The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

BAHAN AJAR MAPEL BAHASA JAWA KELAS XI/GANJIL

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Ratih Yoney, 2023-08-16 12:05:20

E-MODULE

BAHAN AJAR MAPEL BAHASA JAWA KELAS XI/GANJIL

BAHAN AJAR BAHASA JAWA SMA KELAS XI/ SEMESTER GANJIL DENING RATIH YONI PRATIWI S.PD SMAN 1 PADAMARA


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil i


DDAAFFTTAARR IISSII Lembar Pengesahan......................................................................................................................i Daftar Isi..........................................................................................................................................ii Capaian Pembelajaran.................................................................................................................1 Pasinaon 1 Unggah Ungguh......................................................................................................2 Assesment Diagnostik..................................................................................................................2 Fase 1 Orientasi Pada Peserta Didik..........................................................................................4 Fase 2 Mengorganisasikan Peserta Didik..................................................................................5 Fase 3 Membimbing Penyelidikan Individu Maupun Kelompok............................................6 Fase 4 Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya..........................................................10 Fase 5 Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah.............................................11 Assesment Formatif...................................................................................................................12 Dudutan.......................................................................................................................................14 Daftar Pustaka.............................................................................................................................15 Pasinaon 2 Pariwara................................................................................................................16 Assesment Diagnostik................................................................................................................16 Fase 1 Orientasi Pada Peserta Didik.........................................................................................17 Fase 2 Mengorganisasikan Peserta Didik................................................................................18 Fase 3 Membimbing Penyelidikan Individu Maupun Kelompok..........................................21 Fase 4 Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya..........................................................24 Fase 5 Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah.............................................25 Assesment Formatif...................................................................................................................26 Dudutan.......................................................................................................................................28 Daftar Pustaka.............................................................................................................................29 Pasinaon 3 Crita Cikak (Cirkak).............................................................................................30 Assesment Diagnostik................................................................................................................31 Fase 1 Orientasi Pada Peserta Didik.........................................................................................31 Fase 2 Mengorganisasikan Peserta Didik................................................................................34 Fase 3 Membimbing Penyelidikan Individu Maupun Kelompok..........................................40 Fase 4 Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya..........................................................42 Fase 5 Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah.............................................42 Assesment Formatif...................................................................................................................44 Dudutan.......................................................................................................................................46 Daftar Pustaka.............................................................................................................................47 Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil ii


Peserta didik memiliki kemampuan berbahasa Jawa dengan santun serta memperhatikan kaidah bahasa jawa(paramasastra) maupun unggah-ungguh basa untuk berkomunikasi sesuai dengan tujuan. Peserta didik mampu memahami, mengolah, menginterpretasi, mengidentifikasi, menanggapi dan mempresentasikan isi teks sesorah, teks panatacara, teks sastra sandiwara dan teks aksara Jawa dalam bentuk teks aural, teks visual dan atau teks audiovisual. Peserta didik mampu membaca lancar, memahami dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dan informasi yang terdapat dalam teks aksara jawa (misalnya: nglegenapasangan/sandhangan/angka/swara/ murda/rekan dan/atau lainnya), teks sastra berupa novel dan sastra piwulang (misalnya: wedhatama/wulangreh/wulang sunu/wulang putri/ tripama dan/atau lainnya) untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks nonsastra berupa teks artikel budaya Jawa, teks cerkak dan teks iklan/pariwara dalam bentuk visual dan atau audio visual untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif. Peserta didik mampu menulis berbagai teks untuk merefleksi dan mengaktualisasi diri untuk selalu berkarya dengan mengutamakan penggunaan bahasa Jawa di berbagai media. CCAAPPAAIIAANN PPEEMMBBEELLAAJJAARRAANN Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 1


Peserta didik mampu berkomunikasi dengan guru dan orang yang lebih tua menggunakan Bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan undhak usuk basa dalam berbagai macam situasi dan tujuan. Peserta didik mampu berkomunikasi dengan teman menggunakan Bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan undhak usuk basa dalam berbagai macam situasi dan tujuan. 1. 2. PPAASSIINNAAOONN 11 UUNNGGGGAAHH UUNNGGGGUUHH Tujuan Pembelajaran: Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 2 Assesment Diagnostik Saderengipun pamulangan dipunlajengaken mangga sedaya peserta didik ndherek asesmen diagnostik utawi Pre Test rumiyin. Asesmen diagnostik utawi Pre Test lumantar google form kanthi cara scan QR Code utawi tautan ing samping menika : https://forms.gle/DzynsDwcSuAKrqxUA


Profil Pelajar Pancasila: Bernalar Kritis : Menganalisis struktur kalimat dan ragam bahasa berdasarkan kaidah paramasastra dan undhak undhuk basa. Kreatif : Membuat dialog menggunakan undhak undhuk basa dalam berbagai macam situasi dan tujuan. Gotong Royong : Bekerjasama dalam membuat dialog dan mempraktikannya. Berakhlak mulia : Santun terhadap teman, guru, dan orang lain. Mandiri : Mengerjakan tugas secara mandiri. Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 3 Pertanyaan Pemantik Kenangapa peserta didik kudu nyinauni babagan unggah – ungguh ? Menapa peserta didik sampun nate matur ngginakaken undha-usuk basa ingkang bener saha pener? Kenging punapa peserta didik awis awis ngginakaken undha usuk basa ? 1. 2. 3.


