The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Tri Kusumawati, 2023-01-14 07:41:17

MODUL AJAR BAHASA JAWA KELAS XI

TEMBANG GAMBUH

MODUL BAHASA JAWA KELAS XI_TRI KUSUMAWATI,S.Pd MODUL AJAR MATA PELAJARAN BAHASA JAWA KELAS XI SMK NEGERI 2 TEMANGGUNG DENING : TRI KUSUMAWATI, S. PD


MODUL BAHASA JAWA KELAS XI_TRI KUSUMAWATI,S.Pd Kamus Pinter : 1. Gatra : Larik/Baris 2. Wanda : Suku Kata 3. Swara : Vokal 4. Pada : Bait TEMBANG MACAPAT GAMBUH A. APERSEPSI Tembang macapat inggih menika salah satunggaling tradisional wonten ing tlatah tanah Jawa. Tembang macapat, uga salah satunggaling kasusastran Jawa ingkang misuwur lan ngemu surasa pepeling saha pitutur luhur ingkang migunani tumrap kahuripan manungsa. Pramila, kita kedah nglestantunaken tembang macapat supados generasi salajengipun taksih saged nyinaoni tembang Macapat. Wonten ing jaman samenika, kathah kadang mudha ingkang mboten mangertosi lan mboten purun nyinaoni babagan tembang Macapat, amargi sampun mboten populer wonten ing sesrawungan kadang mudha jaman samenika. Kamangka wonten ing sajroning tembang macapat menika ngemu surasa pitutur luhur tumrap tiyang gesang supados waged gesang bebrayan kanthi sae saha waged ngibadah dhateng Gusti ingkang Maha Kuasa. Tembang Macapat menika waged dipunpanggihi wonten kasusastran-kasusastran jaman rumiyin, tuladhanipun Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, Suluk Wujil, Serat Centhini lsp. Wonten ing piwulang menika, kita bakal nynaoni babagan tembang macapat pupuh Gambuh ingkang kapethik saking Serat Wedhatama anggitanipun KGPAA Mangkunegaran IV. B. SESEREPAN 1. Wiwitaning Tembang Macapat Tembang Macapat miturut Pigeaud (1967 : 20) wiwit saking pungkasane kraton Majapahit lan tuwuhe ajaran islam dening para Walisanga. Pamanggih mau namung dingo ana ing tlatah Jawa Tengah lan Yogyakarta, amarga tembang macapat uga ana ing Bali lan Jawa Timur sadurunge tuwuh ajaran Islam. 2. Tembang Macapat Macapat yaiku salah sawijing kasusastran ana ing budaya Jawa kang awujud tembang, kamangka tembang iku wujude geguritan (puisi) dudu gancaran (prosa). Saben pada (bait) kaperang saka pirang-pirang gatra (baris), dene gatra (baris) kaperang saka pirang-pirang wanda (suku kata). Ana ing pungkasane gatra (baris) ana swara (vokal) kang tumiba ing sajrone tetembungan/cakepan (KBBI, 2004 : 1423). Miturut akronim Macapat iku kadhapuk saking tembung maca papat-papat (Sudjarwadi, 1980 : 86). Tembang macapar duweni titenan kang beda karo tembang liyane, yaiku tembang macapat duweni paugeran-paugeran tartamtu gumantung saka pupuhe (metrum), pramila paugeran paugeran mau diarani Guru Lagu, Guru Gatra, lan, Guru Wilangan. a. Guru Gatra : Cacahing gatra saben sapada. b. Guru Wilangan : Cacahing wanda saben sagatra. c. Guru Lagu : Tibaning swara ana ing pungkasane Gatra. d. Cakepan : Tetembungan utawa unen-unen ana ing sajrone tembang. e. Laras : Rasaning swara thingthingane gamelan. Ingkang kangge ngraosaken menika talingan. f. Titi laras : Wilangan kang minangka lelirune utawi gegatine wilahan gamelan kang uga ngambarake swaraning siji sijine wilahan gamelan.


