The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

2610121118_Illa Rahmawati_Revisi UTS

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by illa.19001, 2021-11-18 19:55:28

Teks Sesorah

2610121118_Illa Rahmawati_Revisi UTS

MODUL

TEKS SESORAH


KELAS XI SMA/SMK/MA
SEMESTER GANJIL
DENING
ILLA RAHMAWATI

MODUL

MATERI
Mbabar wawasan
Gatekna wacan ing ngisor iki!

BUNG KARNO ORATOR KANG GAMBEN
Insinyur Sukarno, ya Bung Karno, proklamator kamardikan
Negara Kesatuan Republik Indonesia, pancen mujudake tokoh
kang asmane wis kawentar ora mung ing negara Indonesia wae,
nanging uga kondhang ing saindenging jagad. Manut crita
sejarah, Bung Karno banget disuyudi dening para pemimpin
negara-negara liya ing jaman semana. Panjenengane kondhang
kaloka saka kewasisane lan perbawane nalikane pidhato, nganti
digambarake sapa wae kang ngrungokake kaya kena daya
hipnotis. Mula ya ora nggumunake yen Bung Karno kalebu
tokoh donya kang katulis ing buku “Speeches that Changed The
Word” kang dijarwakake “ Pidhato-Pidhato yang Mengubah
Dunia”.
Kewasisane Bung Karno pidhato sing kapisan, kang njalari dadi
kawigatene masyarakat saindenging donya, yaiku nalika pidhato
ing sangarepe “Pengadilan Pemerintah Hindia Belanda” kanthi
irah-irah “ Indonesia Menggugat”. Pidhato kang isine
“pembelaan diri” amarga Bung Karno ditangkep dening Bangsa
Walanda mau kedadeyan ing Bandung nalika taun 1931. Wektu
iku Bung Karno isih durung dadi presiden. Nalika pidhato
panjenengane babar pisan ora duwe rasa wedi ngadhepi para
“penegak hukum” sing kabeh wong Walanda mau. Malah Bung
Karno kasil ngyakinake para hakim yen panjenengane ora salah,
mula Bung Karno kasil bebas, luwar saka paukuman.

Sakwise nyemak wacan ing dhuwur, wangsulana pitakonan ing
ngisor iki!
1. Apa para siswa wis tau gawe teks sesorah?
2. Apa para siswa wis tau nindakake sesorah?
3. Kepriye yen para siswa kudu nindakake sesorah ing kegiatan
sekolah?
Pasinaon
Gatekna gambar wong sesorah lan pasinaon ing ngisor iki!

Sawise delok gambar ing dhuwur, wis tau weruh wong
sesorah ta? Babagan apa wae sing kok mangerteni nalika

ngrungkokake wong sesorah?

Pangerten sesorah
Sesorah yaiku njlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud

tembung – tembung kang diucapake marang wong akeh.

Ancase sesorah
Sesorah duweni ancas – ancas kaya ing ngisor iki
1.Menehi hiburan, tegese ngandharake perkara kang gawe seneng lan
bungah. Padatane nganggo basa kang santai lan raket.
2.Menehi kawruh, tegese ngandharake kawruh tertamtu.
3.Ajak – ajak, tegese sing sesorah mau ngandharake alesan, bukti, lan
tuladha supaya sing mirengake gelem nindhakake kaya apa kang
dikarepake.

Metode sesorah
1.Impromtu
Dadakan, ora nganggo persiapan.
2.Apalan
Sesorah digawe dhisik, diapalake banjur diandharake.
3.Maca naskah
Sesorah wis ditulis banjur diwacakake.
4.Ekstemporan
Gawe garis besar isi naskah sing arep diandharake.

Cak – Cakan utawa sangune wong sesorah
1.Tatag
Ora wedi, ora ndredeg.
2.Tanggap
Ngerti kahanan, umpama swasana mendhung, utawa wis kewengen
anggone sesorah digawe cepet.
3.Tanggon
Nyenengake lan gawe marem amarga basa kang bener, ringkes lan
gampang ditampa.
4.Titis
Njumbuhake apa kang kudu diaturake.

