https://iai-tabah.ac.id/sopan-dalam-berbahasa-cerminan-dari-kepribadian/
kepribadian/
1|Bahan Ajar Unggah-Ungguh Kelas VIII/ 1
Bahan Ajar Unggah-Ungguh
Basa Jawi
Satuan Pendidikan SMP Muhammadiyah 1 Minggir
Mata Pelajaran Bahasa Jawa
Kelas/ Semester VIII/ 1
Alokasi Waktu 2 x 40 menit ( 1x pertemuan)
Materi Pokok Unggah-Ungguh Basa Jawi
Kompetensi Inti (KI)
KI 3 : Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual, prosedural
berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya,
dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan
peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan
prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya
untuk memecahkan masalah
KI 4 : Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, dan
mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan.
2|Bahan Ajar Unggah-Ungguh Kelas VIII/ 1
Kompetensi Dasar dan Indikator
No Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
1. 3.1. Menjelaskan unggah- 3.3.1. Menganalisis penggunaan unggah-ungguh bahasa
ungguh Jawa untuk Jawa dalam video unggah-ungguh basa Jawi ingkang
meminta ijin, meminta klentu. (C4)
maaf, meminta perhatian 3.3.2. Menganalisis penggunaan unggah-ungguh bahasa Jawa
dalam video unggah-ungguh basa Jawi ingkang klentu.
(C4)
2. 4.1. Mempraktikkan unggah- 4.1.3. Melengkapi teks percakapan rumpang untuk meminta
ungguh Jawa untuk ijin sesuai dengan unggah-ungguh basa Jawi. (P3)
meminta ijin, meminta 4.1.3. Membuat teks percakapan sederhana meminta maaf
maaf, meminta perhatian sesuai dengan unggah-ungguh basa Jawi. (P5)
Bahan ajar berdasarkan Indikator pada pertemuan ke dua, yaitu:
No Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
1. 3.1. Menjelaskan unggah-ungguh 3.1.2. Menganalisis penggunaan unggah-ungguh bahasa
Jawa untuk meminta ijin, Jawa dalam video unggah-ungguh basa Jawi
meminta maaf, meminta ingkang klentu. (C4)
perhatian
2. 4.1. Mempraktikkan unggah- 4.1.2. Membuat teks percakapan sederhana meminta
ungguh Jawa untuk meminta maaf sesuai dengan unggah-ungguh basa Jawi.
ijin, meminta maaf, meminta (P5)
perhatian
3|Bahan Ajar Unggah-Ungguh Kelas VIII/ 1
Fase 1: Identifikasi Masalah
MATERI FAKTUAL
Video Unggah-Ungguh ingkang Klentu
Ing ngandhap menika wonten tuladha video unggah-ungguh nyuwun
pangapunten ingkang klentu. Peserta didik sumangga nyetitekaken
video unggah-ungguh menika kanthi premati! Salajengipun,
peserta didik saged ngrantam pitakenan supados mangretosi
unggah-ungguh basa Jawi ingkang leres utawi trep.
Gambar 1. Tampilan video youtube unggah-ungguh ingkang klentu
4|Bahan Ajar Unggah-Ungguh Kelas VIII/ 1
Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik
Materi Konseptual
Peserta didik sumangga materi ing ngandhap menika
dipunrembag sesarengan kaliyan kanca klompokipun!
PETA KONSEP
Wonten ing pepanggihan menika ingkang badhe
dipunsinaoni inggih menika sedaya ingkang wonten ing peta
konsep menika. Sumangga dipunwaos kanthi premati materi ing
ngandhap menika!
5|Bahan Ajar Unggah-Ungguh Kelas VIII/ 1
Pangretosan Unggah-Ungguh Basa Jawi
Unggah-ungguh inggih menika tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama.
(W.J.S. Poerwadarminta, 1939:443). Unggah-ungguh wicanten tegesipun cak-cakanipun
wicanten marang tiyang sanes ngginakaken basa ingkang trep jumbuh kaliyan ingkang
dipunajak wicanten.Tiyang ingkang saged ngecakaken unggah-ungguh basa ateges saged
ngurmati tiyang sanes.
Cak-cakanipun Unggah-Ungguh Basa Jawi
Miturut cak-cakanipun, unggah-ungguh saged dipunperang dados 4, inggih menika
ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, saha krama alus.
1. Ngoko lugu
Basa ngoko lugu menika sedaya tembungipun ngginakaken tembung tataran basa
ngoko. Basa ngoko lugu asringipun dipunginakaken kangge:
a. Pawicantenan dhateng sasami-sami ingkang sampun kulina, tuladhanipun lare
kaliyan lare.
b. Pawicantenan tiyang sepuh dhateng lare.
c. ngudarasa utawi wicanten piyambak
d. pawicantenan dwija dhateng murid
e. pawicantenan pejabat dhateng andhahanipun
Tuladhanipun:
a. Mengko sore, aku arep tuku buku ing Gramedia
b. Wan, latare disapu dhisik!
