The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

MATERI PARIWARA (IKLAN)

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Tri Kusumawati, 2023-02-21 00:01:25

PARIWARA/IKLAN

MATERI PARIWARA (IKLAN)

PARIWARA (IKLAN) ` APERSEPSI Wonten ing piwulang menika kita badhe nggladhi babagan pariwara (iklan). Mboten wonten tiyang sadean mastani bilih daganganipun menika mboten sae. Sedaya bakul pesthi sanjang bilih daganganipun menika paling sae, ancasipun supados daganganipun laris lan pajeng. Pramila tiyang menika kedah mangertosi babagan pariwara. Nyinaoni babagan pariwara menika nggadhahi teges nyinaoni supados menapa ingkang kita andharaken menika dipunpercya kalian tiyang sanes, sahingga tiyang sanes menika kersa nindakaken menapa ingkang kita andhaaraken. Sawijining strategi supados nalika sadean waged laris, inggih menika kados pundi kita waged masaraken lan maringi pangertosan babagan kaluwihan-kaluwihan dagangan kita dhateng para konsumen. Kangge mangertosi babaga pariwara, sumangga kita nyinapni babagan pariwara. SESEREPAN 1. Pangertene Pariwara (Iklan) Pariwara utawa iklan asale saka bahasa Yunani sing kurang luwih tegese nggiring uwong ana ing panemu. Miturut Durianto pariwara ateges pesen kang ancase kanggo mbujuki wong kanggo tumindak kaya sing dikarepake panggawe pariwara. Lan miturut Kriyantono pariwara ateges pesen kang ngajak wong kanggo tuku barang sing ditawakake. Saka pamanggih loro mau bisa disimpulake pariwara/iklan yaiku sawijining pesen babagan barang/jasa (produk) kang digawe dening prodesen kang diandharake lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung. 2. Maneka Warna Pariwara (Iklan) Pariwara utawa iklan nduweni jenis kang maneka warna yaiku a. Pariwara miturut sifate kaperang dadi 1) Pariwara kang digawe kanggo pariwara kang nawaake produk / barang (iklan niaga/ komesil) Tuladhane : pariwara permen, pariwara obat, pariwara buku lsp 2) Pariwara kang digawe kanggo ngajak wong supaya melu nyengkuyung babagan kang diandarake (iklan nonniaga/ non komersil) b. Pariwara miturut ancase (tujuan) kaperang dadi 1) Pariwara kang ancase kanggo wara-wara (iklan pengumuman) Tuladhane wara-wara kerja bakti, wara-wara pindah alamat lsp 2) Pariwara kang ancase kanggo ngundang-undang (iklan undangan) Tuladhane : undangan reuni, undangan rapat OSIS lsp 3) Pariwara kang ancase kanggo keluarga (iklan keluarga) Tuladhane : lelayon lsp 4) Pariwara kang ancase kanggo nawakake barang utawa jasa (iklan penawaran) Tuladhane: pariwara omah, pariwara sabun, pariwara sandal lsp 5) Pariwara kang ancase kanggo nggoleki barang utawa jasa (iklan permintaan) Tuladhane: lowongan buruh pabrik lsp 6) Pariwara kang ancase kanggo nglarang tumindak (iklan larangan/ peringatan) Tuladhane: larangan kanggo adol barang palsu, larangan ngrokok, larangan ramen lsp c. Pariwara miturut media lumantare kaperang dadi 1) Audio : Pariwara kang mediane namung bisa dirungokake. Tuladha : Radio, Pengumuman ana ing mushola/mesjid lsp. 2) Visual : Pariwara kang mediane namung bisa disawang. Tuladha : Baliho, Poster, Leflet, Spanduk lsp. 3) Audio Visual : Pariwara kang bisa disawang lan dirungokake. Tuladha : Youtube, Tv, Lcd Screen lsp.