Patrap sing ora oleh ditindakake nalika sesorah
1.Patrape kaku, kaya wong baris
2.Nyekel cagak mike, nyoba mike kanthi cara disebul
3.Loyo utawa ora semangat
4.Mbesengut
5.Patrap mbanda tangan
6.Tangan mlebu ing sak (saku) celana
7.Kukur – kukur

Kagiyatan 1: Ngidhentifikas teks sesorah

Perangan sesorah
Sesorah uga diperang sing saben perangane iku duweni titikan – titikan
sing dadi tandha perangan. Sajrone sesorah ana 5 perangan, yaiku
1.Salam pambuka

Sajrone salam pambuka duweni titikan yaiku kawiwitan tembung – tembung sing mujudake salam. Tuladhane
kayata ing ngisor iki

“Assalamualikum Warahmatullahi Wabarakatuh”

2.Purwakaning atur
Sajrone purwakaning atur iki, tuladhane kaya ing ngisor iki

“Minangka purwakaning atur sumangga kita ngaturaken puji sukur dhumateng gusti ingkang maha kuwaos
ingkang sampun paring kawilujengan lan karaharjan dhumateng kula lan panjenengan sedaya saengga kula lan
panjenengan saged makempal wonten papan mriki kanthi tentrem lan ngecakake protokol kasarasan.”

3.Wigatosing atur
Sajrone wigatosing atur tuladhane kaya ing ngisor iki

“para rawuh ingkang satuhu kinurmatan. Keparenga kawula ngampil kamardikan, Kula badhe ngaturaken
andharan ingkang temanipun inggih menika “sistem seserepan jawi minangka pepanthanipun budaya jawi lan
topikipun inggih menika piwulang bab tata krama dhumateng putra salebetipun kulawarga kanthi cara nuladhani
lumantar kegiyatan wonten bale griya. Saking topik kalawau saged kula perang dados 5 perangan. Ingkang kaping
setunggal kenging menapa ta kedah paring piwulang tata krama dhumateng putra, kaping kalih, kaping kalih
kados pundi tata cara anggenipun paring piwulangan tata krama dhumateng putra, kaping tiga sinten ingkang
kedah pareng piwulang tata krama menika, kaping sekawan mbenjang menapa anggenipun paring piwulangan,
lajeng ingkang pungkasan wonten pundi anggenipun paring piwulang menika”

1.Pangajeng – ajeng
Sajrone pangajeng –ajeng duweni tuladhane kaya mangkene

“Sakpurnanipun kita badhe pepisahan, Mugi – mugi menapa ingkang sampun kula andharaken kalawau saged migunani
tumrap kula lan panjenengan sedaya, mugi mugi kula saged pepanggihan malih, lan kawontenan menika saged
ndadosaken kekadangan kita saged langgeng salaminya”

5.Panutup
Sajrone panutup duweni tuladha kaya mangkene

“ Kula nyuwun agunging samudra pangaksami bilih wonten lepat anggen kula matur ugi solah bawa kula ingkang kirang
trapsilaWassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh”

Garapan 1
Identifikasinen teks sesorah ing ngisor iki

Sugeng pepanggihan para Rawuh ingkang sukabagya, ingkang dahat
kinurmatan kepala desa Tempursari lan para rawuh.
Sumangga kita ngaturaken puji sukur dhumateng gusti ingkang maha kuwaos
ingkang sampun paring kawilujengan lan karaharjan dhumateng kula lan
panjenengan sedaya sahingga kula lan panjenengan saged makempal
wonten papan mriki kanthi tentrem lan ngecakake protokol kasarasan.
Para rawuh ingkang sukabagya kadospundi pawartosipun panjenengan ?
tansah wilujeng nggih, ampun kesupen njagi kasarasan amargi wonten
pangeblug ingkang saged mbebrayani dhiri. Pepanggihan malih kalihan kula
Illa Rahmawati kula mahasiswi, Jurusan basa lan sastra Jawi, Fakultas Basal an
Seni, Universitas Negeri Surabaya. Dene asli kula saking Malang, persisipun
wonten ing desa Tempursari Kecamatan Donomulyo.
Keparenga kawula ngampil kamardikan, Kula badhe ngaturaken andharan
ingkang temanipun inggih menika “sistem seserepan jawi minangka
pepanthanipun budaya jawi lan topikipun inggih menika piwulang bab tata
krama dhumateng putra salebetipun kulawarga kanthi cara nuladhani
lumantar kegiyatan wonten bale griya. Saking topik kalawau saged kula
perang dados 5 perangan. Ingkang kaping setunggal kenging menapa ta
kedah paring piwulang tata krama dhumateng putra, kaping kalih, kaping
kalih kados pundi tata cara anggenipun paring piwulangan tata krama
dhumateng putra, kaping tiga sinten ingkang kedah pareng piwulang tata
krama menika, kaping sekawan mbenjang menapa anggenipun paring
piwulangan, lajeng ingkang pungkasan wonten pundi anggenipun paring
piwulang menika …

