PPG DALJAB KATEGORI 1 2023 PENDIDIKAN BAHASA JAWA BAHAN AJAR Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas XI CERITARAKYAT Ratih Yoni Pratiwi, S. Pd
Pandom Pasinaon Dedonga sadurunge miwiti pasinaon Para siswa maca pandom pasinaon ing materi iki. Upama arupa Kopmpetensi dasar, indikator pencapaian kompetensi, lan ancas pasinaon. Garapen kanthi teliti lan temenan ing saben gladhen, menawa anggone sinau ana kang ora dimangerteni bisa nyuwun pirsa marang guru. Pasinaon sing wes diparingaken dipraktekna Sinau meneh penjelasan saka guru utamane bab materi sing durung dipahami. Sadurunge mlebu ing materi paasinaon, luwih becik para siswa mangerteni pandom pasinaon iki. Ing ngisor iki babbab kang kudu digatekake: 2 Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI
Capain Pembelajaran 3 Elemen: Membaca Peserta didik mampu menganalisis, mengaplikasikan, menginterpretasikan, informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai teks dalam bentuk aural, visual dan atau audiovisual untuk menemukan makna tersurat dan tersirat dari teks aksara jawa (misalnya: nglegena-pasangan/ sandhangan/ angka/ swara/ murda/ rekan/ lainnya), teks sastra berupa sastra piwulang (misalnya: wedhatama/ wulangreh/ wulang sunu/ wulang putri/ tripama/ lainnya), dan teks sastra lainnya. Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI
4 Tujuan Pembelajaran Peserta didik dapat menemukan kata-kata sulit dalam cerita rakyat dengan tepat dan tanggung jawab. (C4) Peserta didik dapat menganalisis unsur-unsur intrinsik crita rakyat dengan tepat dan tanggung jawab. (C4) Peserta didik dapat menganalisis piwulang yang terkandung dalam crita rakyat dengan tepat dan tanggung jawab. (C4) Peserta didik dapat mengkritisi hasil analisis unsur intrinsik crita rakyat secara kelompok ataupun individu (P5) Tujuan pembelajaran yang diharapkan setelah pembelajaran ini: 1. 2. 3. 4. Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI
Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI 5 MATERI PEMBELAJARAN Fase 1: Orientasi Masalah Materi Faktual Para siswa sumonggo dipunpriksani video tuladha cerita rakyat ing ngandhap menika, kangge damel pitakenan bab kang narik kawigatenmu marang cerita rakyat! Scan Barcode ing ngandhap:
6 Fase 2: Mengorganisasikan peserta didik Materi Konseptual Para siswa sumonggo dipunsinauni sesarengan kanthi kelompok materi ing ngandhap menika Cerita Rakyat Pengertian Cerita Rakyat Unsur Pembangun cerita rakyat Jenis Cerita Rakyat Karakteristik Cerita Rakyat Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI Sinopsis
Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI 7 Pengertian Cerita Rakyat Crita Rakyat Yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masarakat ing papan iku. Umume, awujud lelakon cekak kang wose crita munjerake sawijining tokoh. Kedadeyan, tokoh, lan konflik iku sawijining unsur pokok crita, lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu duwe alur. Crita Rakyat (folklore) iku crita saka jaman kuna kang isih urip ing madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Ing jaman biyen biyasane crita rakyat di ceritakake ana ing kalodhangan tinamtu dening wong kang nduweni kabisan tinamtu/khusus, kayata dhalang. Karakteristik Cerita Rakyat Crita rakyat yaiku perangan karya sastra lisan kang nduweni karakter kaya ing ngisor iki. 1) Anonim, tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit. 2) Kolektif, merga ora kaweruhan sapa sing nganggit crita mau dadi duweke masarakat bebarengan. 3) Dicritakake kanthi lesan. 4) Sing nyritakake saka generasi menyang generasi liyane. Amarga ciri kasebut crita rakyat gampang owah, sok sapa bias nambahi mula akeh versi miturut papan utawa panggonan sing nyritakake.
Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI 8 Unsur Pembangun Cerita Rakyat Unsur Intrinsik yaiku unsur kang mbagun crita rakyat saka njero crita. Kang mangaribawani dianggite crita rakyat saka unsur intrinsike iku antarane: a. Tema Tema, yaiku idhe/gagasan baku kang dadi undherane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lan sapanunggalane. b. Watake paraga/Penokohan Nggambarake karakter kanggo paraga. Paraga bisa dimangerteni karakter saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute. Tokoh utawa paraga yaiku bleger,wewujudan, sosok utawa individu rerekan (kang direka) kang bakal dicaritakake ana ing cerita cekak. 1) Tokoh/paraga protagonist, paraga utama 2) Tokoh/paraga antagonis, paraga kang lelawanan karo paraga utama 3) Tokoh/paraga tritagonis, paraga ing antarane protagonis lan antagonis. Penokohan u . tawa watak yaiku, panggawene wewatekane tokoh, lan crita gegambaraning watak ing carita cekak. Penokohan, yaiku carane pengarang nggambarake lan njlentrehake karakter tokoh ana ing crita. Ana 2 teknik kanggo nggambarake karakter salah sawijining tokoh. 1) Teknik analitik, yaiku karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi langsung dening pengarang. 2) Teknik dramatic karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi penggambaran: · Bab fisik lan tindak tanduke tokoh · Lingkungan kauripan tokoh · Tata basane tokoh · Dalan pikirane tokoh · Dening tokoh liyane c. Latar/Setting Latar utawa setting, yaiku papan, wektu, lan swasana kedadeyane crita. Papan iki bias ana ing pasar, dalan, sawah, kantir, lan sapanunggalane. Wondene wektu iku ana awan, sore, bengi, esuk. d. Alur/Plot Alur, yaiku urut-urutane kedadeyan ing crita. Bakune crita saka wiwitan nganti teka pungkasan (pitepungan, dredah, cara ngrampungake dredah). Alur kaperang dadi 3, yaiku: a) Alur maju (progresif) yaiku alur kang nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse. b) Alur mundur (regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kapungkur. c) Alur campuran
Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI 9 e. Konflik Konflik yaiku, perkra kang dadi punjering crita. Ing perangan iki pancen diketokake perkara apa kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten. Sansaya njlimet lan tlesih anggone gawe konflik, ndadikake crita iku ngundhahake kawigatene pamaose. f. Amanat Amanat, yaiku piweling utawa piwulang luhur kang kaandhut ing sajroning crita, kang arep diwenehake pangripta marang pamaca. Unsur Ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun crita rakyat saka sajabane crita. Kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggite crita rakyat saka unsur ekstrinsik iku antarane : a. Kahanan panulis Kahanan panulis nalika nulis ganacaran iku duwe daya kang gedhe marang isi lan wujude gancaran amarga ganacaran iku ngandharake panemu saka panulis manut karo apa sing dingerteni lan kahanan atine panulis. Saben panulis wis tamtu duwe karakteristike dhewe-dhewe nalika nulis. Gancaran sing digawe saben panulis wis mesthi duwe titikane dhewe. b. Sosial lan budaya Crita kang digawe iku wis mesthi dijumbuhake karo kahanan kang kudune ana ing gancaran. Kahanan ana ing gancaran mlebu ana ing unsur ekstrinsik amarga kahanan kasebut kudu dijumbuhake karo kahanan kang nyata supaya crita kang digawe bisa katon urip. c. Kahanan sosial lan budaya nalika nulis Sanajan gancaran iku digawe kanthi njumbuhake kahanan kang nyata, kahanan kang kagambarake uga bisa kena pengaruh saka kahanan sosial lan budaya papanpanggonan nulis gancaran iku. Jenis Cerita Rakyat Wujud cerita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legenda lan dongeng. 1) Mitos/Mite Mite yaiku dianggep bener-bener kedadeyan, sesambungane karo roh, alam gaib. Tuladhane : Nyi Roro Kidul, Pethite Nyai Blorong, Thuyul, Gendrowo Kulon Desa, lan sapanunggalane. https://tinyurl.com/5bxkb8uc
Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI 10 2) Legendha Legenda yaiku crita kaanggep bener-bener kedadeyan gayut karo mula bukane dumadining panggonan utawa barang. Tuladhane : Dumadine Rawa Pening, Tangkuban Prau, Candi Prambanan lan sapanunggalane. 3) Dongeng/Fabel Fabel yaiku dongeng kewan sing bisa wawan gunem kaya manungsa. Tuladhane : Kancil karo Baya, Singa Barong karo Tikus, Kancil Nyolong Timun, lan sapanunggalane. https://tinyurl.com/4ppu38ub https://tinyurl.com/2s4ksc8t Sinopsis Sinopsis crita rakyat yaiku ringkesan crita rakyat. Ringkesan crita rakyat yaiku nyekakake crita rakyat kanthi tetep ngawigatekake unsure-unsur instrinsik crita rakyat kasebut. Ancasing sinopsis yaiku menehi gambaran ringkesan ngenani crita rakyat. Carane nggawe sinopsis, yaiku: Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum panulis. Nyathet gagasan umum kanthi nggarisi ngisor gagasan sing wigati. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan utama kaya dene sing dicathet sajrone cara kapindho. Gunakna ukara sing padhet, efektif, lan narik kanggo ngrangke alur crita dadi sawijining karangan cekak kang nggambarake karangan asli. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae. Sinopsis ora entuk nyimpang saka alur crita lan isi saka kaya sing asli.
Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI 11 Awan kuwi Mbok Truwelu lagi ngajak anake sing isih cilik cacah telu dolanan ing njaba ronge. Mbok Truwelu mau lagi nglatih anake ben ngerti kahanan ing njaban rong. Anak Truwelu cacah telu mau katon seneng banget amarga lagi iki bisa dolanan ing njaba rong, sasuwene iki mboke ora tau ngidini padha dolan metu merga wedi yen dipangan kewan galak ing alas kono. Mbok Truwelu mau meling marang anak-anake supaya ngati-ati. “Anak-anakku yen dolanan padha sing ngati-ati aja adoh-adoh, aku tak ngenteni neng ngisor wit kana. Aja padha kemendel adoh saka Simbok ya.” “Ooo iya, mengko ora arep adoh-adoh mung aneng kene wae sing dolanan,” wangsulane ank-anak Truwelu mau. Mbok Truwelu banjur ndhekem neng ngisor wit gedhe karo ngawat-awati anak-anake. Ora krasa angin sing semribit marakake ngantuk lan akhire Mbok Truwelu mau keturon. Sawetara kuwi anak-anake katon seneng banget anggone dolanan ora ngerti yen ana kucing alas sing lagi nyawang anggone dolanan. “Wah ana panganan enak iki, anak-anak Truwelu telu kae mesthi daginge isih empuk aku ora kangelan olehe mangan, mesthi wareg yen tak pangan kabeh,” Kucing alas mau nyawang anak-anak Truwelu karo kemecer, merga mbayangke daginge sing enak. “Kepeneran mboke lagi turu, aku kari golek cara piye isa nubruk Truwelu telu kuwi,” Kucing alas mau banjur mikir piye carane isa nubruk telu-telune. Tibake ora adoh saka kana ana Manuk Thilang sing nyawang polahe kucing alas mau, Manuk Thilang mau mikir Kucing kuwi mesthi lagi ngindhik anak-anak Truwelu mau. “Wah, sakjake Kucing kuwi duwe karep sing ora apik karo anak Truwelu telu kae, wah mesakake banget yen nganti dipangan, mendah susahe Mboke mengko,” pikire Manuk Thilang. “Wah piye nggonku nulung, Mboke kae kok malah enak-enak turu ki piye, apa ora ngerti yen anak-anake lagi didhedhepi Kucing.” Manuk Thilang mau banjur mikir piye carane nggugah Mbok Truwelu mau. Sawise nemu akal Manuk Thilang mau banjur mabur nyedhaki Mbok Truwelu mau banjur neleki irunge. Mbok Truwelu mau kaget, ngambu barang ora enak njur ndemok irung. “Wow manuk ra nggenah, nelek kok neng irung,” kandhane Mbok Truwelu mau karo nesu. “Eee ... Mbok Truwelu aja nesu dhisik, galo sawangen anakmu, ndang jaken ndhelik, ana Kucing alas sing lagi ndhedhepi arep nubruk anak-anakmu.” “Apa iya? Endi kucinge?” Mbok Truwelu mau rada kaget barang dikandhani manuk Thilang yen anake arep ditubruk Kucing alas. “Kae lho, gek ndang jaken ndhelik mengko selak ditubruk tenan, aku tak golet akal ben Kucing mau ora nyawang anakmu,” kandhane Manuk Thilang karo nduduhake panggonane ndhelik Kucing alas mau. Mbok Truwelu banjur age-age nyedhaki anak-anake kon ndang nglumpuk arep dijak ndhelik. Sawetara kuwi Manuk Thilang banjur nyedhaki Kucing alas sing lagi ngindhik anak-anak Truwelu mau. Manuk Thilang mau mabur-mabur neng cedhake Kucing alas ben Kucing mau ora nyawang Mbok Truwelu sing ngejak ndhelik anak-anake, dadakan banjur neleki raine. “Wow iki telek apa iki, kok ambune eram,” Kucing alas mau ngelapi raine sing ketelekan karo nyawang ndhuwur. “Wow Manuk Thilang ranggenah awas