The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by wardani.herlinakusuma, 2022-12-10 12:20:35

Modul Ajar Pambiwara

Modul Ajar Pambiwara

Herlina Kusuma Wardani, S.Pd., M.Pd.

Modul
Ajar

Pambiwara

SMK NEGERI 3 MADIUN


KATA PENGANTAR

Ucapan syukur pada Allah S.W.T, sehingga Penulis dapat
menyelesaikan modul pembelajaran yang berjudul Modul Ajar
Pambiwara. Penulisan modul pembelajaran ini dapat terselesaikan
berkat bantuan, petunjuk, bimbingan dan dukungan berbagai pihak.
Ucapan terima kasih yang tulus dan ikhlas serta penghargaan yang
setingi- tingginya kepada :

1.Sunardi, S.Pd., M.Pd. selaku Kepala SMK Negeri 3 Madiun yang
dengan kesungguhan beliau memberikan motivasi, dan arahan
agar saya membuat modul pembelajaran ini.

2.Bapak – ibu guru beserta seluruh staf dan tenaga kependidikan
yang telah memotivasi dan memberikan dukungan baik moril
maupun materiil dalam menyelesaikan modul pembelajaran ini.

3.Peserta didik SMK Negeri 3 Madiun khususnya kelas XI SMK
Negeri 3 yang telah banyak membantu dalam pelaksanaan
penulisan modul pembelajaran ini.
Semoga Allah S.W.T selalu melimpahkan rahmat, karunia, dan

berkah-Nya kepada segenap pihak yang telah membantu penulis
dalam menyelesaikan pembuatan modul pembelajaran ini. Akhir
kata, penulis berharap semoga modul ini memberikan manfaat bagi
seluruh insan akademik. Sangat disadari tiada gading yang tak
retak, oleh karena itu mengharapkan saran, kritik, dan segala
masukan yang konstruktif dari semua pihak demi perbaikan modul
pembelajaran ini.

Madiun, 31 Agustus 2021


PAMBIWARA

KOMPETENSI DASAR

3.3 Mengidentifikasi, memahami, menganalisis teks pewara atau pidato
sesuai kaidah
4.3 Menyajikan kegiatan sebagai pewara atau berpidato dengan
menggunakan tata krama sesuai konteks budaya

INDIKATOR

3.3.1 Mengidenttifikasi struktur teks pewara

3.3.2 Menganalisis struktur teks pewara
4.3.1 Membuat kerangka teks pewara suatu kegiatan

4.3.2 Menulis teks pewara

4.3.3 Praktik menjadi pewara


TUJUAN PEMBELAJARAN

1.Peserta didik mampu memahami arti pambiwara, struktur teks

pambiwara, dan bekal menjadi pambiwara

2.Peserta didik mampu membuat teks pambiwara

3.Peserta didik mampu mempraktikkan menjadi pambiwara


PAMBIWARA

APA KANG DIARANI
PAMBIWARA?


PAMBIWARA

A. Tegese Pambiwara

Pambiwara yaiku wong kang duwe jejibahan
ngantarake lumakune adicara. Acara acara kang
mbutuhake pambiwara, kayata adicara ijab, temu
manten, sepasaran manten, tasyakuran, pengajian,
wong kepaten, sunatan, rapat, lan liya-liyane.

Jejering pambiwara
dibutuhake kanggo nata
supaya sawijining acara
bisa lancar.
Kaya apa dadine yen
sawijining adicara ora
ana sing nata?

mesthi semrawut ora
karuwan.

Pambiwara kudu mangerti kanthi cetha lan gamblang
babagan apa wae kang ana gegayutane karo adicara kang
bakal dilantarake, kayata :

1.wiwit saka apa acarane
2.sapa pawongan kang melu nyengkuyung
3.kapan acarane
4.kepriye kahanane
5.kepriye lakune adicara
6.lan liya-liyane.
bisa digawe dudutan yen rancag orane sawijining adicara
gumantung marang kewasisane pambiwara anggone
nglantarake adicara.


PAMBIWARA

B. Bedanipun Pambiwara lan Pamedharsabda

Pambiwara asring sinebat annoucher,
utawa pewara. Pranatacara menika
setunggaling jejibahan ingkang mbetahaken
keahlian mirunggan/mligi amargi tiyang
ingkang nggadahi pakaryan menika
lumrahipun sampun ngertos urut-urutanipun
acara lan migunakaken basa Jawa krama
inggil.