d. Pariwara miturut bidang isi pariwara kaperang dadi: 1) Pariwara bidang Politik 2) Pariwara bidang Pendidikan 3) Pariwara bidang Kesehatan 4) Pariwara bidang kecantikan dan perawatan tubuh 5) Pariwara bidang Pariwisata 6) Pariwara bidang hiburan 7) Pariwara bidang Olah Raga 8) Pariwara bidang Hukum 9) Pariwara bidang Lowongan Pekerjaan / Recruitment 10) Pariwara bidang Makanan dan Minuman 11) Pariwara bidang Otomotif 12) Pariwara bidang lingkungan Hidup 13) Pariwara bidang Media 3. Unsur-unsure pariwara a. Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake b. Alamat produsen utawa sing gawe pariwara c. Kahanane barang/ jasa kang ditawakake lsp 4. Gunane Pariwara Pariwara digawe kanggo : a. Menehi informasi utawa menehi pangerten kanggo wong akeh b. Pangajak-ajak marang wong akeh c. Ngelingake sawijining perkara marang wong akeh 5. Carane Gawe Pariwara Gawe pariwara ora angel, ananging ana babagan kang kudu digatekake. Babagan kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku: a. Isi ringkes. b. Ora gawe rugi masyarakat. c. Bisa ngunggah krentege kepengin ngerti d. Ukara cekak lan aos (jelas dan singkat) e. Basa kang digunakake kudu dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif) f. Tulisan lan gambare narik kawigaten 6. Basa Iklan Basa kang digunakake ana ing pariwara mesthi wae beda karo basa kang digunakane ana ing padinan. Basa kang digunakake kudu luwih narik kawigatosane wong akeh. Mula kanggo narik kawigatosane wong akeh kadang pariwara kudu digawe migunakake ukara-ukara kang puitis, ukara-ukara kang ngemu majas. Kejaba rong perkara mau kanggo nggawe ukara oklan supaya luwih narik kawigatosane wong akeh uga perlu nggatekake saperangan babagan yaiku: a. Mangerteni sapa sing dadi sasaran pariwara lan mangerteni kebutuhane b. Mangerteni barang utawa jasa kang arep di pariwarakake c. Sanadyan ngalem barang utawa jasa kang di pariwarakake ananging pariwara ora kena ngapusi, objektif, lan jelas. d. Narika kawigatene wong akeh supaya seneng marang barang utawa jasa sing ditawakake


TULADHA PARIWARA Tuladha pariwara kang awujud iklan radhio TELPON : 081931931661 MANGGA MIRENGAKEN ADICARA • CANTRIK GANDEM MAREM (GENDHING+CAMPURSARI) 12.00 – 14.00 WIB • GENDHEWA (GENDHING+CAMPURSARI) 20.00 – 22.00 WIB • GEMPLO/GENDHING MANIS PAS LONGGAR (GENDHING+CAMPURSARI) 13.00 – 15.00 WIB (MINGGU) • PITONAN (MACAPATAN) 20.00 – 22.00 WIB • GARA-GARA (BERITA JAWA) SABEN JAM • STUDIO : LASEM RADIO LASEM FM, MAKIN BERBUDAYA Tuladha pariwara kang awujud brosur kampanye PARA SEDULUR AJA LALI, SESUK TANGGAL 20 APRIL COBLOSEN GAMBARKU YEN KEPINGIN MAKMUR PILIHEN GAMBAR JAGUNG NOMER “PAT BELAS” GAMBAR JAGUNG NO. 14 AJA KLALEN YA!!! Tuladha pariwara kang awujud pamphlet NONTON BARENG KANGGO NGREGENGAKE EURO 2012 ANGKRINGAN KOPI RANDU DONGKAL NGANAKAKE NONTON BARENG SEMIFINAL & FINAL EURO 2012 KANG DIANAKAKE DINA SETU LAN MINGGU 30 JUNI – 1 JULI 2012 WIWIT JAM 23.00 WIB ORA MUNG NONTON BARENG, NANGING ANA HADIAH-HADIAH KANG WIS DISIAPAKE KANGGO SAPABAE KANG BEGJA. MULA AJA KELALEN ATI SENENG OLEH HADIAH,WAAAHHH… SIP LAH!!!


Tuladha pariwara kang awujud sayembara TONTONEN WAYANG WONG ING NGESTI PANDHAWA ING TANGGAL IKI 12 MEI 2012 ING TAMAN RADEN SALEH KANTHI LAKON “WAHYU MAKUTHA RAMA” “BATANGEN SAPA KANG NAMPA WAHYU MAKUTHA RAMA?”


Click to View FlipBook Version