The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Modul Bahasa Jawa kangge siswa kelas XII ingkang nembe PKL (Praktik Kerja Lapangan)

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Dewi Parwanti, 2023-08-20 03:15:19

MODUL BAHASA JAWA KELAS XII

Modul Bahasa Jawa kangge siswa kelas XII ingkang nembe PKL (Praktik Kerja Lapangan)

Keywords: BAHASA JAWA

i


ii Kata Pengantar Assalamualaikum wr. Wb Puji syukur ingkang tanpa upami katur wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Asih, ingkang tansah paring sih-tresnanIpun dhumateng titah sedaya. Awit saking peparing welas asih ingkang tanpa prabeda, sih-tresna ingkang tebih saking watak mban cindhe, mban siladan. pangrantam dalah pandhapukipun modul basa Jawi punika saged kaleksanan. Modul basa Jawi kangge siswa kelas XII SMKN 1 Jatiroto menika kadhapuk wonten salebetipun wekdal dalah kasagedaning panyerat ingkang sarwa winates. Namung greget ingkang makantar-kantar saking para pandhapukipun, mila buku kangge siswa menika saged kawujud. Modul basa jawa punika kaserat kanthi andhedhasar nilai – nilai karakter ingkang nyawiji wonten ing Kompetensi Dasar, Indikator lan Evaluasi. Jumbuh kaliyan tujuan sinau basa inggih menika tumuju dhateng paguwaosing basa tunrap siswa. Ketrampilan basa mekaten wonten kalih, inggih menika lesa lan sinerat. Pramila awit saking punika , undheraning pasinaon basa jawa ing modul menika para siswa trampil anggenipun micara ugi trampil anggenipun nyerat, kaangkah saged nuwuhaken kekendelaning para siswa ngginakaken basa jawa ing samadyaning pasrawungan. Bab punika ing saklajengipun kasuwun saged ndayani dhateng ngrembaka lan lestantunipun basa jawi. Modul punika dipun serat kanti ancas supados para siswa langkung gampil anggenipun sinau basa jawa, langkung boten kangelan anggenipun ngecakaken pasinaon basa jawa tumraping para siswa sedaya. Atur panuwun ingkang tanpa upami kulo aturaken dhumateng sok sintena ingkang sampun paring panyengkuyung menapa kemawon saengga modul punika saged kawujudaken.ing wasana mugia modul menika estu – estu pmupangati dhumateng para siswa sak dangunipun PJJ menika dipunlampahi. Penyusun


iii DAFTAR ISI Halaman Judul................................................................................................ i Kata Pengantar ............................................................................................... ii Daftar Isi......................................................................................................... iii Peta Konsep.................................................................................................... iv Pendahuluan ............................................................................ v Deskripsi Singkat Materi ............................................................................... v Petunjuk Penggunaan Modul.......................................................................... v KEGIATAN PEMBELAJARAN 1................................................................ 1 A. Pangerten Serat Wedhatama.............................................................. 1 B. Tembang Kinanthi ........................................................................................ 2 C. Ndudah Tembang Kinanthi .................................................... 4 D. Tuladha Nembang Kinanthi ............................................. 5 E. Wosing Wulangan.............................................................................. 5 F. Gladhen Kompetensi.......................................................................... 6 KEGIATAN PEMBELAJARAN 2 .............................................................. 9 A. Pangerten Geguritan .................................................... 9 B. Struktur Geguritan ...................................................... 10 C. Unsur -unsur Geguritan...................................................................... 11 D. Tulandha Geguritan .......................................................................... 14 E. Jinis-Jinis Geguritan.......................................................................... 14 F. Wosing Wulangan ............................................................................. 15 G. Lembar Kerja Pessrta Didik.............................................................. 16 H. Gladhen Kompetensi 2 .................................................................... 21 GLOSARIUM ................................................................................................ 22 DAFTAR PUSTAKA .................................................................................... 23


iv 4.2 Menulis geguritan dan membacanya 3.2 Menelaah serat Wedhatama pupuh Kinanthi 4.1 Menulis serta menyajikan teks serat Wedhatama pupuh Kinanthi 3.1 Menelaah serat Wedhatama pupuh Kinanthi SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI GEGURITAN


