Sinau Basa Jawa
Modhul
Cerita Legenda
Johan Rinus Ananto
Kelas
VIII
Semester Ganjil
SMP/MTs sadrajat
ATUR SAPALA
Buku kerja peserta didik "Cerita Legenda" menika kalebet buku ingkang
ngemot soal-soal kangge tingkat SMP/MTs sadrajat. Wonten pundi, isinipun
adhedhasar saking Kurikulum 2013. Isinipun buku punika sampun slaras
kaliyan kurikulum enggal ingkang dipunginakaken wonten sekolah-sekolah
wekdal samangke. Isinipun buku punika sampun kasusun lelandhesan kaliyan
Standar Kompetensi Lulusan (SKL) sarta Kompetensi Dhasar (KD).
Kangge sampurnaning buku “Cerita Legenda” menika, kula sanget mawantu-
wantu pamanggih, pamrayogi, saha panyaruwe saking sinten kemawon. Kanthi
mekaten, buku ingkang badhe kababar salajengipun saged maremaken sakehing
pamaos. Kangge para sanak kadang dalah kulawarga ingkang sampun mbiyantu
arupi tenaga utawi materi menapa kemawon, kula ngaturaken panuwun ingkang
tuhu agung.
Wasana, mugi-mugi kanthi wontenipun buku punika saged mbiyantu para
siswa, kadang dwija, lan sutresna Basa Jawi anggenipun marsudi basa, sastra,
lan kabudayan Jawi supados saged ngrembaka lan lestantun.
Nganjuk, 18 November 2021
Pangripta
Wulangan 1
KD 3.1 Memahami isi teks cerita legenda Indikator:
1.1 Dapat menyebutkan ciri-ciri legenda
1.2 Dapat menyebutkan unsur-unsur
legenda
1.3 Dapat menjelaskan isi wacana legenda
Pandom Pasinaon:
1.Wacanen lan pahamana kanthi becik materi kang disajekake ing saben-saben kagiyatan
pasinaon. Yen ana materi kang kurang cetha utawa kurang kokpahami bisa ditakonake
marang guru.
2.Garapen saben kagiyatan dhiskusi, gladhen kanthi trep kanggo nglatih kemampuan
panguwasan konseptual lan literasi.
Kegiatan 1: Nyebutake Ciri-ciri lan Unsur-unsur Teks Legenda, Njlentrehake isi
teks legenda
Ing wulangan iki arep disinaoni babagan teks legenda, yaiku wiwit saka ciri-ciri lan
unsur-unsur. Kanthi nyinaoni teks legenda, diajab bisa jembarake wawasan lan
mangerteni uga paham ngenani teks legenda.
Mbabar Wawasan
Teks legenda yaiku cerita kang isine nyeritakake dumadine salah sawijining panggonan.
Tuladhane Asal-Usul Kitha Semarang, Dumadine Kabupaten Demak, Rawa Pening, Lsp.
Ciri-Ciri Crita Legenda
Imajiner, yaiku nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane.
Kolektif, yaiku dianggep duwene rakyat bareng-bareng.
Statis, tegese ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman biyen nganti saiki.
Ngemu tuladha, biasane cerita legenda nyeritakake bab ala lan becik kanggo
tuladha.
Anonim, maksude ora ana sing ngerti sapa sejatine sing ngarang.
Unsur-Unsur Pandhapuk Crita Legenda
Tema, yaiku undering prakarya utawa gagasan kang wigati.
Latar, yaiku katrangan ngenani panggonan, wektu lan swasana utawa kahanan
sajroning crita. Tuladhane, latar panggonan, latar wektu, lan latar swasana.
Alur, yaiku urutane kedadeyan ing crita saka wiwitan nganti pungkasan. Alur iku ana
telu, yaiku alur maju, mundur, lan campuran.
Paraga lan wewatek, Paraga yaiku tokoh sing ana ing sajroning crita. Wewatek yaiku
cara pengarang nggambarake wateke saben paraga. Paraga kapereng dadi telu,
yaiku Protagonis, Antagonis, lan Tritagonis. Protagonis yaiku paraga kang duweni
watek apik/sae. Antagonis yaiku paraga kang duweni watek ala. Lan tritagonis yaiku
paraga kang bisa dadi kancane protagonis utawa antagonis.
1
Amanat, yaiku ajaran moral utawa pesen kang ngandhut piwulang becik kang bisa
dijupuk dening pamaca.
