga-duga nora lali. Gegambaran watak kang diandharake ing tembang kasebut duwe pangarep-arep supaya .… A. dadi wong iku kudu tumindak drengki B. dadi wong iku kudu kebak pangati-ati C. dadi wong kudu open marang duweke dhewe D. dadi wong iku kudu kumingsun/ sombong
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 3 4. Gatekna wacan teks cerita rakyat iki! “…. Mbok Randha bungah panggalihe amarga panjaluke kepingin kagungan putra wis kasembadan. Mbok Randha ngucapake sukur marang Gusti Allah amarga dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon. Pakulitane resik alus kaya kulit timun. Amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi dijenengake Timun Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine marang Buta Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randha dadi susah atine. Rina wengi Mbok Randha donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, Mbok Randha ngimpi kapethuk wong tapa ing Gunung Gandhul. Wong tapa kuwi mau kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo .…” (kapethik saka Marsudi Basa lan Sastra Jawa 1 kaca 40) Pitutur kang bisa kapethik saka pethilan crita kasebut yaiku …. A. tansah sukur marang peparinge Gusti Allah B. Buta ijo arep menehi anak marang Mbok Randha C. aja gampang susah yen durung duwe anak D. methuki wong tapa ing Gunung Gandhul 5. Gatekna wacan teks cerita pengalaman iki! Udane Mandheg Sore kuwi, aku mlaku-mlaku karo Roni, Karman, lan Odhi. Niyate arep nonton final lomba voli tingkat SMA se-Kabupaten Grobogan neng GOR (Gelanggang Olah Raga) Purwodadi. Omahku ing cedhak bunderan patung Ganesha sakwetane Simpang Lima Purwodadi. Aku lan kanca-kancaku mau mlaku saka omahku. Ana ing tengah dalan dumadakan udan. Pancen wis wiwit awan langite mendhung. Banjur padha ngeyub ing emper warung sing isih tutup ing pinggir dalan. Udane lumayan deres. Wis dienteni seprapat jam nanging udane ora mandheg-mandheg malah sansaya deres. Ujug-ujug Roni ngetokake sabun cuci muka saka njero tase. “Ron, apa kuwi?” pitakonku. “Sabun cuci muka. Raup nganggo iki ben tambah ngguantheng.” wangsulane Roni. “Lha raupe piye? Banyu saka ngendi?” Karman takon. “Ya banyu udan iki ta.” wangsulane Roni. Aku, Karman, lan Odhi mung trima ngguyu. Pancen Roni iki bocahe rada ngguyokake, endhak ndhagel. Nalika Roni wis nganggo sabun cuci muka neng raine, ujug-ujug udane mandheg. “Lho, udane kok mandheg, iki piye? Adhuh... Aku raup neng ngendi? Mripatku pedhes banget ki. Tulung...!!” Aku lan kanca-kancaku mung bisa ngguyu kepingkel-pingkel. Dening Ahmad Nurhamid Dideleng saka ceritane, crita pengalaman kasebut kalebu jinis crita kang …. A. medeni C. ngguyokake B. nyedhihake D. nggregetna
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 4 6. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Sinom pada 1 iki! Sinom Ambege kang wus utama, tan ngendhak gunaning janmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone dinokok ngayun, pamrihe den inaa, aja na ngarani bangkit, sukalila denina sapadha-padha. Wewarah utawa piwulang kang kaemot ing tembang Sinom kasebut yaiku …. A. manungsa kang utama iku kudu duwe kapinteran mumpuni B. manungsa kang utama iku kudu bisa nyaingi sepadhane C. manungsa kang utama iku kudu pinter marang sapadhane D. manungsa kang utama iku ora ngremehake kapinteran sepadhane 7. Gatekna pethilan cerita legenda iki! Kacarita, Bandung Bandawasa sawise kasil merjaya Prabu Baka, banjur nguwasani Keraton Prambanan. Bandung gumun banget sawise ndeleng kahanan keraton saisine. Nalika mlebu ing taman kaputren Keraton Prambanan, Bandung Bandawasa kepethuk wanita kang ayu rupane. Wanita kasebut asmane Rara Jonggrang. Bandung Bandawasa kepencut marang kasulistyane Rara Jonggrang. Nalika Bandung Bandawasa mlebu taman keputren nemoni kahanan …. A. ketemu para prajurit Prambanan sing padha mati B. taman kang endah kang durung nate dipirsani sadurunge C. taman kaputren sing wis bosah-baseh lan ajur mumur D. ketemu putri kang sulistya ing warna yaiku Rara Jonggrang 8. Gatekna pethilan cerita legenda iki! Rara Jonggrang menggalih kepiye carane bisa nulak panglamare Bandung Bandawasa kanthi alus lan supaya ora goreh penggalihe. Ora let suwe Jonggrang nemokake cara kanggo nulak panglamare Bandung kanthi alus. Rara Jonggrang nyuwun bebana. Bebanane yaiku digawekake candhi cacahe sewu kanthi wektu sewengi wae. Yen Bandung Bandawasa bisa mujudake apa kang disuwun Rara Jonggrang, Rara Jonggrang purun digarwa Bandung Bandawasa. Manut petunge Rara Jonggrang, panyuwunane kuwi abot banget. Rumangsane Rara Jonggrang, mokal yen ana sawijining manungsa ing wektu sawengi wae kok bisa gawe candhi cacahe sewu. Jebule Bandung Bandawasa nyaguhi panyuwunane Rara Jonggrang.
