The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by liyafauziyah18, 2021-12-09 14:23:34

Crita Legenda

Crita Legenda

Crita Legenda

MODUL PIWULANG BASA JAWA

Kanggo SMP/MTs Kelas VIII Semester Ganjil

LAILIYATUL FAUZIYAH 2021105395

DHAPTAR ISI
Daphtar Isi.............................................................i
Kompetensi Dasar dan Indikator...........................ii
Petunjuk Belajar....................................................iii
Crita Legenda.......................................................1
Crita Legenda.........................................................2
Isi Crita Legenda....................................................7
Maca Pemahaman Crita Legenda...........................9
Nyritakake Crita Legenda......................................11
Daphtar Pustaka.....................................................18

i

MATERI POKOK:
CRITA LEGENDA

Kompetensi Dasar:
3.1 Memahami isi teks cerita legenda.

Indikator:
3.1.1 Mengidentifikasi teks crita legenda.
3.1.2 Menganalisis struktur teks sesorah crita legenda.

Ancas Wulangan:
1. Siswa diajap bisa ngrungokake wacan rungon crita
legenda.
2. Siswa diajap bisa negesi tembung-tembung angel.
3. Siswa diajap bisa mangsuli pitakonan nganggo basa
krama.
4. Siswa diajap bisa ngrembug isi crita legenda.
5. Siswa diajap bisa maca pemahaman wacan legenda.
6. Siswa diajap bisa nulis pokok-pokok isi wacan
legenda.

ii

Pandom Pasinaon:
Untuk memperoleh hasil belajar secara maksimal

dalam menggunakan modul ini, maka langkah-
langkah yang perlu dilaksanakan antara lain:

1.Bacalah dan pahami secara seksama uraian-
uraian materi yang ada pada masing-masing
kegiatan belajar.

2.Kerjakan semua tugas formatif (soal latihan)
untuk mengetahui seberapa besar kepahaman
terhadap materi.

3.Jika belum memahami materi yang disampaikan,
bertanyalah kepada guru.

iii

Crita Legenda

1

Crita Legenda
Masarakat duweni crita tradisional awujud legenda kawit mbiyen.
Legenda asring dijlentrehake minangka crita dumadine papan
panggonan, pranyata tegese saka legenda kuwi jembar banget. Legenda
yaiku crita prosa rakyat kang dianggep minangka sawijining prastawa
kang kedadeyan tumemen. Dadi, legenda kuwi ora mesthi crita
dumadine papan, ananging bisa samubarang prastawa kang dianggep
kedadeyan. Titikane legenda kaya ing ngisor iki. masarakat jaman
semono.
1.Legenda klebu crita tradisional amarga critane wis diduweni
2.Critane digayutake karo prastawa lan piranti kang asale saka
mangsa kepungkur, kayata prastawa panyebaran agama lan piranti-
piranti paninggalan.
3.Paraga sajrone legenda minangka paraga kang pernah urip ing
masarakat. Paraga kang prastawa panyebaran agama lan piranti-
piranti paninggalan. klebu wong duwe kalungguhan, dianggep
minangka pelaku sejarah, lan dianggep nindakake pakaryan kang
migunani marang masarakat.
4.Latar crita kadhapuk saka latar papan lan latar wektu.

Jinis legenda bisa dipantha dadi papat, kaya ing ngisor iki.
1.Legenda setempat

Crita legenda kang gegayutan karo sawijine papan panggonan.
Legenda setempat klebu golongan legenda kang paling akeh cacahe.
2.Legenda Keagamaan

Legenda wong-wong suci Nasrani lan wong saleh. Salah siji
tuladhane ngenani wali sanga kang ngrembaka ing masarakat Jawa.
Kajaba saka iku, ana uga paninggalane awujud pasarean.

2

3.Legenda perseorangan
Legenda kang nyritakake babagan paraga-paraga tartamtu.

Legenda perseorangan ngenani sawijine paraga kang wis nindakake
pakaryan tumeka saiki kang isih dianggep kabenerane dening
masarakat.
4.Legenda alam gaib

Biyasane awujud kisah kang dianggep kedadeyan lan pernah
dialami dening pawongan. Pigunane legenda iki minangka kapracayane
rakyat. Legenda alam gaib gegayutan karo kasunyatan sajabane donya
nyata ananging ana ing sakupengane kita. Tuladhane anane makhluk
gaib, demit, lan papan panggonan kang nganeh-anehi. Saiki rungokna
crita legenda kang diwaca dening kancamu!



