BAHAN AJAR
ANOMAN
DUTA
KELAS IX SEMESTER 1
SMP NEGERI 2
SUMOWONO
APERSEPSI
Wayang inggih menika salah satunggalipun kabudayan Jawi
ingkang boten namung kangge tontonan nanging ugi ngewrat
tuntunan utawi kathah sanget pitutur luhur ingkang saged
dipunpendhet saking saben-saben cariyos lakon. Ringgit
dipunwastani tontonan amargi ngewrat kathah kagunan kang
rumesep kaliyan laras dipunmirengaken, kadosta seni swara, seni
sastra, seni rupa, seni laku, beksan, lan sapanunggalipun. Ringgit
dipunwastani tuntunan amargi ngewrat piwulang ingkang migunani
sanget kangge tiyang gesang.
Padatanipun, sumber cariyos ringgit saking kitab Ramayana kaliyan
Mahabharata. Dene, cariyos ingkang badhe dipunsinaoni ing
tataran SMP inggih menika cariyos Ramayana ingkang
nyariyosaken lelampahanipun Raden Ramawijaya kaliyan Dewi
Sinta. Nanging, ing pamulangan kelas IX menika badhe
kapunjeraken ing lakon Anoman Duta. Anoman kelabet salah
satunggalipun paraga ingkang nggadhahi watak ksatriya, mbela
kautaman, ugi remen paring pambiyantu marang tiyang sanes.
Pramila, cariyos Anoman Duta menika estu miguanani sanget
kangge mimbuhi kawruhipun para siswa. Ancasipun para siswa
saged mendhet pitutur luhur saking wos surasanipun cariyos ugi
nuladhani watak-watakipun paraga ingkang sae. Salajengipun
watak ugi pitutur menika saged dipuncakaken ing padintenan.
Pramila, supados saged mangertosi cariyosipun sumangga sami
dipungatosaken materi menika kanthi permati.
KOMPETENSI INTI
KI. 3 Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural)
berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni,
budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata.
KI. 4 Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan,
mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat dan ranah abstrak (menulis,
membaca, menghitung, menggambar,dan mengarang) sesuai dengan yang
dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian
Kompetensi
3.1 Menelaah isi teks cerita wayang
Ramayana Anoman Duta 3.1.1 Menelaah isi teks cerita wayang
Ramayana Anoman Duta. (C4)
4.1 Menceritakan kembali isi teks 4.1.1 Menulis ringkasan teks cerita
cerita wayang Ramayana wayang Ramayana Anoman Duta
Anoman Duta menggunakan ragam krama. (P4)
Tujuan Pembelajaran
Melalui model pembelajaran
Problem Based Learning (PBL),
setelah menyimak video animasi
Anoman Duta dan melakukan
kegiatan diskusi, peserta didik
mampu :
1.Menelaah isi teks cerita wayang
Ramayana Anoman Duta dengan
tepat.
2.Menulis ringkasan teks cerita
wayang Ramayana Anoman Duta
menggunakan ragam krama
dengan benar dan komunikatif.
KEGIYATAN 1 ORIENTASI MASALAH
Materi Faktual
Ayo sami nyimak video animasi cariyos Anoman Duta menika
kanthi permati kanthi klik link youtube ing ngandhap menika!
Sameptakaken ugi potelot utawi bolpoin kangge nandhani
tembung-tembung ingkang dereng dimangertosi tegesipun!
https://youtu.be/06HeJDy7D-E
Anoman Duta
Dewi Sinta sampun kadhusta dening Prabu Rahwana kaboyong dhateng Kraton
Alengka. Dewi Sinta kapanggenaken ing Taman Asoka. Ing Taman, Dewi Sinta boten
kersa dhahar kaliyan ngunjuk. Badanipun dados kuru aking, rikmanipun panjang
nggimbbal boten gelungan amargi sampun dangu boten siram.
Sedaya kalawau dipuntindakaken supados Rahwana boten nyelaki. Kangge njagi
kaslametanipun, tindak pundi kemawon Dewi Sinta tansah ngasta cundrik utawi keris
alit. Sawayah-wayah Prabu Rahwana badhe ngrudapeksa, piyambakipun lajeng
ngancem badhe nganyut tuwuh.