MODUL BAHASA JAWA KELAS XI_TRI KUSUMAWATI,S.Pd 1) Laras slendro : laras kang nggadhahi 5 titi laras, inggih menika ji, ro, lu, nem, ma. Angka Angka Jawa Jeneng Tradisional Angka Dawa Angka Cendhak Jeneng Dawa Jeneng Harfiah 1 Siji ji panunggal kepala 2 Loro ro gulu leher 3 Telu lu dada dada 5 Lima ma lima tangan (lima jari) 6 Enam nam enam tidak diketahui 2) Laras pelog : laras kang nggadhahi 7 titi laras, inggih menika ji, ro, lu, pat, ma, nem, pi. Laras Pelog kaperang dadi 2, yaiku Pelog Barang lan Pelog Bem. Laras Pelog barang yaiku titi laras kang ora nggunakake “ji” nalika nabuh. Dene Laras Pelog Bem ora nggunakake “Pi” nalika nabuh. Nomor Angka Jawa Angka Dawa Angka Cendhak 1 siji ji 2 loro ro 3 telu lu 4 Papat Pat 5 lima Ma 6 enam nam 7 Pitu Pi g. Bawa lan buka : inggih menika tembang kang kanggo miwiti utawi murwakani gending. Dene sing diarani buka inggih menika tetabuhan gamelan kang kanggo miwiti gendhing. Ana ing nginggil wau, sampun diandharake wiwitan, teges, lan paugeran-paugera tembang macapat. Ana ing ngisor iki cacahe pupu saha jinise tembang macapat miturut sekare miturut Ras (1982: 310) ingkang dipendhet saking wikipedia.org yaiku. Metrum Gatra I II III IV V VI VII VIII IX X Tembang cilik / Sekar alit Dhandhanggula 10 10i 10a 8é 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a


MODUL BAHASA JAWA KELAS XI_TRI KUSUMAWATI,S.Pd Maskumambang 4 12i 6a 8i 8a Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i Asmarandana 7 8i 8i 8é 8a 7a 8u 8a Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i Mijil 6 10i 6o 10é 10i 6i 6u Pocung 4 12u 6a 8i 12a Tembang tengahan / Sekar madya Jurudhemung 7 8a 8u 8u 8a 8u 8a 8u Wirangrong 6 8i 8o 10u 6i 7a 8a Balabak 6 12a 3é 12a 3é 12u 3é Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o Tembang gedhé / Sekar ageng Girisa 8 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a 3. Filosofi Tembang Macapat Tembang macapat kang dadi salah satunggling kabudayan Jawa kang duweni nilai kearifan lokal saha pitutur luhur uga duweni nilai filosofi kang sae. Tembang Macapat menika ngandharaken filosofi kauripan saking manugsa dereng lahir dumugi seda. Sinaosa filosofi tembang macapat iku sae, ananging ora ana dasar ingkang pesthi babagan filosofi tembang mau. Pramila, ana ing ngandap menika filosofi tembang macapat miturut para sesepuh. No Tembang Filosofi 1 Maskumambang Tembung “Maskumambang” kadhapuk saka tembung “Mas” lan “Kumambang”. Tembung “Mas” saking tembung “Emas”, “Emas” duweni teges perkara kang direksa utawi dijaga kahanane. Lajeng tembung “kumambang” saka tembung “mambang”, tembung “mambang” duweni teges perkara kang durung jelas, tembung Maskumambang inggih menika perkara kang durung jelas kahanane ananging sampun direksa utawi dijaga. Kahanan iki nggambarake nalika uwong ana ing kandungan, nalika ana ing kandungan durung ketok kahanane ananging direksa utawi dijaga kawontenane. 2 Mijil Tembung “Mijil” ana ing basa Jawa duweni teges “lahir”. Ana ing kahanan iki mertandakake nalika manungsa iku lahir.