Inggih langsungkemawon kula andharaken ingkang kaping setunggal
kenging menapa ta kedah paring piwulang bab tata krama dhumateng
putra menika? Kan putra mbesuk putra yen sampun sekolah sampun
sekolah lak inggih sampun mangertos piyambak babagan tata krama
menika? Panemu – panemu mekaten menika klintu kedah dipunbuang
panemu – panemu mekanten. Amargi menapa? Amargi bab tata krama
menika wigati sanget, amergi menapa ta wigati? Amaergi yen boten
dipunwulang bab tata krama menika saged mbebayani. Mbebayani
ingkang kados pundi? Mbebayani ingkang dipunmaksut wonten mriki
mbebayani ingkang nalika ing pasrawungan menika saged timindak boten
sae. Yen putra sampun mangertos lan ngecakake babagan menika yen ing
pasrawungan menika ketawis sae. Menapa maleh jaman samenika
namung sakedik lare ingkang mangertos lan ngecakake babagan tata
krama maneika, amergi pengaruh saking kekancanan, pengaruh saking
pasrawungan, pengaruh saking medhia sosial, .Dados piwulangan bab
tata krama menika wigati sanget amergi supados lare menika mangertos
lan ngecakake babagan tata krama menika .
Kaping kalih kados pundi ta, tata cara anggenipun paring piwulang tata
krama dhumateng putra? Wonten kula perang dados kalih tata cara, ing
kaping setunggal biyasaaken awit alit
Kaping tiga sinten ingkang kedah paring piwulang?ingkang kedah paring
piwulang menika inggih tiyang sepuh, amargi menapa ta kok tiyang sepuh
ingkang mulang? Inggih amargi tiyang sepuh menika sampun
mangertosngengingi bab tata krama menika. Kayata ingkang kula
adharaken kalawau yen piwulangan babagan tata krama menika kedah
dipunwulangaken wiwit alit, amergi pendhidhikan ingkang sepisan menika
saking tiyang sepuh saderengipun putra menika mlebet sekolah lan putra
menika kagiyatanipun langkung kathah wonten bale griya, katimbang
wonten ing sekolah. Yen sampun wonten sekolah menika namung
mantebake lan ngecakake menapakemawon piwulangan tata krama
ingkang sampun dipunwulang kalihan tiyang sepuh menika. Lajeng
sanesipun tiyang sepuh mbak, mas lan simbah inggih saged paring
piwulangan ngengingi bab tata krama menika.
Lajeng ingkang kaping sekawan mbenjang menapa ta anggenipun paring
piwulangan bab tata krama menika. Inggih awit alit sampun dipunparingi
piwulangan menika. Kayata ingkang kula andharaken kalawau putra
menika yen wiwit alit sampun dupunwulang babagan tata krama menika

saged langkung sae. Lajeng menapa ta kok wiwit alit kan mbenjang
yen sampun sekolah inggih dipunwulang babagan tata krama
menika? Pamikiran – pamikiran kalawau miturut kula pamikiran
ingkang klintu, pamikiran ingkang boten sae. Amerga menapa kok
boten sae?amerga yen dipunwulang wiwit sekolah lare menika
boten biyasa ngecakake tata krama, lan yen piwulang tata krama
menika boten dibiyasakake saged dados perkawis nalikane lare
menika wonten ing pasrawungan, nalikane wonten sekolah, lan
nalikane wonten bale griya. Yen wicanthenan marang tiyang sepuh
boten damel basa krama lan soalah bawanipun kirang trapsila.
Kayata sakmenika lak era globalisasi utawi jaman modern, wonten
jaman sakmenika lak putra saged ngunduh, saged ndeleng menapa
kemawon lumantar internet, youtube, wa, Instagram, ingkang saged
maringi pengaruh dhumateng putra langkung - langkung pengaruh
babagan tata krama menika, yen piwulangan menika boten
dipunwulang wiwit alit, boten dibiyasakake, boten dimantepake
wiwit alit lare menika saged terpengaruh.

