The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Bahan Ajar Geguritan kaangge siswa SMP kelas 7

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by NAJUNDA CITRA DEWI, 2024-06-11 09:00:37

Bahan Ajar Geguritan

Bahan Ajar Geguritan kaangge siswa SMP kelas 7

Pandom Pangenggening Modul 1.Donga saderenge maos saha sasampunipun maos supados ngelmunipun barokah 2. Para siswa nggatosaken nalika Guru ngandharaken materi wonten kelas. 3. Para siswa maos materi pasionaonan ingkang sampun dipunsamektakaken wonten modul menika gumatung kaliyan ancasing pasionaonan ingkang sampun dipunadharaken dening Guru. 4. Para siswa nindhakaken pasinaonan miturut dhawuhipun Guru 5. Bilih wonten materi ingkang dereng paham, para siswa saged nyuwun pirsa dhateng Guru utawi kaliyan tiyang sepuh.


Bahan Ajar Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi Pokok : Geguritan Kelas/Fase : VII/D Semester : Genap A. Capaian Pembelajaran Memirsa Peserta didik memahami informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai jenis teks misalnya teks deskripsi, narasi, puisi, eksplanasi dan eksposisi dari teks visual dan audiovisual untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat; Peserta didik menginterpretasikan informasi untuk mengungkapkan simpati, kepedulian, empati atau pendapat pro dan kontra dari teks visual dan audiovisual; Peserta didik mampu mengeksplorasi dan mengevaluasi berbagai topik aktual yang dibaca dan dipirsa yaitu geguritan berbahasa Jawa. B. Ancasing Pasinaon Setelah menyimak materi teks Geguritan berbahasa Jawa peserta didik diharapkan mampu untuk: Menganalisis kata kata sukar yang terdapat dalam teks geguritan berbahasa jawa dengan cermat. Menafsirkan ajaran moral dan nilai budi pekerti dalam teks geguritan dengan tepat. C. Materi Pasinaon FAKTUAl (fenomena tentang geguritan yang ada pada jaman sekarang sudah cukup asing bagi para generasi muda terutama karya geguritan yang mulai ditinggalkan karena dianggap kuno dan membosankan) 1. KONSEPTUAL ( Pengertian, Struktur batin dan fisik serta Isi dari teks geuritan Jawa modern dan klasik) 2. 3.PROSEDURAL ( Tata cara membaca teks geguritan terutama gagrag anyar) 4.METAKOGNITIF (Pesan moral yang terkandung dalam teks geguritan berbahassa Jawa)


D. Wosing Pasinaon Apresepsi Geguritan aabasa Jawi inggih menika salah satunggaling karyaa sastra Jawi ingkang awujud gancaran ingkang sinerat mawi basa Jawi., ing jaman saiki geguritan uga bisa diarani puisi Jawa modern. Jaman saiki akeh kang ora tepang utawa kenal karo geguritan, mliginipun para lare anem. Kamangka ing sajroning geguritan ora namung ngemot basa kang endas lan susastra, ananging ugi ngemot utawa ngandhut saperangan pesan moral kang sae tumprap gesanging manungsa. Geguritan ugi bisa dadi sarana panglipur, kanggo ngudharing ruweting pikir, saha minangka salah satunggaling cara nglesatarikake kabudayan Jawi. Sajroning geguritan uga bisa sinau bab kasusastran Jawi, amargi ing sajroning geguritan asring kapanggihake purwakanthi, bebasan, paribasan, lan saloka. Mula anggone maca utawa nganggit geguritan uga bisa dadi sarana olah pikir. Jaman saiki akeh para mudha utawa tiyang anem kang lali utawa malah isin karo kabudayane dhewe. Tuladhani geguritan, lare ing jaman samenika rumangsa angel lan abot anggone nganggit utawa gawe geeguritan. Kamangga gawe geguritan ora winates paugran paugeran tartamtu mliginipun geguritan gagrag anyar. Saengga anggone gawe ora perlu nggatekakake dong ding, saha gatra. Kejaba bilih arep nyerat utawa nulis geguritan gagrag lawas, ing geguritan jinis iki kudu ngatekake saperangan paugeran tartamtu. Pramila sinau geguritan kuwi wigati sanget, ora namung kangge nglestarikake kabudayan, ananging ugi saged kangge olah pikir lan oralh rasa dhateng para siswa.


