Alkisah jaman biyen ana pangeran sing enom jenenge Ajisaka. Aji Saka duwe abdi setia, jenenge yaiku Sembada lan Dora.
Ajisaka meninggalkan Bumi Majethi karo loro abdine. Ajisaka lan loro abdine melewati perjalanan ning segara sing gedhe lan jembar.
Kanthi pungkasane Ajisaka lan loro abidine tekan ning sawijining pulau. Dewe e kabeh ngaso ing pulau kasebut sawise perjalanan suwe.
Ajisaka rumungsa iki pulau sing pas kanggo ninggalke pusaka kerajaan lan nitipkake karo Sembada. Ajisaka pesen marang Sembada yen ora ngijinake sapa wae jupuk keris iki kejaba Aji Saka. Aji Saka janji yen bakale jupuk dewe keris saktine.
Ajisaka pun ninggalake pulau kasebut karo Dora lan neruske perjalanan. Kanthi pungkasane, Aji saka tekan ning sawijining pulau.
Sawise ning pulau kasebut, Ajisaka ditampani ing desa kasebut kanthi grapyak.
Ajisaka weruh warga padha sedhih. Ajisaka takon karo warga ana apa. Warga nyritakake kabeh kedadeyan ing Desa Medang Kamulan. Desa Medang Kamulan dipimpin dening raja sing jahat lan galak. Jeneng rajane yaiku Prabu Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar seneng mangan daging manungsa. Rakyate akeh sing di pangan raja kasebut.
Krungu crita kasebut, Ajisaka menyang istanae Prabu Dewata Cengkar.
Ajisaka nawarake yen dheweke gelem dadi mangsane Prabu Dewata.
Malah nalika ngadhepi raja kang kaliren, Aji ora wedi babar pisan. Dheweke katon tenang banget. Aji Saka nyuwun marang Cengkar Dewata minangka syarat, yaiku mung njaluk tanah sing ambane kaya sorban sing dakanggo.Aji Saka banjur nyopot sorbane, “Iki, sorbanku dicekel, nuli Paduka mugi karsaa nyebar sorbane.” Ora dinyana-nyana sorbane dadi dawa lan gedhe banget. kain iku ora pedhot nalika diulur dening Dewata Cengkar. Kasunyatane, kain kasebut mbentang saka kraton nganti tekan gunung, kali, alas, lan lembah.
sakehing tanah karajan kagungane Prabu Dewata wis dadi kagungane Aji Saka. Ngerti bab iku, Dewata Cengkar ngamuk. Dheweke arep nyerang Aji lan pengin mangan dheweke.Cepet-cepet Aji Saka banjur mbungkus Dewata Cengkar nganggo serban. Gulungan-gulungan kasebut cukup kuwat nganti ndadekake Dewata Cengkar ora kuwat. Kanthi kekuwatan gaib, Aji Saka banjur nguncalake raja sing kejam kasebut menyang Segara Kidul. Sanalika, raja sing seneng mangan manungsa iki mati.
Aji Saka dadi raja sing mimpin Medang Kamulan ngganti Dewata Cengkar. Dheweke banjur njaluk Dora dadi utusane.Ing sawijining esuk, Sang Prabu kelingan marang kancane Sembada sing dikon ngrumat kerise. Dheweke banjur ngajak Dora nekani Sembada ing Pagunungan Kendeng. Dora uga didhawuhi nggawa keris sucine Aji Saka menyang omah.
Ing pegunungan Kendeng, Sembada setya ngrumat lan njaga kerise Ajisaka. Dora sing wis ana ing pegunungan Kendeng ketemu Sembada lan kanda ana apa perlune. Dora kanda yen dheweke di utus Aji Saka njupuk keris saktine.
Nanging Sembada ora gelem masrahake keris marang Dora amarga dheweke kelingan janji marang Aji Saka. Aji Saka wis masrahake keris iki marang Sembada lan bakal teka jupuk keris pusaka dewe menyang pegunungan Kendeng. Dora wis ngeyakinake Sembada yen saktemene dheweke di utus Aji kanggo njupuk keris pusaka. Nanging Sembada isih ora gelem nitipake keris pusaka Aji Saka marang Dora. Sembada tetep mantep ing pendiriane lan nindakake amanat Aji Saka kanggo njaga kerise.
Sembada bakale masrahake keris iki yen Aji Saka dewe sing njupuk keris pusakane. Dora uga tetep mantep nindakake dhawuhe Aji Saka supaya njupuk keris pusaka Aji Saka. Akhire ana kedadean pertarungan antara abdi Aji Saka. Kalorone padha-padha mantep nindakake tugase saka Aji Saka.
Ing panggonan liya, Aji ngenteni Dora sing di tugasi njupuk kerise. Dheweke heran amarga Dora durung teka. Aji sing gumun lan penasaran mutusake nyusul Dora menyang pegunungan Kendeng supaya ngerteni apa sing kedadeyan.
B a r a n g t e k a n k a n a , A ji S a k a k a g e t b a n g e t n alik a w e r u h k alo r o a b din e p a d h a m a ti. A ji S a k a b a n j u r n g e r ti y e n k alo r o a b din e m a u wis s e d a a m a r g a s e t y a nin d a k a k e d h a w u h e A ji S a k a.
Amarga kaloro abdine mati, Aji Saka rumangsa salah. Dheweke ora nyana yen abdi apike kuwi teguh anggone nindakake amanat.
Kahanan kasebut ndadeake Prabu Aji Saka menehi pakurmatan marang kaloro abdine yaiku Sembada lan Dora.
Aji Saka banjur nulis layang ing watu kang isine “Ha na ca ra ka da ta sa wa la pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga”. Tegese prasasti kasebut yaiku “Ana utusan sing padha bertikai, kalorone padha duwe kuwasa lan padha mati bebarengan”.