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 4 Para siswa, ing pepanggihan menika badhe karembag pasinaonan bab Unggah-Ungguh Basa. Sinten ingkang mangertos, menapa ingkang dipunwastani unggah-ungguh basa lan undha-usuk basa? Unggah-ungguh basa menika wigati sanget ing gesang padintenan, pramila mangga sareng-sareng dipunsinau. Cobi samenika tuladha film pendek ingkang ngandhut unggah-ungguh dipunsemak sesarengan video menika kanthi scan QR code utawi akses link ing ngandhap menika https://www.youtube.com/watch?v=E717D4WLifY


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 5 Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan bab unggah-ungguh menika Unggah-ungguh inggih menika tatapranataning basa miturut lenggahing tata krama. Unggah-ungguh ugi saged dipunwastani undha usuking basa (tingkataning basa adhedhasar anggenipun ngginakaken). Pangertosan Unggah-Ungguh Supados satunggaling tiyang anggenipun micara/gineman selaras kaliyan unggah-ungguhipun kedah nggatosaken: Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman) Sinten ingkang dipunajak gineman. Sinten uatawi menapa ingkang dipunginemaken. Wekdalipun rikala gineman Papanipun rikala gineman Swasana rikala gineman. 1. 2. 3. 4. 5. 6.


Wosipun tiyang ingkang kaprenah enem, ngurmati sadherek ingkang awunipun langkung sepuh Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 6 Para siswa sasampunipun mangertosi bab pangertosan unggah-ungguh, sumangga dipunsinau kanthi kelompok materi ing ngandhap punika ingkang badhe ngandharaken bab cak-cakaning unggah-ungguh. Wondene caranipun prayogi saged nglenggahaken dhiri pribadi, lembahmanah, andhap-asor, saha pinter ngurmati tiyang sanes. Tumrap unggahungguh basa, prakawis ingkang kalebet wigatos inggih menika caktumindakipun ngurmati tiyang sanes, amargi kanthi tansah mulat sawatawis pepenget inggih antawisipun : Faktor umur Faktor peprenahan Faktor drajat pangkat Faktor drajat semat Faktor trah 1. 2. 3. 4. 5. Lare alit ngurmati lare ingkang langkung ageng Tiyang enem ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh Tuladhanipun : Faktor Umur Faktor Peprenah (kekerabatan) Faktor Drajat Pangkat


Faktor Darah utawi Trah/ Keturunan Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 7 Faktor Drajat Semat Jinising undha usuk basa


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 8


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 9


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 10


Analisis ragam basa lan undha-usuk basa ing teks pacelathon Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 11 Sasampunipun para siswa maos tuladha teks pacelathon wonten nginggil, sumangga saged pirembagan wonten ing kelompok babagan ragam basa lan undha-usuk basa menapa kemawon ingkang dipunangge dening paraganipun. Pirembagan menika lajeng dipunserat wonten LKPD Gladhen. Damel teks pacelathon kanthi cak-cakaning undha-usuk ingkang trep Para siswa kaliyan kelompok-ipun damel teks pacelathon kanthi ngecakaken unggah-ungguh ingkang trep. Ing saben kelompok sedaya siswa dados paraga ing teks pacelathon ingkang dipundamel. Damel teks pacelathon kanthi cak-cakaning undha-usuk ingkang trep Presentasi teks pacelathon kanthi undha-usuk ingkang trep Kelompok ingkang sampun damel teks pacelathon kedah majeng kangge presentasi teks pacelathon kanthi undha-usuk ingkang trep, para siswa saged ngangge properti kangge presentasi menika Para siswa sasampunipun nganalisis ragam basa, cak-cakanipun ingkang leres, damel pacelathon, saha simulasi pramila sumangga dipunalisis saha dipunevaluasi proses anggenipun mangihaken sedaya unsur kalawau! Saking teks pacelathon 1 kaliyan 2 menika saged dipunalisis saha dipunevaluasi: Ragam basa ingkang dipunginakaken inggih menika ngoko lugu (pacelathon 1), krama inggil (pacelathon 2). Para siswa kedah tliti anggenipun maos ukaranipun sadereng nemtoaken ragam basa saha undha-usuk ingkang dipunginakaken. Damel teks pacelathon menawi saged mendhet tema bab ing padintenan ingkang asring dipunpranggui dening siswa, kedah dipungatosaken basa nalika micara


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 12 Asesment Formatif Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha (X) ing aksara A, B, C, D utawa E kang kok anggep paling bener! Soal Pilihan Ganda


