BAHAN AJAR AKSARA JAWA, SANDHANGAN, PASANGAN, ANGKA JAWA Dening : Dhidhik Budiarto, S.Pd PPG Dalam Jabatan Angkatan II Tahun 2023/2024
AKSARA JAWA B. Peserta didik mampu memahami kaidah penulisan teks aksara Jawa melalui kegiatan membaca teks aksara jawa (misalnya: nglegena/pasangan/sandhangan/angka/swa ra/murda/rekan/lainnya). A. IDENTITAS NAMA : Dhidhik Budiarto, S.Pd KELAS/FASE : X/E MATERI : AKSARA JAWA (ANGKA) C. Indikator Pencapaian Kompetensi Mendiagnostik (C4) Aksara Angka sesuai dengan tatacara dan kaidah penulisan Aksara Jawa yang baik dan benar. Menyimpulkan (C5) kaidah penulisan aksara angka Mengalihaksarakan (P4) kalimat sederhana berisi aksara angka bertuliskan aksara Jawa ke aksara Latin. D. Profil Pelajar Pancasila Peserta didik akan mengembangkan kemampuan kreatif, bernalar kritis,dan gotong royong dalam menggunakan pembelajaran aksara Jawa
Melalui model pembelajaran Problem Based Learning (PBL), setelah menyimak Video mengenai materi Aksara Jawa Metode Game Based Learning, peserta didik dapat mendiagnostik (C4) Aksara Jawa, aksara angka sesuai dengan tatacara dan kaidah penulisan Aksara Jawa yang baik dan benar. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning (PBL), setelah menyimak video mengenai materi Aksara Jawa Metode Game Based Learning,, peserta didik dapatmenyimpulkan (C5) kalimat sederhanaberisi berhuruf Jawa dengan penerapanaksara Angka ke dalam huruf latin. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning (PBL), setelah menyimak video mengenai materi Aksara Jawa Metode Game Based Learning,, peserta didik dapat Mengalihaksarakan (P4) kalimat sederhana berisi berhuruf Jawa dengan penerapan aksara Angka ke dalam huruf latin. E.Tujuan Pembelajaran
Faktual Konseptual Prosedural Metakognitif F. Materi Ajar Rekaman audio/video contohcara penggunaan aksaraAngka pengertian aksara Jawa, Wujud aksara Angka, Titikane aksara Angka Penulisan aksara angka sesuai kaidah yang tepat. Menyimpulkan makna dibalik aksara angka G. Pertanyaan Pemantik 1.Apa wae bentuk (wujud) sandhangan? 2.Apa wae jinis- jinis sandhangan? 3.Ana pira angka Jawa sing kok ngerteni?
FASE 1 IDENTIFIKASI MASALAH Materi Faktual Para siswa mangga ninggali saking video youtube kangge damel pitakenan bab mahami aksara,sandhangan,pasangan lan angka Jawa : https://www.youtube.com/watch?v=ZSfCIF2BWD4 https://www.youtube.com/watch?v=Aa3MSdWHhsg Wonten ngandhap ugi dipunparingi tuladha kahanan bilih sakmenika kathah ingkang sampun sinerat mawi aksara jawa kadasta : Ageman ingkang ngginakaken aksara jawa sampun ngrembaka wonten pundi pundi kemawon. Angka wonten ing jam dinding ugi kathah ingkang sampun ngginaaken Angka Jawa
Filosofi aksara Jawa Akara Jawa menika sinebut aksara Dentawyanjana utawa aksara untu, amargi pangucapanipun pucuking ilat menika nyenggol untu, wonten malih ingkang nyebut aksara legena (wetah/ telanjang). Aksara Jawa legena ngadahi filosofi kados manungsa bilih manungsa mboten saged muni ganteng, ayu yen mboten dipunsandangi, lan mboten sampurna yen mboten dipunpasangi, sami kaliyan aksara Jawa inggih mekaten mboten saged ngadeg piyambak lan mboten muni bilih dipun waos menawi mboten dipunsandangi lan dipun pasangi. Aksara Jawa uga nggadahi filosofi sami kaliyan manungsa, wonten uga aksara ingkang mboten saged dipun sigeg/dipaten yaiku ha, ra, nga amargi sampun wonten sandangan panyigeg yaiku layar,wigyan, cecak. Menawi filosofi aksara ha, ra, nga mboten saged sigeg amarga bilih tumrap tiyang Jawa sigeg utawa pangku menika kangge tiyang pejah, lan filosofi ha, ra, nga menika filosofi manungsa gesang saka tembung ha saka hana, ra saka rasa, Nga saka ngaurip dados menawa tiyang gesang menika mestinipun gadah rasa, rasa ajrih marang kang kuwasa, rasa marang sasama, rasa babagan bebrayan agung, maraga wong Jawa Ngone rasa. Filosofi aksara Jawa sami kaliyan manungsa, sakliyane ngginaake sandangan lan pasangan aksara Jawa uga mbetahaken aksara liyane kangge njangkepi kayata aksara rekan, aksara murda, aksara swara lan angka Jawa, sedaya menika sami kaliyan filosofi manungsa ingkang sinebat zoon politcon (manusia sosial) ingkang mboten saged gesang kiyambak sami kaliyan aksara Jawa inggih mbetahaken aksara sanesipun. Wujudipun Aksara Jawa Para peserta didik mangga dipunpirsani menika wujudipun aksara Jawa nglegena, sandhangan miwah pasanganipun : a. Aksara Jawa Nglegena
