Anoman Duta
Dewi Sinta sampun kadusta dening Prabu Rahwana kaboyong dhateng Kraton
Alengka. Dewi Sinta kapanggenaken ing Taman Kaputren. Ing Taman, Dewi Sinta
boten kersa dhahar kaliyan ngunjuk. Badanipun dados kuru aking, rikmanipun panjang
nggimbbal boten gelungan amargi sampun dangu boten siram.
Sedaya kalawau dipuntindakaken supados Rahwana boten nyelaki. Kangge njagi
kaslametanipun, tindak pundi kemawon Dewi Sinta tansah ngasta cundrik utawi keris
alit. Sawayah-wayah Prabu Rahwana badhe ngrudapeksa, piyambakipun lajeng
ngancem badhe nganyut tuwuh.
Ing taman kaputren namun Dewi Trijatha ingkang saged ngarih-arih Dewi Sinta
supados kersa dhahar. Dewi Trijatha menika putranipun Gunawan Wibisana,
rayinipun Prabu Dasamuka dados taksih ponakanipun Prabu Dasamuka. Dwei Trijatha
menika sulistya ing warni saha solah bawanipun boten beda kaliyan putri kraton
sanesipun. Upami boten wonten Dewi Trijatha, mesthi Dewi Sinta sampun seda
suduk sarira, Dewi Trijatha ingkang kasil ngarih-arih Dewi Snta supados boten
lampus dhiri.
Boten saged kagambaraken kados pundi kahananipun Dewi Sinta nalika kadusta
dening Prabu Rahwana. Dene Sri Ramawijaya kasil dados ratu bangsanipun wanara
saking kraton Guwa Kiskendha andhahanipun Sugriwa. Sawijining dinten, Ramawijaya
ngintun utusan wanara seta inggih menika Anoman. Anoman dipunutus dening Sri
Ramawijaya madosi sisik melik ing pundi kaliyan kados pundi kahananipun Dewi Sinta.
Dumugi ing kraton Alengka, Anoman njujug ing taman Asoka. Lantaran Dewi
Trijatha, Anoman kasembadan pinanggih kaliyan Dewi Sinta. Anoman lajeng
nyaosaken kalpika kagunganipun Raden Ramawijaya katur Dewi Sinta. Pepanggihan
menika kasumerepan dening Indrajit, putranipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng
kapikut, kasowanaken ing ngarsanipun Prabu Dasamuka. Nata Alengkadiraja murka,
Anoman kapidana besmi. Anoman dipunpatrapi besmi ing alun-alun Alengka.
Nanging Anoman menika wanara sekti mandraguna, boten tedhas kabesmi. Nalika
dipunbesmi, Anoman pencolotan ing sainggilipun wewangunan kraton. Wewangunan
kaliyan wit-witan ingkang dipunpencloki Anoman kobong sedaya. Kraton Alengka
ingkang wiwitanipun sae lan endah, samenika dados segara latu, kejawi Taman Asoka.
Paripurna anggenipun ngawuningani Dewi Sinta, Anoman kondur lajeng paring
palapuran dhateng Raden Ramawijaya. Anoman sampun sembada ngentasi karya,
dinuta dening Ramawijaya.