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 13 Asesment Formatif


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 14 DDUUDDUUTTAANN Unggah-ungguh inggih punika tata pranataning basa miturut lenggahing tata krama Wosing gati sinau unggah-ungguh inggih meinika saged ngecakaken solah basa saha undha-usuk kanthi trep. Unggah-ungguh basa menika wonten kalih, inggih menika undha-usuk lan solah bawa. Undha-usuk basa inggih menika basa ngoko lan basa krama ingkang ngetrepi wewaton utawi paugeraning Undha-usuk basa. Tuladhanipun undha-usuk basa ingkang dipunwulangaken ing pawiyatanpawiyatan, lsp Solah bawa inggih menika tindak tandhuk, trapsila nalika wonten ing pasrawungan


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 15 DDAAFFTTAARR PPUUSSTTAAKKAA Rinaldi, I. M. (2020). Peningkatan kemampuan menulis dialog sederhana sesuai unggah-ungguh Bahasa Jawa dengan menggunakan metode role playing. Jurnal Review Pendidikan Dasar: Jurnal Kajian Pendidikan dan Hasil Penelitian, 6(2), 98- 105. Pratiwi, N. A. (2018). Kesantunan Berbahasa pada Dialog dalam Cerkak Panjebar Semangat dan Relevansinya dengan Materi Ajar UnggahUngguh Bahasa Jawa di SMA. Yulianti Dewi Untari dkk. 2023. Gayeng Basa Jawa, Buku Basa Jawa Kanggo SMA/SMK/MA/MAK Kelas XI. Sukoharjo. CV. Media Karya Putra. https://www.youtube.com/watch?v=JxzgfDujAF4


Peserta didik dapat menganalisis struktur teks pariwara dengan benar. (C4) Peserta didik dapat menganalisis pilihan kata dalam teks pariwara dengan tepat secara tanggung jawab. (C4) Peserta didik dapat menyimpulkan isi teks pariwara dengan tepat dan tanggung jawab. (C6) Peserta didik dapat membuat teks pariwara secara mandiri, disiplin dan bekerja sama. (P5) Peserta didik dapat menyajikan teks pariwara dalam bentul lisan/tulisan dengan tepat dan tanggung jawab. (P3) 1. 2. 3. 4. 5. PPAASSIINNAAOONN 22 PPAARRIIWWAARRAA Tujuan Pembelajaran: Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 16 Saderengipun pamulangan dipunlajengaken mangga sedaya peserta didik ndherek asesmen diagnostik utawi Pre Test rumiyin. Asesmen diagnostik utawi Pre Test lumantar google form kanthi cara scan QR Code utawi tautan ing samping menika : Assesment Diagnostik https://forms.gle/NCJbo4aVQ99ekrD99


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 17 Para siswa sumonggo dipunsemak video tuladha iklan/pariwara ingkang ngginakaken basa Jawa. Kanggo mangsuli pitakenan apa kang narik kawigatenanmu marang pariwara! https://www.youtube.com/watch?v=8Aflg1yXdjQ scan QR barcode Pitakenan Pemantik Apa awakmu kabeh wis ngerti apa kang diarani pariwara? Apa wae jinising pariwara kang kok ngerteni? 1. 2.


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 18


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 19


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 20


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 21 Sesampunipun maos materi ing nginggil, sumangga para siswa latihan damel teks iklan berbahasa Jawa/ Pariwara kang gunakake basane dhewe-dhewe. Basa pariwara iku cekak aos, cetha, lan kewaca, supaya gampang disurasa. Pariwara kalebu salah sijine kabar utawa warawara kanggo masarakat utawa bebrayan agung kanthi tujuan wong kang ngrungokake utawa maca dadi kepencut marang produk kang ditawarake. Pariwara kang efektif kudu gampang dimangereni dening kang maca. Ing ngisor iki kasebutake tandha pariwara kang efektif: Ukarane cekak aos. Basane prasaja, gampang ditampa lan dipahami. Tulisan lan gambare narik kawigaten. Kanthi mangkono, masarakat kanthi gamblang bisa ngerti produk kang ditawarake jroning iklan, guna, lan khasiat kang ana ing produke


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 22 Italic utawa miring: menehi kesan aksi, cepet, progresif Aksara kapital: konservatif, menehi kesan kang ramah lan asor. Aja nggunakake font berukir. Bayangan menehi kesan 3D ing tulisan. Tulisan script menehi kesan feminim. Aksara kandel menehi kesan maskulin. Gunakna tipe huruf font kang jumbuh kanggo pariwara. aja nggunakake maneka warna tipe huruf font. Diwatesi udakara 3 utawa 4 tipe huruf. 4. Gaya Tulisan:.