v PENDAHULUAN A. Deskripsi Singkat Materi Modul menika mbabar : 1. Pupuh tembang Kinanthi ingkang dipun serat wonten ing babagan serat wedhatama anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV . Pupuh tembang Gambuh punika salah satunggaling tembang macapat kang kagelung saking 18 pada . Saben sak pada kagelung saking enem gatra utawi larik. Saklajengipun dipun andharaken Saperangan pada – pada ingkang wonten ing pupuh gambuh,Negesi tembung – tembung ingkang angel, nggancaraken cakepan tembang gambuh dumugi nemtokake nilai luhur kang kandhut ing tembang Kinanthi, kang saged dipun ginakake kangge pedomaning pagesangan ing bebrayan masyarakat saben dina. 2. Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Geguritan saka tembung gurita kang diowahi saka tembung asale gerita. Tembung gerita dhewe saka tembung lingga gita tegese tembang utawa syair. B. Petunjuk Penggunaan Modul Supados anggenipun sinau saged maksimal asilipun langung sae para siswa ikuti petunjuk ing ngandhap punika : 1. Sakderengipun pasinaon dipun wiwiti langkung rumiyin donga miturut agaminipun piyambak – piyambak. 2. Para siswa kedah maos lajeng mahami peta konsep pembelajaran 3. Pelajari isi modul menika kanthi runtut 4. Kerjakan gladhen ing modul kanthi mandiri lan tanggung jawab 5. Serat menawi wonten tembung – tembung ingkang boten paham tegesipun 6. Siswa dipun nyatakaken kkm menawi sampun angsal nilai 70 C. Materi Pembelajaran Modul punika kaperang dados 2 materi pembelajaran. Ingkang sepindhah Serat Wedhatama pupuh Kinanthi, kaping kalih materi geguritan.


1 Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). Ing rasaning swara dikenal anane titilaras slendro lan titilaras pelog. Titilaras slendro iku ana telung pathet, yaiku slendro pathet nem, slendro pathet sanga, lan slendro pathet manyura. Serat Wedhatama kalebu salah sijining serat kang isine kumpulane tembangMacapat. Serat wedhatama kaanggit dening KGPAA Mangkunegara IV, Tembung wedhatama asale saka tembung wedha lan tama, wedha tegese piwulang dene tamategese utama utawa becik. Serat Wedhatama kagelung saka 5 tembang macapat yaiku : 1. Pocung : 15 Pada 2. Sinom : 18 Pada 3. Gambuh : 35 Pada 4. Pangkur : 14 Pada 5. Kinanthi : 18 Pada Tembang macapat iku nyritakake lelakoning uripe manungsa wiwit ana ing kandungan tekan akhir hayate. Filosofi tembang macapat kanggo gambarake urip manungsa ✓ Maskumambang : Pratanda diwiwitine urip manungsa ing alam donya.Digambarake bayi sing isih ning jero weteng utawa janin ning jaro kandungan.tegese ngambang ✓ Mijil : wijil, utawa wiyos, raras, sulastri Artinipun metu utawa lahir.Digambarake bayi sing lagi wae lahir saka rahim ibune isih suci. ✓ Kinanthi : saka tembung kanthi utawa dikanthi (dibimbing, diarakan lan dipandu). Digambarake bocah sing diwenehi piwulang utawa diwenehi nasehatsaka wong tuwane. ✓ Sinom : saka tembung nom utawa godhong asem = sinom. A. PANGERTEN SERAT WEDHATAMA


2 Digambarake bocahsing uwis nom utawa basa arab aqil baliq. ✓ Asmaradhana :saka tembung Asmara lan dahana. Digambarake wong singwis nandhang tresna antarane wong lanang kaliyan wong wadon. ✓ Gambuh : saka tembung jumbuh artinipun cocok pas. Digambarake wonglanang karo wong wadon sing wis padha-padha cocok kanggo jalin krama.keluarga lanang karo wadok podo cocok e kari njumbuhake / gathukkake nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa , mula iso mjumbuhakekebutuhan lair lan batin,keluwarga, masyarakat,pribadi karo Gusti ✓ Dhandanggula : saka tembung gegadhangan lan gula, (gegadhangan = angen- angen, gegayuhan lan cita-cita). Digambarake wong sing duwe gegayuhan uripmulya karo garwa utawa pasangane. ✓ Durma : diartikne saka tembung munduring tata krama. Digambarake manungsa mesthi duweni watak kang ala, wengis, iri dengki srei, nesu lanangkara murka. ✓ Pangkur : saka tembung mungkur. Digambarake manungsa sing uwis ora mikir bab kadonyan lan uwisiso ngendaleni hawa nepsu namung mikir babagama kanggo sangu ing akherat. ✓ Megatruh : saka tembung megat lan ruh. Pisahe raga lan jiwa / sukma , Jiwabali maramg Gusti Allah , Raga Sinawur ing kembang ✓ Pocung : Digambarake manungsa sing uwis meninggal utawa kapundhutwangsul dening gusti ingkang maha kuwasa. B. TEMBANG KINANTHI Tembang kinanthi mekaten salah satunggaling sekar Macapat. Sekar utawi tembang punika reriptan utawi dhapukanipun basa sastra, arupi reroncening basa ingkang endah, mawi paugeran tartamtu lajeng dipun lagokaken ngagem kagunan swara. Menggah sekar kinanthi, sasmitanipun inggih kinanthi, kanthi, gandeng, kanthil. Wondene watakipun seneng, tresna asih, mituturi, nuladhani, pramila limrahipun kagem paring pitutur kawicaksanan ugi cariyos ingkang nelakaken raos tresna asih. Filosofi tembang kinanthi yaiku nyritaake bocah cilik kang kudu dituntun supaya bisa mlaku ing alam donya kanthi becik lan nduweni tumindhak kang prasaja. 1. Unsur kang Ambangun Teks yaiku :