Ing taman Asoka namung Dewi Trijatha ingkang saged ngarih-arih Dewi Sinta
supados kersa dhahar. Dewi Trijatha menika putranipun Gunawan Wibisana, rayinipun
Rahwana dados taksih ponakanipun Rahwana. Dewi Trijatha menika sulistya ing warni
saha solah bawanipun boten beda kaliyan putri kraton sanesipun. Upami boten wonten
Dewi Trijatha, mesthi Dewi Sinta sampun seda suduk sarira, Dewi Trijatha ingkang kasil
ngarih-arih Dewi Sinta supados boten lampus dhiri.
Boten saged kagambaraken kados pundi kahananipun Dewi Sinta nalika
kadusta dening Prabu Rahwana. Dene Sri Ramawijaya kasil dados ratu bangsanipun
wanara saking kraton Guwa Kiskendha andhahanipun Sugriwa. Sawijining dinten,
Ramawijaya ngintun utusan wanara seta inggih menika Anoman. Anoman dipunutus
dening Sri Ramawijaya madosi sisik melik ing pundi kaliyan kados pundi kahananipun
Dewi Sinta.
Dumugi ing kraton Alengka, Anoman njujug ing taman Asoka. Lantaran Dewi
Trijatha, Anoman kasembadan pinanggih kaliyan Dewi Sinta. Anoman lajeng nyaosaken
kalpika kagunganipun Raden Ramawijaya katur Dewi Sinta. Sasampunipun mangertosi
kahananipun Dewi Sinta, Anoman pamit kondur. Eman, Anoman konangan lan kacekel
prajurit Alengka. Anoman dipunrangket lajeng kasowanaken ing ngarsanipun Rahwana.
Anoman dipunpatrapi paukuman kabesmi obong ing alun-alun Alengka.
Nanging Anoman menika wanara sekti mandraguna, boten tedhas kabesmi.
Nalika badanipun kobong, Anoman pencolotan ing sainggilipun wewangunan kraton.
Wewangunan kaliyan wit-witan ingkang dipunpencloki Anoman kobong sedaya. Kraton
Alengka ingkang wiwitanipun sae lan endah, samenika dados segara latu, kejawi Taman
Asoka. Paripurna anggenipun ngawuningani Dewi Sinta, Anoman kondur lajeng paring
palapuran dhateng Raden Ramawijaya. Anoman sampun sembada ngentasi karya,
dinuta dening Ramawijaya.
KEGIYATAN 2 MENGORGANISASIKAN Materi Konseptual
PESERTA DIDIK
PETA KONSEP
A. Pangertosan Ringgit Ramayana
Ringgit inggih menika “asil wohing pagesangan”
utawi “ngundhuh wohing pakarti”. Ringgit gadhah
kagunan kangge tuntunan ingkang ancasipun paring
pitedah tumuju margi kautaman, tontonan tegesipun
ngewrat kathah kagunan kang rumesep kaliyan laras
dipunmirengaken, kadosta seni swara, seni sastra, seni
rupa, seni laku, beksan, lan sapanunggalipun.
Ringgit inggih menika salah satunggalipun seni
pagelaran Jawi ingkang ngandharaken cariyos lumantar
boneka minangka paraganipun, dene ing maragakaken
boneka menika dipunwastani dhalang.
Padatanipun, sumber cariyos ringgit saking kitab
Ramayana kaliyan Mahabharata. Dene, cariyos ingkang
badhe dipunsinaoni ing tataran SMP inggih menika
cariyos Ramayana ingkang nyariyosaken
lelampahanipun Raden Ramawijaya kaliyan Dewi Sinta.
Nanging, ing pamulangan kelas IX menika badhe
kapunjeraken ing lakon Anoman Duta.
B. Paraga ing Cariyos Anoman Duta
PARAGA-PARAGA ING CARIYOS ANOMAN DUTA NGGADHAHI WATAK
INGKANG BEDA-BEDA, WONTEN INGKANG SAE UGI WONTEN INGKANG
AWON. SAKING SABEN WATAKIPUN PARAGA MENIKA PARA SISWA SAGED
MENDHET PATULADHAN.
Anoman menika raja wanara ingkang mbiyantu Ramawijaya mengsah
Rahwana. Anoman nggadhahi kasekten kados dewa. Anoman nggadhahi
dasanama Anjani Putra, Bayudana, Kapiwara, Palgawa Seta, Maruti,
Ramadayapati, lan Yudawisma. Anoman ksatriya ing Kendhalisada dene
gegamanipun Anoman inggih menika Aji Sepiangin, Aji Pamenging, kaliyan Aju
Mundri.