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 23


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 24


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 25


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 26 Asesment Formatif Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha (X) ing aksara A, B, C, D utawa E kang kok anggep paling bener! Soal Pilihan Ganda


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 27


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 28 DDUUDDUUTTAANN SSAAHHAA RREELLEEVVAANNSSII


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 29 Dita. 2021. Tuladha Iklan/Pariwara ing Radhioh. diakses 6 Juni 2023 melalui: http://kumpulanceritaberbahasajawa.blogspot.com/2021/01/contohiklanpariwara-menggunakan-bahasa.html Kamus Bausastra online, https://www.sastra.org/leksikon Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia. J.B.Wolters Uitgevers Maatschppij Groningen. Oktafiono, D. (2018). Tindak Tutur Ilokusi dan Kesantunan Berbahasa pada Iklan Berbahasa Jawa di Radio serta Relevansinya terhadap Materi Ajar Menelaah Iklan Kelas Xi SMA. https://digilib.uns.ac.id/dokumen/detail/59477/Tindak-Tutur-Ilokusidan-Kesantunan-Berbahasa-pada-Iklan-Berbahasa-Jawa-di-Radioserta-Relevansinya-terhadap-Materi-Ajar-Menelaah-Iklan-Kelas-XiSMA Tim4shoot channel. 2020. Iklan Lucu Bahasa Jawa (31 Oktober 2019), Diakses 4 Juni 2023. https://www.youtube.com/watch?v=8Aflg1yXdjQ Widaryatmo, Gandung, dkk. 2011. Prigel Basa Jawa. Jakarta: Erlangga Widaryatmo, Gandung, dkk. 2014. Prigel Basa Jawa. Jakarta: Erlangga DDAAFFTTAARR PPUUSSTTAAKKAA


PPAASSIINNAAOONN 33 CCRRIITTAA CCEEKKAAKK ((CCRRIIKKAAKK)) Tujuan Pembelajaran: Menyimpulkan isi karya sastra prosa cerkak secara mandiri maupun gotong royong. (HOTS, C4) Menganalisis unsur intrinsik yang terdapat di dalam karya sastra prosa cerkak secara mandiri maupun gotong royong. (HOTS, C4) Menulis cerkak secara kritis dan kreatif (HOTS, P3) Melalui kegiatan pembelajaran dengan model pembelajaran Problem Based Learning, diskusi, tanya jawab, presentasi peserta didik dengan bernalar kritis mampu 1. 2. 3. Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 30 Menapa ancasipun maos cerkak ? Menapa kemawon ingkang wonten ing salebetipun cerkak? Pitakenan Pemantik


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 31 Assesment Diagnostik Saderengipun pamulangan dipunlajengaken mangga sedaya peserta didik ndherek asesmen diagnostik utawi Pre Test rumiyin. Asesmen diagnostik utawi Pre Test lumantar google form kanthi cara scan QR Code utawi tautan ing ngandhap menika : https://forms.gle/LDevMFMXBGZ5Ygbp7 Peserta didik mangga sami maos cerpen lumantar slide show instagram. Cerpen ingkang dipunwaos menika dipungayutaken kaliyan cerkak. Peserta didik langkung gampil maos cerpen menapa cerkak. Dipunandharaken wigatosipun maos cerkak wontening pagesangan. Peserta didik maos slide show instagram saged kanthi cara scan QR Code utawi tautan ing ngandhap menika: Tautan : https://s.id/instacerkak1


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 32 Sasampunipun peserta didik maos cerpen basa Indonesia peserta didik lajeng maos tuladha cerkak ing ngandhap menika Muga-Muga Diparingi Eling Dadi wong tuwa sing duwe anak nyekolahaken anake maring sekolah sing kelas VI SD, kelas IX SMP, utawa kelas XII dikepengini anake. Angger kur prekara mlebu SMA padha mumet. Mikir kepriben carane sekolah tah janjane neng ngendi baen bisa, ningen terkadhang ana sing ora cocok karo pilihan. "Bapake! Mangke kula mlebet SMP 09 Karangpucung mawon nggih! Soale teng ngrika guru-gurune dhedikasine tinggi, peralatan lengkap. Lulusane ya padha inggil-inggil bijine kok!" omonge Nopi sing lagi baen lulus SD 14 Gentawangi." "lya, iya ..., " bapake mbombong-mbombongi. "Bapake, kula milih mlebu SMA 2 Purwokerto mawon nggih! Sababe alumnus SMA niku terkenal teng pundi-pundi, lulusane kathah sing ketrima neng perguruan tinggi, " omonge Gatot marang bapake. Bapake kur klecam-klecem, sabab bapake kuwi pancen alumnus SMA 2 Purwokerto, dadine ya mekrok irunge merga dialem sekolahane. "Angger Nopi, mengko ndhaptar kowe kudu dites maning! Sanggup apa ora? Soale saiki SD kan ora ana ebtanas." "Siap! Ampun kuwatir, Bapake!" "Angger Gatot nilai Ujian Akhir Nasional-e pira wingi kae?" "Rata-rata wolu, Pak! Jaminan!" "Ya, muga-muga baen." Lagi gayeng rembugan, kesaru ana dhayoh. Bapake Darmin. "Gayeng niki tah?" takone bapake Darmin njagong bareng wis diacarani. "Ngrembug plekara sekolah, Kang!" omonge bapake Gatot. "Lah, keleresan niku, ... critane kula niki ajeng nyuwun tulung kalih Bapake Gatot." "Tulung apa, si?" "Anak kula, Darmin ... kepengin mlebet ing SMA 03 Purwajati, ningen bijine niku mung pas-pasan. Rata-rata ujian gur gangsal ... duka niku, niku baen empun lumangyan saged lulus." "Kuwe tah udu bisa lulus! Dilulusaken! Melas!" "Lah niku, kajenge kula niku ajeng nyuwun teng Bapake Gatot, njenengan kankenal kalih guru-guru SMA 03 Purwajati ngriku, mulane tulunglah anak kula ben saged ketampi teng ngriku! Soal amplop ... bereeeees!"


