The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by fluoridawardani14, 2023-06-21 09:50:49

Serat Wulangreh pupuh Kinanthi

Bahan Ajar

PUPUH KINANTHI SERAT WULANGREH FASE D (SMP KELAS VIII)


CAPAIAN PEMBELAJARAN Siswa mampu menganalisis dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan, atau pesan yang akurat dari teks sastra tembang macapat dalam bentuk audiovisual dan aural.


PEMBELAJARAN BERMAKNA · Menjelaskan makna dari kata-kata yang dianggap sulit pada serat Wulangreh pupuh Kinanthi Memahami isi serat Wulangreh pupuh Kinanthi Manfaat yang diterima siswa setelah mengikuti proses pembelajaran adalah sebagai berikut: 1. 2.


TUJUAN PEMBELAJARAN Setelah mempelajari modul dan mengikuti proses pembelajaran: •Siswa dapat mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dengan benar. •Siswa dapat memparafrasekan serat Wulangreh pupuh Kinanthi dengan benar. Siswa dapat menjelaskan pesan yang terdapat dalam serat Wulangreh pupuh Kinanthi dengan benar.


TEMBANG MACAPAT PUPUH KINANTHI Salah sijine kasusastran Jawa kang misuwur yaiku tembang. Tembang yaiku lelagoning tembung kang katindakake sarana swarane. Dene sing katindakna sarana gamelan diarani gendhing. Tembang Jawa iku ana patang werna, yaiku: a. tembang gedhe b. tembang tengahan c. tembang macapat d. tembang dolanan


sing arep dirembug ing kalodhangan iki yaiku tembang macapat. Tembung macapat asale saka maca lan cepat, tegese pamacane rikat, lagune ora kakehan cengkok. Uga ana sing ngarani macane papat-papat (wanda) jer ora ngurangi tegese tembung.


Tembang macapat duweni pathokan/paugeran sing jenenge: a. Guru gatra : cacahing larik/barik saben sapada (bait) b. Guru wilangan: cacahing wanda (suku kata) saben sagatra (salarik) c. Guru lagu : tibaning swara (vokal a, I, u, e, o) saben pungkasaning gatra (larik)


PUPUH KINANTHI Pada 1 Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi, Pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling. Pada 2 Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, suda prayitnaning batin. Pada 3 Yen wus tinitah wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.


PUPUH KINANTHI Pada 4 Nadyan asor wijilipun, yen kelakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi. Pada 5 Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling. Pada 6 Sanadyan ta nora melu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, iku panuntuning eblis.


PUPUH KINANTHI Pada 7 Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki. Pada 8 Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor kang den simpar, umbag gumunggunging dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki. Pada 9 Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lambanging wong ala, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, carita ala miwah becik.


GLADHEN Scan barcode kuwi!


Click to View FlipBook Version