The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Bahasa Jawa Kelas XI Kurikulum Merdeka

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by MUHAMMAD BURHANUDIN, 2023-11-28 16:57:49

2. Bahan Ajar Sastra Piwulang

Bahasa Jawa Kelas XI Kurikulum Merdeka

Keywords: Sastra Piwulang

Bahan Ajar Sastra Piwulang Kelas XI Semester Gasal Muhammad Burhanudin, S. Pd.


Nama Sekolah : SMA Negeri 1 Paguyangan Nama Mapel : Bahasa Jawa Tahun Ajaran : 2023 / 2024 Fase / kelas : F / XI Kata Kunci : Sastra Piwulang


PIWULANGAN BASA JAWA Sugeng Pepanggihan ing ...


Capian Pembelajaran Elemen Membaca: Peserta didik mampu memahami dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari teks sastra berupa sastra piwulang (misalnya: wedhatama/ wulangreh/ wulangsunu/ wulang putri/ tripama/lainnya) untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat.


Tujuan Pembelajaran Peserta didik dapat menelaah paugeran, watak, dan amanat yang ada pada serat wedhatama pupuh pangkur dengan tepat. (C4) Peserta didik dapat menyayikan tembang macapat pangkur sesuai dengan titi larasnya. (P4) Peserta didik dapat mempresentasikan paugeran, watak, dan amanat yang terkandung dalam serat wedhatama pupuh pangkur. (P3) 1. 2. 3.


Sastra Piwulang Serat Wedhatama Pupuh Pangkur PETA KONSEP PIWULANGAN 01 02 03 04 05 06 Pangreten Sastra Piwulang Tahap 1 Gladhen Nyekar Serat Wedhatama pupuh Pangkur Tahap 3 Praktek nyekar macapat pangkur Tahap 5 Pangreten Serat Wedhatama Tahap 2 Madosi Paugeran, watak saha pitutur ing serat wedhatama pupuh pangkur (garap LKPD) Tahap 4 Presentasi pitutur luhur ing serat Wedhatama pangkur Tahap 6


Pitakenan pemantik Para peserta didik nate maos serat wedhatama boten nggih? Cobi sebutaken jinis-jinis tembang macapat ingkang peserta didik ngertosi? 1. 2.


Asesmen Diagnostik Sedaya peserta didik mangga sami nggarap asesmen diagnostik lumantar scan QR Code utawi link ing ngandhap menika :


Aktifitas Belajar Materi Faktual 1.Orientasi Peserta Didik Ing Prekawis Mangga peserta didik mirsani video menika ! 1.Video klip “Mendung tanpa udan” 2. Video nembang macapat pangkur” Para peserta didik langkung kenal video klip ingkang pundi nggih? Kados pundi caranipun ngelestantunaken tembang macapat kang ngemot pitutur luhur lan piwulang menika nggih? Pitakenan 1. 2.


2. Ngorganisasi peserta didik ing wulangan Materi Konseptual Saderengipun miwiti gladhen utawi pakaryan, langkung sae kita sinau rumiyin! Monggo dipunwaos kanthi permati andharan materi Sastra Piwulang ing Serat Wedhatama Pupuh Pangkur.


Sastra Piwulang Sastra Piwulang adalah karya sastra yang di dalamnya terkandung ajaran moral dan sikap hidup (Sudewa, 1991:3) Piwulang kabecikan; Pepeling sarta pamrayoga (supaya nindakake sing ora pantes). Piwulang yaiku samubarang kang diwulangake, pitutur, wewarah, lan ajaran (Bausastra, 2001:608). Cundhuk karo apa kang diandharake ing Kamus Pepak Basa Jawa yen piwulang yaiku pitutur, wuruk, pangajaran. Dene pitutur yaiku: 1. 2.


Serat wedhatama ditulis dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV (Raden Mas Sudira) ing dina senin paing, 8 sapar 1738/3 Maret 1811. Serat wedhatama duweni pangerten salah sawijining susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman lan kaluhuran uriping manungsa. Tembung serat wedhatama dumadi saka: Serat tulisan utawa kasusastran Wedha: kawruh utawa ajaran Tama: utama utawa apik/luhur. Wedhatama


Wonten 5 Pupuh ing Serat Wedhatama 1. Pangkur (14 Pada) 2. Sinom (18 Pada) 3. Pocung (15 Pada) 4. Gambuh (35 Pada) 5. Kinanthi (18 Pada)


Macapat yaiku geguritan kang awujud tembang, lan kalebu kategori geguritan anyar (puisi Jawa baru). Amarga anggone maca kudu dilagokake mula kaaran tembang macapat. Tembang Macapat


Mingkar mingkuring angkara, Akarana karanan mardi siwi, Sinawung resmining kidung, Sinuba sinukarta, Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung Kang tumrap neng tanah Jawa, Agama ageming aji. Meredam nafsu angkara dalam diri, Hendak berkenan mendidik putra-putri Tersirat dalam indahnya tembang, dihias penuh variasi, agar menjiwai hakekat ilmu luhur, yang berlangsung di tanah Jawa (Nusantara) agama sebagai “pakaian” kehidupan. Pada 1


Jinejer neng Wedatama Mrih tan kemba kembenganing pambudi Mangka nadyan tuwa pikun Yen tan mikani rasa, Yekti sepi asepa lir sepah samun, Samangsane pasamuan Gonyak ganyuk nglelingsemi. Disajikan dalam serat Wedhatama, agar jangan miskin pengetahuan walaupun sudah tua pikun jika tidak memahami rasa sejati (batin) niscaya kosong tiada berguna bagai ampas, percuma sia-sia, di dalam setiap pertemuan sering bertindak ceroboh memalukan Pada 2