Ramawijaya menika satriya saking Pancawati ingkang nggadhahi gegaman
panah Gunawijaya, pramila trampil anggenipun manah. Ramawijaya
garwanipun Dewi Sinta.
Rahwana menika ratu ing Alengka. Dasamuka nggadhahi gaman pedhang
Mentawa kaliyan Aji-aji Pancasona. Rahwana kasengsem kaliyan Dewi Sinta
ingkang sulistya warni, lajeng ndhusta Dewi Sinta.
Dewi Sinta menika putrinipun Prabu Janaka inkang nggadhahi kadigdayan
boten saged kabesmi. Dewi Sinta garwanipun Ramawijaya.
Dewi Trijatha menika putrinipun Gunawan Wibisana, rayinipun Prabu
Dasamuka dados taksih prunanipun Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha menika
sulistya ing warni. Nalika ing taman Asoka, Dewi Trijatha ngancani Dewi Sinta.
KEGIYATAN 3 MEMBIMBING
PENYELIDIKAN
Materi Prosedural
Kanthi cara pirembagan ing kelompok, ayo padha mahami kaliyan
nganalisis suraosipun cariyos Anoman Duta kanthi trap-trapan ing
ngandhap menika:
1. Mahami suraosipun cariyos ringgit 2. Negesi tembung
Ramayana Anoman Duta ingkang awrat
Maos cariyos ringgit Ramayana Anoman Duta Tembung-tembung awrat ingkang dereng
kanthi permati. dipunmangertosi tegesipun dipuntandhani
Supados langkung gampil anggenipun mahami mawi bolpoin, lajeng dipunserat wonten ing
materi menika, peserta didik ugi saged nyimak kamus kecik ing bukunipun piyambak-
cariyos ringgit Anoman Duta ingkang piyambak.
kaandharaken mawi video animasi.
Siswa nyameptakaken cathethan kaliyan Tembung-tembung ingkang dereng
bolpoin, babagan ing wigati saged dipuncathet dipunmangertosi tegesipun dipunrembag
kadosta paraga, watak, saha prastawa- sesarengan wonten ing kelompok. Anggenipun
prastawa inti ing cariyos. Cathetan kasebut negesi tembung menika saged kabiyantu
saged mbiyantu kangge mangsuli pitakenan kanthi bausastra online sastra.org
babagan surasanipun caraiyos Anoman Duta.
14.M. Menednhdehtedt udduudtuatnanbabbaabgaagnan 3. Analisis watak paraga
ppitiutututur rluluhhuur rininggccaariryiyooss
Watakipun paraga saged katemtokaken
Sasampunipun maos ugi mahami suraosipun
mawi 2 cara, inggih menika:
cariyos ringgit Anoman Duta, para siswa saged
madosi pitutur luhur kang kaandhut ing cariyos. Panggambaran watak paraga kanthi
Anggenipun madosi pitutur luhur saged
adhedhasar watak, tumindak, utawi kedadosan langsung, ateges pangarang
ing cariyos
ngandharaken watakipun paraga ing
salebetipun teks waosan.
Panggambaran watak paraga boten
langsung, ateges watakipun paraga
saged dipunanalisis saking
tumindakipun, ukara-ukara nalika
pawicantenan, utawi pamanggih saking
paraga sanes ing salebetipun cariyos.
5. Nyerat ringkesanipun cariyos
Maos teks cariyos utawi nyemak video cariyos Anoman Duta kanthi permati
Nemtokaken gagasan utama.
Ngrembakaken gagasan utama dados paragraf ingkang wutuh.
Nglarasaken ringkesan kaliyan alur cariyos.
Nggatosaken panyeratan utawi tata basa ingkang baku.
KEGIYATAN 4 MENGEMBANGKAN Materi Metakognitif
DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA
A. Negesi Tembung-tembung Awrat
Supados saged mangretosi suraosipun cariyos kanthi gamblang, para siswa
kedah negesi saben tembung ingkang dereng mangertos tegesipun.
Anggenipun negesi menika saged kanthi tanyo winangsulan kaliyan kanca
ugi saged ngginakaken bausastra online sastra.org !