b. Sandhangan Sandhangan Swara Sandhangan Wyanjana Sandhangan Panyigeg Wanda
c. Pasangan Tuladha anggenipun ngecakaken maos saha nyerat aksara Jawa prasaja saged dipuntingali ing : https://www.youtube.com/watch?v=N2u-wvekDg0 d. Angka Jawa
Pangretosan saha Titikanipun Angka Jawa Angka Jawa yaiku peranganing aksara Jawa ingkang dipunginakaken kangge nyerat angka utawi wilangan. Panyeratan angka Jawa utawi wilangan menika meh sami kaliyan seratan angka Latin, satemah gampil anggenipun nyinau. Aksara angka kaserat saking angka 0 dumugi angka 9. Titikanipun aksara angka inggih menika: 1. Kangge nyerat angka ing salabetipun ukara utawi wacan prasaja, tuladhanipun: nyerat rega, tanggal, taun, lan sapanunggalanipun. 2. Ukara ingkang ngewrat angka tetep dipunserat ngginakaken aksara angka boten dipunkeparengaken nyerat ngginakaken aksara legena supados langkung ringkes. Tuladha waosan ingkang ngandhut aksara Angka
Fase 2 : Mengkoordinasi Peserta Didik MATERI KONSEPTUAL TITIKANIPUN AKSARA ANGKA Aksara Jawa menika wujudipun kathah. Wonten aksara Legena, aksara Rekan, aksara Swara, aksara Angka, saha aksara Murda. Dasar saking aksara Angka jawa inggih punika angka angka ingkang nginakaken system Hindu-Arab. Angka angka menika dipunginakaken sesarengan kaliyan aksara Jawa. Faktanipun aksara Jawa sampun dipungantos angka Arab, angka Jawa sinebat aksara wilangan. Kaginaan panyeratan angka Jawa dasaripun sami kaliyan angka wonten ing seratan latin, satemah anggenipun nyinaoni boten awrat kadasta nyinaoni aksara Jawa sanesipun kadasta aksara murda, aksara hanacaraka . Kaginaan angka Jawa sami kaliyan ingkang kita mangertosi inggih punika kangge panyeratan kadasta : 1. Ukuran dawa, abot, wiyar, lan wos 2. Wekdal utawi jam 3. Cacah dhuwit 4. Kwantitas utawi cacah
Fase 3 : Membimbing Penyelidikan MATERI PROSEDURAL KAIDAH PANYERATAN AKSARA ANGKA
ALIH AKSARA Alih aksara inggih menika pengalihan sawijining aksara setunggal dados aksara sanesipun. Tuladhanipun alih aksara Latin dados aksara Jawa. Wonten ing wulangan menika bakal alih aksara jawa dados aksara latin. Teks aksara Jawa ing wulangan menika ngecakaken panganggening aksara Angka, nanging ing salebeting teks menika boten namung aksara Angka. Teks menika ugi mawi aksara Legena, sandhangan, pasangan. CARANIPUN ALIH AKSARA UKARA- UKARA MAWI AKSARA JAWA DADOS AKSARA LATIN NGGINAKAKEN AKSARA ANGKA!
Fase 4 : Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya Materi Metakognitif Para siswa sasampunipun maos lan mengertosi materi tatacara panyeratan aksara Angka, kamangka siswa kedah saged alih aksara ukara ukara wonten ngandhap punika : WANGSULAN : 1. Pak Bardi duwe wedus 5. 2. Supardi tuku mie ayam 4, es teh 5. 3. Ika lair taun 1991. 4. Wong 3 padha sinau bareng. 5. Regane wedang jahe Rp 2500.
Fase 5 : Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah Para siswa, dumugi perangan menika sumangga sami atur raos syukur amargi para siswa sampun saged ngetrepaken aksara Angka wonten ing ukara ukara mawi aksara jawa saha saged mengalihaksarakan dados aksara Latin. Relevensi materi menika kaliyan pagesangan jaman sakmenika inggih punika para siswa kedah mangertosi panganggening aksara Jawa tumrap aksara Angka amargi wigati sanget ing jaman sakmenika, ampun ngantos bilih tiyang Jawi boten saged maos aksara Jawa. Para siswa kedah saged nglestantunaken budaya tinggalan leluhur menika.Jaman sapunika sampun kathah panganggening aksara Jawa ing pagesangan, tuladhanipun ing papan nama margi, nama sekolah, wonten ugi ing busana, saha sanesipun.
DAFTAR PUSTAKA Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B.Wolters. Purnamaety, Ephy. 2020. Rinumpaka. Klaten: Sinar Pengetahuan. Darusuprapta, dkk.. 2002. Pedoman Penulisan Aksara Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusantara. (Buku Pedoman Penulisan Aksara Jawa Kesepakatan 3 Gubernur) Ngadi. 2012. Wewaton Nulis Aksara Jawa. Klaten: Sahabat. Winarti, Sri & Suyati. 2019. Kartika Basa. Yogyakarta : Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga. https://www.youtube.com/watch?v=8yyWHFzvfeE https://www.youtube.com/watch?v=UJt3DJgQ9Cg