3 a) Laras : swara iramaning gamelan b) Titi larasan : tulisan/tandha sing nggambarake cendhek dhuwuringswara c) Cakepan : rerangkening tetembungan kang ana sajroning tembang d) Pathet : dhasar cendhek dhuwuring larase swara gamelan e) Pedhotan : tatacarane medhot tetembungan supaya kepenak diwaca ingsajroning gatrane tembang f) Andheg : selehing swara saben gatra g) Luk : ngenggokake/mbengkongake titi laras h) Gregel : variasi munggah mudhune titi laras sing ora ana luk e i) Cengkok : cirine tembang antarane tembang siji lan sijine 2. Paugeran Tembang Kinanthi : Duweni guru lagu,guru wilangan lan guru gatra. Guru lagu yaiku tibaning swara saben sak gatra. Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sak gatra utawa sak baris. Guru gatra yaiku jumlah baris utawa larik saben sak pada Paugerane Tembang Kinanthi Guru wilangan 8, 8, 8, 8, 8, 8 Guru lagu u, i, a, i, a,i Guru Gatra


4 Tembang Kinanthi 5 6 6 6 6 1’ 2’ 2’ Mang- ka kan- thi- ning tu- mu- wuh 2’ 2’ 1’ 1’ 6 61’ 5 6’ Sa- la- mi- mung a- was e- ling 5 6 1 1’ 1’ 1’ 1’ 61’ A- was sa- jro- ning lu- mam- pah 5 5 5 5 5 2 32 1 E- ling lu- ki- ta du- ma- di 1 2 3 5 5 5 5 5 Su- pa- di nir ing sang- sa- ya 3 2 2 2 2 32 3 5 Ye- ku- pang- rek- sa- ning u- rip C. NDUDAH TEMBANG KINANTHI PADA 1 Mangka kanthining tumuwuh, Salami mung awas eling, Eling lukitaning alam, Dadi wiryaning dumadi, Supadi nir ing sangsaya, Yeku pangreksaning urip. Mangka kanggo sanguning urip, Selawase kudu awas lan eling, Ing mlaku kudeh ati-ati, Eling marang pertandani urip, Supaya adoh sangka sangsara, Yo ngono carane nglakoni urip. Pada 1 serat wedhatama pupuh Kinanthi ngandhut pitutur jroning urip amnungsa kuwi kudu tansah eling lan waspada. Eling yaiku eling marang pituduh utawa tuladha kang dituduhake marang alam donya (Eling lukitaning alam). PADA 2 Marma den taberi kulup, Angulah lantiping ati, Rina wengi den aneda, Pandak-panduking pambudi, Bengkas kahadaning driya, Supaya dadya utami. Mula sregepa anak-anakku, Sinau netepi ati, Rina wengi den upaya, Mrasuk ing sajroning ati, Ngilangake napsu, Supaya dadi wong kang utama.


5 Pada 2 serat wedhatama pupuh Kinanthi ngandhut pitutur supaya ngasah ati utawa migunaake rasa (Angulah lantiping ati) lan ngedohi hawa nepsu supaya dadi manungsa kang utama lan nduweni prilaku kang luhur (Bengkas kahadaning driya supaya dadya utami.) D. TULADHA NEMBANG KINANTHI https://www.youtube.com/watch?v=fvX1vO4M9zQ E. WOSING WULANGAN 1. Serat Wedhatama karipta dening K.G.P.A.A Mangkunegara IV ing tlatah Surakarta 2. Asale saka tembung Serat tegese tulisan, Wedha tegese pitutur lan tama tegese becik utawa utama 3. Tembang Kinanthi duweni paugeran 6 gatra ( baris ) guru lagu lan guru wilangane 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i 4. Kinanthi tegese dikanthi utawa digandeng 5. Watak tembang seneng, tresna asih, mituturi, lan nuladhani 6. Wosing tembang Kinanthi ngandharake babagan pitutur urip kang ngandhut makna moral minangka tuntunan urip manungsa. 7. Makna kinanthi yaiku nyritaake bocah cilik kang kudu dituntun supaya bisa mlaku ing alam donya kanthi becik lan nduweni tumindhak kang prasaja.