Legenda Asal Mulane Lemud
Jaman semono, ing sawijining desa ana petani kang prasaja lan
garwane kang ayu sulistya. Dheweke urip sak omah lan amung
gumantung ing asil tani. Petani kasebut tansah nyambut gawe rekasa
saben dina ing tegal, ananging pakaryan garwane amung macak wae.
Urip kang prasaja kasebut ora gawe tentrem garwane. Sang garwa
duweni panemu yen bojone iku kudu nyambut gawe luwih rekasa
supaya bisa ngreksa kasulistyane.
Amarga garwane kasebut amung ngrumat kasulistayane, banjur
awake lara. Sansaya dina larane dadi ndadra nuli mati. Petani katon
sedhih banget. Saben dina amung muwuni lungane sang garwa kang wis
malih kaku tanpa daya. Amarga petani tresna banget, dheweke ora
gelem mendhem awake garwane. Dheweke duwe panemu kanggo
nguripake garwane meneh.






3

Esuke petani ngedol kabeh apa kang diduweni kanggo nuku prau.
Prau kasebut arep digunakake mlaku lelayaran turut ing pinggir kali
nuju papan kang dianggep minangka papan kalungguhane dewa-dewa.
Pikire para dewa mesthi gelem nguripne meneh garwane kang seda,
sanadyan ora ngerti papan pase ana ngendi. Petani kasebut melahi prau
lan kandheg amarga ana pedhut kandhel kang ngalingi panyawange.

Nalika pedhute ilang, katon arga kang dhuwur banget pucuke
nganti nembus awan. Dheweke mikir ing kene iki kang dadi papan
kalungguhane para dewa. Banjur dheweke munggah ing arga kuwi
kanthi gawa jisim garwane.

Sajroning lakune, dheweke kepanggih kakung sepuh. Petani
jlentrehake apa kang dadi kekarepane nganti dheweke tekan arga iki.
Kakung sepuh iku ngandhani cara nguripne garwane, yaiku nujes
pucukane driji, banjur netesne telung tetes getihe ing lambene garwane.
Kakung sepuh kasebut uga ngandhani yen garwane duraka supaya
dielingake yen dheweke urip saka telung tetes getihe.

Petani langsung nindakake dhawuhe kakung sepuh lan kang
nggumunake garwane urip meneh. Petani banjur pamit lan gawa mulih
garwane. Sang garwa wis mangerteni yen petani iku saiki amung duwe
prau kang ditumpaki, saiki ora duwe apa-apa amarga wis didol kabeh.

Wis suwe anggone numpak prau banjur tekan ing pelabuhan kang
rame. Kalorone padha mudhun nuju ing peken kanggo tuku tandhon
pangan. Ing sisih praune ana prau kang endah banget. Si sodagar kapilut
nyawang kasulistyan garwane petani. Si sodagar ngrayu garwa kasebut
kanthi dipengin-pengini yen melu dheweke bakal diwenehi apa wae
sing dadi panjalukane.

4

Sang garwa banjur melu sodagar kasebut. Petani bingung goleki
garwane. Cekak crita wis lumaku suwene setaun, banjur petani ketemu
karo garwane. Ananging garwane nulak bali marang petani. Petani emut
pesene kakung sepuh, nuli petani micara marang garwane, "Kowe
pancen ora ngerti budi untung, kowe bisa urip meneh amarga ngombe
telung tetes ludiraku!"

Garwane guyu banjur semaur. "Dadi aku kudu mbalekne telung
tetes ludiramu? Nyoh tak balekne!" Sang garwa banjur nujes salah siji
pucuk drijine. Ananging nalika tetes getih katelu netes. dumadakan
raine dadi pucet lan awake lemes, saengga tiba lan mati.

Sawise garwane mati, manjilma dadi lemud. Wiwit iku saben
wengi lemud panjilma wanitya ayu ngrekadaya ngisep ludira janma,
kanthi pangajab dheweke bisa urip meneh.

Kapethik saka: https://histori.id/legenda-asal-muasal-nyamuk/ kanthi owahan

5



Isi Crita Legenda
Crita legenda dicritakake kanthi alur kang prasaja. Nalika nulis
utawa nyritakake legenda biasane paraga legenda ora dicritakne kanthi
princi. Crita legenda ngemot lima unsur intrinsik yaiku tema, alur,
latar, panokohan, lan amanat.
1. Tema
Tema klebu ide pokok saka crita lan minangka pathokan kanggo
mbangun sawijining crita Tema bisa diarani uga undering prekara
utawa gagasan wigati sajrone crita. Tema crita bisa gegayutan karo
bebrayan, kasarasan, kekareman, lan sapanunggale.
2. Alur
Alur yaiku dalane crita kang diurutne adhedhasar sebab-akibat
utawa adhedhasar urutan wektu. Alur biyasane diwiwiti saka mula
bukane kedadeyan, anane konflik, klimaks, lan rampunge crita. Alur
kapantha dadi telu yaiku alur maju, alur mundur, lan alur campuran.
3. Latar
Latar yaiku katrangan ngenani papan panggonan, wektu, lan
swasana utawa kahanan sajrone crita. Ana telung jinis latar crita, yaiku
latar panggonan, latar wektu, lan latar kahanan.
4. Panokohan
Panokohan yaiku cara penganggit nerangake watek para paraga.
Miturut kalungguhane watek, paraga ing cerkak kaperang dadi telu,
yaiku paraga protagonis, antagonis, lan tritagonis.
Wewatek ing crita legenda bisa kagambarake kanthi cara:
a. Teknik analitik yaiku wewatek paraga dijlentrehake kanthi
langsung.
b. Teknik dramatik yaiku wewatek paraga digambarake adhedhasar
fisik, tindak-tanduk, lingkungan, tata basa, pikiran, lan dening paraga
liyane.

