The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by mirawinda0, 2023-11-16 20:01:05

PPT Pawarta

PPT Pawarta

PAWARTA


Ing sadina-dina kita asring nemoni pawarta utawa warta. Warta yaiku kabar/katrangan ngenani sawijining prastawa kang dikandhakake kanggo dingerteni wong liya utawa wong akeh. Warta iku penting ing urip bebrayan amarga anane warta bisa dadi informasi ing endi wae lan pepeling marang manungsa supaya waspada, contone warta ngenani akehe maling lan wong culika ing jaman saiki.


Warta bisa kagiyarake kanthi wujud : 1. Lisan yaiku pawarta kang diwartakake lumantar swara kayata lumantar giyaran TV, radhio, lan saka gunemane wong siji marang liyane. 2. Tulisan yaiku pawarta kang diwartakake lumantar tulisan ing medhia cithak kayata ariwarti, kalawarti, lsp.


Miturut surasane pawarta bisa diperang dadi 3, yaiku : 1. pawarta dadakan : wektu lan panggonan kedadeyan ora kena dipesthekake ( kacilakan, lindhu, kobongan, lsp ) 2. pawarta padinan : wektu lan panggonan wis dimangerteni sakdurunge ( kunjungan presiden, pemilu ) 3. pawarta crita : ora dibatesi wektu lan panggonan ( crita bab objek wisata, kuliner )


Sifat-sifate pawarta : 1. Faktual : kedadeyan nyata kang ana ing masyarakat 2. Aktual : isih dadi rembugane/rerasaning wong akeh 3. Lugas : nganggo tembung kang lugu supaya gampang dimangerteni 4. Objektif : adhedhasar kasunyatan tanpa ditambah- tambahi 5. Cekak aos : basa kang cekak lan aos, jelas, ora ngayawara 6. Narik kawigaten : kedadeyan kang narik kawigaten wong akeh


Unsur-unsur pawarta ( 5W+1H ): 1. What / apa? 2. Who / sapa? 3. When / kapan? 4. Where / ing ngendi? 5. Why / kenapa? 6. How / kepriye?


Perangane pawarta tulisan: 1. Irah-irahan 2. Alenia pambuka ( Lead/teras pawarta, ukara kang narik kawigaten ) 3. Awak pawarta( isine 5W+1H ) 4. Panutup pawarta ( ringkesan/dudutan )


(1) Indonesia Tekuk Malaysia 3-0, Selaras karo kang Diajap (2) Timnas bal-balan Indonesia kasil ngalahake Malaysia kanthi skor 3-0 jroning pertandingan uji coba kang digelar ing Stadion Manahan Solo, Jawa Tengah, mentas iki. (3) Gul gul Timnas Indonesia mau dicetak dening Boaz Salossa, Dene gul sing sijine maneh lumantar tendhang-ane Irfan Bachdim. Timnas Indonesia jroning ngadhepi Malaysia iki disekseni dening puluhan ewu penonton kang ngebaki sta-dion ing Solo, lan pertandhingane dhewe lumaku kanthi seru lan cepet, merga kekarone kesebelasan iki padha dene nindakake serangan kanthi umpan-umpan akurat kanggo nembus beteng lawan. Indonesia ing babak pertama langsung nindakake tekanan menyang benteng Malaysia lan kasil nyetak gul ing menit ka enem, lumantar tendhangan banter kapten tim Boaz Salossa, sawise kasil rebutan bal saka salah sijine pemain mburi.