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 5 Kepiye panampane Rara Jonggrang marang panglamare Bandung Bandawasa? A. Nampa nanging ana bebanane. C. Nulak kanthi nesu. B. Luwih becik mati tinimbang nampa. D. Nampa kanthi bungah. 9. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Gambuh pada 2 iki! Gambuh Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kabanjur sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos. Tembang kasebut negesake menawa tumindak ora jujur yen kebacut-bacut bakal gawe .... A. cilaka C. kepenak B. mulya D. raharja 10. Gatekna pethilan pawarta iki! Para pamiyarsa, Ngepasi tanggal 22 Agustus taun 2021, kahanan kutha Banjarnegara katon gayeng lan regeng, awit ngepasi ambal warsa utawa ulang taun kang kaping 189. Wis dadi agenda rutin saben ngepasi ulang taun kutha Banjarnegara mesthi dianakake Kirab Bedhul Praja. Bab iki kanggo pengeling-eling tumrape warga Kabupaten Banjarnegara marang lelabuhane (jasa) para leluhur kang mbabad kutha Banjarnegara iki. Kahanane kutha kuwi nalika ulang taun iku …. A. mrihatinake C. gayeng lan regeng B. medeni D. sepi mampring 11. Gatekna pacelathon iki! Arga : “Bapak ki jan-jane lara apa ta, Pak?” Bapak : “Aku lagi lara untu, Le.” Ature Arga iku miturut unggah-ungguh basa kalebu atur kang salah amarga Arga matur nganggo basa Jawa ngoko lugu marang wong tuwane kang kudune diajeni. Ature Arga sing bener yaiku .... A. “Bapak ki jan-jane sakit napa ta, Pak?” B. “Bapak menika janipun gerah menapa ta, Pak?” C. “Laramu ki jan-jane apa ta, Pak?” D. “Panjenengan ki larane apa ta, Pak?” 12. Gatekna pethilan cerita Ramayana iki! Peksi Jatayu Rajaning peksi kuwi jenenge Jatayu. Dheweke dadi mitra rakete Prabu Dasarata, raja ing Keraton Kosala. Prabu Dasarata iku bapake Raden Rama. Mula, bareng weruh anak mantune
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 6 mitrane dicidra dening Rahwana, Jatayu enggal nulungi. Kreta kencana kang ditumpaki Rahwana nggondhol Sinta ditrajang wae. Sinta arep direbut. Nanging Rahwana nggegegi, ora ngeculake. Dadi udreg-udregan rebutan Sinta ana ing gegana. Eman, Jatayu kalindhih. Jatayu ditatoni lan diajar dening Rahwana. Swiwi kiwa sengkleh tugel. Jatayu sing isih megap-megap ditendhang, kumleyang ing awang-awang, tiba ing lemah klebekan. Piwulang luhur kang bisa dijupuk saka carita kasebut yaiku .... A. dadi wong aja nganti awatak gemedhe C. dadi wong kudu tansah bisa ngati-ati B. dadi wong aja kedanan drajad lan pangkat D. dadi wong kudu tansah seneng tetulung 13. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi pada 3 iki! Kinanthi Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja nyelaki wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari. Tembang kasebut isine …. A. senajan mlarat, yen kelakuane becik lan pinter, iku becik cedhakana supaya mundhak kabisanmu B. yen diciptakake dadi wong sugih, aja banjur gumedhe lan ngina marang wong liya, iku tumindak ala C. kulinaa nyuda mangan lan turu aja mung seneng-seneng amarga bisa gawe lenaning ati kang marakake cilaka D. padha latihen atimu supaya pinter ing pratandhaning urip kanthi laku prihatin nyuda mangan lan turu 14. “kapatuh pan dadi awon.” Gatra kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa dadine …. A. C. B. D. 15.