Fase 1 Identifikasi Masalah Materi Faktual A. Geguritan ing Jaman Samenika Menapa generasi mudha mangertos menapa niku geguritan? Menapa generasi mudha saged nyerat geguritan kanthi sae? Kenging menapa pusisi abasa Indoneisa langkung dipunremeni tinimbang geguritan mawi basa Jawi? B. Tuladha Tiyang Maos Geguritan ingkang Dipunpentasaken wonten YouTube Wonten ing jaman samenika generasi mudha kathah ingkang boten tepang kaliyan gegritan gagrag anayar menapa malih gagrag lawas. Geguritan menika langkung sisah dipunpanggihi ing media sosial tinimbang puisi abasa Indonesia. Kamangka kathah sanget piwulang moral ingkang saged dipuntuladhani saking geguritan menika. https://www.youtube.com/watc h?v=0yc8iUcjUCU Pementasan lomba maos geguritan tingkat umum dening Dinas Kabudayan Kota Yogyakarta Lomba menika mingka salah satunggaling upaya kanggo nglestarikake geguritan mliginipun ing kalangan mudha. Menapa generasi mudha saged maos geguritan kanthi sae? Menapa generasi mudha mangertos wonten pinten jinisipun geguritan?


Fase 2 Mengorganisasikan Peserta Didik Materi Konseptual A. Pangertosan Geguritan Geguritan yaiku golongane sastra edi (puisi) gagrag anyar, wedharing rasa edi, kelair basa kang laras runtut karo edining rasa, nanging ora usah kecancang ing patokan-patokan, wilangan dhong-dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipating tembang macapat lan sapanunggalane (Hadiwijaya, 1976:61). Tegese geguritan yaiku salah satunggaling wujud karya sastra Jawa ingkang awujud prosa (gancaran) utawi puisi gagrag anyar mawi basa Jawi ingkang ngandharake rassa patin panganganggit utawa penulis mawi basa kang prasaja utawa sederhana laras karo kahahan kang dirasakake, tanpa ngatekake paugeran utawi pedoman tartamtu kados ta tembang macapat. Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket paugeran utawa aturan kadas ta tembang macapat. Geguritan asale saka tembung “gurit”, kang duwe teges “kidung” utawa “tulisan”. Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kaiket ing aturan kaya déné tembang. Geguritan bisa karipta amarga angen-angen utawa inspirasi saka penulis utawa panganggit. Geguritan minangka karya kang sipate pribadi, mula panganggit geguritan siji lan sijine béda-béda. Angen-angen kang ana sajeroning pikirane panganggit banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepakee panganggit. Kanthi mangkono, geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa, seselan, bebasan, paribasan, saloka lan liya-liyané. B. Jinising Geguritan Jinising geguritan kuwi kaprenga dadi loro (2), yaiku geguritan gagrag lawas (tradhiional) saha geguritan gagrag anyar (modern). Wondene andrane kaya ing ngisor iki. 1.Geguritan Gagrag Lawas (Tradisional) Geguritan gagrag lawas utawa tradisional yaiku geguritan kang isih kaiket dening paugeranpaugeran tartamtu, kayata guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Titikane geguritan gagrag lawas yaiku: Cacahing baris/gatra ora gumathok, ananging lumrahe dumadi saka patang (4) baris/gatra. Cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra/baris siji lan sijine ajeg utawa padha. Nggunakake purwakanthi guru swara/dhong dhing kang runtut. Sangarepe geguritan diwenehi pambuka “Sun Gegurit” utawa “Sun Anggurit”. Sanajan anggone ngarang geguritan akeh nanging pambukane namung ana siji, yaiku ana ing ngarep dhewe. Lumrahe ngandhut piwulang, utawa isine ngandhut piwulang utawa pitutur.