Boaz nindakake tendhangan engga ndadekake kedudukan 1-0 kanggo Indonesia. Indonesia kang nampilake permainan cepet lan umpan-umpan sikil menyang sikil terus mbebayani gawang Malaysia. Irfan Bachdim gantian kang nggedherake gawang Malaysia sawise man-faatake umpan sodoran saka mburi Boaz, saengga ngowahi kahanan dadi 2-0. Kepara lumantar Boaz Salossa maneh Indonesia bali gawe gul ing menit 21 gentenan sawise manfaatake umpan saka Irfan Bachdim. Boaz langsung nindakake tendhangan keras menyang arah pojok lan gul, saengga ngowahi kahanan dadi 3-0. (4) Sauntara kuwi pelatih Timnas Indonesia Alfred Riedl ngandhakake time ing babak pertama selaras karo kang dikarepake. Para pemain wis kerja keras lan kasil nyiptakake telung gul menyang gawang lawan.


Bantul Ngawontenaken Festival Kethoprak Kabudayan Kethoprak mujudaken seni budaya ingakang adiluhung lan perlu dipun lestantunaken, menapa malih kita mapan wonten tlatah Ngayogyakarta ingkang minangka kota budaya. Ananging magayutan kaliyan kemajenganipun zaman dipun betahaken kreatifitas lan inovasi seni lan budaya tanpa kedah nilaraken jati diri, mekaten Assisten Administrasi Umum Setda kabupaten Bantul, Sunarto, SH. MM. paring pangandikan nalika murwakani festival kethoprak ingkang mapan ing pendapa desa Tamanan, Banguntapan, Bantul dinten Kamis, 2 Oktober 2014 kapengker. Salajengipun pangandikan, bilih serbuan budaya global kalamangsanipun ndhesek budaya lokal, sahengga jati dirinipun tansaya ical. Pramila budaya ingkang wonten minangka tilaranipun para leluhur ingkang gadhah ciri lan piwucal luhur menika kedah tansah dipun lestantunaken. Ketua Panitia Drs. Bambang Legowo, M.Si. caos palapuran bilih ancasipun kaadani festival menika kagem nambahi wawasan babagan panggulawenthah, pangrembaka lan nglestantunaken budaya kethoprak ingakng adiluhung menika. Festival kaadani kanthi gantosan papan, tanggal 2 Oktober 2014 mapan wonten Desa Tamanan Banguntapan, salajengipun tanggal 6 Oktober 2014 mapan ing Desa Sidomulyo Bambanglipuro, lan tanggal 8 Oktober 2014 mapan ing Desa Bangunjiwo Kasihan Bantul, tanggal 10 Oktober 2014 mapan ing Desa Trimulyo Jetis Bantul, pungkasanipun tanggal 12 Oktober 2014 mapan ing Desa Bantul ngiras pantes minangka panutup lan peparing bebungahipun. Wondene pasarta saking 17 kecamatan sa kabupaten Bantul.


Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku: 1. Nyemak pawarta kanthi jangkep 2. Mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake 3. Nemtokake gagasan pokok kang ana ing pawarta 4. Nyathet informasi kang bener lan premathi


BERITA BAHASA JAWA ANGGIT WAHYUDIN RABU, 24 JUNI 2015 PART 2.mp4


Gladhen ! Gawea kelompok kang anggotane 4 siswa, banjur rungokna pawarta kang diwacakake dening presenter. Tulisen isi pawarta iku miturut format ing ngisor iki! NYEMAK PAWARTA Nama kelompok : Kelas : Nama adicara : Pawartos Jawi Tengah Dina/tanggal : 24 September 2015 Sumber Pawarta : Cakra Semarang TV Alamat link : http://www.youtube.com/pawartabasajawa/ Asil nyemak: 1. Pangleresan margi ingkang njalari lalu lintas macet Surasane pawarta : a. Apa : pangleresan margi damel lalu lintas dados macet b. Sapa : petugas bina marga cinakes c. Kapan : nyaketi arus mudik 2015 d. Ing ngendi : jalur pantura ing margi Dr. Wahidin dumugi Noyontaan, Kitha Pekalongan e. Kenapa : wonten pangleresan margi utawi proyek overlay f. Kepriye : ing sadawaning margi Dr. Wahidin dumugi Noyontaan, Kitha Pekalongan dilaksanakaken pangleresan margi/proyek overlay dening petugas bina marga cinakes ingkang nyebabaken lalu lintas dados macet


