The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Piwulang Basa Jawa Kelas VIII (Fase D)

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Imro Atin Uswatun Khasanah, 2024-03-17 11:54:37

Teks Crita Legendha

Piwulang Basa Jawa Kelas VIII (Fase D)

Keywords: Teks Crita Legendha Basa Jawa

Materi Ajar Teks Cerita Legendha (Fase D) Piwulang Basa Jawa Kelas VIII Imro Atin Uswatun K.


Capaian Pembelajaran ✨ Elemen Membaca Peserta didik mampu membaca teks sastra (cerita rakyat) dari teks visual ✨ Elemen Menulis Peserta didik mampu menyampaikan tulisan berdasarkan fakta, pengalaman, dan imajinasi secara indah dan menarik dalam bentuk gancaran (prosa) dengan penggunaan kosakata secara kreatif ✨ Elemen Membaca Peserta didik mampu memahami isi teks cerita legenda "Dumadine Kutha Semarang" ✨ Elemen Menulis Peserta didik mampu menulis teks cerita legenda dari Jawa Tengah dengan bahasa Jawa ragam ngoko alus dengan memperhatikan kaidah penulisan bahasa Jawa. Tujuan Pembelajaran


Papan wisata menika mapan wonten pundi?


Crita Legendha Crita legendha yaiku crita utawa dongeng dumadine papan pangggonan utawa barang. Crita legendha kalebu crita rakyat, mula sumbere cerita asale saka lisan utawa gethok tular. Crita legendha dipercaya dening masarakat wiwit mbiyen tekan saiki kanthi turun-temurun. Tuladhane crita legendha: • Dumadine Rawa Pening • Dumadine Kutha Semarang • Legendha Desa Nglimut • Asal-Usul Kutha Magelang • Lan sapanunggale


2. Alur Alur yaiku lakuning crita saka wiwitan tekan pungkasan. Alur kaperang dadi telu, yaiku alur maju, alur mundur, lan alur campuran (majumundur). Unsur Intrinsik Unsur intrinsik yaiku unsur kang ana ing sajroning crita, kayata: 1. Tema Tema yaiku underaning crita utawa gagasan pokok utama ing sajroning crita. Tema lumrahe ana gegayutane karo pengalaman urip, kayata: alam, prastawa sejarah, kasekten, papan panggonan, lsp.


3. Paraga Paraga utawa tokoh yaiku pawongan utawa sapa-sapa wae kang ngalami kedadeyan ing sajroning crita. Paraga kaperang dadi telu, yaiku protagonis (apik), antagonis (elek), tritagonis (netral/paraga tambahan). 4. Setting/Latar Setting kaperang dadi telu, yaiku latar panggonan (nggambarake papan panggonan kedadeyan crita), latar wektu (nggambarakan kapan kedadeyan crita), lan latar swasana (nggambarake kahanan kang ana ing sajroning crita)


5. Watak Watak yaiku sipat utawa karakter kang diduweni saben paraga ing sajroning crita. 6. Sudut Pandang Sudut pandang yaiku carane pangripta nggambarake paraga ing sajroning crita. Jinise sudut pandang ana telu, yaiku sudut pandang orang pertama, sudut pandang orang kedua, lan sudut pandang orang ketiga. 7. Pitutur Luhur Pitutur luhur yaiku nasihat, piweling, wewarah, utawa ajarang ing sajroning crita kang bisa dijupuk kanggo pituladhan urip.


Dumadine Kutha Semarang Ana sawijining pangeran saka Kraton Demak kang misuwur minangka ulama panutane para kawula lan priyayi, asmane Ki Ageng Menak Pandan utawa Menak Pandan. Menak Pandan kagungan putra asmane Raden Pandanaran kang misuwur becik bebudene, grapyak, lan andhap asor, sarta ngerti unggah-ungguh. Sawijining dina Raden Pandanaran lan prajurit kraton kautus ndherekake Menak Pandan tindak menyang tlatah Kasultanan Demak. "Anakku, apa kowe saguh ndherekake ramamu tindak? Ramamu bakal ninggalake Kraton Demak iki." Pandangune Menak Pandan marang putrane. "Badhe tindak dhateng pundi, Rama?" Ature Raden Pandanaran. "Rama bakal ngumbara mangulon sinambi dakwah agama. Miturut kabar, lemah ing kana subur dadi bisa dipesthekake cacahe warga uga akeh. Mula cepak-cepaka ndherek rama tindak mrana." "Sendika dhawuh, Rama."