Caranipun inggih menika:
• Mbikak bausastra online kanthi ngetik sastra.org mawi HPnipun piyambak-piyambak.
• Pilih menu leksikon
• Lebetakan tembung ingkang badhe dipunpadosi tegesipun.
Tembung ingkang dipunlebetaken inggih menika tembung lingganipun.
Tuladha:
Tembung kadhusta dipunudhari dados ka- + dhusta
Tembung ingkang dipunlebetaken tembung dhusta
TULADHA TEMBUNG AWRAT
1.Kadhusta = diculik
2.Ngrudpeksa = dipeksa
3.Nganyut tuwuh = bunuh dhiri
4.Wanara = kethek
5.Cundrik = keris cilik
B. Watak Paraga ing Cariyos Anoman Duta
C. Pitutur Luhur Cariyos Anoman Duta
Cariyos ringgit Anoman Duta menika salah satunggalipun lakon ringgit Ramayana
ingkang ngewrat kathah pitutur luhur mliginipun gegayutan kalian sikap ksatriya ugi
kepahlawan. Kathah pamulangan moral ingkang saged kapendhet saking
lelampahanipun Anoman nalika dinuta dening Ramawijaya. Pitutur luhur ugi saged
kapendhet saking lelampahan paraga sanesipun ugi kedadosan-kedadosan ing cariyos.
Ayo padha madosi dudutan babagan pitutur luhur ing cariyos Anoman Duta!
Pitutur luhur kenging dipundadosaken patuladhan mliginipun kangge para mudha nalika
nglampahi jejibahan sinau ing pawiyatan.
KEGIYATAN 5 MENGANALISIS DAN
MENGEVALUASI PEMECAHAN MASALAH
Saking sinau babagan cariyos Anoman Duta menika kita
sedaya saged:
Mangertosi tegesipun tembung-tembung awrat ing
cariyos Anoman Duta.
Mahami surasanipun cariyos Ramayana Anoman Duta.
Nganalisis watakipun paraga-paraga ing cariyos
Anoman Duta.
Nyukani panyaruwe babagan watakipun paraga lajeng
nggayutaken watakipun menika kaliyan pagesangan
siswa ing padintenan.
Ndudut pitutur-pitutur luhur ingkang kaandhut ing
cariyos Anoman Duta.
Nyerat ringkesan cariyos Rayamana Anoman Duta.
Ngandharaken asil pirembagan ing ngajeng kelas.
DUDUTAN
Ringgit inggih menika salah satunggalipun kabudayan luhur bangsa
Indonesia ingkang ngewrat kathah piwulang luhur ingkang saged
dipundadosaken patuladhan dening bebrayan. Pramila, ringgit
dipundadosaken salah satunggalipun materi pamulangan ing pawiyatan
kanthi ancas saged paring panjurung tumrap program pendidikan
karakter. Kanthi sinau materi ringgit menika, siswa saged nuladhani watak
para paraga ing cariyos ringgit saha nuwuhaken raos bombong tumrap
kabudayanipun piyambak satemah ndherek nglestantunaken budaya Jawi.
2 5Cariyos Ringgit Ramayana lakon Anoman Duta nyariyosaken
lelampahanipun Anoman nalika dinuta dening Raden Ramawijaya kangge
madosi sisik melik Dewi Sinta ingkang kadusta dening Rahwana. Kanthi sikap
satriya Anoman ngentasi karya kasil paring palapuran dhateng
Ramawijaya. Negari Alengka ugi kasil kadamel besmi satemah ndadosaken
Rahwana kawon, ugi Dewi Sinta saged slamet kondur dhateng garwanipun.
4Saking kegiyatan sinau cariyos Anoman Duta menika, siswa saged mendhet
piwulang luhur ingkang kaandhut ing cariyos.
KAPUSTAKAN
Nurgiyantoro, B. (1998). Transformasi Unsur Pewayangan dalam Fiksi Indonesia. Yogyakarta:
Gajah Mada University.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters. Nuharini, Dewi dan Tri,
1Priyantono dan Sawukir. 2011. Marsudi Basa lan Sastra Jawa 3. Jakarta: Erlangga.
Subroto, Suryo B. 2016. Seri Literasi Remaja Kisah Ramayana. Yogyakarta: Esensi Erlangga
Group
Sutarto. 2021. Basa Jawa Kelas IX Semester 1. Sukoharjo: CV. Graha Printama Selaras