BERITA BAHASA JAWA ANGGIT WAHYUDIN RABU, 24 JUNI 2015 PART 1.mp4 BERITA BAHASA JAWA ANGGIT WAHYUDIN RABU, 24 JUNI 2015 PART 3.mp4


Tugas individu ! Semaken program “Pawartos Jawi Tengah” ing Cakra Semarang TV tabuh 19.30 WIB. Banjur gawea laporane kaya format ing ngisor iki: NYEMAK PAWARTA Nama : Kelas : Nama adicara : Pawartos Jawi Tengah Dina/tanggal : 24 September 2015 Sumber Pawarta : Cakra Semarang TV Asil nyemak: Surasane pawarta : a. Apa b. Sapa c. Kapan d. Ing ngendi e. Kenapa f. Kepriye


1. Surasane pawarta : Panyolongan a. Apa : tiyang 2 dicepeng petugas amarga konangan nyolong peksi b. Sapa : Arif lan Triono c. Kapan : Juni 2015 d. Ing ngendi : ing kampung Sendhang Sari, Banjarsari, Solo e. Kenapa : Konangan nyolong peksi f. Kepriye :


B. Ngandhakake Informasi utawa Kabar Informasi yaiku kabar utawa apa kang kudu dikandhakake marang wong liya. Informasi utawa kabar iku bisa disiyarake liwat televise, radhio, utawa internet. Jaman saiki golek informasi utawa kabar wis ora kangelan. Saben setasiun televisi utawa gelombang radhio nduweni acara warta. Acara iku nyiyarake informasi utawa kabar saka ngendi wae. Radhio, televisi, lan internet iku kalebu medhia elektronik. Anggone ngandhakake sawijining informasi iku kudu temenan. Isine informasi kudu bener lan nyata kaya asline. Saliyane iku, kudu cetha lan nganggo basa kang apik lan bener. Aja gawe bingung kang ngrungokake.


TATA CARA GOLEK INFORMASI a. Wawancara b. Ngrekam, moto, lan nyatet kabeh prastawa ing papan kedadeyan c. Ngundhuh pawarta saking kantor berita, internet, lsp kanthi nyebutake sumber pawarta d. Panaliten ing buku, dokumen, lan liyane


TAHAPAN NULIS PAWARTA: 1. Nglumpukake dhata lan fakta 2. Nemtokake irah-irahan lan teras berita 3. Gawe surasane pawarta 4. Milih tembung-tembung kang runtut lan miturut kaidah lan unggah-ungguh basa


Perangane pawarta : 1. Irah-irahan / sesirah / judul / headline Migunakake tembung-tembung kang cekak, nggambarake isi lan narik kawigaten kanggo maca, ukara tanduk ( SPOK ) HELIKOPTER SEWAN CEBLOK ING DANAU TOBA 2. Alenia pambuka / Lead / teras pawarta Nggambarake ringkesane isi pawarta (30-35 tembung utawa 3 baris kang diwiwiti who, what, when, lan where 3. Awak pawarta / isi pawarta / body Isine ngandharake 5W+1H, utamane why lan how 4. Panutup pawarta Arupa ringkesan /dudutan 5. Gambar lan sumber


JINISE PARAGRAF Paragraf kabedakake dadi: Paragraf deduktif : gagasan bakune ana ing ngarep. Paragraf induktif : gagasan bakune ana ing bagean njero utawa mburi paragraf. Paragraf campuran : gagasan bakune ana ing ngarep lan buri.


Paragraf deduktif Tuladha: Ana ing satengahing masyarakat kita melu rumangsa prihatin yen seni musik keroncong saiki wis langka. Kesilep ana ing jagading seni modern sing mekar ana ing laladan Tanah Air. Bupati Pati H. Tasiman SH uga melu ngrasakake kahanan iki. Nalika paring sesorah ana ing pengeten HUT Himpunan Artis Keroncong Musik Indonesia (Hamkri) Cabang Kabupaten Pati sing sepisanan durung suwe iki, ngandharake seni keroncong saiki wis ora kaya dhek jaman dhisik maneh.