6 A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d utawa e ing wangsulan kang bener! 1. Surasane pupuh Pangkur pada sepuluh ing serat wedhatama yaiku... a. kabeh manungsa bakale bali menyang Gusti b. wong kang cepet nampa ngelmu c. tumindak kang becik d. ati-ati anggone micara e. golek ngelmu kuwi kewajiban 2. Serat Wedhatama kuwi kasustraan jawa gagrag... a. anyar b. cilik c. lawas d. kuna e. Mataram 3. Saka satus pupuh Serat Wedhatama, Sepuluh pupuh kapisan jlentrehake babagan... a. tumindak becik b. ngabdi marang Gusti c. mimpin negara d. golek ngelmu kadonyan e. tumindak ala 4. Serat Wedhatama iku dumadi saka 5 pupuh kang kaperang dadi ... pada. a. sepuluh b. sewu c. pitu d. satus e. satus pitulas Upamane wong lumaku marga gawat den liwati lamun kurang ing pangarah sayekti karendhet ing ri apese kesandhung padhas babak bundhas anemahi 5. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku … . A. bakal entuk kacilakaan ing sadalan-dalan B. yen kurang pangati-ati GLADHEN KOMPETENSI


7 C. pungkasane bakal gawe lara awake dhewe D. lumaku ing dalan kang kebak pacoban E. wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene 6. Tembang Kinanthi beda karo tembang Macapat liyane amarga saben gatra nduweni guru wilangan cacahing wanda ..... A. Ora padha B. Meh padha C. Ora ajeg D. Padha kabeh E. Meh ajeg 7. Saben gatra sajroning tembang kinanthi nduweni guru wilangan cacah .... A. 6 wanda B. 7 wanda C. 8 wanda D. 9 wanda E. 10 wanda 8. Guru lagune tembang Kinanthi ing gatra kapisan tiba swara .... A. Nglegena/ a B. Wulu/ i C. Taling/ e D. Suku/ u E. Taling tarung/ o 9. Sasmitane tembang Kinanthi kaya ing ngisor iki, kajaba .... A. Kanthi B. Koncung C. Gandheng D. Kanthet E. Ganthet 10. Salami mung awas eling. Larikan iku menawa diwaca minangka guru wilangan lan lagune yaiku ..... A. 7 wanda tiba swara nglegena/ a B. 8 wanda tiba swara wulu/ i C. 9 wanda tiba swara taling/ e D. 10 wanda tiba swara suku/ u E. 11 wanda tiba swara nglegena/ a A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Kinanthi asale saka tembung kanthi, apa tegese! 2. Aranana kanthi jangkep paugeran tembang Kinanthi! 3. Aranana lan jlentrehna watak tembang kinanthi!


8 4. Jlentrehna wos tembang kinanthi ngisor iki! 5. Gawea tembang kinanthi kan trep karo paugeran, nganggo basamu dhewe kanthi tema pendidikan! Lumrah bae yen kadyeku, Atatamba yen wis bucik, Duweya kawruh sabodhag, Yen tan martani ing kapti, Dadi kawruhe kinarya Ngupaya kasil lan melik.


9 A. PANGERTENE GEGURITAN Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Geguritan saka tembung gurita kang diowahi saka tembung asale gerita. Tembung gerita dhewe saka tembung lingga gita tegese tembang utawa syair. Geguritan utawa Puisi basa Jawa ora kaiket dening paugeran tartamtu kayata tembang Macapat. Geguritan kaperang dadi 2 yaiku geguritan gagrak lawas lan geguritan gagrak anyar. 1. Geguritan Kuna/ Lawas yaiku nganggo basa Jawa kuna lan duweni aturan lan ciri-ciri kanggo nyusun geguritan lawas/ kuna. Paugerane yaiku : a. Diwiti tembung "sun gegurit". b. Cacahe gatra (larik) ing saben padha kudu runtut lan padha (paling sithik 4 gatra/larik). c. Cacahe wanda saben gatra kudu padha d. Guru lagune manut purwakanthi guru swara A,I,U,E,O Cara-carane nggurit utawa ngripta geguritan a. cacahing gatra (larikane) ora ajeg, nanging sithike papat, b. cacahing wanda (suku kata) ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe, c. tibaning swara (guru lagune) kudu runtut, d. sangarepe guritan, diwiwiti nganggo tembung “sun nggurit". Cathetan: Cara-cara kasebut dhuwur iku, mligi kanggo guritan kuna, dene guritan anyar wis ninggalake pranatan utawa cara-cara kasebut.