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 7 Gatra kasebut wacane …. A. pitutur bener iku C. pituture wong tuwa B. pitutur ingkang sayektos D. pitutur kang becik 16. Durung rampung Anoman anggone matur marang Dewi Sinta ing Taman Argasoka, dumadakan konangan dening Indrajid lan Patih Prahastha sawadyabalane. Anoman babar pisan ora gigrig. Anoman dikeroyok, nanging Anoman iku sawijining wanara kang pilih tandhing lan ora gampang dikalahake. Pungkasane Anoman karangket awit saka ampuhe gaman panah rante duweke Indrajid. Anoman kasowanake Prabu Rahwana. Prabu Rahwana kang duka banjur maringi pidana marang Anoman. Anoman arep diobong urip-uripan ing Alun-alun Ngalengka. Babar pisan Anoman ora ndhredheg utawa ciyut atine. Wacan kasebut nuduhake yen Anoman nduweni watak …. A. sregep C. srakah B. kendel D. jujur 17. Ukara-ukara iki kang ora kalebu ukara camboran yaiku ... A. Simbah Putri lagi dhahar pisang goreng ing ngarep TV. B. Bapak kondur saking Jakarta nalika Ibu taksih wonten peken. C. Saben esuk, Bagas nyapu latar, dene mbakyune ngrewangi masak. D. Ing Borobudur wingi, Bapak mundhut klambi, dene ibu dhaster. 18. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula pada 4 iki! Dhandhanggula Nanging yen sira nggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana. Piwulang luhur ingkang saged dipunpendhet saking tembang kasebat inggih menika menawi milih guru kedah ingkang …. A. tumindakipun sae lan sregep pasa sinaosa boten pirsa babagan kabecikan B. sregep anggenipun mucal kanthi ngajeng-ajeng dipunparingi pamrih C. tansah ngirangi dhahar lan ngunjuk supados badanipun boten lema D. tumindakipun sae, pirsa ing kukum, sregep pasa, boten ngajeng-ajeng pamrih
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 8 19. Gatekna pethilan sandiwara iki! Pak Dhe Wardi : “Le, Hanif. Rene, Le!” (Pak Dhe Wardi ngawe nimbali Hanif kang lagi mlaku bareng kancane nalika mulih sekolah.) Hanif : “Dalem, Pak Dhe. Wonten napa?” Pak Dhe Wardi : “Hanif, Pak Dhe iki lagi mulih saka Surabaya. Mau bengi lagi tekan omah. Iki Pak Dhe titip oleh-oleh. Oleh-oleh iki ana 2, siji diwadhahi plastik kuning, sing siji putih. Sing kuning iki kanggo bapakmu, dene sing putih iki mengko aturna Simbah ya!.” Hanif : “Nggih, Pak Dhe.” Pak Dhe Wardi : “Ya wis kana ndang mulih! Ati-ati! Dieling-eling tenan welingku, kowe aja njenang gula!” Hanif : “Nggih, Pak Dhe.” (Hanif pamit karo ngambung tangane Pak Dhe Wardi.) Ukara kang ora cocog karo wacan pacelathon kasebut yaiku … A. Pak Dhe Wardi nitipake oleh-oleh kanggo Bapake Hanif lan Simbah. B. Oleh-oleh plastikan putih kanggo bapake Hanif, dene kuning Simbah. C. Pak Dhe Wardi nembe wae kondur saka Surabaya mau bengi. D. Nalika ditimbali Pak Dhe Wardi, Hanif lagi mlaku mulih sekolah. 20. Pak Dhe Wardi ngendikan “Aja njenang gula” maksude …. A. aja nganggo gula C. aja lali utawa nglali B. aja nggawe jenang D. aja nganti keri 21. Ing upacara mitoni, si calon bapak milih salah siji klapa gadhing kang cacahe loro banjur dipecah. Klapa siji digambari Kamajaya, sing sijine digambari Dewi Ratih. Klapa gadhing cacah loro iku diwalik supaya si calon bapak ora weruh gambare. Yen sing dipecah gambar Kamajaya, bayine lanang, dene yen sing dipecah gambar Dewi Ratih bayine wadon. Iku mung tradhisi, bisa wae slenca. Sejatine, sing nemtokake lanang utawa wadon iku namung Gusti Kang Maha Kuwasa. Wacan kasebut menehi pitutur marang kita kabeh kaya kang disebutake iki, kejaba …. A. sing nemtokake lanang utawa wadon bayi kang arep lair iku mung Gusti Kang Maha Kuwasa B. klapa kang dipecah dening si calon bapak iku ora nemtokake lanang utawa wadone kelairan C. mecah klapa ing upacara mitoni iku mung tradisi, dadi ora bisa dienggo pathokan kelairan D. yen sing dipecah iku gambar Kamajaya, bayine mesthi lanang, yen Dewi Ratih mesthi wadon