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 33 "Oalah ... oalaaah ... dudu plekara amplop sing maraih beres, Kang, sing maraih beres kuwe, Darmin kon milih alternatif liyane, sing kira-kira mengko bocahe ora keponthal-ponthal! Sekolah neng SMA 03 Purwajati tah bakal keponthal-ponthal temenan sabab sekolah kuwe mau merupakan kandhang macan! Susuhe bocahbocah pinter! Tingkat persaingane dhuwur! Melas si Darmin, mengko malah stres, angel golehe nambani!""Angger amplop kula tambah? Sejuta! Kula ngertos beres!" (Kapethik saka Jaka Lodhang, dening mas Guru) "Kang! Anggepe rika inyong kuwi apa, si? Tekomongi, melas si Darmin. Plekara rika arep nyogok semono akehe, langsung baen nganah maring kepala sekolahe! Syukur angger kepala sekolahe kuwi wonge sipate padha karo rika, seneng main dhuwit amplop sogok suap, angger kepala sekolahe kuwi wonge terpuji? Morale bener? Sida-sida rika dedhamprat mentahan!" Sidane bapake Darmin bali nglenthung era olih gawe. Embuh akhire kepriben, kuwi urusane bapake Darmin. Ningen muga-muga baen diparingi eling!


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 34 PANGRETOSAN Cerkak utawi cerita cekak ing bahasa Inggris dipunsebat “short story” , dados satunggaling karya sastra ingkangasring dipunpanggihi wontening ariwarti utawi kalawarti. Cerita cekak (cerkak) yaiku sawijining karangan kang nyeritakake babbab kang ana gegayutane karo lelakone manungso. Crita ing cerkak dumadi andhedhasar saka urutan sawijining kedadean utawa prastawa. Prastawa ing cerkak dilakoni dening paraga, lan paraga kasebut nglakoni rerangkening konflik saengga kedadean, paraga, lan konflik iku kalebu unsur pokok jroning cerkak. Nugroho Notosusanto wonten Tarigan (1984:176) ngandharaken bilih cerita cekak inggih menika cariyos ingkang panjangipun antawis 5.000 tembung utawi antawis 17 lembar kuarto spasi rangkep. Dene Sumardjo lan Saini (1997.37) ngandharaken menawi cerita cekak inggih menika cariyos ingkang fiktif (ora bener-bener dumadi tapi ana) kedadosan ing pundi kemawon lan ugi kapan kemawon, ugi cekak. Cerkak ugi saged dipuntegesi cariyos ingkangdipunwaos sakjagongan ateges mboten mbetahaken wekdal ingkang dangu. Cerita ing cerkak ugi cariyos ingkang entheng, boten njalari pikiran utawi penggalih dados njlimet.


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 35 TITIKAN Sipatipun rekaan(fiksi) Naratif Nggadhahi sifat tunggal Ciri-ciri utama cerkak yaiku cendhak, padhu lan intensif. Unsur cerkak yaiku adhegan, tokoh lan gerak (scene, character lan action) Basa ing cerkak kedah tajem, sugestif lan narik kawigaten. Critane ringkes. Ana gegayutane karo lelakone manungsa. Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah (bertengkar; berkelahi; berselisih), lan ngrampungake perkara. Cacahe tembung kurang saka 10.000 tembung. Titikanipun cerkak manut Sumardjo lan Saini (1997:36): Titikanipun cerkak miturut Morris ing Tarigan (1984:177) inggih menika: Saking andharan wonten ing nginggil,saged dipundudut bilih titikanipun utawi ciri-ciri cerkak inggih menika: Cerkak saged dipunpendhet saking pengalaman pribadi ingkang wonten ing kasunyatan saged ugi namung rekaan utawa fiktif kemawon. Cerkak kadosdene gegambaran pagesangan ing alam donya.Wonten ing cerkakugi kathah patuladhan ingkang saged dipunpendhet utawi kangge kaca benggala ing pagesangan. Upaminipun wonten paraga protagonis ateges paraga ingkang kagungan watak sae kamangka watak menika saged dados patuladhan, lan wonten paraga kanthi watak antagonis ateges paraga ingkang nggadhahi watak awon, mangkaparaga menika boten saged dipuntulad amargi limrahipun anggadhahi watak awon lan badhe manggihi kacilakan ing tembe wingkingipun.


