The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Dewi Parwanti, 2023-08-30 08:21:35

TUGAS KELAS XII MIPA 4

TUGAS KELAS XII MIPA 4

TUGAS KELAS XII MIPA 4 A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d utawa e ing wangsulan kang bener! 1. Upamane wong lumaku, Marga gawat den liwati, Lamun kurang ing pangarah, Sayekti karendhet ing ri, Apese kasandhung padhas, Babak bundhas anemahi. Tembang ing dhuwur, yaiku .... A. Gambuh B. Pangkur C. Kinanthi D. Mijil E. Maskumambang 2. Umpamane wong lumaku, marga gawat den liwati nduweni teges .... A. Bakal entuk kacilakan sadalan-dalan B. Yen kurang pangati-ati C. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe D. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban E. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene 3. Serat wedhatama gadhah 100 pada, pupuh Kinanthi mapan ing urutan .... A. 1-24 B. 25-32 C. 33-67 D. 68-87 E. 83-100 4. Gatra kalima guru wilangan lan guru lagune tembang Kinanthi yaiku .... A. 8 a B. 8 u C. 8 i D. 7 a E. 7 i 1. Digarap ing selembar kertas 2. Jawaban pilihan ganda(A) diparingi katrangan (tuladha :B. Pangkur) 3. Soal Esay (B) ditulis jangkep (lengkap) soal lan jawaban! 4. Dikumpulkan!


5. Nalika lewat ing sangarepe wong tuwa becike ngomong ..... A. Kula nuwun B. Nuwun sewu C. Matur nuwun D. Mangga E. Sami-sami 6. Anak polah bapa ..... Tembung kang trep yaiku ..... A. Gumregah B. Malumah C. Sumringah D. Mlampah E. Kepradah 7. Upamane wong lumaku, Marga gawat den liwati, Lamun kurang ing pangarah, Sayekti karendhet ing ri, Apese kasandhung padhas, Babak bundhas anemahi. Wos tembang kasebut yaiku ..... A. Nalika mlaku ngati-ati B. Babak bundhas ngidak ri C. Wong kurang ngati-ati bisa cilaka D. Urip ing donya akeh alangan E. Lelakune wong mlaku 8. Tur kang nyulayani iku Wus wruh yen kawruhe nempil Nanging laire angalah Katingala angemori Mung ngenaki tyasing liyan Aywa sesak aywa serik Wos pupuh kasebut yaiku ..... A. Ora kena serik marang liyan B. Kawruhkang nempil kuwi ora prayoga C. Manungsa kalairake ngalah D. Kudu duwe rasa pekewuh marang liyan E. Kudu ngurmati wong kalah 9. Ing ngisor iki kang ora klebu sajrone Serat Wedhatama yaiku .... A. Gambuh B. Pangkur C. Sinom D. Pocung E. Maskumambang 10. Ukara tembang ing ngisor iki kang ngandhut baliswara yaiku ..... A. Marga gawat den liwati


B. Lamun kurang ing pangarah C. Sayekti kerendhet ing ri D. Apese kesandhung padhas E. Babak bundhas anemahi 11. Bocah yen ora duwe wedhi pindha kutuk marani sundhuk. Ukara ing dhuwur ngemot .... A. Purwakanthi guru swara B. Purwakanthi guru sastra C. Baliswara D. Fraseologi E. hiperbola 12. marma den taberi kulup angulub lantiping ati rina wengi den anedya pundak-pundaking pambudi mbengkas kaardaning driya supadya dadya utami wos/isi pupuh kasebut yaiku .... A. ati kang lantip tansah digladhen B. sregep sinau supaya dadi manungsa C. budi pakarti wigati tumrap ati D. ati ora kena lena E. manungsa kang nengenake ati 13. lamun kurang ing pangarah ateges ..... A. Bakal entuk kacilakan sadalan-dalan B. Yen kurang pangati-ati C. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe D. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban E. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene 14. Sirnakna semanging kalbu Den waspada ing pangeksi Yeku dalaning kasidan Sinuda saka sethithik Pamothahing nepsu hawa Linalantih mamrih titih Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku .... A. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane B. Aja tumindhak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-ati C. Ngilangake rasa samar lan tansah waspada ikubisa ngendhalemi hawa nepsu D. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati E. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara 15. Tembang macapat Kinanthi iku asale saka tembung kanthi kang ateges .... A. Nyekel B. Nggawa