Tuladhane yaiku Sun Gegurit I Kahnan jaman saiki Sipat ppemudha pemudhi Srawunge saya ndadi Raket wewekane sepi Tan kadi duk jaman nguni Srawung sarwa ngati-ati II Yen manut wasitaning kuna Priya srawung lan wanita Gampang ketaman pagodha Nerak ing laku susila Tema darbe jeneng ala Wasanane tibeng papa 2. Geguritan Gagrag Anyar (Modern) Geguritan gagrag anyar utawa modern yaiku geguritan kang ora kaiket marang paugeranpaugeran tartamtu. Titikane geguritan gagrag anyar yaiku. Migunakake basa kang endah ora basa padintenan, bisa migunakakae basa kawi kang duwe teges padha. Ora kudu nggatekake purwakanthi, pungkasani gatra mardika jumbuh kaliyan panganggit. Isine menthes, ora ngambra-ambra, umpamane piwulang sosial, budaya, katresnan, lan sapanunggalane. Tuladhane yaiku Ngopeni Dening Agusta Putra Winanda Kebo akeh pikirane Sungu loro ngabote utege Pedhet ndedhet uripe Pait banget nasibe Kecemplung rasa bingung Kabegal perkara utang Kebacut klebus Pecah remuk ing pikire (Antologi geguritan Lintang Biru, 2008:1)


C. Struktur Geguritan Struktur geguritan kuwi kaperang dadi loro (2) yaiku struktur fisik lan struktur batin. Dene andharne kaya ing ngisor iki. 1.Struktur Fisik Struktur fisik yaiku struktur kang ketok utawa bisa diamati ing susunan utawa rerencening tembung sajrone geguritan. Struktur fisik kaperang dadi papat (4) yaiku diksi, tipografi, purwakanthi, lan lelewaning basa. Andharanipun kaya ing ngisor iki. Diksi utawi pamiling tembung kang dinggo nalika nyerat geguritan. Tipografi yaiku tataning tetembungan, larik utawa gatra, lan pada utawa bait kang ngaslikae wujude geguritan. Purwakanthi yaiku tibaning swara ing wiwitaning tembung. Purwakanthi kaperang dadi telu (3) yaiku purwakanthi swara, sastra, lan lumaksita. a. Purwakanthi guru swara yaiku runtuting swara vokal a,i,u,e,o ing saben wanda (suku kata). Tuladhane: Ayem tentrem b. Purwakanti guru sastra yaiku hruf kang padha ing saben wiwitaning wanda (suku kata) Tulandha: Tata titi tentrem c. Purwakanthi lumaksita yaiku pengulangan wanda/suku kata ing sagatra (satu bait). Tuladha: Asung bekti, bektine kawula marang gusti Lelewaning basa yaiku majas utawa gaya bahasa kang digunakake ing sajroning geguritan. 2. Struktur Batin Strukktur batin yaiku unsur pandhapuking uatawa unsur pembangun geguritan kang ora bisa diamati langsung. Unsur batin iku kaprengan dadi lima (5) yaiku tema, amanat, latar, perassaan utawa rasa batine panganggit, lan patrape penulis. Tema utawa bakuning geguritan, yaiku masalah kang dhasari pandapukin geguritan. Amanat utawa piwulang budi pakarti kang arep diandarake dening penulis. Latar yaiku swasana batin wektu maca geguritan. Perasaan utawa pangrasane penulis/penganggit yaiku tetembungan kang dipilih kanggo nedahake utawa ngetokake rasa pangras. Patrape penulis bisa awujud pamuji, panyarue (pertanyaan), raos sukor, bingah utawa seneng, sedhih, lan sapanunggalane.


