PUPUH DHANDHANGGULA SERAT TRIPAMA TRIPAMA Dening : Dewi Parwanti, S.Pd.
Serat Tripama anggitane swargi : Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA ) Mangkunegara IV
Sarkara, manis, madu, (h)artati, dhandhang, guladrawa, lsp Guru Gatra 10 gatra Guru Lagu i, a, e, u, i, a, u, a, i, a Guru Wilangan 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
luwes, supel, manis, resep ( seneng ), nyenengake. Dhandhanggula ugo nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan.
Ngandharake babagan patuladhan, tokoh kepahlawanan saka crita Ramayana ing perangan lakon pada 1-2 “Sumantri ngenger” pada 3-4“ Kumbakarna Gugur” pada 5-6 crita Mahabarata lakon “Adipati Karna Gugur” . pada 7 minangka dudutan utawa kesimpulan
Bambang Sumantri putra Resi Suwandagni saka pertapaan Argasekar kaliyan permaisuri Dewi Darini. Gadhah rayi kaaran Bambang Sukrasana (bajang). Ngabdi marang kerajaan Maespati (Raja Arjunasasrabahu/ Arjunawijaya).
Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa samya anuladha, kadya nguni caritane, andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purune kang den antepi, nuhoni trah utama. . (Yogyane /becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andelandele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.
Lire lalabuhan tri prakawis, guna bisa saneskareng karya, binudi dadi unggule, kaya sayektinipun, duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas, katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji, Suwanda mati ngrana. (Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)
W O S K A N G K A M O T I N G PA D A 1- 2 Patih Suwanda/Sumantri ngajarake wong kang ngabdi kudu duwe sarat sarana guna, kaya, lan purun. Dadi abdi iku kudu pinter, bisa gawe sugih nagarane (mensejahterakan negara), lan nurut (taat) marang nagara sarta rajane. Iku ginambarake dening tokoh patih Suwanda kang bekti lan setya marang nagarane. Kayadene tokoh Sumantri kang ngenger marang prabu Arjuna Sasrabahu setya lan miturut kabeh dhawuh pangandikaning Gustine.
Yaiku putrané Begawan Wisrawa lan Dèwi Sukesi sing kaping loro. Sedulure ana papat, yaiku Dasamuka (Rawana), Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana. Kasatriyané ing Panglebur Gangsa. Garwané widodari, bebisiké Dèwi Kiswani, lan duwé putra cacah loro, yaiku Kumbakinumba lan Aswanikumba.
PADA 3 Wonten malih tuladhan prayogi, satriya gung nagari Ngalengka, sang Kumbakarna namane, tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami, duk awit prang Ngalengka, dennya darbe atur, mring raka amrih raharja, Dasamuka tan keguh ing atur yekti, de mung mungsuh wanara. (Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)
Kumbakarna kinen mangsah jurit, mring kang raka sira tan lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datan purun, amung cipta labuh nagari, lan nolih yayah rena, myang leluhuripun, wus mukti aneng Ngalengka, mangke arsa rinusak ing bala kapi, punagi mati ngrana. . (Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)
Kumbakarna ngajarake supaya dadi warga nagara kudu duwe sikep nasionalisme kang wani ngetohke jiwa lan ragane kanggo mbelani nagarane. Sikep iki kayadene Kumbakarna kang mbelani nagara Ngalengka saka pangamuke wadyabala Ramawijaya, iki minangka wujud sikep nasionalisme.
utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (Awangga), nagara cilik bawahan nagara Astina. Garwané asma Dèwi Surtikanthi. Adhipati Karna iku sadulur Janaka kang tunggal ibu nanging séjé rama. Ramané adhipati Karna iku aran Bethara Surya, déné yèn ramané Janaka iku Pandhu Déwanata, ibuné padha-padha Dèwi Kunthi.
Yogya malih kinarya palupi, Suryaputra Narpati Ngawangga, lan Pandhawa tur kadange, len yayah tunggil ibu, suwita mring Sri Kurupati, aneng nagri Ngastina, kinarya gul-agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadegken senapati, ngalaga ing Korawa. (Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)
PA D A 6 (Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oleh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama). Minungsuhken kadange pribadi, aprang tandhing lan sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene sira pikantuk, marga dennya arsa males-sih, ira sang Duryudana, marmanta kalangkung, dennya ngetog kasudiran, aprang rame Karna mati jinemparing, sumbaga wirotama.
tokoh Adipati Karna minangka dadi sawijining punjer crita Mahabharata ing perang Bharatayuda. Sanajan, wis ngerti yen dheweke iku sedulur tuwane para Pandhawa, nanging nalika perang Bharatayuda ora mbelani sedulure nanging mbelani nagara Ngastina kang wis nggedhekake lan kang disuwitani. Adipati Karna setya ing janji marang Duryudana kanggo mbales budi kang ngangkat derajade.
•Katri mangka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung pra prawira, amirita sakadare, ing lalabuhanipun, aja kongsi mbuwang palupi, manawa tibeng nistha, ina esthinipun, sanadyan tekading buta, tan prabeda budi panduming dumadi, marsudi ing kotaman. PADA 7
(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman.)
W O S K A N G K A M O T I N G S ERA T TRIPA M A Serat Tripama ngajarake wong kang ngabdi kudu duwe sarat sarana guna, kaya, lan purun. Dadi abdi iku kudu pinter, bisa gawe sugih nagarane (mensejahterakan negara), lan nurut (taat) marang nagara sarta rajane. Iku ginambarake dening tokoh patih Suwanda kang bekti lan setya marang nagarane. Kayadene tokoh Sumantri kang ngenger marang prabu Arjuna Sasrabahu setya lan miturut kabeh dhawuh pangandikaning Gustine.
Serat Tripama uga ngajarake supaya dadi warga nagara kudu duwe sikep nasionalisme kang wani ngetohke jiwa lan ragane kanggo mbelani nagarane. Sikep iki kayadene Kumbakarna kang mbelani nagara Ngalengka saka pangamuke wadyabala Ramawijaya, iki minangka wujud sikep nasionalisme. Patuladhan sabacute ing Serat Tripama, yaiku tokoh Adipati Karna. Tokoh iki minangka dadi sawijining punjer crita Mahabharata ing perang Bharatayuda. Sanajan, wis ngerti yen dheweke iku sedulur tuwane para Pandhawa, nanging nalika perang Bharatayuda ora mbelani sedulure nanging mbelani nagara Ngastina kang wis nggedhekake lan kang disuwitani.