Menak Pandan lan rombongane banjur budhal mangulon. Raden Pandanaran lan para prajurit tansah setya ndherekake Menak Pandan. Ing sawijining tlatah kang subur, Menak Pandan ngaso sawetara wektu. Runangsa krasan, panjenengane banjur manggon ing kana sarta ngadegake gubug ing satengahing alas. Para pendherek diprentahake supaya padha tandang gawe mbabad alas lan nglumpukake kayu kanggo mbangun gubug. Sakwise gubuge ngadeg, Menak Pandan nyiarake agama Islam ing kana. Suwe-suwe gubug mau saya tambah reja lan akeh bebrayan kang sinau ing gubuge Menak Pandan, banjur didadeake pondhok pesantren. "Alhamdulillah, gubuge wis kasil dibangun luwih jembar lan amba." Ujare sawijining prajurit. Sawijining dina ana kawula sowan marang Ki Ageng Menak Pandan. "Ki, ngaturi priksa bilih kathah tiyang ingkang badhe nyantri. Menika kados pundi, Ki?"


"Hm.. Aturana wong-wong kuwi supaya padha mlebu pondhok. Bakal daktampa kabeh dadi santri-santriku lan bakal dakajak sinau Islam bebarengan." Saya suwe saya akeh wong kang nyantri ing papan iku. Ki Ageng Menak Pandan ngareparep supaya mbesuk putrane bisa ngganteni ramane minangka guru agama ing tlatah iku. "Ngger, anakku, yen ramamu sawayah-wayah tilar donga, tutugna anggonmu nyiarake agama Islam ing tlatah iki, ya. Gulawentahen kanthi sabar supaya wong-wong kang wis ngrasuk Islam padha istiqomah tansah ngugemi agama saben tumindak ing padinane lan aja ninggalake ajarane para wali. Insyaallah uripmu bakal slamet donya lan akherat." "Inggih, Rama." Wangsulane Raden Pandanaran. Ora nganthi suwe Ki Ageng Menak Pandan tilar donya sowan Gusti Allah kang Ayasa Jagad. Raden Pandanaran tabsah ngelingeling piweling saka ramane. Panjenengane banjur mbacutake anggone mulang agama lan ngupakara pondhok sarta tlatah kanthi becik.


Sawijining dina Raden Pandanaran mirsani kedadeyan kang aneh. "Ngapa wit-witan iki thukul pating plencar tur arang-arang? Iki aneh, amarga lemah ing tlatah iki pancen subur. Yen mangkono, tlatah iki becik yen disebut Semarang, saka tembung asem arang-arang." Ngendikane Raden Pandanaran. Raden Pandanaran minangka pambuka tlatah Semarang kang kapisan banjur dipercaya Kraton Demak dadi pangarsa tlatah Semarang kanthi gelar Ki Ageng Pandanaran. Mangkono crita dumadine kutha Semarang kang saiki dadi ibukota Provinsi Jawa Tengah.


Tembung Angel • Tlatah • Misuwur • Tilar donya • Gulawentah • Ngupakara • Para kawula • Pangarsa • Plencar • Mirsani • Piweling • Bebrayan • Ngumbara • Andhap asor • Tandhang gawe • Sowan Daerah kekuwasaan Terkenal, kondang Seda, kapundut Ndidik, ngrumati Ngopeni Rakyat cilik Raja, panguwasa Ana ing endi-endi Ndelok Pitutur, nasihat Masarakat Ngembara Ora gumedhe Nyambut gawe, kerja Dolan


Gladhen 1. Sebutna piwelinge Ki Ageng Menak Pandan marang putrane sadurunge tilar donya! 2. Apa tujuane Ki Ageng Menak Pandan ninggalake Kraton Demak? 3. Apa gunane gubug kang dibangun Ki Ageng Menak Pandan? 4. Kepiye asal-usul dumadine tembung “Semarang”? 5. Coba tulisen dudutan sing bisa kokjupuk saka crita Dumadine Kutha Semarang nganggo basa ngoko alus! Wangsulana pitakonan ing ngisor iki adhedhasar wacan crita legendha "Dumadine Kutha Semarang"!


Nulis Teks Crita Legendha Paugeran kang perlu digatekake nalika nyerat teks crita legendha, yaiku kudu nggatekake tata tulis kang trep, kayata nulis paraga kudu diwiwiti huruf gedhe utawa kapital, kudu nggatekake panulisan da, dha, ta, tha, lsp, kudu nggatekake panulisan adeg-adeg kang trep. Kegiyatan Kelompok 1. Saben kelompok nggolek crita legendha sing ana ing Jawa Tengah. 2. Saben kelompok dhiskusi ngenani crita legendha sing wis dientukake. 3. Banjur, saben kelompok miwiti gawe proyek panulisan teks crita legendha nggunakake paugeran panulisan ragam ngoko alus kanthi trep.


Click to View FlipBook Version