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 36 STRUKTUR DRAMATIS Cerita cekak limrahipun kirang kompleks tinimbangNovel. Limrahipun cerkak menika cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen/adegan, gadhah setunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing paraga utawi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Menawi kawujudaken cariyos ingkang langkung wiyar, cariyosipun gadhah suraos tartamtu saking struktur dramatis,inggih menika eksposisi (ingkang nglantarken setting, wekdal saha paraga baku), komplikasi (Kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik), krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadhepi konflik), klimaks (punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak), wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken). UNSUR CERKAK Cerkak menika kalebet karya sastra modheren. Awit saking menika, ing salebetipun cerkak wonten unsur-unsur pandhapuk ingkangkaperang dados kalih,inggih menika unsurintrinsik lan unsur ekstrinsik. A. Unsur Instrinsik Unsur instrinsik cerkak inggih menika unsur ingkang mbangun cerkaksaking salebeting cerkak,ing antawisipun: 1) Tema Tema inggih menika underaning/ saripatinipun perkawis ingkang dipunandharaken utawiingkang dipuncariyosaken. 2) Paraga Paraga inggih menika tiyang-tiyang ingkangdados paraga cariyos. Paraga wonten 3 werna inggih menika paraga utama (protagonis), paraga mungsuh (antagonis) lan paraga tambahan (tritagonis).


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 37 Teknik analitik, inggih menika watak wantuningparaga dipunjlentrehaken kanthilangsung dening paraga. Tuladha: Pak Samijan pancen gagah, klambine loreng-loreng kaya adate tentara, rambute ireng cepak, rai lonjong, sorot matane tajem. Teknik dramatik, inggih menika watak wantuningparaga dipunjlentrehaken kanthi cara penggambaran kadosta a) nggambaraken bab badan saha tindak tandukipun, b) nggambaraken lingkungan gesangipun paraga, c) basa ingkang kaginakaken paraga, d) Cara anggenipun mikir saking paraga, lan e) cara wontenipun paraga sanes. Alur maju (progresif), inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kedadosan ingkangwonten ing cariyosutawi cariyosipun tansahlumampah majeng. Alur mundur (regresif/flashback), inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutan kedadosanipun boten miturut urutan wekdal kedadosan utawi cariyos ingkang lampahipun mundur. Alur campuran, inggih menika campuran antawisipun alur maju kaliyanalur mundur. 3) Watak/ Penokohan Watak/penokohan inggihmenika sipat fisiksaha non fisiksaking paraga ing cariyos.Sipat fisik menikakarakter-karakter ingkang saged dipuntingali kanthimelok ing mata, kadosta ageng,putih, mbangir, lan sapanunggalanipun. Dene sipat non fisik menikamboten saged dipuntingali, ananing saged dipunraosaken kadosta galak, sumeh, eman, lan sapanunggalanipun. Bab watak menika saged dipuntingali saking tigang aspek, inggih menika: pacelathon paraga, gegambaraning paraga lan gegambaraning blegeripun paraga. Wonten ugi ingkangngandharaken bilih penokohanmenika caranipun pangriptaanggenipun nggambaraken saha njlentrehaken karakter paraga wonten ing salebeting cariyos. Kangge nggambaraken watak lan karakter para paraga, pangripta limrahipun ngginakaken 2 teknik, inggih menika: 4) Alur/Plot Alur utawa plot, inggih menika lakuning cariyosutawi urut- urutanipun cariyos, reroncening kedadosan-kedadosan ingkang wonten gandheng cenengipun sambung sinambung wiwit lekas ngantos dumugipungkasan. Alur kaperang dados tiga:


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 38 Pangantar inggih menika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal,panggenan saha kadadosaningkang wonten ing wiwitanipun cariyos. Wiwitaning prekawis inggih menika peranganing cariyosingkang minangka gegambaran prekawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos. Klimaks inggih menika prekawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangkaundering cariyos. Antiklimaks inggih menika prekawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical. Resolusi inggih menika prekawissampun saged karampungaken. Latar Papan, tuladha: Omah, kebon, kamar, sawah, lan sapanunggalanipun. Latar Wekdal, tuladha: Ing wulan Oktober, enjing, ndalu, lan sapanunggalanipun. Latar Swasana, tuladha: rame, sepi, emosi, bungah, sedhih, lan sapanunggalanipun. Minangka tiyang ingkang kapisan, panyerat ndherek minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken. Titikanipun inggih menika wonten tembung “Aku” Tuladha: Aku wis njaluk ngapura karo wong tuwaku, nanging kabeh mau kuwi durung cukup kanggonebus kabeh kaluputanku Minangka tiyang ingkang katiga, panyerat minangka dhalang ing cariyosipun. Titikanipun inggih menika ngginakaken asma tiyang, dheweke, panjenengane, lan sapanunggalanipun. Tuladha: Parti kuwi bocahe ayu, nanging solah bawane kurang elok. Dheweke asring ora mlebu sekolah lan ngapusi kanca- kancane. Alur menika kaperang dados pinten-pinten tataran, inggih menika: 5) Latar/Setting Latar utawa settinginggih menika gegambaranipun papan panggenan, wekdal, lan swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. 6) Sudut Pandang/point of view/cara panyerat nyariyosaken cerkak Sudut pandang inggih menika kalenggahanipun panyerat rikala nyariyosaken cerkak. Point of view menika kaperang dados kalih, inggih menika:


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 39 7) Lelewaning Basa Lelewaning basa inggih menika cara-caranipun manungsa anggenipun ngginakaken basa, amrih gampil dipuntampi sahadipunpirengaken. Basa ingkang dipunginakaken pangripta ing salebeting cariyos utawi cara khas ingkang dipunginakaken pangripta kangge medharaken pikiran saha raos manahipun. Lelewaning basa ing jagad kasusastran Jawa saged awujud sinonim, majas-majas, basa rinengga, pepindhan, bebasan, lan sapanunggalanipun. 8) Amanat/Pitutur Amanat/pitutur inggih menika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit/pangripta lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dening panyerat dhateng soksintena ingkangkersa maos cariyosipun. Nilai budaya, inggih menika nilai ingkang wonten gegayutanipun kalihan adat budaya,pakulinan ing dhaerahtartamtu. Nilai sosial, inggih menika nilai ingkang wonten gegayutanipun kalihan tindak-tanduk ing pasrawungan tiyang setunggal lan setunggalipun utawi tiyang setunggalkalihan kelompok masarakat. Nilai moral, inggih menika nilai ingkang wonten gegayutanipun kalihan awon lan becikipun tumindak pagesangan manungsa ing masarakat. Nilai religius, inggih menika nilai ingkang wonten gegayutanipun kalihan tuntunan agamalan kapitayaning manungsa. Nilai estetis/kaendahan, inggih menika nilai ingkang wonten gegayutanipun kalihan bab-bab kaendahan ingkang saged narik kawigatosan para pamaos. Nilai etika, inggih menika nilai ingkang suraosipun tata krama ing bebrayan. Nilai politis, inggih menika nilai ingkang wonten gegayutanipun kalihan pamarentah. ilai kamanungsan, inggih menika nilai ingkang wonten gegayutanipun kalihansipatipun manungsa. B. Unsur Ekstrinsik Unsur ekstrinsik cerkak inggih menika unsur ingkang mbangun cerkak saking saknjawinipun cerkak utawi unsur ingkang wonten ing saknjawinipun cariyos ananing gadhah daya pangaribawa kangge cerkak menika.Unsur ekstrinsik ing antawisipun: 1) Nilai ing salebeting cariyos Nilai-nilai ingkang dados unsur ekstrinsik cerkak menika saged kaperang dados sanga, inggihmenika:


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 40 2) Biografi, latar belakang gesangipun utawi pandangan hidup pangripta 3) Kahanan sosial politik nalika cerkak dipunripta. Sasampunipun sinau bab pangertosan cerkak, titikanipun cerkak, struktur dramatis saha unsur ingkang wonten ing cerkak, peserta didik kaliyan kelompok saged nglajengaken ngrembag bab ing ngandhap menika: ANALISIS UNSUR INTRINSIK CERKAK Maos cerkak ingkang badhe dipunanalisis Madosi tegesipun tembung ngginakaken kamus online Nindakaken analisis unsur intrinsik tema saking cerkak ingkang dipunwaos Nindakaken analisis unsur intrinsik paraga saking cerkak ingkang dipunwaos Nindakaken analisis unsur intrinsik watak paraga saking cerkak ingkang dipunwaos Nindakaken analisis unsur intrinsik alur saking cerkak ingkang dipunwaos Tata cara analisis cerkak inggih menika: Nulis Cerkak Nemtokake tema utawa ngrumusake idhe crita Nulis nganggo gaya basane dhewe Nggawe paragrap pambuka kang narik kawigaten Pilih konflik Ngrakit alur/plot Nemtokake paraga Nemtokake sudut pandhang Nyelipke amanat Nemtokake ending utawa pungkasane crita Ngendhapke tulisan (diselani kanthi maca buku) ngedhit tulisan Mbaleni nulis cerkak Cak-cakane nulis cerkak yaiku: 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. 9. 10. 11. 12.