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 9 22. Gatekna gambar iki! Gambar kasebut nuduhake upacara panggih mantenan perangan …. A. sinduran C. midak tigan B. sungkeman D. kacar-kucur 23. Tembung vitamin E yen katulis nganggo aksara Jawa dadine …. A. C. B. D. Wacan kanggo soal nomer 24 – 25. Amengeti miyosipun, Den Mas Suryaningrat putri, Kang tuladha mring wanita, Ya iku Ibu Kartini, Den Mas Jayaningrat garwa, Ibune Den Mas Susalit. 24. Pethikan geguritan kasebut, ngrembug babagan pengetan .... A. lahire Ibu Kartini C. lelabuhane Ibu Kartini B. sedane Ibu Kartini D. keluargane Ibu Kartini 25. Ibu Kartini iku putrane .... A. Den Mas Jayaningrat C. Den Mas Susalit B. Den Mas Suryaningrat D. Den Mas Behi Wacan kanggo soal nomer 26 – 27. Durma Bener luput ala becik lawan begja, cilaka mapan saking,
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 10 ing badan priyangga, dudu saking wong liya, mulane den ngati-ati, saking durgama, singgahana den eling. (Kapethik saking Serat Wulangreh pupuh Durma pada 3) 26. Manut tembang Durma kasebut, beja cilaka iku saka …. A. wong liya C. wong tuwa B. badane sasama D. awake dhewe 27. Kanggo ngedohi durgama/ ancaman/ pitenah, manungsa kudu …. A. laku prasaja lan prihatin C. ngati-ati lan waspada B. nyuda hawa nepsu D. ngeningake cipta 28. Kula kinten cekap semanten atur kula. Wonten lepat saha kiranging atur, kula nyuwun pangapunten. Nuwun. Perangan kasebut jenenge .... A. surasa basa C. panutup B. atur sukur D. salam panutup 29. Anak polah bapa kepradhah. Paribasan kasebut tegese ... A. Wong tuwa susah/ nemu pakewuh amarga salahe anake. B. Anak kang nemu susah amarga salahe wong tuwa. C. Wong tuwa kang susah/ kewalahan amarga anake akeh. D. Wong tuwa kang njaluk warah marang wong nom. 30. Gatekna gambar iki! Gambar kasebut tuladha pagelaran .... A. kethoprak C. wayang kulit B. ludruk D. wayang wong
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 11 II. Tulisen wangsulane pitakon-pitakon iki ing papan lembar jawab kang wis sumadya! 1. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Sinom pada 2 iki! Sinom Ingsun uga tan mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan sundekek ngarsa, isin men nek denarani, balilu ing sujanmi, nanging batiningsun cubluk, parandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita. Tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang Sinom! 2. Gatekna pacelathon iki! Pak Budiman : “Kula nuwun.” Sekar : “Mangga.” Pak Budiman : “Kar, bapakmu neng omah?” Sekar : “Bapak durung mulih saka kantor.” Manut unggah-ungguh basa Jawa, wangsulane Sekar nalika didangu Pak Budiman iku ora pas. Tulisen wangsulane Sekar sing bener manut unggah-ungguh basa Jawa! 3. Gatekna pethilan wacan legenda iki! Bledug Kuwu Keraton Medhang Kamulan dadi negara kang ayem tentrem jalaran kang dadi raja priyayi kang wicaksana jejuluk Prabu Ajisaka. Prabu Ajisaka jumeneng nata sakwuse ngalahake Prabu Dewata Cengkar, raja ing Medhang Kamulan sakdurunge. Manut wacan kasebut, kapan Ajisaka dari raja ing Medhang Kamulan? 4. Gatekna pethilan pacelathon iki! Fauzi : “Kula nuwun.” Pak Mardi: “O, Mas Fauzi. Kene lungguh kene. Ana apa, Mas?” Fauzi : “Mekaten, Pak. Anggen kula sowan menika dipunutus bapak kula, panjenengan dipunaturi rawuh ing griya kula bakda Maghrib saperlu kenduren nyewu dinten sedanipun simbah kula, Mbah Darmojo.” … Manut pethilan pacelathon kasebut, bapake Fauzi arep nduwe kajat apa?