7

5. Amanat
Amanat yaiku piweling kang diwedharake penganggit marang

pamaca lumantar critane. Amanat sawijining tulisan ora mesthi cetha
(tersurat). Amanat tersurat yaiku amanat kang dijlentrehake kanthi
tetembungan sawijining tulisan, dene amanat tersirat yaiku amanat
kang ora dicethakake sacara kātulis ananging bisa dimangerteni
pamaca kanthi alur crita sajrone tulisan.

Saliyane unsur intrinsik isi crita legenda bisa katemokake kanthi
mangsuli pitakonar nganggo unsur 5W+1H, yaiku what, who, when,
where, why, lan how.

8

Maca Pemahaman Crita Legenda
Efisiensi maca luwih becik yen informasi kang dibutuhake wis
ditemtokake luwih dhisik, saengga konsentrasi lan fokus bisa diarahne
ing informasi kasebut. Informasi kang dibutuhake kasebut diarani
informasi fokus. Kanggo nemokake informasi fokus kanthi efisien ana
maneka wama teknik maca kang digunakake, yaiku maca lompat
(skipping), maca layap (skimming), maca pilih (selecting), lan maca
tatap (scanning).
1. Skipping
Skipping tegese maca kanggo nemtokake bagean wacan kang
gegayutan karo kabutuhane pamaca kang ditindakake kanthi cara
nglumpati bagean-bagean kang dirasa ora dibutuhake. Tuladhane
yaiku maca daftar iklan baris.
2. Skimming
Skimming utawa baca layap yaiku maca kanthi cepet kanggo
mangerteni isi umume wacan. Teknik iki minangka tumindak kanggo
jipuk intisari wacan. Skimming goleki babagan wigati sajrone wacan
yaiku ide pokok kang mapan ora mesthi ing wiwitan paragrap,
ananging kadang kala mapan ing tengah utawa pungkasane paragrap.
Ing kegiyatan iki, bisa dilumpati bagean, fakta, lan detail kang ora
dibutuhake saengga amung musatake kawigaten lan cepet
nguwasaniide pokoke.
3. Selecting
Selecting yaiku maca kanthi milih bahan utawa bagean wacan kang
dianggep gegayutan karo kabutuhane pamaca. Sedurunge maca,
nindakake kegiyatan seleksi bahan luwih dhisik. Tuladhane yaiku
milih pawarta sajrone koran kanggo diwaca.

9

4. Scanning
Scanning utawa baca tatap yaiku teknik maca kanggo ngentukake

sawijine informasi tanpa maca liyane, langsung tumuju prekara kang
digoleki yaiku fakta mligi lan informasi tartamtu. Scanning
digunakake kanggo maca daftar isi buku, indeks, jadwal, advertensi
sajrone serat pawartą, lan buku pituduh telpon.

Sajroning crita legenda ngemot pesen-pesen saka pangripta
kanggo pamaca. Supaya pamaca bisa mangerteni pesen-pesen kasebut,
mula prelu ditindakake kegiyatan maca. Jinis maca kanggo mangerteni
surasane crita legenda yaiku maca pamahaman. Maca pamahaman
yaiku salah siji jinis maca kang ancase kanggo mahami isi wacan.
Kaprigelan maca ora amung ing teknik macane, ananging uga prigel
sajrone mahami lan medharake isi wacan.

Adhedhasar pratelan kasebut, mula kudu nguwasani aspek sajrone
maca pamahaman. Aspek aspek sajrone maca pamahaman, kayata
ngerti tegese tembung, mahami ancase penganggit, lan bisa menehi
pambiji. Dadi sajrone maca pamahaman, pamaca ora amung dituntut
mangerteni lan mahami isi wacan, ananging uga kudu bisa nganalisis
lan gayutake karo pengalaman lan kawruh kang wis diduweni.