Pranatacara nyepeng ayahan ingkang
ageng, dados punjering kawigatosan, amargi
regeng, rancag, nges lan mbotenipun
satunggaling adicara saperangan ageng dados
tanggel jawabipun pranatacara. Soksintena
kemawon para paraga ingkang magepokan
kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan
boten saged tumindak piyambak-piyambak
menawi dereng wonten atur saking
pranatacara

Pamedhar sabda inggih punika paraga
ingkang kajibah mbabar satunggiling
prekawis ( wacana ). Ing tata upacara
panghargyan pamedharsabda mundhi
dhawuhipun ingkang hamengku gati,
upaminipun paraga ingkang kajibah
ngaturaken pambagyaharja, utawi ingkang
kajibah ngaturaken panuwun dhateng para
takziah ingkang sampun ndherekbela
sungkawa(wakil kulawarga), atur pambela
sungkawa wakil saking para takziah, utawa
atur panglibur dhumateng kulawarga
ingkang nandhang dhuhkita


c.

cengkorongan

teks
pambiwara

1. PAMBUKA
2. RANTAMAN BAKU
3. PANUTUP


PAMBUKA

Pambuka mujudake perangan kapisan kanggo
miwiti sawijine adicara. Sing kudu diandharake
dening pambiwara ing pambuka yaiku :

`1. Salam Pambuka

2. Atur pakurmatan marang sing padha rawuh

3. Ngaturake rasa syukur marang Gusti

4. Ngandharake karep minangka dadi pambiwara

Tuladha teks pambuka :

Nuwun

Bapak Kepala Sekolah minangka pangarsaning
pawiyatan SMK Negeri 3 Madiun ingkang satuhu
kinabekten
Bapak saha Ibu guru, saha para karyawan SMK Negeri 3
Madiun ingkang dahat kula bekteni,
Para tamu ingkang pantes sinudarsana,
sarta para kadang siswa SMK Negeri 3 Madiun ingkang
bagya mulya.


Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing
ngarsaning Gusti, Pangeran Ingkang Mahawelas lan

Asih ingkang sampun paring kanugrahan arupi
kanikmatan, saengga kula dalah panjenengan
kepareng pinanggih wonten ing ngriki kanthi rahayu

kalis ing rubeda
Para tamu ingkang minulya,
keparenga kula pun Bagaskara Pasetya,
saking tlata Madiun, kapasrahaken minanga
pambiwara wonten ing adicara pepisahan punika
badhe ngaturaken menggah rantamaning titi laksana
adicara pawiwahan ing wanci menika,


Rantaman Bakune
Adicara

BAKUNE ADICARA KANG BAKAL
DITINDAKAKE ING SAWIJINE
ADICARA KUDU DIWACA LAN
DIANDHARAKE KANTHI URUT LAN
RUNUT SUPAYA SAPA WAE SING
MENGKONE DUWE JEJIBAHAN
JRONING ADICARA BISA SAMAPTA
ING KARYA LAN SAWEGA ING
DHIRI UTAWA BISA SIYAP-SIYAP


Panutup

Ing bageyan panutup, kang diandharake yaiku :

1.Nyuwun pangapura menawa anggone mernata
adicara ana kekirangan

2.Salam panutup

Tuladha teks panutup :


Para rawuh ingkang minulya,
kados sampun

jangkep tumapaking adicara. Pramila sampun

dumugi purnaning titi laksana. Kula

sakadang ingkang ndherekaken tumapaking

adicara ngaturaken agunging panuwun

dhumateng kawigatosan panjenengan, bilih

kula sampun pinitados ndherekaken

lumampahing adicara pepisahan punika,

keparenga panjenengan sedaya kersa paring

pangaksama. Nuwun.


D. SANGU UTAWI SYARAT
DADOS PAMBIWARA

1.Patrap utawi Solah
Bawa

Patrap utawi sikep

rikala Pambiwara


kedah nedahaken
tata krami utawi

trapsila

Mimik utawi ewahing pasuryan katingal
sumringah anengsemaken amargi
swasananipun swasana remen. Ing
upacara pangrukti layon sasaged-saged
ngetingalaken raos sedhih utawi ndherek
ngraosaken duhkita


2. Busana lan Ngadi Sarira

Nalika nindakaken ayahan Pambiwara,
busananipun lan ngadi sariranipun kedah
dipunlarasaken kaliyan kawontenan.




Menika jumbuh kaliyan pariban "Ajining sarira
saking busana". Liripun ing salebeting
pasamuan sampun ngantos karana busana
ingkang boten trep/norak ndadosaken asor
prabawanipun.