6|Bahan Ajar Unggah-Ungguh Kelas VIII/ 1
2. Ngoko alus
Tegesipun tembung ngoko ingkang alus inggih menika tetembunganipun ngoko
dipuncampur krama utawi krama inggil. Basa ngoko alus asringipun dipunginakaken kangge:
a. Pawicantenan sedherek sepuh dhateng sedherek enem ingkang drajatipun langkung
inggil.
b. Pwicantenan utawi ngrasani tiyang sepuh utawi tiyang ingkang drajatipun langkung
inggil
Titikanipun ngoko alus inggih menika:
a. Tetembungan ingkang gayutan kaliyan tiyang ingkang dipunajak wicanten utawi tiyang
sanes ingkang dipunrembag ngginakaken krama inggil.
b. Menawi kangge badanipun piyambak prayoginipun ngginakaken tembung ngoko.
c. Tembung ingkang dipunewahi krama inggil namung tembung lingganipun.
d. Leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, saha tembung sesulih.
e. Ater-ater (awalan) ‘da’ menawi wicanten dhateng ingkang sampun rumaket, ananging
menawi wicanten dhateng tiyang ingkang dipunurmati ngginakaken tembung kula.
f. Ater-ater ‘kok’ prayogi dipungantos panjenengan.
g. Panambang (akhiran) ‘mu’ prayogi dipungantos panjenengan.
Tuladhanipun:
a. Mengko sore, Bapak arep tindak menyang Solo.
b. Sowanku dhateng bu Dewi mau sisan matur yen ana layang saka sekolah.
7|Bahan Ajar Unggah-Ungguh Kelas VIII/ 1
Kesah dhateng apotek badhe tumbas menapa?
3. Krama lugu
Basa krama lugu menika tetembunganipun krama sedaya. Basa krama gadhah raos
langkung ngurmati dhateng ingkang dipunajak wicanten tinimbang basa ngoko. Bab
ingkang kedah dipungatosaken nalika ngginakaken basa krama, inggih menika.
a. Tetembungan ingkang dipunginakaken tembung krama sanajan gayut dhateng
badanipun piyambak.
b. Tetembungan ngoko ingkang boten wonten tembung kramanipun tetep ngginakaken
tembung ngoko.
c. Ater-ater (awalan), panambang (akhiran) ugi dipunkramakaken.
Pigunanipun basa krama kangge:
a. pawicantenan tiyang drajatipun sami, ananging sami ngurmati sanajan boten
kurmat banget.
b. Andharan, khotbah, saha sapanunggalanipun.
Tuladhanipun:
a. Kula wau tumbas buku
b. Kesah dhateng apotek badhe tumbas menapa?
\
8|Bahan Ajar Unggah-Ungguh Kelas VIII/ 1
4. Krama alus
Krama alus menika asringipun tetembungan ingkang dipunginakaken krama saha
krama inggil. Basa krama alus dipunginakaken kanthi ancas langkung ngurmati tiyang
ingkang dipunajak wicanten. Bab ingkang prayogi dipungatosaken nalika ngginakaken
basa krama alus, inggih menika.
a. Basa-basa ingkang wonten krama inggilipun dipungantos ngginakaken krama inggil
b. Basa ingkang wontenipun krama inggih cekap krama.
c. Ater-ater (awalan) saha panambang (akhiran) dipunkramakaken
d. Tetembungan ingkang wonten gayutanipun kaliyan kewan saha wit-witan cekap
tembung kramanipun kemawon. Dene menawi wontenipun namung tembung ngoko,
ngginakaken ngoko.
Basa krama alus menika dipunginakaken kangge pawicantenan:
a. Tiyang enem dhateng tiyang sepuh
b. Siswa dhateng dwijanipun
c. Lare dhateng tiyang sepuhipun
d. Tiyang ingkang nembe kemawon tepang
e. Priyayi dhateng priyayi ingkang sadrajat
f. Dhateng tiyang ingkang drajatipun langkung inggil
g. Sesorah ing pahargyan
h. Andhahan dhateng pangarsanipun
Tuladhanipun:
a. Bapak kalawau tindak kantor ngasta tas cemeng.
b. Menapa bu guru benjang wonten ing dalem?
