The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by sukariati20, 2021-11-30 02:20:12

PPT - CERKAK - X

PPT - CERKAK - X

CRITA CEKAK

Sukariyati, S. Pd.

KOMPETENSI DASAR

3.5 Menelaah teks crita cekak

4.5 Menulis dan menyajikan synopsis teks crita cekak yang
dibacanya

TUJUAN PEMBELAJARAN

Setelah membaca Crita Cekak peserta didik mampu
mengidentifikasi struktur teks, menjelaskan isi, dan menulis
synopsis Crita Cekak, dengan mengembangkan sikap teliti,
kreatif, dan percayadiri

Pangertene Cerkak

Cerkak yaiku sawijining karya sastra awujud gancaran
kang cekak kang ngandharake sawijining kedadeyan utawa
prastawa, kang tembung-tembunge ora luwih saka 10.000
tembung

Titikane cerkak

Titikane cerkak yaiku:
1. Critane cekak lan padhet
2. Alure mung siji
3. Basane mentes
4. Prekara kang diceritakake mung siji
5. Cacahe paraga mung sithik
6. Paraga kang diceritakake ora nganti owah nasibe
7. Menawa ditulis antarane mung 3-10 kaca

Unsur Cerkak

1. Unsur Intrinsik

Unsur intrinsik cerkak yaiku unsur kang mbangun cerkak

saka sajrone cerkak lan cacahe ana 8, yaiku:

1. Tema 5. Sudut Pandang

2. Paraga 6. Lelewaning Basa

3. Watak 7. Amanat

4. Setting 8. Alur

a. Tema Tema yaiku sing dadi underane utawa inti ing
prakara crita.
Tuladhane:
- Kamanungsan
- Kasusilan
- Kabudayan
- Sesrawungan
- lsp

b. Paraga (Tokoh)
Paraga yaiku pelaku kang mbangun cerita. Paraga kaperang
dadi loro, yaiku:
a). Paraga pokok (tokoh utama)
b). Paraga kang sipate mbyantu (tokoh pembantu)
c). Paraga tambahan (tokoh figuran)

Miturut watake :
a). Paraga kang ala (tokoh antagonis)
b). Paraga kang becik (tokoh protagonis)
c). Paraga kang netral (tokoh tritagonis)

c. Watak/penokohan

Yaiku carane pengarang nggambarake karakter paragane,

kayata tandha-tandha fisik , tuladhane:

- Dhuwur - Lemu

- Pesek - Kriting, lsp

Tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga, tuladhane:

- Galak - Sumeh

- Grapyak - Pinter, lsp

Teknik kanggo nggambarake watak ana 2, yaiku:
1. Teknik analitik :

watak paraga dijlentrehake kanthi langsung
2. Teknik dramatik :

watak paraga dijlentrehake kanthi ora langsung kayata
nggambarake:

- bab tindak-tanduke tokoh
- lingkungan kauripan tokoh
- tata basane tokoh
- dalan pikirane tokoh
- dicritake dening tokoh liyane

d. Setting

yaiku papan, wektu kedadean, lan kaanan crita,

kayata:
 Papan: Pasar , sawah, dalan - kantor
 Wektu: esuk, awan, sore, bengi
 Kaanan/Suasana: Tegang, lucu, sedih

e. Sudut Pandang
Sudut pandang yaiku ing ngendi pengarang mapanake
dheweke ing cerita. Sudut Pandang cacahe wonten loro,
yaiku :
- Wong kapisan : Aku
- Wong katelu : Dheweke

f. Lelewaning Basa

Lelewaning basa yaiku basa kang digunakake pengarang

ing crita.