Paragraf induktif Tuladha: Supaya komunikasi kuwi kedadeyan utawa lumaku kanthi apik, saka kalorone (pihak sepisan lan kapindho) merlokake basa sing dienggo bebarengan. Wujude basa mau arupa swara. Swara kuwi diasilake saka alat wicarane manungsa. Kanthi mangkono, bisa dikandhakake bilih swara kuwi alat sing ngleksanani basa.


Paragraf induktif Tuladha: Ing kabudayan Jawa tembung bagus biasane digunakake dadi sesebutan putra kang durung palakrama utawa kang yuswane isih timur. Wondene kusuma kang jarwane sekar utawa kembang kanggo nyebut trahing ngawirya. Kacetha ing unen-unen trahing kusuma rembesing madu . Dadi, Bagus kusuma wujud asma sesilih putra klebu trahing ngawirya utawa putra sentana kang durung palakrama utawa kang yuswane isih timur.


Paragraf campuran Tuladha: Prakara wayang lan Islam kudu dirembug bebarengan. Amarga wayang lan islam duweni sumbangsih jroning nemtokake maneka warna budaya kang saiki kita warisi. Nanging apa sesambungane islam lan wayang saiki bisa kaya ndhisik maneh? Akeh prakara kang tuwuh pirang-pirang taun iki, kaya-kaya ndadekake jurang kang misahake antarane wayang lan Islam. Mula, dibutuhake pirembugan kang sehat kanggo ngudhar prakara wayang lan Islam.


JINISE WACAN Miturut ancase lan isine, jinis wacan iku kabedakake dadi: 1. Narasi yaiku wacan kang ancas lan isine nyritakake sawijining kadadean utawa crita lan ana unsur-unsur critane , kayata : tema, alur, latar, paraga sarta watake, lan amanat utawa pesen moral. 2. Eksposisi yaiku wacan kang ancas lan isine nerangake utawa njlentrehake babagan tartamtu. 3. Deskripsi yaiku wacan kang ancas lan isine nggambarake sawijining bab utawa perkara. 4. Argumentasi yaiku wacan kang ancas lan isine menehi panemu kanthi alesan kang cetha. 5. Persuasi yaiku wacan kang ancas lan isine menehi panemu lan mbujuk supaya wong-wong padha nindakake apa kang dadi karepe penulis.


EKSPOSISI Eksposisi yaiku maparake, mbeberake, njlentrehake, ngaturake informasi, ngajarake lan nerangake sawijining bab supaya dimangerteni lan nambah kawruh tumrap kang maca. Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab. Tuladhane : upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan sapanunggalane.


Titikane wacana eksposisi: 1. Arupa wacan kang njlentrehake informasi kanthi rinci 2. Ana data arupa gambar, grafik, utawa tabel kang magepokan karo isine wacan 3. Ing wasana wacan ana penjelasan


JINIS WACANA EKSPOSISI 1. Eksposisi definisi 2. Eksposisi proses 3. Eksposisi perbandingan 4. Eksposisi pertentangan 5. Eksposisi laporan 6. Eksposisi analisis 7. Eksposisi klasifikasi 8. Eksposisi ilustrasi


