CARA NULIS LAN MACA GEGURITAN Dening : Dewi Parwanti, S.Pd.
Jaman saiki panulise geguritan beda karo ing jaman biyen ora nganggo paugeran pinathok. Geguritan ing jaman biyen diarani puisi Jawa Kuna utawa puisi Jawa gagrag lawas, jalaran kaiket dening guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Ing puisi Jawa Kuna mesthi kawiwitan tembung “Sun anggurit” utawa “Sun Nggegurit” . Ing puisi Jawa anyar utawa geguritan, kabeh aturan mau ora ana. Cacahe gatra, wilangan, lan lagune bebas. Cara nulis/nggawe geguritan
Carane nulis geguritan yaiku: 1.Nemtokake tema, 2.Milih tetembungan kang mentes 4.Menehi irahiarahan kang junbuh karo isine geguritan 3.Endah lan cekak,
Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang, pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca. Sawijining geguritan bakal luwih gampang olehe nggoleki amanat utawa piwulang kang ana sajroning geguritan kanthi cara diparafrasekake luwih dhisik. Parafrase geguritan tegese proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragraf, kanthi ancas supaya maknane/tegese geguritan luwih cetha lan gamblang. Maca Geguritan
Kang perlu digatekake jroning nyulih wedharaning geguritan yaiku: 1. Maca tulisan (naskah) kanthi setiti 2. Ngira-ira tetembungan kang diilangi, nuli mbalekake 3. Njingglengi ten ana pasemin utawa pralambang sing dienggo 4. Njarwani (menafsirkan makna) pasemon utawa pralambange 5. Ngupakara (merangkaikan) ukaraukara saka panaliten dadi sawijining gancaran
Kanggo ngelingake maneh apa wae sing kudu digatekake nalika maca geguritan, ing ngisor iki perangan-perangan sing kudu disemak lan diugemi,yaiku: 1. Wirama (irama/lagu) Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng,wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane 2. Wirasa (rasaning swasana ati) Irama kudu digatekake nalika maca geguritan, umpamane banter, alon, cetha utawa samar, lan sapanunggalane. Nalika maca geguritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora, beda nalika maca geguritan sing surasane ngemu kasusahan, kudu alon, alus, lan melas.
.3. Wiraga (obahing awak) Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung. 4. Wicara (pocapan) Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake peranganing awak kanggo mbangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras karo isining geguritan nanging aja banget-banget.
TULADHA GEGURITAN
TAWAKAL MARANG GUSTI” DENING: KARYA DIAN YUSTIKA ING SEPINE WANCI KAKDELOK RASA RASANING KAWEDENKU MARANG PANJENENGAN ATI LARA TANPA UPAMA ELING MARANG SAKKABEHING POLAHKU GAWE MAKSIAT LAN DOSA SARTA LALAKON KANG ALA LELAKON KANG TANPA SUBA SITA MARANG WONG LIYA LAN SEPEPADHAN DUH GUSTI ING RODANE WEKTU NALIKA TENGAH WENGI KULA NGUNJUKKAKEN DEDONGA MARANG GUSTI INGKANG MURBA ING DUMADI GUSTI PARINGANA KAWELASANMU KANGGO NUNTUN AKU ELING MARANG AGAMA AGAMA KANG DADI AGEMING AJI AGAMA KANG BISA DADI GEGAMANING ATI’
Merapi… Saka kadohan katon gagah Asep putih ndedel ing awiyat Tilas dalan lahar katon cetha Kena sunare Hyang Bagaskara Merapi… Saumpama kowe bisa crita Kabeh kadadean ing tanah Jawa Wiwit jaman Mataram Kuna Nganti madege Kraton Ngayogyakarta Merapi… Sliramu anyekseni kridhaning bangsa Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda Jaman mardika jaman Soekarno Nganti jaman Soeharto Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo Merapi dadi saksi “MERAPI ” D E N I N G :PUTHU ARYA N A
GEDHE RASA TRESNA Sumber: geguritantgr.blogspot.com Pangangen ati bakal tak turuti Sepiro adohe bakal tak parani Sepiro angele bakal tak goleki Amargo gedene roso tresno iki Iki pangucap seko jerone ati Dadi janji suci dudu janji lathi Aku ora bakal ngapusi Entenono tekone awak ku iki Tresno ku marang slira mu Tresno nyoto dudu tresno reko-reko Tresno tuwuh seko jerone dodo Tak suwun bukaken ati mu Gede roso pangarep ku Biso nyanding slira mu Urip bebarengan selawase Mung pati sing biso misahake
“DONGANE IBU” Oleh: Desi Siswanti Maharani Guritmu nyuwek sepi wengi karang pradesan dadi kanca bence kang dadi tetembungan Kidungmu dadi japa mantra nginthil laku jantraing duijana Ibu… tembang-tembang dolananmu dadi cagak awak uripku jumangkah wani, mecaki donya klawu Ibu… dongamu sing ngegidung muga-muga sing mawa tetembungan dadi pengaji-aji muthes satruning dhiri
Sing Ilang Ben Ilang Dening: Iswahyudi Saupamane ngerti isine atiku… Ra bakalan kowe ngilang Kaya pedhut kang kasaput srengenge Kaya bun netes siya-siya ing lemah garing Nambah eluhku nelesi pipiku… Kabeh wus ora kena digetuni, Sebab jodho rejeki lan pati… Wis digarisake dening Gusti Kang Maha Kuwasa Sing ilang ben ilang… Ra bakal dak gayuh maneh Cukup sakmene kanggo riwayat Kanggo sasine lelakon urip, kowe lan aku kudu nrima legawa
“Kanggo Kanca” Biyen, tanganmu genggem tanganku Biyen, pundakmu enek kanggo aku nangis Biyen, guyumu nentremke atiku Nanging saiki…. Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku Kanca-kancaku kabeh,bayangna Apa sajatining kahanan sajroning dunya Yen ora ana welas lan asih Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih Ing sakjroning manah atiku Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku Kanca lan kancaku Elinga rasa atiku iki
PAHLAWANKU Pahlawanku Wutahing ludirmu Nyiram ibu pertiwi Nadyan sang ibu Kudu muwun sedhih Karajang-rajang manahe Karujit-rujit rasa pangrasane Pahlawanku Mugya Gusti paring nugraha Semana gedhene bektimu Jiwa raga, bandha donya Tanpa sisa Amung siji pangajabmu Merdeka
MATURNUWUN