MODUL BAHASA JAWA KELAS XI_TRI KUSUMAWATI,S.Pd 3 Sinom Tembung “Sinom” kadhapuk saka tembung “isih enom”. Tegese tembang sinom iku nggambarake kahanan manungsa nalika isih enom sadurunge akil baligh, durung ana dosa, lan isih polos. 4 Kinanthi Sasampunipun manungsa akil baligh, manungsa mboten langsung dewasa, ananging wonten wekdal nalika manungsa butuh pituduh utawi wejangan saderenge dewasa. Tembang kinanthi iku nggambarake mangunsa kang lagi madosi jati diri. Kinanti saka tembung “diwantiwanti”. 5 Asmarandana Wonten satunggaling manungsa ngrasakake kasmaran. Gandrung marang wong, lajeng milih sinten ingkang dipilih dados garwa. Tembung Asmarandana saka tembung “Asmara” utawi nggambarake manungsa kang lagi kasmaran. 6 Gambuh Menawi sampun kasmaran, wong kang ditresnani sampun krasa jumbuh lajeng nglampahi krama. Tembung “gambuh” menika saking tembung “jumbuh” ingkang tegese cocok lan nggambarake wong nalika wong krama. 7 Dhandhanggula Nalika sampun krama iku wektu seneng-senenge wong urip. Manten anyar, urip anyar, lan duwe anak cilik. Dhandhanggula iku nggambarake wong kang lagi seneng-senenge, legi kaya dene gula. 8 Durma Nalika sampun gadhah putra/putri ageng, wong tua lagi kathah-kathahe butuh biaya. Biasane uga mbarengi kalian tiang sepuh kang sampun mboten saged makarya. Pramila kudu biayani anak lan tiang sepuh. Tembang durma iku nggambarake nalika wong lagi “derma” utawi menehi marang wong liya. 9 Pangkur Pangkur nggambarake wong kang wis tua. Tembung “pangkur” saka tembung “mungkur”, mungkur saka perkara-perkara kang awon. 10 Megatruh Megatruh iku saka tembung “megat” lan “ruh”. Megat dhewe saka tembung pegat kang tegese pisah, “ruh” tegese nyawa. Dadine megatruh iku tegese pegat karo nyawa utawi pisah antarane jiwa lan raga. Tembang megatruh iku tegese wong kang mati/sakaratul maut. 11 Pocung Pocung saka tembung pocong. Tembang Pocung nggambarake wong kang dipocong utawi arep dikubur. 4. Tembang Gambuh Miturut filosofine, tembang gambuh yaiku tembang kang kaping 6 kang nggambarake nalika tiyang iku karma utawa mantenan. Watake tembang Gambuh iku supeketing kakulawargan / akrab, sumadulur. Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, lan kekarepan. Miturut maknane, tembung Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang


MODUL BAHASA JAWA KELAS XI_TRI KUSUMAWATI,S.Pd ngancik diwasa utawa pribadi kang sansaya diwasa, mula bisa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kulawarga lan masyarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah bisa njumbuhake panguripane lan seneng maringi pitutur marang putra wayah, patrap lan pangucap bisa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora abot sisih. Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan prakara ing sajroning kulawarga kang saya abot lan maneka warna. Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Pada 1 Laras Pelog Nem 2 3 5 5 5 3 5 6 Pi- -tu -tur be -ner i -ku 6 5 3 2 2 3 5 5 3 5 6 Sa- -yek -ti -ne a -pan -tes ti -ni -ru 2 1 6 1 2 2 2 2 2 3 1 6. 5. Na- -dyan me -tu sa -king wong su -dra pe -pe -ki 1 2 2 2 3 1 2 3 La -mun be -cik wu -ruk -i -pun 3 5 6 5 3 2 3 1 2 I -ku pan -tes si -ra ang -go 5. Cakepan Sanes Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Ana ing ngisor iki cakepan sanes kang sinerat ana ing Serat Wedhatama pupuh Gambuh anggitane KGPAA Mangkunegara IV. Pada Cakepan Pada 1 Samengko ingsun tutur Sembah catur supaya lumuntur Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa kaki Ing kono lamun tinemu Tandha nugrahaning Manon Pada 2 Sembah raga punika Pakartine wong amagang laku Susucine asarana saking warih Kang wus lumrah limang wektu