Nindakaken analisis unsur intrinsik latar/ setting saking cerkak ingkang dipunwaos Nindakaken analisis unsur intrinsik sudut pandang/ pamawas saking cerkak ingkang dipunwaos Nindakaken analisis unsur intrinsik lelewaning saking cerkak ingkang dipunwaos Nindakaken analisis unsur intrinsik piwulang/amanat saking cerkak ingkang dipunwaos Pados informasi faktual Pados katrangan ingkang wonten gandheng cenengipun kalihan bab-bab mligi Paring pambiji dhateng bab-bab ing salebetipun karya sastra. Ngisi wekdal ingkang lodhang Maos inggih menika proses mahami dhateng lambang-lambang seratan. Kanthi maos, manungsa saged pikantuk informasi seserepan saha pengalaman-pengalaman enggal. Maos minangka kunci utama tumrap manungsa ingkang kepingin maju. TIM Penyusun Kamus Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Indonesia nedahaken bilih maos menika mirsani saha mahami suraosipun saking menaka ingkang sinerat kanthi cara nglisanaken lambang utawi namung wonten ing batin. Wonten malih pangertosan sanesipun, maos menika padamelan mangertosi dhateng lambang-lambang cithak utawi lambang- lambang tulis kanthi pangertosan ingkang leres. Maos menika anggadhahi ancas utawi tujuan, inggih menika: Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 41 CARA MAOS CERKAK Sampun mangertosi isinipun cerkak Nalika maos wonten ing ngajeng, kedah saged dipunsawang deningpara pamiyarsa. Bilih maos menika anggadhahi ancas-ancas tartamtu, mangka kita kedah mangertosi tata caranipun maos ingkang sae. Wonten ing ngriki badhe kababar tata caranipun maos cerkak ing sangajengipun tiyang, kanthi ancas supados para pamiyarsa saged kapilut saha mangertosi bab cerkak ingkang dipunwaosaken. Tata cara maos cerkak ingkang trep lan leres inggih menika:


Sasampunipun peserta didik kaliyan kelompokipun analisis unsur intrinsik cerkak ingkang sampun dipunwaos dipunlajengaken ngandharaken asiling diskusi wonten ing sangajengipun kelompok sanes. Nalika wonten kelompok ingkang presentasi asiling pirembagan, kelompok sanesipun gatosaken saha nyerat bab ingkang wigatos saking presentasi. Menawi kelompok ingkang presentasi sampun paripurna kalajengaken kelompok sanes saged ngandharaken panyaruwe, pamrayogi utawi pitakenan ingkang gayut kaliyan asiling presentasi. Sedaya ingkang wonten pamulangan menika dipungayutaken kaliyan adat pagesangan peserta didik wonten ing jaman samenika Ngginakaken polatan (ekspresi) saha mimik ingkang trep supados saged narik kawigatosan tiyang ingkang sami mirengaken sarta supados para pamireng saged mlebet wonten ing swasana cerkak. Saged ugi ngginakaken paraga kangge maragakaken cariyosipun Cariyos mawi ekspresi, ngginakaken kombinasi swanten lan gaya ingkang saged narik kawigatosan tiyang sanes Cetha lafal miturut watak para paraganipun Kedah nggathukaken alur cariyos kalihan menapa ingkang dipuncariyosaken Mungkasi cariyos ngginakaken panutup ingkang sae. Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 42 Sasampunipun wekdal presentasi utawi adharan diskusi kelompok sampun paripurna salajengipun peserta didik kaliyan guru mendhet dudutan saking asiling pirembagan wonten ing presentasi. Dudutan ingkang dipunpendhet menika dipungayutaken kaliyan ancasipun pamulangan ingkang sampun dipunandharaken wonten ing wiwitan pamulangan.


Menawi sampun sedaya dipunandharaken saha boten wonten pambengan utawi pitakenan saking peserta didik salajengipun peserta didik nggarap Post Test kanthi cara scan QR Code utawi klik tautan ing ngandhap menika: Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 43 https://forms.gle/WVHtG7igxVdQWm6A9


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 44 Assesmen Formatif Soal Pilihan Ganda Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha (X) ing aksara A, B, C, D utawa E kang kok anggep paling bener!


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 45


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 46 DUDUTAN Babagan patuladhan becik iku ora mung tinulis ing tata aturan kang gumathok, nanging uga bisa diprangguli ing kasusastraankasusastraan awujud cerkak. Crita cekak dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa, kang nyata utawa fiksi. Unsur cerita cekak: Tema Setting Punjering crita Alur Penokohan Gaya bahasa 1. 2. 3.


Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI/Ganjil 47 KAPUSTAKAN Krisniati, N. (2017). Pembelajaran Menganalisis Unsur Intrinsik Pada Teks Cerpen dengan Menggunakan Model Jigsaw pada Siswa Kelas XI SMAN 1 RancaekekTahun Pelajaran 2017/2018 (Doctoral dissertation, FKIP UNPAS). Slamet Nugroho & Abdul Afif Rosyidi. 2020. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Kelas XI Edisi Revisi 2020. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta. Sumardjo, Y & Saini, K.M. 1997. Apresiasi Kesusastraan. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama. Tarigan, H.G. 1984. Prinsip Prinsip Dasar Sastra. Bandung: Angkasa. Yulianti Dewi Untari dkk. 2023. Gayeng Basa Jawa, Buku Basa Jawa Kanggo SMA/SMK/MA/MAK Kelas XI. Sukoharjo. CV. Media Karya Putra. https://s.id/instacerkak1 https://www.sastra.org/leksikon


Click to View FlipBook Version