Wacan
LEGENDA RAWA PENING
Ing Kabupaten Semarang, Kecamatan Ambarawa wonten dhusun naminipun Dhusun
Ngasem. Ing Dhusun Ngasem kacariyos wonten satunggal padhepokan ingkang kondhang.
Sedanten puthut lan endhang, sebatan damel murid jaler lan estri remen manahipun
amargi pikantuk tuladha sae saking guru ingkang gadah asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar
punika kagungan budi ingkang wicaksana. Dene muridipun ingkang ayu lan elok ingkang
naminipun Ni Endhang Ariwulan. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.
Ing Satunggaling dinten, Ni Endhang bingung madosi peso ingkang biyasa damel nyigar
pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen ing wayah dalu. Kanthi kapeksa, Ni
Endhang matur dhumateng Ki Hajar supados kersa ngampili pesonipun Ki Hajar. Pesonipun
wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti kedah ngatos-atos lan ampun ngantos pesonipun
keselehaken ing pangkon, amargi wekdalipun nggih sampun mepet. Cerita-Rakyat-
Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.
Nanging akhire Ni Endhang kesupen. Peso wau kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika
niku peso ical saking dhewekipun. Tumuli Ni Endhang ngadhep dhateng Ki Hajar rumaos
lepat, nanging ingkang dipunlapuri, Ki Hajar, boten duka. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-
Legenda-Rawa-Pening.
Sawetawis dinten, Dhusun Ngasem geger, amarga Ni Endhang nggarbeni. Ki Hajar
Salokantara tumuli dhawuh Ni Endhang banjur ngadhep. Ki Hajar Salokantara badhe tapa
brata ing Redi Telamaya lan maringi piranti awujud klinthingan utawi gentha ingkang badhe
migunani damel jabang bayi. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.
Boten dangu jabang bayi lair. Polahipun kados jabang bayi kang sanes, dheweke saged
ngucap lan nangis, nanging wujudipun naga. Senajanta awujud naga, jabang bayi wau taseh
tetep dipunopeni ngantos dewasa kanthi asih tresna. Warga ingkang anggenipun ngawon-
awon boten telas-telas nalika sumerep naga menika. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-
Legenda-Rawa-Pening.
Nalikane sampun dewasa, ing satunggaling dinten naga wau nyuwun priksa dhateng Ni
Endhang Ariwulan, sinten bapakipun sejatosipun. Banjur Ni Endhang maringi priksa
sejatosipun bapakipun menika Ki Hajar ingkang saweg tapa brata wonten Redi Telamaya.
Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.
Naga wau lajeng nusul ing Telamaya klawan mbeta klinthingan. Saking katebihan Ni
Endhang ngetutaken. Naga wau sampun medal lepen ingkang dawa, banjur dheweke leren
wonten ngandhap selo, samenika dipunwastani "Selo Sisik" lan nerasaken lampah ngambah
rawa, salajengipun naga wau liwat Kaligung, banjur leren malih wonten satunggaling selo
ingkang nami "Sela Gombak". Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.
2
Naga wau ngginakaken klinthinganipun. Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga
ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthing 6 utawi Baru Klinthingan.
Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged
manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah aya.
Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing saking ketebihan, dhewekesampun manggihaken
papanipun Ki Hajar Salokantara, banjur manggenipun wonten Sepakung. Ni Endhang mapan
wonten cerak sendhang. Lajeng sendhang menika kasebat nami Sendhang Ari Wulana. Naga
sampun dugi ing pertapan Telamaya, lajeng manthuk-manthuk ngormati Ki Hajar ing
sangajengipun, Ki Hajar Salokantara kaget nalikane pirsa. Ki Hajar sampun mangertosi menawi
naga ing sangajengipun kalawau naga ingkang nggadahi manah ingkang becik. Lajeng, naga
kalawau matur dhateng Ki Hajar. Ki Hajar Salokantara saya kaget, boten nginten menawi naga
kalawau saged ngucap.
Lajeng naga nyuwun pirsa Ki Hajar, menapa leres menika pertapanipun Ki Hajar Salokantara,
dhusun Telamaya. Ki hajar tumuli ngleresaken. Baru Klinthing ngraosaken bingah. Baru Klnthing
lajeng matur menawi Ki hajar Salokantara punika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu
sanget dipunpadosi. Boten kesupen dheweke lajeng sujud maring Ki Hajar. Nanging Ki Hajar
dereng pitados saestu, pramila lajeng Baru Klinthing dipunparingi pitakenan, saking pundi
papan dumuginipun lan sinten ibunipun. Baru Klinthing mangsuli menawi papan dumuginipun
saking Dhusun Ngasem lan ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan, Boten kesupen Baru Klinthing
tumuli nedahaken klinthingan tilaranipun saking Ki hajar Salokantara.