Geguritan yaiku salah sawijining susastra sederhana kanggo ngungkapake perasaan. Geguritan abentuk saka gatra-gatra lan bait. Ing ngisor iki langkah-langkah gampang nggawe geguritan. 1. Nentukake Tema Ide isa teka sawayah-wayah. Nentukakae ide bisa ana ing ngendi wae panggonane. Informasi lan pengalaman kudu bisa dikuatake supaya bisa dadi tema kang becik. 2. Ngubah Ide/ Tema dadi Geguritan Sawise ide ketemu, ide mau kudu diolah lan dihayati. Umpana arep nggawe geguritan "Ibu", awake dhewe kudu bisa ngrasakake apa kang dirasake lan dikarepake ibu. Banjur, susun tembung-tembung supaya dadi geguritan kang edi lan enak diwaca. 3. Gaya Basa/ Majas Nggawe geguritan mesti ora ninggalake majas. Majas kang digunakake bisa macam-macam ananging kang kerep yaiku majas personifikasi lan hiperbola. a. Personifikasi Tuladha: "Bagaskara wis ngancik ing gegana" b. Hiperbola Tuladha: "Hawa adem njengkut dadi anget" 4. Bait, Rima, lan Irama Ana ing geguritan modern, bait, rima, lan irama ora pati digatekake. Ananging, luwih becik menawa bait, rima, lan irama bisa digatekake supaya geguritan kang digawe enak diwaca. 5. Dasanama, purwakanthi, lsp Lumrahe, ana ing geguritan, supaya nambah endahing isi, tembung-tembung kang dianggo migunakake dasanama, purwakanthi, lan kawruh basa liyane. Fase 3 Membimbing Penyelidikan Materi Prosedural B. Paugeran Maca Geguritan Bab kang kudu digatekake menawa maca geguritan supaya anggone maca bisa pas, trep sarta mantep kepenak dirungokake lan disawang karingkes kanthi sebutan 4 W yaiku: 1. Wicara Wicara iku pocapan ana ing pamacane geguritan, pangucape kudu cetha, pener, jelas, ora blero, ora bindheng, ora groyok, ora pelo. Pangucape aksara swara kudu bener lan trep. Swara o lan a kudu diwaca kanthi bener, kayata: loro, lara, coro, cara, soto, sata. Swara e lan è anggone maca kudu kanthi bener, kayata: leren, lerem, sela, sèla, kèmpol, kemben, geger, gégèr, Pangucape d lan dh uga kudu cetha, kayata: dadi, dhadha, wedi, wedhi, pada, padha, wudun, wudhu. Pangucape t lan th uga kudu bener kayata: asta, astha, getih, githok. A. Tata Cara Nulis Geguritan


4. Wiraga Wiraga yaiku patrap/ sikap, obahing awak, pasemon(rai), ekpresi. Anggone maca geguritan kudu nggatekake obah mosike awak, pasemon kang pas, esem lan guyu lan kang nggambarake isine geguritan. Wiraga iku wigati ana pamacane geguritan kasebut. Obahing awak kang laras karo isine geguritan bisa saya resep isine geguritan kasebut. 3. Wirasa Wirasa yaiku ngrasakake sajroning ati isine geguritan supaya anggone maca iku bisa kanthi trep lan bener. Ana kang nelakake susah, nelangsa, semangat, seneng, pitutur. Sadurunge maca geguritan kudu dimangerteni dhisik isine geguritan supaya anggone ngrasakake isine geguritan bisa trep lan anggone maca bisa kanthi bener. 2. Wirama Wirama utawa irama yaiku munggah mudhune swara, alon lan bantere swara ana ing pamacane geguritan. Anggone maca geguritan kudu dilarasake karo isine geguritan supaya wiramane bisa pas, kapan maca banter, kapan maca alon, tembung endi diwaca sero, tembung endi diwaca rindhik. C. Tuladha Maca Geguritan Anggone maca geguritan supaya bisa apik lan sae temtu kudu ngatekakae 4W, yaiku Wicara, Wirama, Wirasa, saha Wiraga. Ing ngisor iki tuladha maos gegurita kang sae. https://www.youtube.com/watch?v=ZZvF0o1eXXs