Nggugu karsaning priyangga, Nora nganggo peparah lamun angling, Lumuh ing ngaran balilu, Uger guru aleman, Nanging janma ingkang wus waspadeng semu Sinamun ing samudana, Sesadon ingadu manis Mengikuti kemauan sendiri, Bila berkata tanpa dipertimbangkan (asal bunyi), Namun tak mau dianggap bodoh, Selalu berharap dipuji-puji (sebaliknya) Ciri orang yang sudah memahami (ilmu sejati) tak bisa ditebak berwatak rendah hati, selalu berprasangka baik. Pada 3


Si pengung nora nglegawa, Sangsayarda deniro cacariwis, Ngandhar-andhar angendhukur, Kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkanganipun, Si wasis waskitha ngalah, Ngalingi marang si pingging. (sementara) Si dungu tidak menyadari, Bualannya semakin menjadi jadi, ngelantur bicara yang tidak-tidak, Bicaranya tidak masuk akal, makin aneh tak ada jedanya. Lain halnya, Si Pandai cermat dan mengalah, Menutupi aib si bodoh. Pada 4


Mangkono ngelmu kang nyata, Sanyatane mung weh reseping ati, Bungah ingaran cubluk, Sukeng tyas yen denina, Nora kaya si punggung anggung gumrunggung Ugungan sadina dina Aja mangkono wong urip. Demikianlah ilmu yang nyata, Senyatanya memberikan ketentraman hati, Tidak merana katakan bodoh, Tetap gembira jika dihina Tidak seperti si dungu yang selalu sombong Ingin dipuji setiap hari Janganlah begitu caranya orang hidup. Pada 5


Urip sepisan rusak, Nora mulur nalare ting saluwir, Kadi ta guwa kang sirung, Sinerang ing maruta, Gumarenggeng anggereng Anggung gumrunggung, Pindha padhane si mudha, Prandene paksa kumaki Hidup sekali saja berantakan Tidak berkembang, pola pikirnya carut marut. Umpama goa gelap menyeramkan, Dihembus angin, Suaranya gemuruh menggeram, berdengung Seperti halnya watak anak muda masih pula berlagak congkak Pada 6


Kikisane mung sapala, Palayune ngendelken yayah wibi, Bangkit tur bangsaning luhur, Lha iya ingkang rama, Balik sira sarawungan bae durung Mring atining tata krama, Nggon anggon agama suci. Tujuan hidupnya begitu rendah, Maunya mengandalkan orang tuanya, Yang terpandang serta bangsawan Itu kan ayahmu ! Sedangkan kamu kenal saja belum, akan hakikatnya tata krama dalam ajaran yang suci Pada 7


Socaning jiwangganira, Jer katara lamun pocapan pasthi, Lumuh asor kudu unggul, Semengah sesongaran, Yen mangkono keno ingaran katungkul, Karem ing reh kaprawiran, Nora enak iku kaki. Tujuan hidupnya begitu rendah, Maunya mengandalkan orang tuanya, Yang terpandang serta bangsawan Itu kan ayahmu ! Sedangkan kamu kenal saja belum, akan hakikatnya tata krama dalam ajaran yang suci Pada 8


Siswa kasuwun damel kelompok. Setunggal kelompok anggotanipun 4 siswa! Saben kelompok samangke kasuwun gladhen nembang macapat pangkur kanthi titi laras kang trep kados ingkang sampun dipunsekaraken dening guru. Siswa kaliyan kelompokipun pirembagan ngenani pitutur luhur ingkang wonten ing Serat Wedhatama Pupuh Pangkur. Asiling pirembagan dipuntulis wonten ing LKPD lajeng di pundamel ing aplikasi canva supados langkung narik kawigaten nalika presentasi kelompok. 1. 2. 3. 4. 3. Membimbing Penyelidikan Kelompok


Para siswa kasuwun nyekaraken tembang macapat Pangkur lajeng ngandharaken asiling pakaryan wonten ing sangajengipun kanca kelas ! Kelompok sanes maringi pamanggih saking kelompok ingkang nyekar saha ngandharaken karyanipun! 1. 2. 4. Ngrembakaaken saha ngandharaken asiling pakaryan


Alhamdulillah... Para siswa sampun nindakaken pakaryan ngantos perangan menika kanthi lancar. Siswa kaliyan kelompokipun sampun saged nyekaraken tembang macapat Pangkur. Siswa sampun langkung mangertosi amanat lan piturur luhur ingkang wonten ing Serat Wedhatama Pupuh Pangkur. 5. Nganalisis saha ngevaluasi pamecahing prekawis


Para siswa kangge ngukur sepinten anggenipun nguwaosi materi Sastra Piwulang Serat Wedhatama Pupuh Pangkur, wangsulana post test ing jejer menika kanthi cara scan barcode. 5. Nganalisis saha ngevaluasi pamecahing prekawis Barcode Post Test


Refleksi Sasampunipun para siswa nglampahi piwulangan menika, siswa kasuwun mangsuli pitakenan gayut kaliyan refleksi wonten ing samping menika kangge piwulangan benjing. Scan link barcode ing ngandhap !


Daftar Pustaka Widaryatmo, Gandung, dkk. 2013. Pigel Basa ______Jawa kanggo SMA/SMK/MA kelas XI. ______Semarang: Erlangga. Munawaroh, dkk. 2023. Gayeng Basa Jawa Kelas ______XI. Solo: Media Karya Putra.


Click to View FlipBook Version