Lajeng ingkang kaping gangsal utawi ingkang kaping pungkasan
wonten pundi anggenipun paring piwulang babagan tata krama
maniki? Kayata topik ingkang kula kala andharaken kalawau,
piwulangan tata krama dhumaten putra menika dipunwulangake
wonten bale griya. Amerga menapa kok dipunwulang wonten bale
griya? Amerga kayata kula andharake kalawau piwulangan bab tata
krama menika lak dipunwulang wiwit alit, yen wonten bale griya
menika saged nuladani nalikane tiyang sepuh wicanthenan, saged
nuladani solah bawanipun tiyang sepuh nalikane wonten ing
pasrawungan, lajeng saged nuladani saking tata busanaipun,
kadospundi busana ingkang trapsila nalikane ing pasrawungan,
kadospundi tata busana nalikane ing griya ingkang trapsila kalihan
budaya jawi menika.
Kula nyuwun agunging samudra pangaksami bilih wonten lepat
anggen kula matur ugi solah bawa kula ingkang kirang trapsila

Lan Kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami
amargi panjenengan sampun kersa rawuh wonten papan mriki
lan kawigatosanipun panjenengan. Sakpurnanipun kita badhe
pepisahan, Mugi – mugi menapa ingkang sampun kula
andharaken kalawau saged migunani tumrap kula lan
panjenengan sedaya, mugi mugi kula saged pepanggihan malih,
lan kawontenan menika saged ndadosaken kekadangan kita
saged langgeng salaminya.
Sugeng pepisahan, salam seger waras
Jangkepana tabel ngisor iki!

Kagiyatan 2: Nganalisis teks sesorah

Jinis sesorah
Jinise sesorah iku ana 3 yaiku
1.Sesorah resmi
Tuladhane ana ing lembaga – lembaga kenegaraan lan sing
rawuh para pejabat.
2.Sesorah setengah resmi
Tuladhane sesorah ing kegiatan – kegiatan kemasyarakatan
kayata ing karang taruna.
3.Sesorah ora resmi
Tuladhane sesorah ing lingkungan kulawarga.

Garapan 2
Temtokna jinis lan struktur sesorah!!

Sesorah 1
Ingkang kinurmatan ... minangka ketua RT ....
Ingkang kinurmatan Bapak....
Lan ingkang kula banggakan inggih menika kanca - kanca
sedaya, warga Karang Taruna RT....
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngunjukaken puji
syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah
paring rahmat saha hidayahipun dhumateng kita sedaya
saengga ing enjing menika kita sedaya taksih pinaringan
kesempatan saha kasarasan saengga kita sedaya taksih saged
makempal wonten ing mriki. adicara Reorganisasi Pemuda RT
..... tanpa alangan. Sholawat saha salam mugi tansah kita
aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad
SAW ingkang sampun mbekta sedaya umat manungsa saking
jaman jahiliyah.
Para rawuh lan para tamu undangan sami bingah.

Mboten kesupen wonten ing mriki kula minangka wakilipun
rencang-rencang sedaya, matur nuwun sanget amargi ing enjing
menika rencang-rencang sedaya kersa rawuh saha ngluangaken
wekdal kangge ndherek kegiatan menika ngantos paripurna
adicara.
Mesthine kita kabeh ngerti banget yen ing acara esuk iki kita
kabeh bakal milih Ketua lan pengurus anyar minangka salah
sawijining langkah awal kanggo ngembangake organisasi kita. Ora
mung kuwi, agenda ing esuk iki uga bisa dadi pelajaran kanggo
kita kabeh babagan tata cara sing apik, kepriye musyawarah sing
apik, kepriye carane medharake panemu sing apik lan malah
kepriye sikape yen panemune salah. ora bakal ditampa dening
forum. Supados adicara ing enjing menika tamtu badhe paring
manfaat ingkang sae kangge kita sedaya.