10 Tuladha : 2. Geguritan Gargarag anyar yaiku duweni sifat bebas merdeka utawa ora kaiket dening guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan guru swara. Jenis geguritan iki nganggo basa jawa modern utawa basa jawa jaman saiki. B. STRUKTUR GEGURITAN Sakliyane jinis geguritan ing dhuwur, geguritan uga duwe struktur geguritan yaiku kahanan apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ing tembung-tembung kang rinakit ana ing geguritan. Dene sing kalebu struktur geguritan yaiku: a. Pamilihan tembung (diksi). Tembung-tembung ing geguritan lumrahe duwe teges konotatif, asipat polisemi, lan duweni teges kang abstrak. Pinilihing tembung kang trep ngasilake imajinasi kang manjila. b. Lelewaning basa (majas). Majas uga diarani gaya bahasa, ing basa Jawa diarani lelewaning basa. Lelewaning basa bisa dikanggo nambahi grengsenging geguritan. c. Purwakanthi (rima/persamaan bunyi). Purwakanthi ing basa Indonesia diarani sajak utawa rima. Jinising purwakanthi, yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi lumaksita utawa purwakanthi basa. Jinising purwakanthi mau bakal kajlentrehake kanthi luwih gamblang ing andharan ngisor iki. 1) Purwakanthi guru swara utawa diarani asonansi yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara vokal kang padha, bisa urut utawa selang-seling. Tuladha: Yitna yuwana kena lena tuladha purwakanthi swara kang runtut 2) Purwakanthi Guru Sastra utawa diarani aliterasi yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara vokal, konsonan, lan tetembung kang padha. Geguritan kang nganggo purwakanthi guru sastra bisa dipirsani ing tuladha ngisor iki. Sipat pemudha-pemudhi Srawunge saya ndadi Raket wewekane sepi Tan kadi duk jaman nguni Srawung sarwa ngati-ati


11 Tuladha: 3) Purwakanthi lumaksita uga sinebut purwakanthi basa yaiku purwakanthi kang disebabake anane tembung ing pungkasaning gatra utawa ukara kang dibaleni ing wiwitaning gatra utawa ukara sakbanjure. d. Tipografi, larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. C. UNSUR-UNSUR GEGURITAN Unsur-unsur kang kinandhut ing sajroning kaya ing ngisor iki: a. Tema Yaiku gagasan pokok kang dikarepake panulis geguritan. Tuladha: sosial, moral, agama, lan kepahlawanan. Serat Srikandhi Maguru Manah Pinggir sendhangana gadhung, Rumambat ing klapa gadhing, Pinencokan manuk podhang, Sajodho tan ana tandhing, Jroning gedhong ana endhang, Milihi wohing kurandhing (Sutardjo, 2014: 55) Pepujaning Ati Dening: Agustini Yen godhong, godhonge salam Pikiranku tansah ngenam Yen godhong, godhonge waru Tekamu tansah dakantu Yen godhong, godhonge gedhang Ati iki sangsaya kebranang Yen godhong, godhonge senthe E, rasaku kok dadi kaya ngene Yen godhong, godhonge rambutan Ngapa rasane poyang-payingan Yen godhong, godhonge tales Muga-muga tresnaku tansah dibales (Panjebar Semangat No 1- 7 Januari 2012)


12 Tema pethikan geguritan gagrag anyar kasebut yaiku tema kepahlawanan. Geguritan kasebut nyritakeke labuh labete para mudha ing jaman biyen anggone ngrebut kamardikaning negara Indonesia kanthi tohing nyawa. b. Rasa pangrasa Tembung-tembung kang digunakake ing sajroning geguritan nduweni teges lan kagunan kanggo nitisake rasa pangrasa. Tembung-tembung lan ukara kasebut uga diarani gaya bahasa utawa lelewaning basa. Tuladha: sedhih, seneng, kangen, gumun, lan simpati. Pethikan geguritan kasebut nitisake rasa pangrasa susah. c. Nada/lagu Tegese patrap kang digunakake ana ing sajroning geguritan. Tuladhane ngguroni, nuturi, ngenyek, muji utawa nyemoni. Getih-Getih Tumetes Dening: Samiyoso Getih-getih abang ngetirah Tumetes sajroning lemah Dhadha jangga tinembus mimis Bangke gumlethak ngganda amis .... Minangka seksi Yen urip iki bakal mati Nanging tumetes getih terus mili sajroning dhadha Para mudha kang nyidham kamardikaning nagara Getih-Getih Tumetes Dening: Samiyoso Getih-getih abang ngetirah Tumetes sajroning lemah Dhadha jangga tinembus mimis Bangke gumlethak ngganda amis ....