C. Njupuk D. Nuntun E. Nyangking 16. 8a, 11i, 7a, 12u, 8a, 8i. Angka 8, 11, 7, 12, 8, 8 diarani ...... A. Guru sastra B. Guru basa C. Guru lagu D. Guru gatra E. Guru wilangan 17. Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot tibaning swara pungkasan saben sagatra, yaiku ...... A. Guru sastra B. Guru basa C. Guru lagu D. Guru gatra E. Guru wilangan 18. Pratelan kang nuduhake manungsa iku supaya dadi becik,yaiku ..... A. yeku dalaning kasidan B. tanpa tuwas tanpa kasil C. den waspada ing pangeksi D. marga gawat denliwati E. supaya dadya utami 19. Semaken geguritan ing ngisor iki! Jamane wis sarwa komputer Akeh wong pada keblinger Rodha becakmu tetep munyer Jamane wis sarwa satelit Pacul arit panggah nggegurit Nggo ngrabuki jagad alit Jamane wis sarwa edan Lanang ilang jalere Wadon ilang wanitane Tema sajroning geguritan yaiku .... A. Kauripan B. Pendhidhikan C. Budaya D. Unggah-ungguh E. Katresnan 20. Uripe Manungsa Dening : Kharisma L.W Iki ana cerita Kados uripe manungsa Ingkang rekasa Amarga kakehan dosa


Ora gelem nindake dhawuhe agama Geleme mung nyusahake wong tuwa Ora isa nyukuri sing diparingi pencipta Isane malingi duwite tangga Surasane geguritan kasebut yaiku .... A. Wong nyusahake wong tuwa B. Uripe manungsa pancen rekasa C. Uripe manungsa kang sarwa nyusahake D. Ora kena malingi duwite tangga E. Wong kakehan dosa ora gelem nindakake dawuhe agama F. Tangise pang-pang garing 21. .................. Tangise pang-pang garing kang kaprawasa dening angin Tangise lemah-lemah nela Jinemparing dening ketiga dawa Tangise para tani Katinggal mlayu dening Dewi Sri Irah-irahan sing pas kanggo geguritan nang dhuwur yaiku… A. mangsa paceklik B. mlayune Dewi Sri C. urip bebrayan D. piwelingku E. tangise pring garing Larahan Wutah Rahe Luh Tembung apa sing bisa takrakit Angluh ruruh Wis takketap luh iki Larikan apa sing bisa taktata Lawase papacintraka Lan pangilon, mendahneya mrapat lan burem Rerangken apa sing bisa takpasrahake Saben remukan ambeganku Saben remegan kringetku Saben gumeteran prasaku 22. Geguritan ing dhuwur duwe watak … A. Seneng. B. Susah. C. Lucu. D. Nelangsa. E. Sembrana. 23. Jaman iki nyata wis wolak-walik


Ora ana rasa wegah luwih-luwih sesirik Adat jawa mulya wis tinampik Budi luhur luntur, rasa angkara dilirik Pethilan geguritan ing ndhuwur ngemot .... A. Dasanama B. Purwakanthi guru basa C. Purwakanthi guru swara D. Rima E. Basa rinengga 24. Nadyan digrujug tirta Nadyan maruta padha teka Nanging latu kuwi ora surut Tegese latu yaiku ...... A. Udan B. Geni C. Angin D. Banjir E. Kobongan 25. Tegese tembung ratri ing ukara Donga ing tengah ratri, muga dadi tamba jampi urip iki, yaiku ..... A. Esuk B. Awan C. Sore D. Surup E. Bengi B. Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi patitis! 1. Upamane wong lumaku Marga gawat den liwati, Lamun kurang ing pangarah, Sayekti karendhet ing ri, Apese kasandhung padhas, Babak bundhas anemahi. Andharna surasane wos tembang kasebut! 2. Gathekna geguritan ing ngisor iki ! Lathi lan Ati Dening: Elis Novianty Apa sing kok sawang Nalika netra mecaki lawang Apa sing kok elingi Nalika netra wiwit tangi


Aja gunem yen ora bisa kang ditembungake Aja matur yen pasrah sing bakalane mesthi nglantur Aja ngalah yen nyatane wegah kalah Eling... Elinga apa kang dadi tumindakmu Aja kok dadekake gengsi minangka pakulinanmu Lathi kang gumunem Kudu selaras karo ati kang dadi panyimpen Aja kok dadekake lathi lan ati Tansah dadi mungsuh kang mbebayani Kepiye pitutur luhur geguritan “Lathi lan Ati”? menawa wis koktemokake gayutna karo pawongan ing jaman saiki! 3. Gawea geguritan nganggo basamu dhewe kanthi tema pendhidikan!


Click to View FlipBook Version