1. Eksposisi Definisi Timun suri nduwèni jeneng latin cucumis sativus iku kalebu varietas tanduran cucumber. Timun suri iku, woh kang ngandhut akéh banyu lan ngandhut serat sarta akeh provitamin A. Timun suri bentuké lonjong lan dawané kurang luwih 20-25 cm lan dhiameter 10 cm-15 cm. Nandur timun suri padha kaya nandur timun ananging beda kaya semangka lan melon kang mbutuhaké akéh pupuk lan banyu. Nandur timun suri ora perlu akéh banyu. Sawisé wiji thukul lan nduwèni godhong kang dawané 10 cm, cukup disiram nalika esok lan sore. Wit timun suri iku kalebu pala kasimpar awit mrambat. Ukuran woh timun suri kurang luwih padha kaya kates Bangkok lan abote tekan limang kilogram. Timun suri bisa woh nalika umuré rong sasi. Timun suri migunani tumprap kasehatan awak amarga timun suri ngandhut akeh provitamin A. Saliyané iku timun suri bisa nglawan penyakit. Woh timun suri uga bisa nyehataké ginjel lan limpa. Timun suri uga bisa dadi obat tekanan darah tinggi. Timun suri kang mateng bisa dititeni saka kulité. Timun suri biyasane digawe es lan dicampur karo sirup lan es. Saliyané iku, timun suri bisa digawe sop buah kayata blewah, melon, alpukat lan liya-liyané.


2. Eksposisi Proses CARA GAWE BAKPIA Gawè bakpia isih nganggo cara kang tradisional. Kanggo gawè kulit yaiku glepung trigu dicampur banyu banjur diaduk-aduk nganti dadi adonan. Adonan iku mau banjur digawe bunderbunder gedhènè sak jempol-jempol. Sakwisè kuwi banjur bunderan mau diisi nganggo gula jawa kang wis diremuk. Sakwisè dadi banjur dioven nganti tekan mateng.


3. Eksposisi Perbandingan Pasca gempa 5.9 skala ricther, saperangan Yogyakarta lan Jawa Tengah ajur mumur. Kahanan iki ngundang perhatian saka akeh pihak. Kahanan iki meh padha karo kahanan Aceh nalika dilanda tsunami pirang-pirang taun kepungkur. Pitulungan pada teka saka njero lan luar negri. Pitulungan awujud panganan, obatobatan, lan sandhangan kang dipanggonake ing panggonan kang strategis.


4. Eksposisi pertentangan Masyarakat ing daerah kutha biasa urip kanthi cara modern. Piranti kanggo komunikasi, transportasi, lan teknologi kang wis canggih nyebabake wong-wong kutha padha males lan kurang srawung marang liyane. Sewalike, masyarakat ing desa biasa urip kang sarwa prasaja. Wong desa migunakake piranti-piranti kang isih tradisional. Ananging, kahanan kasebut ora ngalangi para wargane kanggo sesrawungan ing masyarakat.


5. Eksposisi Laporan Sejatine, ora mung ITS kang nawarake omah instan sehat kanggo Aceh utawa luwih populer kasebut Rumah ITS kanggo Aceh (RI-A). Pusat Penelitian lan Pengembangan Pemukiman Departemen Pekerjaan Umum uga nawarake “Risha” alias Rumah Instan Sederhana Sehat. Modele meh kembar, gampang dibongkar-pasang, malah motone “Pagi Pesan, Sore Huni”. Bedane yaiku, sistem struktur lan konstruksi Risha bisa digawe bentuk panggung. Regane Raisha sethithik luwih larang, Rp 20 juta kanggo tipe 36. Tapi, umure bisa nganti 50 taun amarga komponen struktur nganggo beton kang bertulang, ditambah pelat baja ing sambungane. Kekuatane marang gempa wis diuji ing laboratorium nganti zona ke enem.


5. Eksposisi analisis Pokok-pokok isine pawarta menawa dianalisis iku kabagi dadi 6 kang biasa diarani 5W+1H. W kang kapisan yaiku what utawa apa kedadeyan kang diandharake, W kapindho yaiku Who utawa sapa wae kang ana ing kedadeyan kasebut kalebu pelaku lan korban. W kang kaping telu yaiku when, kapan kedadeyane. Banjur Where, ing ngendi kedadeyane, lan W kang pungkasan yaiku why, kenapa kedadeyan iku dumadi. Unsur H utawa how iku nerangake kepriye uruturutane kedadeyan kanthi kronologi.