Ki Hajar Salokantara dhawuh menawi klinthinganipun menika dereng cekap, amargi ing donya
boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten panebusanipu lan kedah wonten
lelabetan. Supados saged Baru Klinthing dipunanggep putranipun Ki hajar Salokantara,
dhewekipun kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata nggih punika mlungkeri
Gunung Kendhil ngantos tepung galang. Ki hajar ngetutaken saking wingking tanpa dipun
mangertosi Baru Klinthing. Lajeng Baru klinthing mlungkeri Gunung Kendhil, nanging buntut lan
sirahipun boten tempuk, namung kirang sakilan. Nanging pungkasanipun Baru Klinthing
nyambung ngangge ilatipun. Lajeng Ki Hajar medal mlumpat banjur mungkes ilatipun Baru
Klinthing.
Senajan Baru Klinthing kelaran sanget, nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar Salokantara
maringi priksa menawi kekirangan kalawau boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi
pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun menika ilat. "Ilat iku jembare mung sawelat,
nanging darbe khasiyat. Nalika pinuju-nuju prana, bisa amemikat, nalika tan pener, bisa gawe
getering jagad", pratelane Ki hajar Salokantara.
Lajeng Baru Klinthing nerasaken tarak brata lan pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru
Klinthing 7 kedamel saking ilatipun Baru Klinthing.
Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun
boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana.
3
Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken
putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun
ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.
Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggalipun
warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah
dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang
nama Baru Klinthing.
wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.Sapa wae tokoh sing ana ing crita legendha rawa pening?
2.Crita legendha ing ndhuwur nggunakake alur sing kepriye?
3.Kena ngapa kok crita rawa pening disebut crita legendha?
4.Kepriye watake saben tokoh ing crita rawa pening? Coba jlentrehna!
5.Kepriye amanat sing kaamot sajrone crita legendha ing ndhuwur?
4
Gladhen
I. Pilihen wangsulan sing paling bener!
1.Crita asal-usul Desa Selakambang, Makam Wangi, lan Kedadean Candi Prambanan kalebu
jinise cerita …. A. Sage B. Mitos C. Legenda D. Fabel
2.Crita Kancil Nyolong Timun kalebu jinise cerita …. A. Sage B. Mitos C. Legenda D. Fabel
3.Dongeng utawa crita bab lelakon utawa perjuwangane para pahlawan diarani …. A. Sage B.
Mitos C. Legenda D. Fabel
4.Dongeng utawa crita kang ana gegayutane karo lelembut diarani …. A. Sage B. Mitos C.
Legenda D. Fabel
5.Crita rakyat sing asale saka Jawa Tengah, yaiku …. A. Sangkuriang B. Jaka Tingkir C. Malin
Kundang D. Pulo Samosir
6.Crita kang ora kalebu dongeng yaiku .... a. Perang Diponegoro b. Keong Mas c. Kancil
Nyolong Timun d. Buta Ijo
7.Crita kewan-kewan kang bisa ngomong kaya manungsa, diarani ... a. sage b. legenda c.
mite d. fabel
8.Jinise wacan/bacaan werna-werna, kang pas diwaca dening bocah yaiku ... a. artikel b.
sinetron c. dongeng d. novel
9.Crita rakyat sing asale saka Jawa Barat, yaiku ... a. Sangkuriang b. Jaka Tingkir c. Jaka Tarub
d. Jaka Kendhil
10.Crita kedadean gunung Tangkuban Perahu kalebu jinise crita ... a. sage b. legenda c. fabel
d. mite
5
Refleksi
Sawise maca, nyinaoni, lan mangerteni babagan teks legendha, kawruh apa kang kokpikolehi?,
apa mupangate pasinaon iki?, ana apa wae sajrone teks legendha?, banjur kepriye anggonmu
mangerteni teks legendha?. Jlentrehna panemumu ing saklembar kertas kanthi jangkep lan
gamblang. Yen wis rampung, kumpulna menyang gurumu!
Reringkesan
Teks legenda yaiku cerita kang isine nyeritakake dumadine salah sawijining panggonan.
Tuladhane Asal-Usul Kitha Semarang, Dumadine Kabupaten Demak, Rawa Pening, Lsp.
KAPUSTAKAN
Hadi, Samsul, dkk. 2015. Kirtya Basa. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
Padangan-Bojonegoro, 1986, Jayabaya, No. 28 tgl. 9 Maret 1986.