Bapak-bapak saha para sedherek ingkang kula hormati.Ing mriki
kula ngajak piyambak lan rencang-rencang sedaya supados saged
majengaken organisasi Karang Taruna RT... menika. amarga
Organisasi Pemuda iki minangka papan sing bisa kita gunakake
minangka alat kanggo sinau sosialisasi kanthi apik. Sebab, para
mudha mujudake salah sawijine unsur kang wigati lan wigati
sajrone masyarakat. Mula prelu diberdayakan kang wusanane
para mudha bakal dadi tonggak kemajuane desa ing tembe.
Bapak-bapak ingkang kula hormati.
Aku mikir mung kuwi sing bisa dakkandhakake. Muga-muga
adicara reorganisasi ing esuk iki bisa lumaku kanthi lancar lan bisa
mujudake musyawarah mufakat sing mesthi wae asile bisa
ditampa dening kabeh anggota kanthi rasa welas asih lan
tanggung jawab satemah bisa luwih maju organisasi RT Taruna...
sing kita banggaake.

Pramila kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten lan
pungkasanipun.. Billahi Taufik Wal Hidayah Wassalamualaikum
Warahmatullahi Wabarakatuh
Jangkepana tabel ngisor iki!

Sesorah 2
Assalamu'alaikum wr.wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kyai Akrom Sofwan
Ingkang kula hormati Para Alim Ulama Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Para Tamu Undangan
Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu lan sedaya ingkang
rawuh wonten ing majelis menika

Sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah
SWT. Ingkang sampun paring kathah kenikmatan dhumateng kita
sedaya. Saengga wonten adicara menika kula lan panjenengan
saged makempal kanthi bungahing manah boten wonten alangan
setunggal menapa.
Sholawat saha salam sumangga kita aturaken dhumateng nabi kita
Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun ngrembakakaken agama
Islam ing alam donya menika. Ugi ingkang kula lan Panjenengan
derekaken syafa'atipun mbenjing ing dinten kiyamat.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Kula minangka Kepala Desa Pesaren ngaturaken matur nuwun
dhumateng panitia Karang Taruna "Mandiri" ingkang sampun
purun ngawontenaken pengaosan Isra' Mi'raj wonten ing desa kita.
Kegiyatan menika saestu sae sanget lan wujud kegiyatan ingkang
positif. Mugi-mugi ngajengipun saged ngawontenaken kegiyatan
ingkang sae malih. Insya Allah saking desa siyap mbiyantu.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Pengaosan Isra' Mi'raj menika kagem mengeti lelampahanipun
kanjeng Nabi Muhammad SAW nalika pikantuk dhawuh saking
Gusti Allah supados ngelampahi sholat 5 wekdal. Lha mugi-mugi
wontenipun pengaosan menika saged ngelingaken kula lan
panjenengan supados boten nilaraken sholat 5 wekdal. Saengga
insya Allah saged ndadosaken tentremipun manah kula lan

panjenengan. Sumangga ingkang wingi-wingi sholatipun taksih
bolong-bolong, dipunjangkepi. Sumangga ingkang wingi-wingi
Masjid Jami' Desa Pesaren nalika shubuh lan isya' sekedhik
ingkang nderek sholat jama'ah, dipunkebaki. Jama'ah wonten
masjid menapa mushola menika boten namung jejibahanipun
ingkang sepuh kemawon. Adik-adik karang taruna Desa Pesaren
inggih kedah sregep jama'ah wonten masjid utawi mushola.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Alhamdulillah karang taruna Desa Pesaren sampun jalan malih.
Sumangga kula lan Panjenengan sengkuyung sareng-sareng.
Menawi wingi-wingi aturipun adik-adik karang taruna mbetahaken
Base Camp, sumangga saged manggen wonten balai desa. Ing
mrika wonten setunggal ruwang kosong. Sumangga saged
dipunginakaken kagem karang taruna. Ingkang wigati
ruwanganipun dipunreksa.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Semanten ingkang saged kula aturaken. Kula nyuwun
pangapunten menawi wonten kathah kalepatan anggen kula
matur.
Nuwun.
Wassalamu'alaikum wr.wb.