mengko kowe sing dak tubruk,” Kucing mau nesu-nesu karo ngincim Manuk Thilang, nanging Manuk Thilang wis mabur adoh. Kucing mau terus muring-muring nganti lali yen lagi ngindhik anak-anak Truwelu. Sawetara kuwi anak-anak Truwelu mau wis padha mlayu ndheli karo Mboke. “Lho menyang endi Truwelu-truwelu mau, wah gara-gara Manuk Thilang aku ora sida mangan enak. Adhuh kudu golek panganan liya iki aku wes luwe banget,” Kucing alas mau muring-muring dhewe meraga wurung mangan anak-anak Truwelu. Wusanane Kucing mau mlaku meneh golek panganan liyane karo isih grundelan mera wurung mangan enak. Liya dina mbok Truwelu mau ketemu Manuk Thilang. “Eh, Manuk Thilang aku matur nuwun banget lho ya. Yen ora kok tulungi mesthi aku wis kelangan anak-anakku.” “Ya ra papa, wis kuwajibane awake dhewe kudu tulung tinulung. Sapa ngerti liya dina aku genti sing kok tulungi,” wangsulane manuk Thilang mau. “Lha kowe ki arep menyang ngendi?” pitakone Mbok Truwelu. “Aku arep nggoleke panganan anak-anakku. Wis ya kowe lak ya arep nggoleke panganan ankmu ta?” “Ho..oh, sepisan meneh aku matur nuwun banget marang kowe,” kandhane Mbok Truwelu mau. Manuk Thilang manthuk karo mesem terus mabur meneh neruske sing arep golek pangan kanggo anake. Mbok Truwelu mbatin kapan-kapan dheweke kepengin mbales budine Manuk Thilang sing apik atine mau Wacanen tuladha cerita rakyat ing ngisor iki! Manuk Thilang sing Apik Atine Kapethik saka: Solopos 25 November 2010 Fase 3: Membimbing peserta didik
Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI 12 Sasampunipun sinau bab pangertosan crita rakyat, karakteristik crita rakyat, unsur intrinsik crita rakyat, jenis crita rakyat saha sinopsis, peserta didik kaliyan kelompokipun saged nglajengaken ngrembag bab unsur intrinsik wonten ing teks crita rakyat. Materi Prosedural Maos crita rakyat ingkang badhe dipunanalisis. Negesi tetembungan angel → tetembungan ingkang angel ing salebetipun teks cerita rakyat dipunpadosi rumiyin tegesipun, supados gampil anggenipun mangertosi gegambaran wosing teks (ngandharaken bab menapa); Nindakaken analisis unsur intrinsik tema, latar/setting, alur, penokohan, saha amanat/piwulang luhur saking teks crita rakyat ingkang dipun waos. Manggihaken isi/ wosing teks cerita rakyat→ sasampunipun teks dipundadosaken tetembungan angel menika gampil anggenipun manggihaken isinipun amargi sedaya tembung sampun dimangretosi; Manggihaken nilai moral → sasampunipun mangertosi isinipun bab menapa tamtu gampil anggenipun manggihaken nilai moral ing salebeting teks crita rakyat. Ing salebetipun teks cerita rakyat tamtu kemawon ngandhut makna utawi wosing pirembagan ingkang dipunandharaken dening panganggitipun. Anggenipun mangertosi wosing/ isi teks cerita rakyat kadhang kala boten saged dipunlampahi kanthi langsung (ateges sasampunipun mirengaken sekaripun utawi maos cakepanipun lajeng mangertos isinipun) ananging kedah mawi langkah-langkah tartamtu. Dene langkah-langkahipun mangertosi teks cerita rakyat ing ngandhap menika: 1. 2. 3. 4. 5. Tembung-tembung kang angel saged dipadosi tegese kanthi nggunakake kamus online: https://www.sastra.org/leksikon
Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI 13 Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan hasil Karya Sasampunipun peserta didik kaliyan kelompokipun analisis unsur intrinsik crita rakayat, madosi isi crita rakyat saking teks wacan ingkang sampun dipunwaos dipunlajengaken ngandharake asiling diskusi wonten ing sangajengipun kelompok sanes. Materi Metakognitif Nalika wonten kelompok ingkang presentasi asiling pirembagan, kelompok sanesipun gantosan saha nyerat bab ingkang wigatos saking presentasi. Menawi kelompok ingkang presentasi sampun paripurna kalajengaken kelompok sanes saged ngandharaken panyaruwe, pamrayogi utawi pitakenan ingkang gayut kaliyan asiling presentasi.
Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecah Masalah Guru paring bimbingan dhateng peserta didik kangge damel dudutan saking sedaya materi ingkang sampundisinauni dinten menika. Siswa dipundhawuhi ngempalaken LKPD ingkang sampun digarap. Salajengipun para siswa dipunsuwunnggarap soal post test wonten ing googleform kanthi link menika: https://tinyurl.com/post-test-cerita-rakyat Rubrik evaluasi diri Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI 14 Samenika para siswa kasuwun milih wangsulan ingkang trep kaliyan kawontenan siswa piyambakkanthi tandha centhang (√) Yen mangsuli “DURUNG” ing salah sawijine pitakonan ing dhuwur, pramila sinau maneh materi kasebut ing bahan ajar ingkang sampun sumadya lan sinaunen maneh kegiyatan pasinaon kang sakiramu perlu kobaleni kanthi bimbingan utawa wejangan guru utawa kancamu. Lan yen kowe mangsuli “YA” ing kabeh pitakonan kasebut, kowe bisa nglanjutake.
Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI 15 Dudutan saha Relevansi Dudutan 1. Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masarakat ing papan iku. 2. Unsur-unsur pembangun cerita rakyat ( tema, watak paraga/tokoh, latar/setting, alur/plot, konflik, amanat), wos surasane crita. 3. Karakter crita rakyat yaiku anonim, kolektif, diceritakake kanthi lesan, sing nritakake saka generasi ke generasi. 4. Wujud crita rakyat Mitos, Legendha, Dhongeng. 5. Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Relevansi Nilai-nilai ingkang taksih relevan saking cerita rakyat kangge jaman sakmenika antawisipun : 1. Generasi muda kedah purun nguri-uri kabudayan Jawi. 2. Saged dados sarana kangge maringi pitutur luhur kangge generasi muda. 3. Memperkuat nilai-nilai sosial saha budaya ingkang wonten ing masyarakat.
Bahan Ajar Cerita Rakyat Kelas XI 16 Amin, Irzal, dkk. Cerita Rakyat Penamaan Desa Kerinci Kategori dan Fungsi Sosial Teks. Jurnal Bahasa, Sastra dan Pembelajaran, Vol, no 1, Februari 2013: 31-41. Diakses pada 28 Mei 2023 melalui https://ejournal.unp.ac.id/index.php/bsp/article/view/4976 Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij N. V. Groningen. Rukuification. 2017. ANIMASI PENDEK DUMADINE RAWA PENING (ASAL MULA RAWA PENING). Diakses 28 Mei 2023 Widaryatmo, Gandung. 2011. Prigel Basa Jawa. Jakarta: PT Erlangga. Widaryatmo, Gandung. 2014. Prigel Basa Jawa. Jakarta: PT Erlangga. https://www.youtube.com/watch?v=yw8IJwLykyo&t=4s Daftar Pustaka