9|Bahan Ajar Unggah-Ungguh Kelas VIII/ 1
Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika nyuwun pangapunten
a. Matur kanthi santun/ ngginakaken basa ingkang becik
b. Patrap sopan, boten kaliyan cengengesan utawi gemujeng.
c. Asta ngapurancang, badan radi bungkuk
d. Nalika matur utawi sasampunipun matur prayoginipun salaman, menawi anggenipun
nyuwun pangapunten dhateng tiyang sepuh sokur kanthi ngaras astanipun.
Tuladha ukara nyuwun pangapunten
• Nyuwun pangapunten dhateng kanca:
“Fi, aku njaluk ngapura amarga mau numplakake wedangmu ya.”
• Nyuwun pangapunten dhateng tiyang sepuh:
“Bu, nyuwun pangapunten, kula randhat anggenipun mlebet kelas amargi ban
sepedha kula bocor.”
10 | B a h a n A j a r U n g g a h - U n g g u h K e l a s V I I I / 1
Fase 3: Membimbing Penyelidikan
M a t e r i P r o s e d u r a l
Para peserta didik, sumangga materi caranipun menganalisis video
unggah-ungguh basa Jawi saha nyerat teks pawicantenan ing ngandhap menika
dipunwaos sesarengan kaliyan klanca klompokipun!
Caranipun menganalisis video unggah-ungguh
Video unggah-ungguh dereng tamtu leres unggah-ungguhipun saha
patrapipun. Awit saking menika, para lare sedaya kedah mangretosi cak-cakanipun
unggah-ungguh ingkang leres, supados samangke saged ngecakaken unggah-ungguh
kanthi langkung sae. Langkah-langkahipun kangge nganalisis video unggah-ungguh basa
Jawi, inggih menika:
1. Ningali video unggah-ungguh basa Jawi kanthi premati.
2. Mangretosi sinten ingkang pawicantenan. Tuladhanipun: lare dhateng tiyang sepuh.
3. Mangretosi basa ingkang dipunginakaken naika pawicantenan menika sampun leres
menapa dereng. Tuladhanipun:
a. Lare wicantenan dhateng tiyang sepuh kedahipun ngginakaken basa krama alus.
b. Tiyang sepuh dhateng lare ngginakaken ngoko lugu.
4. Negesi tetembungan angel. Tetembungan ingkang angel dipunpadosi rumiyin, lajeng
tetembungan kasebut dipunpadosi wonten ing bausastra online, supados saged
ngecek basa ingkang dipunginakaken menika sampun leres utawi dereng.
5. Nemtokaken tetembungan ingkang klentu, salajengipun dipunleresaken saha
dipunserat wonten ing LKPD.
11 | B a h a n A j a r U n g g a h - U n g g u h K e l a s V I I I / 1
Caranipun nyerat teks pawicantenan unggah-ungguh
Langkah-langkah kangge nyerat teks unggah-ungguh nyuwun pangapunten, inggih
menika:
1. Nemtokaken tema.
2. Nemtokaken paraga utawi tiyang ingkang wonten ing teks pawicantenan.
3. Nyerat ukara kanthi nggatosaken unggah-ungguh basa Jawi, menawi kanca wicanten
dhateng kanca cekap ngginakaken basa ngoko lugu, menawi lare matur dhateng
tiyang sepuh ngginakaken basa krama alus.
4. Nyerat teks pawicantenan ngginakaken tata panyeratan ingkang leres, tuladhanipun
a. anggenipun nyerat tembung “apa” menika ngginakaken a, sanes o (opo).
b. anggenipun nyerat tembung “dhahar” menika ngginakaken dh, sanes d (dahar).
https://www.kibrispdr.org/gambar-kartun-menghormati-orang-tua.html
12 | B a h a n A j a r U n g g a h - U n g g u h K e l a s V I I I / 1
Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya
Materi Metakognitif
Para peserta didik sumangga dipuncakaken langkah-langkahipun kangge nganalisis
video unggah-ungguh saha jangkepi teks unggah-ungguh ingkang rumpang kanthi
klompok! Video ingkang badhe dipunanalisis saged dipunsetitekaken ing youtube
unggah-ungguh basa Jawi ingkang klentu.
Tuladha anggenipun nganalisis video Unggah-Ungguh
Tuladha nganalisis video unggah-ungguh bagian 1
Wosipun video:
Wonten siswa randhat mlebet kelas, lajeng mlayu mlebet kelas kanthi matur “bu,
ngapunten telat”. Salajengipun siswa kasebut lenggah.
Mangretosi sinten ingkang pawicantenan wonten ing video.
Wonten ing video kasebut ingkang pawicantenan inggih menika siswa dhateng dwija.
Basa ingkang dipunginakaken siswa nalika pawicantenan dhateng guru ing video inggih
menika basa ngoko alus.