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 12 5. Bapak nukokake Gilang dolanan. Ukara kasebut kalebu ukara tanduk (kalimat aktif). Ukara tanduk kasebut owahana dadi ukara tanggap (kalimat pasif)! 6. Anoman diutus dening Raden Rama tumuju Ngalengka supaya nanjihake kahanane Dewi Sinta. Minangka tandha yen Anoman nyata-nyata utusane Raden Rama, Anoman digawani ali-ali Sotyaludira supaya diaturake marang Dewi Sinta. Manut wacan kasebut, apa buktine yen Anoman iku utusane Raden Rama? 7. Hasan ora mangkat sekolah. Hasan lagi lara. Rong ukara kasebut bisa didadekake saukara dadi ukara camboran. Ukarane dadi kepiye? 8. Pak Nurdin seda ing dina Kemis Paing awan, mula keluwargane slametan mitung dina ing malem apa? (urutane pasaran : Paing, Pon, Wage, Kliwon, Legi) 9. Carane nulis geguritan, yaiku milih salah sijine pengalaman utawa prastawa kang nate dialami, banur didadekake tema lan judhul, nemtokake diksi, lelewaning basa/ gaya bahasa, wiwit nulis larik geguritan. Dene menawa gawe geguritan, kang dibiji yaiku judhul kang cocog karo isine, pamilihe tembung kang pas, isine geguritan, lan lelewaning basa. Manut wacan kasebut, nalika mbiji geguritan, judhul kang dipilih kudu jumbuh utawa cocog karo apa? 10. Tulisan Jawa kasebut wacane apa? III. Tulisen wangsulane pitakon-pitakon iki ing papan lembar jawab kang wis sumadya! 1. Gatekna pethilan tuladha cerita rakyat iki! Keong Mas Kira-kira wis setaun Desa Dhadhapan ketaman mangsa ketiga kang dawa, dadine larang pangan lan akeh lelara kang gawe uripe warga tambah sengsara. Semono uga kang dialami dening Mbok Randha Dhadhapan, wong wadon tuwa sing lola tanpa dulur. Kanggo nyambung uripe, saben dinane dheweke golek krowodan ing alas. Senajan urip kanthi kacingkrangan kaya mangkono, dheweke nampa apa anane lan ora nate nggresula. Kahanan kasebut malah saya ndadekake Mbok Randha tambah caket marang Gusti Kang Maha Kuwasa. “Dhuh, Gusti, paringana pepadhang ing desa kula ngriki, mugi-mugi pageblug menika enggala sirna.” Tulisen pitutur luhur kang bisa kapethik saka cerita kasebut!
Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP Kab. Grobogan 2021/2022 Page 13 2. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Gambuh pada 3 iki! Gambuh Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira anggo. Tulisen gancarane utawa terangna isine tembang kasebut! 3. Gatekna pethilan cerita Ramayana Anoman Duta iki! Kacarita, Sri Ramawijaya ngutus Anoman minangka duta tumuju ing Ngalengka supaya golek sisik melik ngenani kahanane Dewi Sinta ing Negara Ngalengka ngiras ngukur sepira kekuwatane Keraton Ngalengka. Raden Rama uga nitipake pusaka ali-ali sotyaludira marang Anoman supaya diaturake marang Dewi Sinta. …. Saka wacan kasebut, tulisen telung jejibahane (tugas) Anoman minangka duta tumuju ing Ngalengka! 4. Tulisen ukara iki nganggo aksara Jawa! Negara Oman iku sawijine negara ing Jazirah Arab. 5. Tulisen perangan atur pakurmatan ing pidhato pepisahan kelas IX, yen sing rawuh ing adicara iku, Bapak utawa Ibu Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru, Bapak/Ibu Karyawan, Bapak/Ibu Wali siswa kelas IX, kanca-kancamu kelas IX, sarta adhik-adhik kelas VII lan VIII!