BAHASA JAWA
TEMBANG MACAPAT
Kelas 8
Oleh :
Oleh :ARNI INDRIATI, S.Pd
Tembang Macapat
Asring sinebut tembang cilik,
yaiku tembang kang kaiket ing
telung paugeran (guru gatra,
guru wilangan, guru lagu).
Paugerane tembang Macapat :
Guru gatra yaiku cacahing
gatra saben sapada
Guru wilangan yaiku
cacahing wanda saben
gatra
Guru lagu yaiku
tibane/dhong-dhinging
swara saben pungkasaning
gatra
Diarani tembang macapat awit pamacane sing apik
dipedhot papat-papat. Tembang macapat cacahe ana
11 (si-pu-pang-ki-dhan-dur-as-mi-mas-gam-megat)
1. Sinom 7. Asmaradana
2. Pucung 8. Mijil
3. Pangkur 9. Maskumambang
4. Kinanthi 10. Gambuh
5.Dhandhanggula 11. Megatruh
6. Durma
Wataking tembang :
Sinom : watake sabar, grapyak lan sumanak.
Lumrahe kanggo nelakake crita kang ngemu
piwulang lan pitutur.
Pucung : watake sakepenake lan kurang greget,
lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur.
Pangkur : watake seneng, anteban ati lan gagah.
Lumrahe kanggo rasa kagol, mangkelake, pitutur
kang disebabake rasa mangkel lan uga kanggo
nelakake kahanan paprangan.
Kinanthi : watake seneng, tresna asih, mituturi,
nuladhani. Lumrahekanggo menehi pitutur lan
crita kang nelakake rasa tresna asih
Dhandhanggula : watake luwes, kewes,lan ndudut
ati. Panters kanggo nelakake crita apa bae, ing
ngendi bae, lan kahanan kaya apa bae
Durma : watake galak, sereng lan ngemu
kanepson, mula cocok kanggo nyritakake wong
kang lagi nesu lan kahanan paprangan
Asmaradana: watake tresna asih lan sedhih.
Pantes kanggo nelakake rasa brangta, ttresna asih
lan crita katresnan
Mijil: watake tinarbuka lan pantes kanggo nelakake
pitutur, nasehat lan uga kanggo nelakake crita asmara.
Maskumambang: watake susah/sedhih lan melas asih.
Cocok kanggo nelakake rasa kasedhihan lan
ngenesake.
Gambuh : watake grapyak sumanak, mula pantes
kanggo nyritakake pitutur.
Megatruh : watake sedhih lan kentekan pengarep-arep
(putus asa). Lumrahe kanggo nyritakake crita
kasedhihan kang ngrantesake ati.
* Tuladha tembang ing ngisor iki semaken lan kepriye guru
lagu, guru wilangan lan guru gatrane,banjur aranana
kalebu tembang apa ?
1. Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha guru kang sanyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawehing liyan
Iku pantes sira gurunana kaki
Sartane kawruhana
2. Pitutur bener iku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo
Kanggo nambah pemahamanmu bab
tembang, wangsulana gladhen ing ngisor iki
Klik LINK ing KENE
MATUR NUWUN
Kawigatosanipun