Jangkepana tabel ngisor iki!
l

Sesorah 3
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, kawula nuwun.
Para Alim Ulama, para Rama Kyai ingkang tansah kinabekten.Para
sesepuh, pinisepuh ingkang pana ing pamawas, lebda ing pitutur
ingkang dahat kula bekteni.Para satriyaning nagari. pangemban
pangembating praja ingkang minangka pandam pandoming kawula
dasih ingkang dahat sinudarsana.
Para rawuh kakung sumawana putri, wredha tuwin taruna ingkang
satuhu dahat kinurmatan.

l

Langkung rumiyin sumangga kita ngunjukaken raos puji syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng Dumadi
ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sami,
saengga kula lan panjenengan saged rawuh ing pahargyan
punika.Sholawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan
kita nabi agung Mohammad SAW, mugi-mugi kita tampi
safaatipun ing yaumul akhir.
Para rawuh ingkang karoban sihing Pangeran, keparenga kula
cumanthaka ngadeg, sowan wonten ing ngarsa panjenengan
sami, anggempil sih kamardikan panjenengan ingkang nembe
sekeca wawan pangandikan. Kula minangka sesulihipun Bapa
Prasetya kajibah matur wonten ngarsa panjenengan sami. Awit
saking bombonging manah yen cinandra kadya karoban
samodraning memanis, pramila mboten kuwawi matur
piyambak.Para rawuh ingkang kula kurmati, ing wekdal punika
Bapa Prasetya nampi kanugrahaning Gusti Kang Murbeng
Dumadi, keng putra kinasih kusumaning Ayu Dyah Puspita
Harumingtyas sampun nambut silaningakrami kalawan Sang
Kusumaning Bagus Arga Putra Dewa, putra panjenenganipun
Bapa Puja Sentika, mijil saking tlatah Kartasura hadiningrat.
Ing kalodhangan punika kepareng kawula ngaturaken agunging
panuwun dhumateng sih kadraman panjenengan sedaya
ingkang sampun kersa rawuh saperlu paring pudya pangestu
dhumateng dhaupipun pinangantyan.
Para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan,
Mugi sih kadarman panjenengan sedaya kaparingan lelintu
ingkang satraju saking Gusti Allah SWT. Panjenenganipun Bapa
Prasetya ugi nyuwun sih lumunturing pangaksama, bok bilih
boten saget anampi rawuh panjenengan sedaya kanthi
pakurmatan , palenggahan saha pasugatan ingkang
ngresepaken.

Ing kalodhangan punika kula ugi ngaturaken agenging panuwun
dhumateng para kadang tanggi tepalih, para mitra rowang, para
mudha-mudhi, saha sintena kemawon ingkang sampun paring
pambiyantu arupi donya brana, reka daya, iguh pretikel, lan
punapa kemawon, saengga saged damel rancage adicara punika.
Kula boten saget caos piwales punapa-napa, kajawi amung
memuji mring ngarsaning Gusti, mugi sedaya pambiyantu
panjenengan kacathet minangka amal kesaenan.
Para rawuh ingkang dahat sinudarsana.
Cekap samanten anggen kula matur, bok bilih wonten atur kula
ingkang kirang nuju prana, wonten solah bawa ingkang kirang
trapsila, kula tansah nyuwun cadhong duka lan pangapunten
Salajengipun kula namung nyuwun mugi panjenengan sedaya
kersa angrantu ngantos saparipurnaning pahargyan punika.
Wasana, wasallamu’alaikum wr.wb.
Jangkepana tabel ngisor iki!

Kagiyatan 3 : Nyusun teks sesorah



Langkah – langkah menulis teks sesorah
1.Nemtokake topik sesorah
2.Ngidhentifikasi kahanan
3.Nemtokake tujuan sesorah
4.Gawe kerangka sesorah
5.Ngembangake idhe pokok
6.Nyunting teks sesorah
7.Ngunggah teks sesorah
Garapan 3
Tema
1.Pendhidhikan
2.Kesehatan
3.Bersih desa
4.Kemerdekaan
Saka tema – tema sing wis ana ing dhuwur, coba pilihen salah
siji. Gaweya tes pidhato saka tema sing wis kok pilih kathi tata
cara nulis sesorah sing bener, uga ngatekake struktur lan basa
sajroning pidato!

