https://stock.adobe.com/search?k=semar
1| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1
https://www.canva.com/
BaBh aBhaanhaAn jAarjaAr kUsanrgagaJha-Uwangguh
Satuan Pendidikan SMP Muhammadiyah 1 Minggir
Mata Pelajaran Bahasa Jawa
Kelas/ Semester VII/ 1
Alokasi Waktu 2 x 40 menit ( 1x pertemuan)
Materi Pokok Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana
Kompetensi Inti (KI)
KI 3 Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
prosedural berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu pengetahuan,
teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan,
kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan
kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang
spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah
KI 4 Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak
terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara
mandiri, dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan.
2| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1
Kompetensi Dasar dan Indikator
No Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
1. 3.3. Menerapkan sandhangan 3.3.1. Menganalisis penggunaan sandhangan
wyanjana, angka Jawa wyanjana dalam kalimat beraksara Jawa. (C4)
dalam kalimat sederhana 3.3.2. Memecahkan teka-teki silang beraksara Jawa
beraksara Jawa yang mengandung sandhangan wyanjana. (C4)
2. 4.3. Menulis kalimat 4.3.1. Mengalihaksarakan kalimat beraksara Latin
sederhana beraksara Jawa yang mengandung sandhangan wyanjana ke
menggunakan aksara Jawa. (P3)
sandhangan wyanjana, 4.3.2. Mengalihaksarakan kalimat sederhana
angka Jawa beraksara Jawa yang mengandung sandhangan
wyanjana ke aksara Latin. (P3)
Bahan ajar fokus pada indikator pertemuan ke dua, yaitu:
No Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
1. 3.3. Menerapkan sandhangan 3.3.2. Memecahkan teka-teki silang beraksara
wyanjana, angka Jawa dalam Jawa yang mengandung sandhangan
kalimat sederhana beraksara wyanjana. (C4)
Jawa
2. 4.3. Menulis kalimat sederhana 4.3.2. Mengalihaksarakan kalimat beraksara
beraksara Jawa menggunakan Jawa yang mengandung sandhangan
sandhangan wyanjana, angka wyanjana ke aksara Latin. (P3)
Jawa
3| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1
Fase 1: Identifikasi Masalah
Materi Faktual
Wonten ing pamulangan menika para siswa badhe nyinau bab aksara Jawa. Gladhen
nyerat saha maos aksara Jawa menika kedah tansah dipuntindakaken supados enggal apal
saha paham caranipun nyerat saha maos aksara Jawa ingkang leres.
Aksara Jawa menika wujudipun kathah. Wonten aksara legena utawi nglegena, aksara
Pasangan, aksara Rekan, aksara Swara, aksara Angka, aksara Murda, sandhangan swara,
sandhangan panyigeg wanda, sandhangan wyanjana, saha panjing. Ing pamulangan menika
badhe ngrembag bab aksara legena, aksara pasangan, saha sandhangan, mliginipun
sandhangan wyanjana. Samangke para siswa kedah mangretosi kadospundi wujudipun
sandhangan wyanjana saha kadospundi panganggening sandhangan wyanjana. Wonten ing
ngandhap menika wonten tuladha panganggening sandhangan wyanjana, sumangga para
siswa nyetitekaken kanthi premati!
No. Gambar Seratan klentu Seratan leres
1. Kiai haji Kyai haji
Gambar 1. Kyai Haji Ahmad Dahlan Prau layar
2. Pêrau layar
Gambar 2. Prau layar Kêréta Kréta
3.
Gambar 3. Kreta
4| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1
Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik
Materi Konseptual
Para peserta didik sumangga materi ing ngandhap menika dipunrembag
sesarengan kaliyan kanca klompokipun!
Wonten ing pepanggihan menika badhe ngrembag bab wujudipun aksara Jawa, inggih menika
aksara legena, pasangan, saha sandhangan, mliginipun sandhangan wyanjana, maos othak-athik
mathuk tembung aksara Jawa saha maos ukara aksara Jawa ingkang ngewrat sandhangan
wyanjana.
5| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1
1. Wujudipun Aksara Jawa
a. Aksara Jawa nglegena utawi legena
Aksara Jawa nglegena utawi legena menika gunggungipun wonten 20. Saben aksara
dipunucapaken kanthi silabis utawi wanda utawi ‘suku kata’. Aksara jawa legena
tegesipyn aksara ingkang dereng dipunsukani pasangan saha sandhangan.
Gambar 1. Aksara Legena
b. Aksara Pasangan
Aksara Jawa legena ingkang gunggungipun 20 kasebut, gadhah pasangan piyambak-
piyambak. Pasangan dipunginakaken kangge mateni wanda saderengipun. Hadiprijono
(2017: 25) ngandharaken menawi pasangan menika dipunginakaken kangge nyigeg (mateni)
wanda saderengipun supados saged nggandhengaken kaliyan wanda salajengipun, kejawi
wanda ingkang nginakaken sandhangan panyigeging wanda (wignyan, layar, lan cecak).
Tuladhanipun kangge nyerat ‘mangan sega’ dipunbetahaken pasangan kangge ‘se’ supados ‘n’
ing tembung ‘mangan’ boten muni utawi mati. Tanpa pasangan ‘s’ seratan saged kawaos
‘mangana sega’.