5. Eksposisi Klasifikasi (Pembagian). Pemerintah garep maringi pitulungan kanggo pembangunan omah utawa bangunan kanggo para korban gempa bumi. Pitulungan utawa bantuan pembangunan omah utawa bangunan mau arep dijumbuhake kaliyan tingkat kerusakane. Warga kang omahe rusak entheng pikanthuk bantuan sekitar 10 juta. Warga kang omahe rusak sedheng pikanthuk bantuan sekitar 20 juta. Warga kang omahe rusak parah pikanthuk bantuan sekitar 30 juta. Calon warga kang pikanthuk bantuan mau arep ditentokake dening aparat desa kaliyan pengawasan saka pihak LSM


6. Eksposisi Ilustrasi Apa kowe tau ketemu karo kahanan tertentu kaliyan rasa wedi? Kepriwe carane ngatasi? Ing ngisor iki ana 5 jurus kanggo ngatasi rasa wedi mau. Pertama, siap-siap kang seapik-apike menawa nemoni kahanan tartamtu. Kaping pindho, sinau menawa nemoni kahanan mau. Katelu, latih rasa percaya diri. Kapapat, kandelake keyakinan, lan kalima, kanggo nambah rasa percaya diri, kita kudu nambahi kecakapan utawa kaprigelan kanthi latihan.


Tata cara nulis wacan eksposisi: Nemtokake tema Nemtokake tujuan Ngumpulake dhata saka maneka sumber Nyusun cengkorongan kang trep Ngrembakake cengkorongan dadi paragraf eksposisi Gawe irah-irahan kang bisa narik kawigaten Ejaan selaras karo EYD


Gladhen! Gawea kelompok kang anggotane 4 siswa! Saben anggota nggolek pawarta aktual kang ana ing dhaerah sekitar! Saka pawarta kasebut gawenen: 1. Pawarta lisan arupa video reportase (ana presenter lan reporter) 2. Pawarta tulisan kayadene pawarta ing koran. Diketik lan asile ditempelake ing buku tugas! Tugas dikumpulake tanggal 15 feb 2017!


Bab kang kudu digatekake nalika maca pawarta ing ngarepe pamiyarsa yaiku: Kudu nguwasani isi pawarta Pocapan kudu cetha Jeda kudu pener / mandheg sedelo // mandheg suwe - pungkasan baris sing ora kena mandheg Wirama/ lagu ukara selang-seling miturut penting lan orane tembung Anggone maca ora kena cepet banget utawa rendhet banget Bantere swara cukup Pandelenge netra kudu tajem lan prabawa Solah bawa kudu sopan lan santun


Urutan 5W+1H: Who - Paraga. Sapa? Sapa sing nglakokake? Sapa sing nganakake? What – Prastawa/kedadeyan. Apa? Nglakoke apa? nganakake apa? Ngomong apa? Where – panggonan. Ing ngendi? When - Wektu. Kapan? Why – Apa panyebabe prastawa. Kenapa? Kanggo apa? Apa tujuane? How - urutaning peristiwa. Kepriye ceritane? Tuladha: Tiyang 3 tiwas ing margi Semarang-Salatiga dinten Selasa, 24 Januari 2017 amargi kacilakan beruntun.


Tuladha cengkorongan wacana: 1. Tema : Kesehatan Irah-irahan : Bahayane Rokok 2. Kenapa rokok iku bahaya? 3. Zat – zat berbahaya kang kinandhut ing rokok 3.1 Nikotin 3.2 Gas CO 3.3 Tar 4. Penyakit kang disebabake rokok 4.1 Kanker paru – paru 4.2 Bronkitis 5. Carane mandeg saka rokok 5.1 Niat 5.2 Olahraga 5.3 Konsumsi apel