Pawarta wigati!
Saliyane sinau ing modul iki, bisa sinau ngenani sesora ing link
youtube iki

link tuladha sesorah
https://youtu.be/WcmhOuuSbv4

Latiyan Soal
A.wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x)
ing wangsulan kang bener!
1. “Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabektern”. Ukara iki
kalebu perangan…
a. salam pambuka
b. atur pangayubagya
c. atur pakurmatan
d. atur puji syukur
e. tetepungan
2.Nalikane sesorah kudu duweni sangu gawe sesorah, supaya nggone
sesorah bisa apik. Sing ora kalebu sangune sesorah yaiku…
a. Tatag
b. Tanggap
c. Tanduk
d. Titis
e. Tanggon
3.Sajrone metode sesorah kuwi uga ana sing dadakan, utawa ora nganggo
persiapan utawa diarani apa?
a. implora
b. Impromtu
c. Impor
d. Apalan
e. Ekstemporan
4.Jinis sesorah sing bener
a. Resmi, seprapat resmi, ora resmi
b. Setengah resmi, resmi, ora resmi
c. Ora resmi, bisa, setengah resmi
d. Setengah resmi, ora resmi, formal
e. Resmi, setengah resmi, setengah formal
5.“ Kula nyuwun agunging samudra pangaksami…..”
Ukara ing dhuwur kalebu perangan apa
a. Panutup
b. Salam
c. Pambuka
d. Isi
e. Pengantar

B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!

1.Apa sing diarani teks sesorah iku?
2.Bab apa wae sing ora oleh ditindakake nalikane sesorah?
3.Kepriye struktur teks sesorah?
4.Kepiye carane nyusun teks sesorah?
5.Gaweya teks sesorah sing ngemot perangan sesorah saora
orane 1 kaca!

Penilaian



Penilaian Katrampilan

Penilaian sikap

Refleksi


Sakwise maca, dhiskusi lan ngerjakake soal – soal sing ana ing

sajrone materi coba wangsulana pitakonan iki kanggo

mangerteni pemahamanmu ngenani materi sesorah

1. Apa sing kok mangerteni ngenani teks sesorah?

2. Apa wae sing kok mangerteni ngenani struktur teks sesorah?

3. Kepriye anggonmu mbedakake jinis – jinis teks sesorah?

4. apa sing kok mangerteni ngenani metode teks sesorah?

5. apa wae sing kudu kok mangerteni nalikane nulis sesorah?

Rangkuman
Sesorah yaiku njlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi
wujud tembung – tembung kang diucapake marang wong akeh.

Sesorah duweni ancas – ancas 1)Menehi hiburan, tegese
ngandharake perkara kang gawe seneng lan bungah. Padatane
nganggo basa kang santai lan raket., 2) Menehi kawruh, tegese
ngandharake kawruh tertamtu. 3)Ajak – ajak, tegese sing sesorah

mau ngandharake alesan, bukti, lan tuladha supaya sing
mirengake gelem nindhakakekaya apa kang dikarepake. Jinis
sesorah ana 3 yaiku sesorah resmi, sesorah setengah resmi,
sesorah ora resmi. Perangan sesorah yaiku salam pambuka,
purwakaning atur, wigatosing atur, pangajeng ajeng, panutup.
Metode sesorah ana 4 yaiku impromtu, apalan, maca sesorah,
ekstemporan. Sagune wong sesorah ana 4 yaiku tatag, tanggap,
tanggon lan titis. Langkah langkah nulis sesorah 1.Nemtokake
topik sesorah 2.Ngidhentifikasi kahanan3.Nemtokake tujuan

sesorah4.Gawe kerangka sesorah5.Ngembangake idhe
pokok6.Nyunting teks sesorah7.Ngunggah teks sesorah

l

Daftar pustaka
Purnomo, Bambang dkk.2015.Sastri Basa . Surabaya: Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur
Miyarso, Estu. 2019. Modul 4 Perancangan Pembelajaran
Inovatif. Jakarta
Widana, I Wayan. 2017. Modul Penyusunan Soal Higher Order
Thinking Skill (HOTS). Jakarta: Direktorat Pembinaan SMA
Direktorat Jendreal Pendidikan Dasar dan Menengah
Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
Wardani, Linda Kusuma.2017. Peningkatan ketrampilan
menulis teks pidato menggunakan metode peta pikiran
dengan media kartu tema pada siswa x BB SMK
MUHAMMADIYAH AH 2 BOJA. Skripsi. Bahasa dan Sastra
Indonesia.Universitas Negeri Semarang.
https://youtu.be/SXVVsO1Sfhs
https://www.jagoberpidato.my.id/2020/10/contoh-pidato-
untuk-acara-karang-taruna.html
http://www.pidatu.com/2015/09/contoh-pidato-untuk-acara-
keluarga.html


Click to View FlipBook Version