Gambar 2. Aksara pasangan
6| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1
c. Sandhangan
Sandhangan inggih menika tandha ingkang dipunagem supados wonten unen-unen
vokal sasanesipun /a/, saged ugi kangge njangkepi utawi mateni wanda supados saged muni
kados tembung ingkang dipunucapaken. Sandhangan menika wonten 3, inggih menika
sandhangan swara, panyigeging wanda, saha wyanjana, Dene, andharanipun saged
dipunsetitekaken ing ngandhap menika.
a. Sandhangan swara
b. Sandhangan panyigeging wanda
Sandhangan menika dipunginakaken kangge nutup wanda (suku kata).
7| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1
c. Sandhangan wyanjana
Sandhangan wyanjana gunggungipun wonten tiga. Sandhangan menika kangge
panyeratan wanda ingkang dipunpungkasi konsonan lajeng dipunsambung konsonan + vokal.
8| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1
9| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1
Fase 3: Membimbing Penyelidikan
Materi Prosedural
Para siswa, sasampunipun mahami materi aksara Jawa ingkang kawuwuhan
sandhangan wyanjana, sumangga materi caranipun alih aksara aksara Latin dados aksara
Jawa ing ngandhap menika, sumangga dipunrembag sesarengan kaliyan klanca klompokipun!
Caranipun Alih Aksara aksara Jawa dados aksara Latin
Alih aksara inggih menika pengalihan sawijining aksara setunggal dados aksara
sanesipun. Tuladhanipun alih aksara Jawa dados aksara Latin. Wonten ing pamulangan
menika para siswa alih aksara Jawa ingkang ngewrat sandhangan wyanjana dados ukara
aksara Latin. Caranipun anggenipun maca aksara Jawa inggih menika:
1. Para peserta didik saged ningali buku Kartika Basa Kelas VII utawi bahan ajar Aksara
Jawa menawi dereng apal wujudipun aksara Jawa legena, pasangan, saha sandhangan.
2. Para peserta didik kedah mangretosi cak-cakanipun ngginakaken aksara legena,
pasangan, saha sandhangan, mliginipun sandhangan wyanjana (saged dipuntingali
wonten ing kaca 6 – 9).
3. Asiling alih aksara dipunserat wonten ing papan ingkang sampun sumadya (LKPD).
10 | B a h a n A j a r A k s a r a J a w a S a n d h a n g a n W y a n j a n a K e l a s V I I / 1
Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya
Materi Metakognitif
Para peserta didik sasampunipun maos saha mangretosi caranipun alih aksara,
sumangga langkah-langkahipun alih aksara kasebut dipuncakaken sesarengan kaliyan
kanca klompokipun!
Alih aksara
Alih aksara saking aksara Jawa dados aksara Latin ingkang ngewrat sandhangan
wyanjana.
Tuladha Ukara Maos aksara Jawa
Aku ngrêmus pèyèk.
Wonten ing aksara Jawa kasebut wonten
tembung ingkang ngginakaken aksara
sandhangan wyanjana, inggih menika
ngrêmus. Tembung menika ngginakaken
cakra kêrêt.
11 | B a h a n A j a r A k s a r a J a w a S a n d h a n g a n W y a n j a n a K e l a s V I I / 1
Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi
Relevansi
Relevansi materi menika kaliyan pagesangan jaman samenika inggih menika para siswa
menika kedah mangretosi panganggening aksara Jawa mliginipun sandhangan wyanjana
amargi wigati sanget ing jaman samenika. Jaman samenika sampun kathah panganggening
aksara Jawa ing pagesangan, tuladhanipun nama-nama mergi, nama instansi, nama-nama
peken, panggenan wisata, saha sanesipun. Kejawi menika, para peserta didik kedah tansah
nglestantunaken aksara tininggalan leluhur menika. Menawi boten tiyang Jawi ingkang
nglestantunaken, banjur sinten? Sampun ngantos samangke aksara Jawa dipunrebut dening
nagari sanes, lajeng samangke nembe keduwung.
12 | B a h a n A j a r A k s a r a J a w a S a n d h a n g a n W y a n j a n a K e l a s V I I / 1
Kapustakan
Supardi, dkk, 2013. Buku Pelajaran Bahasa Jawa Kelas VIII. Yogyakarta: CV. Avar Mandiri.
Wijayanti, Kenfitriana Diah. 2022. Modul 3 Aksara Jawa. Surakarta: Kementrian Pendidikan,
Kebudayaanm Riset, dan Teknologi.
Sri Winarti dan Suyati. 2020. Kartika Basa Kelas VII Edisi Revisi 2020. Yogyakarta: Dikpora
DIY.
Yuwono Sudiprayitno, dkk. 2020. Kartika Basa Kelas VIII Edisi Revisi 2020. Yogyakarta:
Dikpora DIY.
Kapustakan Digital:
https://stock.adobe.com/search?k=semar
https://www.canva.com/
https://eramadani.com/biografi-sang-pencerah-kh-ahmad-dahlan/
https://www.antarafoto.com/bisnis/v1646296209/melestarikan-tradisi-perahu-layar
https://www.liputan6.com/health/read/3885799/permen-ternyata-bisa-meningkatkan-
semangat-beraktivitas-makin-konsentrasi
13 | B a h a n A j a r A k s a r a J a w a S a n d h a n g a n W y a n j a n a K e l a s V I I / 1