3. Basa lan Sastra

Basa menika minangka

pirantos utawi sarana

lelantaran, sesambetan,

utawi lung- tinampen

kaliyan para tamu ingkang

mirengaken. Miila

basanipun
boten basa
dadkik-dakik, ingkang

tetembunganipun boten

dipunmangertosi ing

akathah.

Salajengipun, basa ingkang gampil dipuntampi utawi
basa komunikatif tuwin trep utawi pas ing
panganggenipun kedah migatosaken : sinten ingkang
gineman, sinten ingkang dipunajak gineman, sinten
ingkang dipunginemaken, swasana nalika gineman,
lan sami mangertosi ingkang dipunginem.


BAB-BAB SING PERLU DIGATEKKE
DENING PAMBIWARA

a.Swanten saha artikulasi / pangocapan
kedah cetha supadossaged
dipunmirengaken

b.Ngginakaken basa ingkang baku
c. Sikapipun ingkang tata trapsila
d.Busananipun ingkang rapi saha jatmika

e.Sikap ingkang limrah prasaja
f.Saged narik kawigaten pamireng

g.Wiraga ingkang limrah
h. Polatan ingkang limrah lan trep

kalihan swasananipun
i. Basa ingkang dipunginakaken kedah

jumbuh kalihanpamireng (audience)


SYARATIPUN PAMBIWARA

A. Olah swara: logat, pocapan, napas, tegas, cetha, boten

blero/bindheng, membat-mentuling swanten, kajiwa

B. Olah raga lan busana: Olah raga sapta-MA:

1)Magatra : patrap wajar boten dipundamel- damel

2)Malaksana : luwes, boten ingah-ingih

3)Mawastha : jejeg, boten kendho/ dhoyong

4)Maraga : boten maraga,boten rongeh/edheg/gumeter,

mantep,

5)malagawa : enthengan, trengginas

6)matanggap : tanggap swasana (susah, seneng)

7)mawwat : ngentasi karya

C. Olah basa lan sastra:pilihan tembung, purwakanthi, sekar,

suluk, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan, lsp


TULADHA TEKS
PAMBIWARA

PEPISAHAN KELAS XII

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan
Bapak Kepala

SMK Negeri 3 Madiun
Bapak Ibu guru ingkang pantes
sinudarsana,
Bapak Ibu wali murid saha tamu
undangan ingkang kula kurmati,
Para kanca/kadang nunggal pawiyatan
ingkang sutresna.

Langkung rumiyin mangga kula dherekaken muji
syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT,
ingkang sampun kepareng paring kanugrahan
ingkang arupi kasarasan, saenggangantos wekdal
menika panjenengan sedaya dalasan kula, saged
ngrawuhiacara Perpisahan Kelas IX SMP Tunas
BangsaTahun 2020/2021


TULADHA TEKS
PAMBIWARA

PEPISAHAN KELAS XII

Bapak Kepala Sekolah tuwin Bapak Ibu guru

ingkang dahat kinurma
tan kula ingkang kadhapuk

minangka pambiwara, langkung rumiyin badhe
ngaturaken menggah urut reroncening adicara
ingkang sampun rinacik dening para kadang panitia.
1.Adicara ingkang sapisan Pambuka.
2.Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah.
3.Tanggap wacana saking wakil kelas XII.
4.Tanggap wacana saking wakil kelas XI.
5.Panutup donga.

Bapak Ibu tamu undangan ingkang kinurmatan,

mekaten urutaning adicara ingkang badhe lumampah

ing wekdal menika. Bapak – ibu guru, raka kelas XII

dalasan para kanca sumangga adicara punika

kawiwitan kanthi maos basmallah sesarengan.

Sumangga

Ngancik adicara ingkang kaping kalih inggih

menika Tanggap wacana saking Bapak Kepala

Sekolah, ingkang menika dumatheng Bapak

Sunardi, M.Pd. sasana pangandikan

kasumanggakaken.


TULADHA TEKS
PAMBIWARA

PEPISAHAN KELAS XII

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika Tanggap wacana

saking wakil kelas
XII, dhumateng sederek Adam

kasumanggaken.
Matur nuwun dhumateng sedherek Adam.
Adicara ingkang kaping sekawan inngih maenika Tanggap
wacana saking adik kelas wakil kelas XI, dhumateng
sedherek Bimo kasumanggaken.
Matur nuwun dhumateng sedherek Bimo.
Salajengipun adicara ingkang pungkasan inggih menika
panutup. Kula minangka pambiwara ing adicara dinten
menika, mbok bilih kathah kalepatan atur, kula nyuwun
agunging pangaksama.