13 Nada utawa lagune geguritan “ilat” kasebut yaitu nuturi. Nuturi supaya para pamaos gelem jaga wetune wicara. d. Swasana, Swasana teges kahanan batin utawa jiwa pamaos sawise maca geguritan. Geguritan iki duweni tujuan kanggo mbangun swasana batin pamaos geguritan Tuladha: Sawise pamaos maca geguritan “ilat”, kaajab pamaos nduweni rasa batin kang luwih ati-ati nalika micara amarga apa kang metu saka wicara iku kadhang kala bisa gawe tatune atine liyan. e. Amanat, Utawa pesen yaiku bab sing arep diwedharake dening panganggit geguritan marang pamaos geguritan. Ing sajroning geguritan, amanat iku ora ketok kanthi terang tarwaca. Amanat sinandhi ana ing pangrakiting tembung. Tuladha: Amanat geguritan “ilat” yaiku kita apike tansah njaga wetune wicara. Ilat Dening: Subagiyo Ilham Notodijoyo Amung sawelat Ambaning ilat Pradene wasis murba misesa Gawe begja cilakaning angga Ajwa kendhat Ngreksa ilat Njaga wetuning wicara saru Kang njalari tatuning kalbu Obahing ilat Darbe kasiyat Lamun nuju prana bisa mikat Yen tan pener gawe oreging rat


14 D. TULADHA GEGURITAN E. JINIS-JINIS GEGURITAN Jenise geguritan ana 7 yaiku : 1. Ode yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang wong liyo, negara, lan apa dene kang dianggep luhur. 2. Hymne yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang Gusti. 3. Elegi yaiku geguritan kang surasane babagan panalongso. 4. Epigram yaiku geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai hidup kang becil lan bener. 5. Satire yaik geguritan kang surasane ngenyek utawa ngece kanthi kasar lan landhep. 6. Romansa yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan. 7. Balada yaiku geguritan kang surasane babagan cerita utawa lakn kang nyoto utawa mung lamunane pujangga. Geguritan gagrak lawas Sun Nggegurit Kahanan jaman saiki sipat pemudha pemudhi srawunge saya ndadi raket wewekane sepi tan kadi jaman nguni srawunge sarwa ngati-ati Yen manut wasiteng kuna priya srawung lan wanita gampang kena panggodha nerak ing laku susila temah darbe jeneng ala wusananing tibeng papa Geguritan gagrak lawas Lathi lan Ati Dening: Elis Novianty Apa sing kok sawang Nalika netra mecaki lawang Apa sing kok elingi Nalika netra wiwit tangi Aja gunem yen ora bisa kang ditembungake Aja matur yen pasrah sing bakalane mesthi nglantur Aja ngalah yen nyatane wegah kalah Eling... Elinga apa kang dadi tumindakmu Aja kok dadekake gengsi minangka pakulinanmu Lathi kang gumunem Kudu selaras karo ati kang dadi panyimpen Aja kok dadekake lathi lan atu Tansah dadi mungsuh kang mbebayani Surabaya, 11 Nopember 2013


15 Teknik utawa langkah-langkah nulis geguritan, yaiku: a. Nemtokake tema utawa pokok prastawa kang bakal dianggit b. Ndaftar tembung-tembung kang jumbuh karo tema kang wis ditemtokake. 1) Basa kang endah (rinengga), dene kang klebu basa rinengga yaiku: a) Tembung-tembung Kawi b) Purwakanthi c) Panyandra d) pepindhan 2) Tetmbung-tembung andhahan kang karimbag mawa: a) Ater-ater ab) Seselan –in-, -um-, lan c) Tembung rangkep dwilingga lan dwipurwa 3) Tembung-tembung kang duweni aksara swara kang trep lan pas mula bisa nyawruh ake irama kang endah c. Nyusun tembung-tembung kang wis ditemtokake dadi baris-baris geguritan d. Nyusun baris-baris geguritan dadi pada utawa bait-bait e. Mriksa pener orane tembung-tembung lan gaya bahasa kang digunakake ing geguritan f. Nemtokake irah-irahan utawa judhul geguritan F. WOSING WULANGAN 1. Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Geguritan saka tembung gurita kang diowahi saka tembung asale gerita. 2. Struktur geguritan a. Pamilihan tembung (diksi) b. Lelewaning basa (majas) c. Purwakanthi (rima) d. Tipografi 3. Unsur-unsur geguritan a. Tema b. Rasa pangrasa c. Nada/lagu d. Swasana e. Amanat 4. Jinis geguritan a. Ode b. Hymne c. Epigram d. Elegi e. Satire f. Romansa g. Balada 5. Teknik nukis geguritan a. Nemtoake tema b. Ndaftar tembung-tembung