Lelewaning basa (majas) jenise wonten katah, yaiku :

- Hiperbola - Paradoks

- Personifikasi - Repetisi

- Metafora - Ironi, lsp

g. Amanat Amanat

yaiku gagasan utawa pesan sing pengin dikandhaake
pengarang marang kang maca utawa ngrungokake
cerita

h. Alur / Plot
Alur yaiku reroncening kedadeyan kang dironce lan
direngka kang mernani lakuning cerita.
Alur cacahe ana 3 alur yaiku :
1. alur maju/progresif
2. alur mundur/regresif
3. alur campuran (alur maju & mundur)

Alur kaperang dadi 5 yaiku :
1. Eksposisi :ngenalake para paragane, menehi informasi

ngenani prakarane
2. Komplikasi : wiwit ana masalah-masalah
3. Krisis : masalah kang dialami paraga sangsaya tambah
4. Klimaks : pucuking masalah, nasib paraga ditentokake
5. Resolusi : masalah-masalah wis ana karampungane, lan

nasib para paragane wis cetha

2. Unsur Ekstrinsik

Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cerkak saka
sanjabane cerkak, ing antarane:
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidikan
5. Budaya

APRESIASI CERKAK

Yaiku kagiyatan ngamati lan menehi pambiji marang wose
crita cerkak kang arupa piwulang/werdi lan ngamot
nilainilai, kayata :
1. Nilai moral
2. Nilai agama
3. Nilai sosial
4. Nilai budaya
5. Nilai pendidikan
6. Nilai estetis
7. Nilai etika
8. Nilai kamanungsan
9. Nilai politik

SINOPSIS

Sinopsis yaiku ringkesan isine crita.
Carane gawe sinopsis:
1. Maca naskah asline
2. Nyatete gagasan-gagasan pokok kang penting.
3. Nulis ringkesan adedhasar gagasan-gagasan pokok

kasebut
4. Migunakake ukara kang jelas lan gampang

dimangerteni
5. Monolog lan dialog cukup ditulis isine bae
6. Sinopsis ora entuk nyimpang saka crita asline

Tuladha cerkak

SANDAL ANYAR

Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale
adhine emang wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge
Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine, merga iku adhine
siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja
dadi buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane.
“Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke
Rina sing arep nangis.
“Mba ora duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe
Eka sing melas karo adhine.
Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis
ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku
sandal.

Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe

sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing
sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan atepe wis pada
rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada
mekar.

Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin
Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.
Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane.
Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.
“Ka, kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung
dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Eka.
“Nggih pak,kula ajeng usaha,”

Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing
arep dienggo neng sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu
lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Eka pamitan karo
wong tuwane.

“Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin. Moga-moga kula saged
dados juara lomba lan saget mundut sandal kangge Rina,” pamitane Eka
karo jabattangan wong tuwane.
“Ya, Amin. Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake.
“Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep
ditukokke sandal anyar.

Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan
ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-
werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing apik.

Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti
bener. Kiye wektune pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe
Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah
duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel
sepedane.

“Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka.
“Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring
kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga.

Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar

tuku sandal anyar.
“Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine.
“Sing werna pink mba!”

Langsung bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine

Eka lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe

dewek.
“Matur nuwun ya mba.”

Atine Eka tambah bungah.

UNSUR INTRINSIK

1. Tema 5. Sudut Pandang
2. Paraga 6. Lelewaning Basa
3. Watak 7. Amanat
4. Setting 8. Alur

1. Irah-irahan cerkak: Sandal anyar

2. Tema : Ekonomi

3. Paraga lan Watake :
 Eka : Penyayang
 Rina : Nerima
 Bapake: Kerja keras
 Ibune: Penyayang

4. Latar
 Panggonan : Ing pasar, Ing omahe Eka, ing sekolah
 Wektu : Wayah wengi, esuk-esuk.
 Swasana : rame, lan sumringah.

5. Alur : maju

6. Sudut pandhang : Wasana Purusa (wong ketelu)

7. Amanat :

Senajan kita sekalian ora duwe materi utawa harta sing melimpah nanging

dewek harus duweni ilmu sing bisa nduwurke derajat. Ing kauripan kudu

usaha lan pantang menyerah. Dadi wong kerja keras aja ngandalake wong

liya.

GLADHEN!

1. Gawea kelompok kang anggotane 4-5 siswa!
2. Goleka cerkak ing majalah “Panjebar Semangat”!
3. Wacanen kanthi Premati cerkak kasebut!
4. Analisisa unsur intrinsik cerkak kasebut (tema, paraga, watak, setting, alur,

sudut pandang, majas, lan amanat)
5. Tulisen sinopsis cerkak kasebut

MATUR NUWUN


Click to View FlipBook Version