MODUL BAHASA JAWA KELAS XI_TRI KUSUMAWATI,S.Pd Wantu wataking weweton Pada 3 Inguni uni durung Sinarawung wulang kang sinerung Lagi iki bangsa kas ngetokken anggit Mintokken kawignyanipun Sarengate elok elok Pada 4 Thithik kaya santri Dul Gajeg kaya santri brai kidul Saurute Pacitan pinggir pasisir Ewon wong kang padha nggugu Anggere padha nyalemong Pada 5 Kasusu arsa weruh Cahyaning Hyang kinira yen karuh Ngarep arep urub arsa den kurebi Tan wruh kang mangkono iku Akale kaliru enggon Pada 6 Yen ta jaman rumuhun Tata titi tumrah tumaruntun Bangsa srengat tan winor lan laku batin Dadi nora gawe bingung Kang padha nembah Hyang Manon Pada 7 Lire sarengat iku Kena uga ingaran laku Dhingin ajeg kapindone ataberi Pakolehe putraningsun Nyenyeger badan mrih kaot 6. Serat Wedhatama Serat Wedhatama asalipun saking basa Sansekerta kang tegese “Wedha” yaiku “ngilmu”, lan “Utama” kang “tegese perkara kang apik” (Mardiwarsito, 1978: 168), Serat Wedhatama yaiku serat kang isine pitutur/ilmu supaya nindakake perkara kang becik. Serat Wedhatama dipunanggit dening KGPAA Mangkunegara IV nalika tahun 1905 sasampunipun mlebet ajaran islam ing tlatah Jawa, saengga Serat Wedhatama kalebu jinis Sastra Jawa Baru. Serat Wedhatama kaperang dadi 5 pupuh, yaiku Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, Kinanthi. 7. Ringkesan Serat Wedhatama a. Serat Wedhatama ngajarake supaya sakabehe tindak tanduk becike mung walaka / apa anane wae, menehi pangapura marang kaluputaning liyan (den ngaksama kasisipaning sesami), ngedohi tindak nistha lan angkara murka (sumimpanga ing laku duri).


MODUL BAHASA JAWA KELAS XI_TRI KUSUMAWATI,S.Pd b. Serat Wedhatama ngajarake supaya nindakake pitutur-pitutur ing tembang iki, manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene. Semono uga kudu sabar, tawakal, ikhlas, lila, lan narima ing pandum, kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang pungkasaning urip iki. c. Saliyane iku ing kene uga diajarake lamun nalika guneman iku kudu nganggo aturan, aja waton guneman nanging guneman nganggo waton, sanajan kang guneman iku wis tuwa yuswane, supaya tansah kajen ing sangarape pawongan liya (nanging ta paksa tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantarane ring utami, sing sapa temen tinemu, nugraha geming kaprabon). d. Serat Wedhatama ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Saking kepengine ngajak manungsa ora nalisir saka garising Gusti, diajarake manembah mring Gusti kang kondhang sembah catur yaiku sembah raga, cipta, jiwa, lan rasa. (agama ageming aji). e. Sembah raga yaiku manembah mring Gusti kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata. Pakulinan nindakake samubarang tindak ing ngalam bebrayan iki kang sesambungan karo bebrayan agung. f. Sembah cipta (kalbu) yaiku ngresiki batin kanthi waspada lane ling. Bab iki bisa kaleksanan lamun ngulinakake tansah syukur mring Gusti Kang Maha Agung kanthi njaga raga, rasa, lan batin supaya adoh saka batin culika lan nistha. g. Sembah rasa iku bisa dirasake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh marang kekuwasaane Gusti Kang Akarya Jagad.


Click to View FlipBook Version