The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

BAHAN AJAR MATERI PARIWARA KELAS XI

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Ratih Yoney, 2023-06-06 08:45:43

E-Module

BAHAN AJAR MATERI PARIWARA KELAS XI

BAHAN AJAR Pembelajaran Bahasa Jawa PARIWARA KELAS XI Disusun oleh: Ratih Yoni Pratiwi


Dedonga sadurunge miwiti pasinaon Para siswa maca pandom pasinaon ing materi iki. Upama arupa Kopmpetensi dasar, indikator pencapaian kompetensi, lan ancas pasinaon. Garapen kanthi teliti lan temenan ing saben gladhen, menawa anggone sinau ana kang ora dimangerteni bisa nyuwun pirsa marang guru. Pasinaon sing wes diparingaken dipraktekna Sinau meneh penjelasan saka guru utamane bab materi sing durung dipahami. Sadurunge mlebu ing materi paasinaon, luwih becik para siswa mangerteni pandom pasinaon iki. Ing ngisor iki babbab kang kudu digatekake: Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 1 Pandom Pasinaon


Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 2 Kompetensi Dasar dan Indikator Menganalisis struktur teks pariwara. Menganalisis pilihan kata dalam teks pariwara. Menyimpulkan isi teks pariwara Menulis teks pariwara/iklan berbahasa Jawa. menyajikan teks pariwara/iklan berbahasa Jawa baik secara lisan maupun tulisan. 3. 2 Menelaah teks iklan Berbahasa Jawa 1. 2. 3. 4. 2 Menulis teks iklan berbahasa jawa 1. 2. Tujuan Pembelajaran Peserta didik dapat menganalisis struktur teks pariwara dengan benar. (C4) Peserta didik dapat menganalisis pilihan kata dalam teks pariwara dengan tepat secara tanggung jawab. (C4) Peserta didik dapat menyimpulkan isi teks pariwara dengan tepat dan tanggung jawab. (C6) Peserta didik dapat membuat teks pariwara secara mandiri, disiplin dan bekerja sama. (P5) Peserta didik dapat menyajikan teks pariwara dalam bentul lisan/tulisan dengan tepat dan tanggung jawab. (P3) Tujuan Pembelajaran yang diharapkan setelah pembelajaran ini : 3. 2 Menelaah teks iklan Berbahasa Jawa 1. 2. 3. 4. 2 Menulis teks iklan berbahasa jawa 1. 2.


Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 3 Materi Pembelajaran Fase 1 Orientasi Terhadap Masalah Para siswa sumonggo dipunsemak video tuladha iklan/pariwara ingkang ngginakaken basa Jawa. Kanggo mangsuli pitakenan apa kang narik kawigatenanmu marang pariwara! Materi Faktual https://www.youtube.com/watch?v=8Aflg1yXdjQ scan QR barcode


Pariwara Pengertian Pariwara Ancas/Tujuan Pariwara Paugeran Pariwara Perangan Pariwara Unsur Pariwara Cara Gawe Pariwara Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 4 Fase 2 Mengorganisasikan peserta didik Materi Konseptual Para siswa sumonggo dipunsinauni sesarengan materi ing ngandhap menika


Pariwara/iklan yaiku pawarta utawa pesen sing ditujoake marang wong akeh bab barang utawa jasa, supaya narik kawigaten kanggo nggunakake barang utawa jasa sing ditawakake mau. Iklan bisa wujud audio (swara), visual (gambar), utawa audio visual (suara lan gambar). Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 5 Miturut ancas utawa tujuane, iklan iku kaperang dadi loro, yaiku iklan komersial lan non-komersial (iklan layanan masyarakat). Pengertian Pariwara Ancas/Tujuan https://tinyurl.com/hezebe6t Iklan komersial yaiku iklan sing nduweni tujuan ngentukake keuntungan ekonomi, upama ngundhakake pangedole sawijining barang utawa jasa. Tuladha; Iklan produk panganan, kosmetik, produk asuransi, lsp.


Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 6 Iklan non-komersial (iklan layanan masyarakat) yaiku iklan sing digunkakae kanggo ngajak utawa ndhidhik masyarakat supaya luwih nduweni kesadharan sikap, tambahing kawruh, sarta oleh citra sing apik ing masyarakat. Tuladha: iklan program KB, iklan buang sampah, iklan bahaya narkoba, lsp. https://tinyurl.com/yeynt669


Iklan migunakake media massa kagem maringakn kabar. Migunkaake sponsor kanggo narik kawigaten. Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak utawa masyarakat. Nduweni ancas kanggo golek audiens utawa kang ngerteni aeakeh-akehe. Pariwara utawi iklan gadhah paugeran-paugeran tartamtu, kadasta: Headline utawa irah-irahan (judul) Bodycopy yaiku teks menei informasi sing luwih rinci ngenai produk utawa jasa sing ditawakake. Bisa diwenehi visual ilustrasi, yaiku gambar utawa foto, utawa apa wae sing ana gegayutane karo konsep-konsep kreatif. Close (panutup), ing bagian iki isa diwenei tagline, slogan, catch phrase, utawa jeneng lan alamat usaha pengiklan. Supaya iklan iku narik kawigaten, mesthine ana peranganperangan sing kudu digatekake. Perangan-perangan iku kaya: Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 7 Paugeran Pariwara Perangan pariwara https://tinyurl.com/2p9hj6p8


Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 8 unsur pariwara jeneng barang/jasa kang ditawakake alamat produsen kahanan barang/jasa kang ditawakake, lsp Unsur pariwara yaiku: 1. 2. 3. Fase 3 Membimbing penyelidikan Sesampunipun maos materi ing nginggil, sumangga para siswa latihan damel teks iklan berbahasa Jawa/ Pariwara kang gunakake basane dhewe-dhewe. Basa pariwara iku cekak aos, cetha, lan kewaca, supaya gampang disurasa. Pariwara kalebu salah sijine kabar utawa wara-wara kanggo masarakat utawa bebrayan agung kanthi tujuan wong kang ngrungokake utawa maca dadi kepencut marang produk kang ditawarake. Pariwara kang efektif kudu gampang dimangereni dening kang maca. Ing ngisor iki kasebutake tandha pariwara kang efektif: Materi Prosedural lugas basane, gampang dimagerteni, lan nyenengake/nar ik kawigaten. Kanthi mangkono, masarakat kanthi gamblang bisa ngerti produk kang ditawarake jroning iklan, guna, lan khasiat kang ana ing produke


Pariwara Tinulis Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 9 Cara gawe pariwara Menawa gawe iklan iku kudu: Tampilan iklan (layout) kang prasaja/sederhana. Tampilan kang prasaja yaiku fokus, imbang/simetris, ukuran, wujud, garis, tipografi kang narik kawigaten. 1. 2. Desain Werna Pamilihing werna kang pas ndadekake pariwara/iklan iku nyenengake, carane: Olahen werna dadi werna kang bisa narik kawigaten. Gawenen werna kang kontras. 3. Headline lan isi utawa desian. Gampang anggone maca iklan dadi babagan kang penting. Babagan visual bisa digawe mengkone. 4. Gaya Tulisan: Italic utawa miring: menehi kesan aksi, cepet, progresif. Aksara kapital: konservatif, menehi kesan kang ramah lan asor. Aja nggunakake font berukir. Bayangan menehi kesan 3D ing tulisan. Tulisan script menehi kesan feminim. Aksara kandel menehi kesan maskulin. Gunakna tipe huruf font kang jumbuh kanggo pariwara. aja nggunakake maneka warna tipe huruf font. Diwatesi udakara 3 utawa 4 tipe huruf.


Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 10 Tuladha Pariwara Tinulis https://tinyurl.com/yyhumtj9 https://tinyurl.com/hezebe6t


Pariwara Radhio Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 11 Iklan ing radhio duwe cakrik (karakteristik) kayata: Theater of the mind, tegese pariwara kang dirungokake kudu ngemut pesen kang ndadekakake pamiyarsane duwe angen-angen (imajinasi) tumrap pariwara kang dirungokake. Pribadi, tegese pariwara radhio pesene kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarane. Pariwara radhio iku lumrah mung diwartakake satleraman. Mula saka iku panulise teks pariwara becike Nulis kanggo micara, ora diwaca utawa disawang. Tembung kang digunakake yaiku tembung lan ukara kang gampang ditampa. Amarga kang dituju iku pangrungone dudu panyawange. Nulis minangka wujud komunikasi langsung. Mula kudu fokus marang pamiyarsane ora menyang liyane. Nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liyane. Mula kudu nuwuhake rasa kekraban komunikasi personal. Carane: nyingkiri nulis kanthi sesorah; swara tulisan kudu mujudake swasana informal; naskah kudu nyipta swasana akrab; naskah kudu komunikatif. Satema, saukara, cekak, lan aos; nulis kanthi ancas langsung dipahami. Mula aja kedawan ukarane; tembunge ngemu kasunyatan lan aja nggunakake tembung-tembung kang meh padha pangucape. 1. 2. 3. 4. 5. 6. Pariwara radhio iku nggunakake: sawara manungsa, musik, jingle, efek swara.


Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 12 iklan “Tolak Angin Komplit” Bapak : “ aduh bune awakku kok padha pegel kabeh” Ibu : “punapa tho pakne?” Bapak : “ora ngerti aku, apa jalarane rasane kok kaya masuk angin” Ibu : “oalah bapakne masuk angin ta” Bapak : “iya bu awit wingi bengi bali saka Semarang ngeterke barang dagangan” Ibu : “niku pakne mesthi supe ngunjuk obat” Bapak : “iya bune, ben cepet mari diapakna ya, dipijeti wae piye bune? Ibu : “oalah gampil yen soal pijet, niki tak dhamelke unjukan riyin, supados ical pegel-pegelipun” Bapak : “apa iku bune?” Ibu : “ niki lho pakne jamu TOLAK ANGIN KOMPLIT, obat herbal kangge masuk angin, mendhakake weteng kembung, weteng lara, nglegakake tenggorokan, njaga kasarasan awak sarta apik diunjuk nalika perjalanan, awak sayah lan kurang turu. Obat iki didhamel saka bahan alami kayata minyak adas kayu ules, godhong cengkeh, meniran, jahe lan madu. Ayo pakne diunjuk saniki supados enggal waras.” Bapak : “wah enak tenan bune, awak krasa seger buger kaya lebar dipijeti wae.” Ibu : “bener tho omongku, awak dadi seger buger amarga ngunjuk TOLAK ANGIN KOMPLIT.” Tuladha Pariwara Radhio https://tinyurl.com/yyhumtj9 https://tinyurl.com/2p82sd26


Pariwara TV Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 13 Cakrik pariwara TV yaiku : Pesen saka produk yaiku audio, visual, lan gerak. Mula ora mung ing bab tulisan/naskah nanging tampilan kang narik kawigaten iku kang disenengi Piranti ing pariwara TV luwih genep tinimbang pariwara radhio. Tuladha Pariwara TV https://www.youtube.com/watch?v=5Km3cKhUtcQ


Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 14 Fase 4 Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya Para siswa, sasampunipun mahami caranipun mangertosi isi/wosing pariwara kaliyan perangan-perangan pariwara, sumangga dipuncakaken langkah-langkah kangge mangertosi informasi saking pariwara: Materi Metakognitif Pertemuan-1 Caranipun madosi wos/isi pariwara: Negesi tembung salebeting pariwara saged dipunpadosi tegesipun wonten ing bausastra , https://www.sastra.org/leksikon Madosi perangan-perangan pariwara inggih menika : 1. 2. Headline utawa irah-irahan (judul) Bodycopy yaiku teks menei informasi sing luwih rinci ngenai produk utawa jasa sing ditawakake. Bisa diwenehi visual ilustrasi, yaiku gambar utawa foto, utawa apa wae sing ana gegayutane karo konsep-konsep kreatif. Close (panutup), ing bagian iki isa diwenei tagline, slogan, catch phrase, utawa jeneng lan alamat usaha pengiklan. Pertemuan-2 Menawi nyerat pariwara kedah dipungatosaken bab-bab menika: Basa pariwara iku cekak aos, cetha, lan kewaca, supaya gampang disurasa. Pariwara kalebu salah sijine kabar utawa wara-wara kanggo masarakat utawa bebrayan agung kanthi tujuan wong kang ngrungokake utawa maca dadi kepencut marang produk kang ditawarake. Pariwara kang efektif kudu gampang dimangerteni dening kang maca. Caranipun damel pariwara


Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 15 Fase 5 Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecah Masalah Peserta didik dumugi perangan menika sumonggo syukur amargi ing pepanggihan menika: Pertemuan -1 Pertemuan-2 Para siswa sampun saged nganalisis isi pariwara kaliyan sampun mresentasikaken asiling diskusi wonten ngajeng kelas Para siswa sampun saged damel pariwara komersial sarta sampun saged ngginakaken basa kang trep lan pener. Anggenipun nganalisis basa utawa tembung kedah teliti. Anggenipun damel pariwara kedah nggatosaken unsur-unsur saha perangan-perangan pariwara. Anggenipun damel pariwara kedah nggatosaken titikantitikanipun. Wonten ing perangan menika saged dipunanaliss saha dipunevaluasi proses anggenipun manggihaken sedaya unsur ing pasinaon pariwara. Bab ingkang taksih angel nalika sinau materi inggih menika:


Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 16 Pariwara/iklan yaiku pawarta utawa pesen sing ditujoake marang wong akeh bab barang utawa jasa, supaya narik kawigaten kanggo nggunakake barang utawa jasa sing ditawakake mau. Iklan bisa wujud audio (swara), visual (gambar), utawa audio visual (suara lan gambar). Pariwara tinulis (cara panggawene) Iklan ing radio duwe cakrik: Cakrik pariwara TV yaiku : 1. Gawenen tampilan (layout) kang prasaja/sederhana 2. Desain werna 3. Headline lan isi utama desain 4. Gaya tulisan 1. Theater of the mind, tegese pariwara kang dirungokake kudu ngemut pesen kang ndadekakake pamiyarsane duwe angenangen (imajinasi) tumrap pariwara kang dirungokake. 2. Pribadi, tegese pariwara radhio pesene kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarane. 1. Pesen saka produk yaiku audio, visual, lan gerak. 2. Piranti ing pariwara TV luwih genep tinimbang pariwar radhio. Dudutan Relevansi Sesampunipun mangertosi bab pariwara, kita supdos mangertosi kenging menapa iklan/pariwara menika penting kangge bidang usaha, inggih menika kangge alat promosi, usaha alit dados saged berkembang. Salah satunggaling esensi saking bisnis inggih menika mbangun hubungan kaliyan tiyang sanes. Lumantar pariwara menika saged ndadosaken salah satunggaling piranti penting kangge menuhi kagiyatan komunikasi pemasaran kasebut.


Bahan Ajar Materi Pariwara Kelas XI 17 Dita. 2021. Tuladha Iklan/Pariwara ing Radhioh. diakses 6 Juni 2023 melalui: http://kumpulanceritaberbahasajawa.blogspot.com/2021/01/con toh-iklanpariwara-menggunakan-bahasa.html Kamus Bausastra online, https://www.sastra.org/leksikon Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia. J.B.Wolters Uitgevers Maatschppij Groningen. Oktafiono, D. (2018). Tindak Tutur Ilokusi dan Kesantunan Berbahasa pada Iklan Berbahasa Jawa di Radio serta Relevansinya terhadap Materi Ajar Menelaah Iklan Kelas Xi SMA. https://digilib.uns.ac.id/dokumen/detail/59477/Tindak-TuturIlokusi-dan-Kesantunan-Berbahasa-pada-Iklan-Berbahasa-Jawadi-Radio-serta-Relevansinya-terhadap-Materi-Ajar-MenelaahIklan-Kelas-Xi-SMA Tim4shoot channel. 2020. Iklan Lucu Bahasa Jawa (31 Oktober 2019), Diakses 4 Juni 2023. https://www.youtube.com/watch? v=8Aflg1yXdjQ Widaryatmo, Gandung, dkk. 2011. Prigel Basa Jawa. Jakarta: Erlangga Widaryatmo, Gandung, dkk. 2014. Prigel Basa Jawa. Jakarta: Erlangga


Click to View FlipBook Version