Minangka pratanda raos panuwun, ing pungkasan adicara
menika, sumangga kita ngaturaken Puji Syukur dhumateng
Gusti Allah SWT, kanthi sesarengan maos Hamdallah,
Sumangga.

Ing wasana cekap semanten. Sugeng kondur mugi-mugi
tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalamualaikum.Wr.Wb


s
Lokasi: SMK NEGERI 3 MADIUN
Tanggal: 28 September 2022
Oleh: Herlina Kusuma Wardani

BAHAS4.ALKIPNDDONESIA

RENCANA AKSI 2:
1. RPP
2. BAHASAN AJAR
3. MEDIA
4. LKPD
5. PENILAIAN


s
Lokasi: SMK NEGERI 3 MADIUN
Tanggal: 28 September 2022
Oleh: Herlina Kusuma Wardani

1 LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK 1

Satuan Pendidikan : SMK NEGERI 3 MADIUN
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : XII
Kompetensi dasar : 4.3 Menyajikan kegiatan sebagai pewara

Indikator atau berpidato dengan menggunakan
Tujuan
Materi tata krama sesuai dengan konteks

budaya
: 4.3.1 Membuat teks pewara
: Peserta didik mampu menulis teks pewara
: Struktur Teks Pewara

Prosedur :

1. Tulisen jeneng anggota kelompokmu ana ing lembar wangsulan

2. Wacanen LKPD iki kanthi tliti

3. Garapen kanthi cara kelompokan lan menawa ana sing kurang jelas paring pitakon marang

guru

4. Wangsulana pitakonan kang ana ing LKPD kanthi trep

GLADHEN :

Sawise bocah-bocah nyinoni bab pranatacara kanthi bebarengan, sabanjure bocah-bocah nindakake
pakaryan kanthi mandhiri. Tindakna pakaryan iki!

1. Temtokaken tema ing salah satunggaling adicara!
2. Gawea cengkorongan teks pranatacara!
3. Saka cengkorongan mau sumangga gawe teks pranatacara!

WANGSULAN :

KELOMPOK :

NAMA :

1.

2.

3.

4.

5.

6.

Teks Pewara Adicara ………………….

Salam pambuka

Atur pakurmatan

Ngaturake rasa syukur

marang Gusti


s

Lokasi: SMK NEGERI 3 MADIUN

Tanggal: 28 September 2022
Oleh: Herlina Kusuma Wardani

Ngandharake karep

minangka dadi pewara

Rantaman bakune adicara

Ngaturake gunging panuwun

dene adicara bisa lumaku

kanthi rancag

Nyuwun pangapura menawa

anggone mernata adicara

ana kekurangan

Salam panutup

Pedoman Penskoran Indikator Kriteria Skor
Menyusun acara 1. Sangat Lengkap 5
No Aspek yang dinilai dalam kegiatan 2. Lengkap 4
1 Kesesuaian sederhana 3. Cukup lengkap 3
susunan acara 4. Kurang lengkap 2
5. Tidak Lengkap 1
2 Struktur Pranatacara Menjelaskan 1. Sangat Lengkap 5
susunan acara 2. Lengkap 4
dalam kegiatan 3. Cukup lengkap 3
sederhana. 4. Kurang lengkap 2
5. Tidak Lengkap 1
3 Unsur Kebahasaan Bahasa yang 1. Sangat Baik 5
4 Ketepatan penulisan digunakan 2. Baik 4
pranatacara dalam 3. Kurang Baik 2
kegiatan 4. Tidak Baik 1
sederhana.
Ketepataan ejaan 1. Sangat Baik 5
dalam penulisan 2. Baik 4
teks pranatacara 3. Kurang Baik 2
4. Tidak Baik 1
20
Skor maksimal

Teknik Penlaian

SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI
1 5 6 30 11 55 16 80
2 10 7 35 12 60 17 85
3 15 8 40 13 65 18 90
4 20 9 45 14 70 19 95
5 25 10 50 15 75 20 100


PAMBIWARA

TEGESE PAMBIWARA

Pambiwara inggih menika paraga ingkang nggadhahi
jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggaling
adicara,

Ingkang kedah dipungatosaken nalika

dados pambiwara

1. Wicara
2. Wirama
3. Wiraga
4. Wirasa

bab-bab ingkang kedah kasingkiri dening pambiwara

1.Jumeneng kanthi 2. Asring mirsani cathetan 4. Boten gatosaken ingkang

lelambaran setunggal 3. Astanipun dipunbanda wonten midangetaken
wingking, utawi mlebet sak
suku , lan kirang sigrak 5. Gumujeng ingkang
dipundamel-damel
(loyo/nglentruk)


Click to View FlipBook Version