16 c. Nyusun tembung-tembung d. Nyusun baris e. Mriksa pener orane tembung f. Nemtoake irah-irahan LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK Nama : Kelas : Meteri Pokok : Teks geguritan Kompetensi Dasar : 3.2 Menelaah isi teks geguritan. Tujuan Pembelajaran : a. Peserta didik mampu menguraikan unsur-unsur pembangun dalam teks geguritan b. Peserta didik mampu menguraikan isi geguritan c. Peserta didik mampu menguraikan amanat teks geguritan hubungannya dengan peristiwa dan karakter masyarakat sekarang. a. Pituduh Garap 1. Dedonga luwih dhisik. 2. Sakdurunge garap, kowe kudu mangerteni materi bab iki kanthi permati! 3. Garapen pitakon ing ngisor kanthi bener! b. Gladhen Gatekna geguritan ing ngisor iki! Lathi lan Ati Dening: Elis Novianty Apa sing kok sawang Nalika netra mecaki lawang Apa sing kok elingi Nalika netra wiwit tangi Aja gunem yen ora bisa kang ditembungake Aja matur yen pasrah sing bakalane mesthi nglantur Aja ngalah yen nyatane wegah kalah Eling... Elinga apa kang dadi tumindakmu Aja kok dadekake gengsi minangka pakulinanmu Lathi kang gumunem Kudu selaras karo ati kang dadi panyimpen Aja kok dadekake lathi lan ati Tansah dadi mungsuh kang mbebayani Surabaya, 11 Nopember 2013


17 1. Kepiye unsur pambangun ing geguritan “Lathi lan Ati”? ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ................................................................................................................................. 2. Apa isi geguritan “Lathi lan Ati” ing dhuwur? ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ................................................................................................................................. 3. Kepiye pitutur luhur geguritan “Lathi lan Ati”? menawa wis koktemokake gayutna karo pawongan ing jaman saiki! ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ .................................................................................................................................


18 A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d, utawa e, kang bener! 1. Bima Suci Prawitasari iku banyu murni Agawe jalma suci bontosing gesang sejati Sabdane Pandhita Durna marang Bima Ing guwaning alas Tikbrasara E, kleru dudu, kulup kang nyata Ing telenging samudra laya Nanging tenane mung sarta nglorobake Mangka Bima diarah patine Iman pangandel njalari kendel-kumendel Iku kang nylametake titah kang wekel Sabda Ilahi iki yekti numusi Marma Bima ketemu Dewa Ruci Kunci pamore kawula-Gusti Tekad Sena kang tanggon dadi Bima Suci Tekad Sena wajib tinuladha Bima Suci wajib sira udi Mring sanggya satriya nusantara sejati Kang mula nedya mbrasta korupsi Teroris lan kaculikan warna-warni Iku Bima Suci kang pinter tumindak temen Mumpung rembulane durung surem Jembar kalangane durung nutup mingkem Ayo jumangkah asangu sungkem Wacan ing dhuwur sinebut … a. Sengkalan. b. Geguritan. c. Wangsalan. d. Panyandran. e. Paribasan. 2. Geguritan utawa puisi bebas mujudake perkembangan geguritan (syair) kang purwakanthine (sajak) a-a-a-a. Nanging saiki tembung geguritan iku wis owah tegese. Tembung geguritan duwe teges puisi bebas. Mula saka iku, kaendahane geguritan dumadi saka … a. Purwakanthi. GLADHEN KOMPETENSI 2