Fase 4 Mengembanngkan dan Menyajikan Hasil Karya Materi Metakognitif A. Paedah (manfaat) Sinau Geguritan Sinau geguritan temtu duwe paedah utawa manfaat. Manfaat sinau geguritan antarane yaiku: Minangka sarana panglipur Minangka Media pasinaon Minangka hiburan Kanggoo ngasah pikir Minangka sarana kanggo sinau Kangge nglestarikake kabudayan. B. Piwulang Geguritan Sejatine geguritan kuwi ngandhut wos utawa isi arupa piwulang ingkang diandharake kanthi maneka warni. Ing jaman rumiyin geguritan digunakake dening para warga masyarakat minangka wujud protes dhateng para raja. Ananging ing jaman samenika, geguritan uwis ewah dadi sarana kanggo ngandharaken maneka warna makna saha ancas kang sipatipe becik. Pramila ing sajroning geguritan kuwi akeh piwulang moral kang iso dipunpendhet lajeng dipuntuladhani dening manungsa. Tuladha piwulang moral ingkang saged dipunpendhet saking geguritan inggih menika: Tema alam, piwulangipun supados saged njagi kaendahan alam. Tema religi, piwulangipun supados taat anggenipun ngibadah saha tumindak ingkang becik jumbuh kaliyan kapitadosanipun. Tema pendidikan, piwulangipun supados para siswa langkung sregep saha semangat anggenipun sinau kangge nggayuh cita-cita. Tema kulawarga, piwulangipun supados bekti saha ngurmati tiyang sepuh. Tema politik, ancasipun kangge paring panyaruwe tumrap paugeran-paugeran ingkang dipundamel dening pamarentah. Saha sanes-sanesipun.


Fase 5 Menganalisis dan Mengevauasi A. Analisis Isinig Geguritan Sumangga para siswa sasampunipun maos utawa maca materi ing dhuuwr saiki wektune kanggo gladhen! Cobi geguritan ing ngdandhap menika dipunpriksani kanthi estu, lajeng pitakenan wonten ing ngandhping geguritan sumangga dipunjawab kanthi temen! Pados Ilmu dening : Elsha D. putri Lintang kang gumebyar, Ijoning alas, Agunge bagaskara, Kuwi kabeh bisa dadi sangu, Sangu anggonku sinau, Sangu anggonku mbangun bangsa Aku ora bakal lena anggonku sinau Aku kudu bisa nggopek langit mula aku tekad, Golek ilmu tekan negari cina Bapak Ki Hajar Dewantara, Aku putra bangsa, Aku ora bakal lena anggonku sinau Kayata perjuanganmu Merga aku ngerti, aku kudu bisa mbangun bangsa Bangsa kang perlu para putra kang pinter, Supaya ora gumantung marang wong manca (Kapethik saking antologi geguritan “Lintang Biru” 2008:21)


1.Saking geguritan ing nginggil cobi tembung tembung ing ngandhap menika dipunpadosi tegesipun kanthi bener! Bagaskaara = Lena = Lintang = Gumantung = 2. Sasampunipun negesi tetembungan geguritan ing nginggil, cobi dipunandharaken bilih geguritan ing nginggil nyariosaken menapa? Wangsulan: 3. Piwulang menapa ingkang saged dipuntuladhani saha dipuntrepaken miturut geguritan ing nginggil? Cobi dipunandharaken! Wangsulan:


Balai Bahasa Yogyakarta. 2008. Lintang Biru Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2008. Yogyakarta: Balai Bahasa Yogyakarta Dra Sartini, As dkk. 2023. Handayani Basa Jawa Kelas 7. Yogyakarta: Radhita Buana. Hadiwidjana, R.D.S. 1967. Tata Sastra. Yogayakarta: Percetakan RI. Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij. Windarti, S.Pd dkk. 2020. Gladhi Basa Jawa Kangge SMP & MTS Kelas VII. Yogyakarta: Radhita Buana Kapustakan


Click to View FlipBook Version