10

Nyritakake Crita Legenda
Crita iku nunggal teges karo micara, guneman, utawa omongan.
Dadi yen arep nyritakake crita legenda perangan kang kapisan yaiku
maca dhisik sakabehing isine. Banjur nyatet jenenge paraga lan
wewateke, niteni alur kang digunakake lan gagasan pokok crita.
Kajaba trap-trapane ing dhuwur, ana uga perangan wigati kang
digatekake nalika nyritakake crita legenda, yaiku:
1. Swara
Bab paling wigati yaiku swara. Swara kudu cetha lan sora. Sora
tegese banter ananging ora mbengok. Becike swara dijumbuhake karo
papan ing ngendi critane lan jumlahe pamireng. Ancase supaya bisa
ngetrapake swara nalika crita.
2. Basa
Crita kang gampang dimangerteni yaiku nalika nyritakake
nggunakake basa kang gampang. Basa kasebut bisa nggunakake basa
padinan utawa basa krama. Kanthi gunakake basa dhaerahe dhewe-
dhewe crita kasebut bisa diwedharake marang para pamireng. Aja
nganti gunakake basa asing kayata basa Inggris amarga pamireng
kuwi ora kabeh reti tegese.
3. Runtut
Supaya wong kang dicritani mudeng surasane, becike nalika crita
kanthi runtut. Tegese yaiku alure crita ora kena diwolak-walik, ora
kena dilumpati, diilangi, utawa ditambahi. Dadi, alur crita padha karo
kedadeyane.

11

4. Ekspresi
Supaya luwih cetha anggone crita, gunakna ekspresi. Ekspresi bisa

awujud praupan lan solah bawa. Solah bawa bisa kanthi saka lungguh
dadi ngadeg, ngawe-awe, lan sapanunggale. Wondene praupan nalika
nyritake babagan prastawa sedhih becike praupane uga katon yen lagi
nandhang sedhih lan sapiturute.

Sajroning basa Jawa ana unggah-ungguh basa, yaiku pangetrapane
basa marang kang diajak guneman. Jinise unggah-ungguh basa
kapantha dadi loro, yaiku basa krama lan basa ngoko. Basa krama
digunakake nalika guneman karo wong tuwa, guru, wong durung
dikenal, lan wong kang umure luwih akeh. Basa ngoko digunakake
nalika guneman karo kanca, adhik, wong kang luwih enom, lan wong
kang wis raket banget.

Basa kadhapuk saka tembung-tembung kang tumata. Salah siji
jinis tembung basa Jawa yaiku tembung tanduk lan tembung tanggap.
1. Tembung tanduk

Tembung tanduk ing basa Indonesia kaaran kata kerja aktif.
Titikane tembung tanduk yaiku tembung kriyane diwenehi ater-ater
anuswara (m-, n-, ny-, ng-). Tuladha:
- Andi mancing iwak ing waduk.
- Bapak macul lemah arep nandur tela.
2. Tembung tanggap

Tembung tanggap ing basa Indonesia kaaran kata kerja pasif.
Titikane tembung tanggap yaiku tembung minangka jejer nindakake
pagawean. Tuladha:
- Kolame dikuras Mas Dika.
- Lawuhe dipangan kucing.

12

Jinise tembung tanggap ana telu, yaiku:
1.Tanggap utama purusa yaiku kang nganggo ater-ater dak-
2.Tanggap madyama purusa yaiku kang nganggo ater-ater kok-
3.Tanggap pratama purusa yaiku kang nganggo ater-ater di-

Gladhen Siswa

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1.Jlentrehna jinise tembung tanggap!
2.Apa titikane crita legenda?
3.Aranana jinise teknik maca!
4.Aranana perangan wigati kang digatekake nalika crita legenda!
5.Apa bedane tembung tanduk lan tembung tanggap?

13

Kegiyatan Siswa

1.Goleka wacan crita legenda banjur templekna ana buku tugasmu!
2.Tulisen isine crita nganggo basa krama!
3.Critakna asile garapanmu ana ngarep kelas kanthi komunikatif!

14

Pambiji

Penilaian : Portofolio
a. Teknik Penilaian : Unjuk Kerja
b. Bentuk Instrumen

Indikator:
Terampil bercerita isi teks crita legenda

Petunjuk umum soal:
Goleka wacan crita legenda banjur templekna ana
buku tugasmu!

15

Berdasarkan keterampilan yang telah

diperlihatkan oleh siswa, penilaian yang

diberikan oleh guru dilakukan dengan cara

mencentang pada bagian kolom penilaian yang

terletak di sebelah kanan kolom pernyataan.

Ketentuannya sebagai berikut :

A. Sangat Baik (4)

B. Baik (3)

C. Cukup (2)

D. Kurang (1)

Skor maksimal = 15
Nilai =

16

Dhaptar Pustaka
Agustina, Yunika Tri. BAHASA JAWA

MODUL PENGAYAAN. Jakarta Selatan: CV
Graha Pustaka

18


Click to View FlipBook Version