Bahayane Rokok Saiki rokok wis dadi bageyane urip manungsa. Malah rokok wis dadi kebutuhan primer saperange pawongan. Kamangka, rokok iku mbebayani tumrap kasarasan. Orang mung mbebayani kanggo wong kang ngrokok, ugi marang wong kang ngisep asepe. Rokok bisa ngrusak awak lan suwesuwe bisa nyebabakake kematian. Rokok mbebayani amarga nginandhut zat-zat kimia kang bisa ngrusak awak. Ing antarane yaiku nikotin. Zat iki ana ing godhong tembakau kang bisa nyebabake kecanduan. Dene zat liyane yaiku gas CO. Gas CO utawa sinebut karbon monoksida iki bisa dadi racun kang nyebabakake kematian. Dene kang paling mbebayani yaiku Tar kang arupa awu saka asep rokok kang bisa njalari kanker yen mlebu neng awake manungsa.


Turnamen Golf Indonesia Open Wusanane „Urip Maneh‟ Turnamen kebak gengsi saka cabang golf, Indonesia Open, siap digelar tanggal 17-20 November 2016 iki. Pondok Indah Golf Course dipilih dadi venue turnamen iki. Persatuan Golf Indonesia (PGI) nggandheng Bank BRI lan JCB minangka sponsor utama turnamen iki saengga turnamen taun iki kanthi judhul “Bank BRI-JCB Indonesia Open 2016”. “Ajang iki mujudake salah sijine ajang paling gengsi ing tingkat Asia, aku antusias banget dadi bagian saka turnamen iki” ujare Direktur Bank BRI, Sis Apik Wijayanto. “Kita ngajab baline kajuaran kaya ngene iki dadi momentum gumregahe gairah golfer-golfer ing Indonesia,” bacute. Sauntara iku, Presiden Persatuan Golf Indonesia (PGI), Murdaya Widyawimarta Po, ngandhakake bab kang padha. Dheweke seneng banget Indonesia bisa nggelar turnamen kebak gengsi iki.


“Atas nama PGI, aku nelakake panuwun kang gedhe marang kabeh pihak sponsor atas dukungane kang luar biasa. Bank BRI-JCB Indonesia Open 2016 mujudake ajang kang penting banget lan kita seneng banget Bank BRI-JCB Indonesia Open 2016 bisa nganakake ing Asia Tour wulan iki,” tambahe Murdaya. “Nalika iku pegolf-pegolf saka luar negri pancen padha takon piye kahanane Indonesia bab cuaca. Saliyane iku persiapane uga durung pati apik tenan. Mula iku, luwih becik kita tundha nganti oleh wektu kang pas dhisik. Pranyata taun iki persiapane bisa luwih apik lan Pondok Indah Golf Course uga siap. Dadi, geneya ora kita leksanakake,” bacute Po, ing jumpa pers ing Pondok Indah, Jakarta, Selasa (1/11/2016). Saliyane iku, jlentrehe Po, penting banget kanggone PGI terus nganakake turnamen golf iki merga bisa nyiptakake kalodhangan kanggone para pegolf Indonesia, apa kuwi sing profesional utawa amatir, supaya bisa saingan lawan pemainpemain paling top Asian Tour. (nama siswa)


Kedadeyan: Dina minggu, 29 Januari 2017 ana kacilakan ing dalan Semarang-Salatiga antarane truck kalawan mobil Kijang Inova plat H 5673 Jk. Kacilakan kedadeyan watara jam 06.00 WIB. Truck kang disopiri dening Wahyudi (45 taun) nggawa wesi-wesi beton tumuju arah salatiga, dene mobil Kijang Inova arep menyang Semarang. Dinuga sopir truck ngantuk lan kelangan kendali saengga nanbrak mobil kasebut. Korban tiwas ana wong 2 yaiku sopir lan penumpang mobil, dene sopir truck tatu-tatu. Korban diplayokake menyang RSUD Ungaran. Polisi kang pirsa kedadeyan kasebut langsung ngurus lan golek saksi-saksi.


Click to View FlipBook Version