19 b. Diksi. c. Sajak. d. Pilihane tembung. e. a, b, c, lan d bener kabeh. 3. Tembung nglorobake, kang ana ing geguritan iku ngemu teges … a. Minterake. b. Mulyakake. c. Nyuwargakake. d. Nyengsarakake. e. Njlomprongake. 4. Geguritan ing dhuwur isih ana gandheng-cenenge karo kadadean ing Indonesia. Bima Suci pambrastha … wajib dituladha ing jaman saiki. Isine ceceg-ceceg sing bener yaiku … a. Korupsi. b. Teroris. c. Kaculikan. d. Korupsi lan teroris. e. Korupsi, teroris, lan kaculikan warna-warni. 5. Ing pada kaping telu geguritan Bima Suci, cetha menawa pangriptane arep paring piwulang utawa amanat : tekade Sena wajib dituladha sapa bae. Bima Suci wajib dipersudi sok sapa bae murih bisa katekan kang dadi panjangka. Wektu iki apa kang dadi panjangkane bangsa Indonesia ? a. Mbrastha korupsi. b. Mbrastha teroris. c. Mbrastha kaculikan. d. Mbrastha korupsi lan teroris. e. Mbrastha korupsi, teroris, lan kaculikan warna-warni. 6. Saka ngendi tuwuhing tekade Bima ? a. Banyu murni Prawitasari. b. Sabdane Pandhita Durna. c. Iman pangandel. d. Sabda Ilahi. e. Dewa Ruci. 7. Larahan Wutah Rahe Luh Tembung apa sing bisa takrakit Angluh ruruh


20 Wis takketap luh iki Larikan apa sing bisa taktata Lawase papacintraka Lan pangilon, mendahneya mrapat lan burem Rerangken apa sing bisa takpasrahake Saben remukan ambeganku Saben remegan kringetku Saben gumeteran prasaku Geguritan ing dhuwur duwe watak … a. Seneng. b. Susah. c. Lucu. d. Nelangsa. e. Sembrana. 8. Geguritan ing dhuwur yen kagatekake ora ana wewaton kang gumathok. Bakune pangripta bisa nulis geguritan manut osiking rasa lan atine dhewe-dhewe. Lire ora ana wewaton bab gunggunge pada, cacahing larik, dong-dinge swara, dawa cendhaking geguritan, mangkono uga tat panulisane. Menawa mengkono, apa kang bisa kanggo wewaton anggone pangripta nulis geguritan ing dhuwur ? a. Anggone nulis kudu awujud larik-larik. b. Pamilihe tembung kang mentes lan trep. c. Pamilihe tembung ngemu teges wantah lan ora wantah. d. Pamilihe tembung-tembung kang ngemu surasa sastra, lelewaning basa, utawa tembung-tembung kang nuwuhake kaendahan. e. a, b, c , lan d bener kabeh. 9. Gatekna geguritan ing ngisor iki ! Nyai ... Ujare mbok bakul sinambiwara Jengandika duwe aji pamungkas aran lebur sakethi Ampuhe kagila-gila, sektine kepati-pati Saiki ... Coba sampeyan buktekna Galo kae ! Langit sadhuwure negara katon malengkung Cahya abang panjalmane dewa dur angkara Kahanan peteng kapupus pedhut sandyakala


21 Aja pijer memathut dhiri, mingar-minger neng ngarep kaca Banjur nglencer ing omahe tangga ... Geguritan ing dhuwur nyaritakake bab apa ? a. Mbok bakul sinambiwara. b. Aji pamungkas aran lebur sakethi. c. Dewa dur angkara. d. Pedhut sandyakala. e. Nyai kang seneng memathut dhiri. 10. Diarani apa wong kang pagaweyane ngripta geguritan ? a. Waranggana. b. Sastrawan. c. Sinoman. d. Dalang. e. Pradangga. B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Gawea geguritan gagrak anyar kanthi tema pahlawan lan pendhidikan!


22 Glosarium Anggitan ; pangripta ; pencipta Becik ; sae, apik ; bagus Catur ; omongan ; perkataan Dudutan ; kesimpulan ; kesimpulan Edi ; sarwa becik ; serba bagus, indah Gatra ; larik ; baris Gegayutan ; kang ana gegayutane ; berkaitan Gladhen ; ajar, nglatih ; belajar, berlatih Jumbuh ; jumbuh ; sesuai Kaweruh ; kawruh ; pengetahuan Kinandhut ; ngandhut ; terkandung Luhur ; dhuwur ; mulia Mersudi ; nggegulang, sinau ; belajar Pada ; bait tembang ; satu bait lagu Paugeran ; aturan ; aturan Piwulang ; pitutur, pewarah ; pelajaran Pupuh ; kumpulan pada : kumpulan beberapa bait satu tembang Santosa ; kukuh, panggah ; bersikeras


23 Daftar Pustaka Herawati, Nanik. 2015. Baud Basa Jawa. Klaten: Intan Pariwara Widaryatmo, Gandung dkk. Prigel Basa Jawa. Jakarta: Erlangga Yatmono, Sudu dkk, Kabeh Seneng Basa. Semarang : Yudhistira https://www.youtube.com/watch?v=fvX1vO4M9zQ


Click to View FlipBook Version