Negesi Tetembungan
Menawi wonten tetembungan angel saged pados wonten ing Bausastra online.
13 | B a h a n A j a r U n g g a h - U n g g u h K e l a s V I I I / 1
Tampilan bausastra online:
Tetembungan angel salebeting video Tegesipun
ngapunten ngapura
Siswa ingkang randhat mlebet kelas matur “ngapunten bu”. Basa ingkang
dipunginakaken dening siswa kasebut taksih klentu, ingkang leres inggih menika: “Bu,
kula nyuwun pangapunten”. Salajengipun anggenipun matur menika kanthi pawadan
ingkang cetha, tuladhanipun:
“Bu, kula nyuwun pangapunten randhat mlebet kelas amargi ban sepedha kula bocor.”
Katrangan:
Tembung ngapunten menika minangka tembung ingkang boten baku (tidak sesuai
EYD), tetembungan ingkang leres nalika nyuwun pangapunten inggih menika “nyuwun
pangapunten”. Salajengipun anggenipun matur kedah kanthi solah bawa ingkang becik
inggih menika ndhodhog kori rumiyin, salajengipun matur salam, salaman, matur
kanthi tangan ngapurancang saha badan radi bungkuk.
14 | B a h a n A j a r U n g g a h - U n g g u h K e l a s V I I I / 1
Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah
Dudutan
Dudutan ingkang saged dipunpendhet saking teks pacelathon unggah-ungguh
kasebut inggih menika tiyang enem menika kedah saged ngecakaken unggah-ungguh
nalika matur dhateng tiyang sepuh.
Relevansi
Tiyang ingkang klentu menika kedah rumaos menawi klentu. Tiyang ingkang
klentu kedah nyuwun pangapunten kanthi unggah-ungguh ingkang trep. Kanthi cara
menika, pagesangan kalampahan kanthi ayem tentrem.
Tiyang enem kedah ngecakaken unggah-ungguh marang tiyang sepuh. Samenika
saperangan lare sampun boten saged unggah-ungguh, pramila kanthi madosi
tetembungan ingkang klentu salebeting teks unggah-ungguh saha jangkepi teks
unggah-ungguh nyuwun pangapunten menika kaajab lare langkung saged ngecakaken
unggah-ungguh basa Jawi ing padintenan.
15 | B a h a n A j a r U n g g a h - U n g g u h K e l a s V I I I / 1
Kapustakan
Rahmat, S.S. 2022. Modul 2 Unggah-Ungguh Basa Jawa. Dikpora: Surakarta
Supardi, dkk. 2017. Buku Pelajaran Bahasa Jawa Kelas VIII. Semarang: CV. Avar
Mandiri.
Warih Jatirahayu dan Suparyadi. 2010. Prasaja (Pragmatik Basa Jawa). Yogyakarta:
Penerbit Pelangi.
Yuwono Sudiprayitno, dkk. 2020. Kartika Basa VIII (Edisi Revisi 2020). Dikpora
DIY: Yogyakarta
Kapustakan digital :
Rinaldi, I. M. (2020). Peningkatan Kemampuan Menulis Dialog Sederhana Sesuai
Unggah-Ungguh Bahasa Jawa Dengan Menggunakan Metode Role Playing. Jurnal
Review Pendidikan Dasar: Jurnal Kajian Pendidikan dan Hasil Penelitian, 6(2), 98-
105. https://journal.unesa.ac.id/index.php/PD/article/view/9349/4124
Veronika, P., & Pratisthita, S. T. (2016, December). Implementasi Metode
Sosiodrama Dalam Pembelajaran Unggah-Ungguh Bahasa Jawa Di Smpn 2 Jogonalan
Klaten. In Isqae 20165 International Seminar On Quality & Affordable (P. 489).
http://eprints.uty.ac.id/9423/1/Prosiding%20ISQAE%202016-
feb%202017.pdf#page=501
Wulandari, F. A. Daya Pangaribawane Media Video Pembelajaran Tumrap Undhaking
Kawasisan Unggah Ungguh Basa Jawa Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Pucuk
Lamongan Taun Ajaran 2012/2013 (Doctoral dissertation, State University of
Surabaya). https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/3815
https://canva.com
https://www.sastra.org/leksikon
https://youtu.be/ATYzuFb-pJo
16 | B a h a n A j a r U n g g a h - U n g g u h K e l a s V I I I / 1
https://www.kibrispdr.org/gambar-kartun-menghormati-orang-tua.html
https://iai-tabah.ac.id/sopan-dalam-berbahasa-cerminan-dari-kepribadian/
17 | B a h a n A j a r U n g g a h - U n g g u h K e l a s V I I I / 1